Rabu, 10 Maret 2010

PASEDHEREKAN INGKANG SEJATOS


 
Kamis, 30 Oktober  2008




Wulang  Bebasan  17  :  16  -  20






17
Mitra iku
 ing samangsa-mangsa
 ajeg bae katresnane,
lan dadi sadulur
 ing sajroning kasusahan




Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Kita ing wekdal dalu samangke
 sami kaparingan dhawuh pangandika
bab katresnan
 ingkang mboten luntur
 ing samukawis prekawis
 ing kasisahan
nggih makaten ugi ing sajroning kabingahan


Patunggilan
 sae punapa mbotenipun
sesrawungan kita kaliyan sadherek sanes agami
punika saged katiti
ing samukawis prekawis
 sanajan ta mboten mbingahaken
 saderek sanes tunggil pitados
 mesthi mboten badhe ngalajengaken pasederekan ?

Pasedherekan ingkang sejatos
 kathitik saking sesrawungan
 ingkang saestu-estu
 mboten mbedak-mbedakake
sinten tyang punika.
Tyang punika benten agami
 utawi benten status sosialipun
 karana kahanan ….
kita benten pasedherekan
 sae mbotenipun kauji

Bilih pasdherekan kalawau anamung sae
 ing pasrawungan sacara formal
 bilih pinanggih …. sae
bilih pepisahan … kaundhat-undhat kasaenanipun :
dipun rasani enthek-amek,
mboten wonten saenipun tyang kalawau

Bilih pinanggih malih
 sae sacara tata lair
 ananging bilih pepisahan malih
 mesthi mboten wonten cecegipun
mesthi wonten lepatipun
sadherek kita menika anggenipun “ngrasani”

Kanthi makaten para sadherek
sesambetan pasdherekan
 tyang kalawau kawastanan
sanes pasedherekan ingkang sejatos

Bilih wonten
anamung awujud basa-basi kemawon.
Artosipun …..
 bilih wonten ngajengan sae
 nanging ing tembe wingking
katlecek awonipun,
manahipun gething,
mengsahi

Pundi saening pasedherekan tyang kalawau ?
Pasederekan ingkang sejatos !?

Pasedherekan ingkang ngugemi kasaenan lair batos
sanajan ta benten agami
utawi nggadahi perbedaan yang menyolok
diantara kedua orang
yang bersaudara di dalam pergaulan hidup ini


Patunggilan
kita sami
 kanthi manah ingkang leres
 nindakaken sadaya dhawuh pangandika
 ingkang sampun kawucalaken dening GUSTI  YESUS

Pasedherekan kita
mboten sami kaliyan ingkang umumipun kalampahan
 ing satengahing jagad
Pundi ingkang sae
 sajatosipun nggih sae
tumprapipun dhiri kita pribadi

Tyang sanes
 kita anggep dados dene dhiri kita pribadi
Kita nresnani tyang sanes
 kados kita nresnani dhiri kita pribadhi

Patunggilan
kita sami kapundut dening ALLAH
 saking satengahing jagad punika
Kita sami kapundut
 Kapiji
 dados conto
 lan dados tuladha
 tumraping tyang sanes
 ingkang dereng sami atepangan
 kaliyan GUSTI  YESUS

Pasedherekan ingkang sejatos
Kedahipun  kaalaman kanthi leres
 mboten anamung wonten ing tutuk kita

Kita kedah sae
 kaliyan tyang
sanajan tyang kalawau mboten sae
 tumrap dhiri kita
 ateges pasedherekan kalawau
dereng kasebat pasedherekan ingkang sekatos

Bilih kekalihipun sami masrahaken gesangipun
kangge sadherek sanes
 ingkang dipun tresnani
sae ing kawontenan bingah
 sae ugi ing kawontenan sisah
kekalihipun tetep rumaos
tunggal rasa nindakaken katresnan
 paring pitulungan,
paring pangenget,
lan paring  kaentengan
kangge saderekipun

Punika patunggilan
 ingkang kasebat pasedherekan
 ingkang sejatos
Perbedaan diri dengan orang lain 
mboten dados halangan-
rintangan
anggenipun sesambetan

