Jumat, 25 Mei 2018

Hari Raya Pentakosta : Saos Syukur menika Budayanipun Tiyang Pitados (Bersyukur adalah Budaya Orang Percaya)

Ibadah Minggu
Hari Raya Pentakosta
Minggu, 20 Mei 2018
Pepanthan Clumprit


Tema Wulanan  :
Mangsa Adi Undhuh-Undhuh GKJW,
Ngriyadinaken Wujuding Gesang Saos Syukur
(Masa Raya Undhuh-Undhuh GKJW,
Merayakan Hidup dengan Bersyukur)


Tema Minggu    :


Saos Syukur
menika
Budayanipun
Tiyang Pitados
(Bersyukur adalah Budaya Orang Percaya)


                                       Waosan 1         : Lelakone Para Rasul  2:   1-21                                          
                                       Waosan 2         : Roma                          8: 22-27                                       Waosan 3         : Yohanes                   16: 4b-15




Sadherek patunggilan
ingkang kinasih
dening Kristus Yesus
Sumangga
kita sami ngraosaken sadengah carios
bab lare alit
ingkang tansah ndedonga saben wekdal
 dumateng Gusti Yesus.

Salah satunggaling pandonganipun lare menika
 kados mekaten :

Gusti  Yesus Paduka mangertos
bilih ujian Matematika kula dinten menika
sanget mboten sae
ananging kula tetep nagtuaken syukur
awit kula mboten nyontho
 sanajan kathah kanca-kanca kula
 ingkang nyontho-
mboten jujur.

Bapak kula
Sami ngraosaken paceklik
lan
namujng roti menika
ingkang saged kula maem

Matur suwun Gusti Yesus
Kagem roti menika !

Kala wau
 Kula ningali anak kucing
Ingkang keluwen
lan
 kula paring roti
ingkang pungkasan menika
 dhateng anak kucing menika

 ananging lucune
kula mboten ngraosaken keluwen

 Gusti Yesus mirsani
Bilih sepatu kula menika
Ingkang pungkasan
Minggu ngajeng mbok menawi
 sepatu menika
sampun mboten saged kula damel malih
awit sampun risak

ananging mboten menapa Gusti Yesus,
ingkang baken-
ingkang penting
kula taksih saged sekolah

Gusti Yesus
Miturut tiyang-tiyang
Kawula sami
Badhe ngraosaken panen
Ingkang mboten sae
Karana menika kathah kanca-kanca kula
Ingkang mandeg mboten sekolah

Mugi Paduka Gusti Yesus
mbiyantu
supados kanca-kanca kula
saged sekolah malih

Oh, inggih Gusti Yesus,
Dinten menika
 Ibu kula
nggebuki kula malih

Raosipun sakit Gusti Yesus,
Ananging kula saos syukur
 Awit taksih nggadahi ibu
 Ing gesang pigesangan kula menika

Raos sakit menika
mesti  mangke bakal badhe ical

Kados makaten sakitipun Gusti Yesus,
Paduka pirsani ?

 Kula pitados
Gusti Yesus saged paring kasarasan
Nanging Gusti Yesus
Sampun paring paukuman
Dhateng ibu kawula
Mbok menawi kalawau ibu pas sisah
pas kuwatir
mikiraken kabetahaning gesang
 lan
lan kabetahaning sekolah kula


Patunggilan
Punapa srana conto
Pandonga anak
 ingkang nembe kita raos-raosaken menika
saged ndadosaken kita sami sadar

bilih lare menika
sampun maringi patuladhan gesang
ingkang sae sanget
kanggening kita tiyang dewasa?

Kita tiyang dewasa
 kaajak sami ningali
bilih gesang kita menika
mboten anamung
 wonten setunggal sisih mawon
 ananging
 kita ugi sami badhe
 ngraosaken wontwning gesang
ing sisih sanesipun

Kados dhene lare alit menika kalawau
sampun saged nampi kahanan
ingkang mboten sae
ing gesangipun
lan
 ugi tetep celak
kaliyan Gusti Yesus,

lare alit menika kalawau
mboten nate sambat
mboten nggrememeng
lan
malah tansah saos syukur
 dumateng Gusti Yesus


