Rabu, 27 Februari 2013

PUNJERING URIPKU ANA ING ASTANING ALLAH MAZMUR 66 : 17 – 19

Persekutuan Doa
Piranti GIDION
Rabu, 27 Maret 2013


PUNJERING URIPKU
ANA
 ING ASTANING ALLAH


JABUR/ MAZMUR 66 : 17 – 19

Patunggilan
Pundi ingkang dados kabingahan kita
samangsa kita nampeni kasekengan
 utawi
nampeni kababaring gesang
ingkang sarwa cumawis

Kita mesti ngakeni
bilih gesang ingkang sarwa cumawis
langkung mbingahaken


Patunggilan
reraosan kita ing wekdal samangke
 mugi ndadosaken
bungahing manah lan kiyating
 lan
 tangguh-
tanggoning iman

GUSTI YESUS medhar piwucal
 ugi kanthi conto lan tuladha
GUSTI YESUS
mucal kanthi peragaan sariranipun
 piyambak

Katresnan
wujuding piwucal
ingkang agung lan sayektosipun murakabi
ing sadhengah prekawis

Bab dosa ingkang kalebur

Katresnan
marang sesami lan dumateng GUSTI ALLAH
Mungguh
 ing gesang kita katindakaken
mesti
kakanthi dening ALLAH
 ingkang maha tresna

Etang-etangan kita
selaku manungsa
 asring lepat
wonten ing ngarsanipun GUSTI


Patunggilan
Sinten kemawon
 ingkang nggadahi raos
manah bingah lan sisah
 mesthi langkung saged ngraosaken
bab pitulunganing para sadulur-
sadherek  tunggal pitados
Makaten ugi
 ing kawontenaning pangreksaning
GUSTI ALLAH

Iba bingahing manah bilih
saged pinanggih
kaliyan ALLAH GUSTI
 ingkang maha tresna


Patunggilan
Kita
 sampun pinanggih
lan
 sampun nampi kabingahan ageng
 ing dalem GUSTI YESUS
Bingah sisah
anamung karana ALLAH
ngresakaken dumateng kita
tansah manut
 lulut
 lan
pasrah sawetah

Sumangga
 kita sinau lan terus mbudi daya kaleresan
 miturut ing karsaning ALLAH
Mbudidaya karsaning ALLAH
sanes miturut pamikir
lan
pangangen-angening diri
kita
piyambak


Patunggilan
 ingkang kinasihan
 dening GUSTI YESUS KRISTUS
Reraosan kita
ing wekdal samangke
marakake-
andadosaken kita ngakeni
bilih
GUSTI mboten ngresakaken
 kita sami
 lumampahan nindakaken pigesangan
tanpa GUSTI ALLAH-

GUSTI ALLAH mboten ngersakaken
 kita lumampah
 ing margi pigesangan punika
piyambakan
 tanpa GUSTI YESUS

Ayat 17
Kagambaraken
kados pundi tyang pitados
 tansah sesambatan dumateng ALLAH
ngangge tutuk lan kanthi
 tutuk  ilatipun
 ugi ngaturaken sesaosan syukur
 pamuji pangidung

Ayat 18 lan 19
Panganggit
ingkang estu leres
ingkang kapikir lan kaangen-angen
dening tyang pitados
sebab tyang pitados punika
 sampun nglampahi pigesangan
kanthi setya tuhu dumateng ALLAH :

18.Saumpama ing atiku
 ana pangangen-angen kang ala,
PANGERAN mesthi ora karsa miyarsakake

19. Nanging nyatane
GUSTI ALLAH wus myarsakake
 sarta wus nyantosakake pandongaku
kang dak ucapake


Patunggilan
GUSTI YESUS
myarsakaken lan tansah nggatosaken
 saben pangucap lan pandonga kita

Pancen
kita kedah manut miturut;
 mbangun turut
ing sapangrehing ALLAH

Rahayu
 tiyang ingkang pitados lan mitadosi
 punapa ingkang dados sabda
pangandikaning ALLAH

GUSTI YESUS memberkahi kita
AMIN



Pamuji KPK 7 : 1, 2
PUJI KONJUK ALLAH

PANDONGA

Maos Kitab Suci :  
JABUR / MASMUR 66 : 17 – 19

Pamuji KPK 60 : 1  
ALLAH PANGEN KULA

Reraosan

PANDONGA SYAFAAT

Pamuji KPK 121 : 1  
KINANTHI ING GUSTI

Kamis, 21 Februari 2013

DINTENIPUN ALLAH


Ibadah Brayat 
Kamis, 21 Pebruari 2013




DINTENIPUN ALLAH









IBRANI 4 : 1 – 13


7b
PANJENENGANe
 nemtokake dina maneh,
yaiku  “dina iki”