Amin para sadherek,
bilih katresnan punika
 nyumrambahi ing pitepangan lan
 pasrawungan
 ingkang ndadosaken gesang
pasedherekan ingkang sejatos


Patunggilang
Reraosan kita
 ing wanci dalu samangke
 ngengetaken dumateng kita
kados pundi pasedherekan ing sejatos punika

Ing ayat 17 kasebat :
Mitra iku
 ing samangsa-mangsa
 ajeg bae katresnane,
lan dadi sadulur
 ing sajroning kasusahan


Patunggilan
Kasisahan
asring dados batu ujian
langggeng utawi mbotenipun pasedherekan
Bilih ing kawontenan sisah
kalih utawi tiga sadherek
 tetep ing katresnan ingkang mboten ewah
 punika ateges
dhiri pribadhinipun wonten ing katresnan
ing pasedherekan sejatos
 sami kawangun

Aneh
punapa mboten  bilih wonten pasedherekan
 ing kahanan benten agami ?
 benten drajating sosial ?
benten status sosial ?!

Kita sumerep
 kawontenan ingkang sae
 kangge sadaya tyang
ingkang mitadosi sadherekipun
 ing kawontenan punapa kemawon
 sadherek kita rumaos bingah lan sisah ugi

Bingah lan sisah
 kaalami sesarengan
 paedahipun mesthi karaosaken sesarengan

Mesthi mboten badhe wonten konflik-
pertentangan-pertentangan
 yang luar biasa hebatnya
karana pasedherekan kalawau sampun dados alat
 memecahkan masalah bersama

Gampil dipun leremaken
bilih tuwuh konflik-
pertentangan
karana  kita sampun saling mengenal sae
sacara lair lan batos

Kados pundi para sadherek
bilih kita menika sami agami
sami kedudukan
 dados warganing ALLAH
 ing dusun swaru contonipun
punapa pasedherekan sejatos saged kawangun ?

Mesthi saged lan perlu kawangun
Mboten ningali persamaan utawi perbedaanipun
 bilih kita sami ing kahananing gesang kita
 sejatosipun langkung kiyat lan
saged nindakaken sadaya dhawih pangandika :

Mitra iku
 ing samangsa-mangsa
 ajeg bae katresnane,
lan dadi sadulur
 ing sajroning kasusahan


Patunggilan
 kita samangke kaudi
sageda nilingake kahanan
 ingkang saestu kapirsanan dening ALLAH :
mbangun pasedherekan
 ingkang kebak sih kasetyan
lan kebak samapurna
ing pasrawungan ingkang sejatos

Sadherek tunggal bangsa
saged bersatu mbangun negari,
 kitha lan dusun-dusun
Sadherek tunggil agami
sami saget ngiyataken gesang
 ing pangrehing ALLAH


Patunggilan
 sapinten kita kuciwa
bilih gesang kula lan panjenengan saestu
dereng nyodongi ing karsanipun ALLAH ?!

Kita keduwung ing tembe
 ing wekasaning jaman
sabab ALLAH kagungan rancangan ingkang endah
ananging kita
 mboten saged lumampah lan nindakaken
 gesang ingkang kebak pasedherekan
 ingkang sejatos

Makaten para sadherek
 kita sami kaatag
 supadosa saged
  tumindak nresnani para sadherek
tunggal titahing ALLAH
 sanajan ta benten agami,
benten kebudayaan
lan sanes-sanesipun

Halleluyah

AMIN















1.      Votum/Berkat
2.      Pamuji Kipas  12  : 1, 6
Kados samsam kang kasatan …
3.      Ndedonga :
4.      Pembacaan Alkitab : Wulang bebasan  17 : 16 - 20
(Ayat nats Wb 17 : 17)
 5.      Pamuji Kipas  92  : 1
Sabdanipun ALLAH
 6.     KOTBAH …..
7.      Memuji Kipas  36 : 1, 5
Rahayu kang utama lakune …
8.      Doa syafaat :
                  Memuji  Kipas  128  : 1, 3
Kinanthi ing GUSTI
 9.      Berkat