Patunggilan
Rahajeng kita
ingkang sampun piniji lan kapilih
 dening ALLAH
 dados pandherekipun


Patunggilan
wonten perkawis pemilihan pejabat;
 Lah punapa menika pemilihan pejabat negari
 utawi
pejabat kemasyarakatan sanesipun

Mesti
 wonten panitia lan kepanitiaan
ingkang kajibahan mranata acara-
mranata tata cara pemilihan kalawau

Ing wiwitan mula
para calon sami kaparingan wekdal
anggenipun ngaturaken
visi- misi lan ugi janji-janji
dumateng para calon pemilih

Prasetyan lan janji
saged dados panimbang-nimbang

Lan ugi bab
punapa kemawon
 ingkang katindakaken dening panitia
ugi saged dados
 bahan panimbang-nimbang

Kita sadaya
umpamia dados pemilih
 mesti ugi badhe nimbang-nimbang
lajeng nyawisaken dhiri
anggenipun badhe milih

Anggenipun milih mangke
Mboten malih kanthi sikap ragu-ragu
kita ginakaken hak pilih


Patunggilan
kita sami ngraosaken
prajanji lan prasetyaning ALLAH
 ing dalem GUSTI YESUS
KRISTUS
Kita mesti
badhe langkung pitados lan mitadosi
Katinimbang
 dumateng calon-calon pemimpin
ingkang kedah kita pilih kalawau

Prasetyaning ALLAH
 mesti bakal kalampahan

Punapa kita taksih sami mrayogakaken
Lan
sami niteni
ing sadengah perkawis
 ing sauruting gesang
bab-bab kawilujengan,
kabingahan,
pangluwaran saking prahara
 lan bab-bab ingkang mesti
badhe kalampahan
 dumateng dhiri kita
 ing salajengipun kita migesang

bilih kita tetep nggatosaken dhawuh
pangandika lan tetep lumampah
ing margi peparinging ALLAH

Kita mesti mboten badhe ragu-ragu;
Menika Iman
Kita ginakaken hak pilih;

 Wonten margi
ingkang jembar lan sempit
Pundi ingkang kita raosaken
Lan
 pundi ingkang dados keputusan kita,
anggen kita badhe ndherek
 tut wingking
ing ngarsanipun ALLAH

Prajanjining ALLAH
 ing pungkasaning gesanging
 saben manungsa
 ingkang tansah mireng kabingahan
 inggih pawartosing Injiling ALLAH
 menika

Karana kabar kabingahan
 mboten kasideman

Kabar kabingahan
sampun kawartakaken lan kababar
 Kabingahan ingkang saestu
badhe lumampahan
 ing sauruting gesanging manungsa

Pranatan lan panguawaosing ALLAH
badhe pinunjul lan kabukten
 angger kita
purun mireng lan mbangun turut

Prajanjining ALLAH :
ALLAH badhe nyawisi papan palereman-
ALLAH badhe paring papan pakendelan
 ing salami-laminipun

papan ingkang kebak kabingahan
lan  
kebak kasukabingahan-
bebingah-bingah ingkang sanget

Ing Kratoning ALLAH-
Swarga


Patunggilan
Rinten dalu
 kita anamung saged sowan
lan
rinten dalu
 kita anamung saged pasrah
 ing ngarsaning ALLAH

Sebab prajanjining ALLAH :
 Bab dina iki
( ayat 7b
 
PANJENENGANe
nemtokake dina maneh,
yaiku  “dina iki” )

Dinten utawi wekdal
ingkang mboten kapirsanan
dening para manungsa

‘Hari TUHAN’-
 ‘Hari ini harinya TUHAN’

Bilih kita
 ing wekdal samangke
 taksih gesang
 karana ALLAH
taksih paring wekdal

Dinten-dintening GUSTI menika
 kedahipun
kita lampahi kanthi saos syukur
karana GUSTI YESUS
taksih paring wekdal dumateng kita

Dinten-dinten peparinging GUSTI
 kedahipun kangge nucekaken diri
kanthi sarana mireng,
 kanthi maos dhawuh-dhawuh pangandika
sebab dhawuh
 ingkang suci lan gesang
badhe nucekaken lan migesangaken kita
 angger kita pracaya lan nindakaken
dedhawuhipun ALLAH
ing saben-saben wektu peparinging ALLAH

Ndedonga
memuji
dadosa wujuding sesambetan kita
kaliyan GUSTI YESUS,
ALLAH kita-
tumindak laku
 ingkang ngecakaken
 saben dhawuh pangandikaning ALLAH

 Anjog dumugi
ing kepasrahan lan ketaatan total
 dumateng ALLAH

Taksih wonten wekdal
 kanggening kita
amrih kita sami saged nampeni
dinten palereman-

Kita taksih kaparingan wekdal
anggen kita sami saged lerem
 lan
ugi sami saged nampi manah
 ingkang kebak kasampurnaning ALLAH

Sadaya menika
 anamung saged katampi
lan
saged kalampahan
awit karana  GUSTI YESUS KRISTUS
saestu sanget anggenipun nresnani kita
lan
ALLAH ugi saestu paring kabar kabingahan
ingkang murugaken kita sami
saged tumuju
 ing palereman
 ing dintening ALLAH

‘Hari TUHAN’-
Dintening ALLAH
mboten kayektosan-
 mboten kasumurupan
dening kita

Wonten sadherek
ing tahun kapengker,
 wonten malih ing wulan-
minggu kepengker
 ugi kala wingi
 lan
ing kalawau siang kasarekaken

Saben tiyang
badhe manggihi dintening ALLAH

Iba bingahing kita
 ingkang sampun kacawisan papan palereman
 lan
kaparingan pitedhah bab-bab dinten palereman
 menika

GUSTI YESUS
nate paring dhawuh

MATIUS 22 : 14
Sabab akeh
 kang tinimbalan ,
nanging mung sathithik
kang pinilih

Sumangga
 kita lajengaken
anggen kita gesang mbangun turut,
anggen kita ngudi nindakaken karsanipun GUSTI,
 lan
anggen kita tansah saos syukur
 bilih kita taksih saged
‘byar melek-
wungu’
numapaki dinten enggal
 peparinging GUSTI-

kita saos syukur
sebab taksih kaparingan wekdal
 lan
saos syukur anggen kita saged nyumurupi
wontening dinten palereman
 bilih kapan wekdalipun
kita kita anamung nyumanggakaken
 dumateng GUSTI
….
Kita sami cecawis lan nata dhiri
Maos-
mireng-mirengaken isining Kitab Suci-
dedhawuhing ALLAH,
 memuji saos syukur
lan
nindakaken pandonga

Ingkang utami ing gesang kita
Ingkang kedah kita alami 
anamunga gesang sesarengan
 kaliyan GUSTI YESUS

Ingkang dingin-
 ingkang utami
kita kedah ngudi-
 kita usahakaken

Kita lumampah nglajengaken pigesangan
mboten miturut pangangen-angening dhiri
 lan
mboten manut ing kawontenaning jagad
awit kita
tansah paring papan lan wekdal
dumateng GUSTI YESUS
supadosa tansah nenuntun kita
sami

2 PETRUS 3 : 9 – 11
9
GUSTI ora mblénjani janji
sing diparingaké,
kaya penganggepé sawenèhing wong.
Satemené PANJENENGANé
nyabari kowé,
awit kersané
aja nganti ana wong
sing nemu karusakan,
malah kabèh wong
padha balia lan mratobata
saka dosa-dosané.

10
 Nanging
Dina rawuhé GUSTI YESUS
 kang kapindho kuwi
tekané kaya maling.

Ing Dina mau
 langit bakal sirna
 klawan swara gumuruh nggegirisi
lan
 pérang-pérangané jagad
bakal kobong,
semono uga bumi
 dalah saisiné
 kabèh bakal sirna.

11
 Sarèhné samubarang kabèh mau
 bakal kasirnakaké
kaya mengkono,
mulané
saiba enggonmu
 kudu ngudi
supaya uripmu
suci lan mursid.



Patunggilan
kita kedah ngudi gesang-
ngudi urip suci lan mursid-
saleh

GUSTI YESUS
lah ALLAH
mboten mblenjani janji-
kita saged ugemi
 mesti kita
 badhe nampi dinten palereman
 karana kasetyan kita

Makaten ugi
kanggening kita
 ingkang saestu ragu-ragu
lan
estu mboten mitadosi
dhawuh pangandikaning ALLAH
 nggih pamiwucaling GUSTI YESUS 
iba sungkawaning manah
 ing dinten pakendelan menika

GUSTI YESUS mberkahi kita

AMIN














1.      Votum / Berkat
2.      KPK 9 :  1, 3   PAMUJI KONJUK ALLAH MA AGUNG

3.      Pandonga
  • Syukur …
  • Pertobatan …
  • Nyuwun kasucen lan kakiyatan … ROH SUCI
maos kitab suci
Amin

4.      Maos Kitab Suci :  :  IBRANI 4 : 1 – 13 (7b)
  1. KPK 148  :  1, 3  NYAWISI PAPAN MRING GUSTI

6.      Kotbah ….
7.      KPK 326  : 1  KORI INGKANG MENGA
8.     Doa syafaat
·       

9.     Kipas 120  : 1   KUMANDEL MRING ALLAH 
10. Berkat