Samangke kita
Para Sadherek
patunggilan

Bilih ningali kasunyatan
Kahananing gesang pigesangan samangke
 estunipun
gesang pigesangan kita
ugi saweg wonten ingkang awrat
kathah saingan
ing bab ekonomi
 lan
 nggadahi tanggungan gesang
 ingkang ugi sansaya mindhak awrat:

Tarif listrik ingkang mindak terus
Ongkos sekolah ingkang awis
Lan sapiturutipun

Kahanan kita kalawau
Para Sadherek
patunggilan
estunipun
saged ndadosaken kita
 kadang asring sambat
nggrememeng
satemah protes dhateng Gusti Allah


Patunggilan
Saiba gesang kita samangke
kados dene para sakabat 12
lan
kados dene para pandherekipun Gusti Yesus
 ingkang cacahipun sampun sawetawis kathah

Ing jaman samangke ugi
sadaya Tiyang;
Menapa menika Tiyang pitados
dumateng Gusti Yesus
 utawi
tiyang ingkang mboten pitados

sedayanipun estunipun
dipun keparengaken nampi
 kasangsaran utawi penderitaan
 anggenipun nyanggi bot repoting pigesangan

Asring
iman kapitadosan tiyang pitados
 dumateng Gusti Yesus
sanget saged dipun pengaruhi
 rikala ngalami kasangsaran

Asring kadaring iman kapitadosan
dumateng Gusti Yesus dhawah-
‘menurun’ lan tambah-tambah
 dumawah malih
 rikala sesangganipun kasangsaran menika
 tambah awrat karaosaken

Saged ugi
tiyang ingkang kamomotan kalawau
 kecalan iman kapitadosan
lan
nilar-
 nyingkur Gusti Yesus

Sebabipun
kecalan lan nilar Gusti Yesus
 karana sanget tuwuh
 ing batos : Kebingungan-
kepanikan ngadepi samukawis penderitaan-
kasisahan lan kasangsaran
kalawau

Kebingungan-
kepanikan ngadepi samukawis penderitaan-
kasisahan lan kasangsaran
kalawau
sejatosipun mboten badhe
saged ngirangi lan ngluwari
 saking sadaya penderitaan
 ingkang saweg kita alami.

Malah-malah kebingungan-
kepanikan ngadepi samukawis penderitaan-
kasisahan lan kasangsaran
kalawau
nambahi boboting penderitaan
 ingkang kita sanggi


Patunggilan
sumangga kita wangsul malih
ngraos-ngraosaken
kados pundi perasaan
 ingkang dipun alami
 dening para sakabat
nalika Gusti Yesus
ngaturi bilih Panjenenganipun
 badhe nilar para sakhabat 12

Para sakhabat 12 ing wekdal semanten
sanget anggenipun nggadhahi raos rumaos bingung,
panik lan mboten mengertosi
punapa mangke ingkang badhe katindakaken

karana sanget anggenipun
bingung lan panik
ngantos-ngantos para sakhabat
 mboten nyuwun pirsa dumateng Gusti Yesus
badhe tindak pundi
koq nilar para sakhabat ?

Patunggilan
Kados-kados wonten jeda wekdal-
‘kekosongan’ anggenipun para sakhabat mikir

Ing pamikiring para sakhabat:
Punapa ingkang sampun kaalaman
sanalika gesang sesambetan gesang
 kaliyan Guru-
Rabbinipun-
Gusti Yesus Kristus.

Sadaya permasalahan gesang –
punapa kemawon wujudipun
saged dipun atasi
dening Gusti Yesus
lan
Gusti Yesus
ugi arsing damel mukjizat

Nanging sak sampunipun Gusti Yesus
 mboten wonten utawi mangke
 sak sampunipun nilar para sakhabat

Mboten wonten malih Pribadi Tiyang
 ingkang saged dipun ajeng-ajeng
utawi
Pribadi ingkang saged ‘diharapkan
untuk dapat menyelesaikan segala permasalahan
kehidupannya’

Patunggilan
Menika sadaya tuwuh saking pamikir
ingkang kosong-
kothong
sanalika para sakhabat nampi pawartos :
“Gusti Yesus badhe nilar”

Sinten malih
 Pribadi ingkang mumpuni
 lan
Pribadi ingkang kebak panguwasa

mboten wonten malih
 tiyang ingkang kados mekaten
 estu-estu saged mbekta
para sakhabat
dumateng kaunggulan-
‘kejayaan’


Patunggilan
Kita saged mangertosi
bilih kepanikan-
kebingungan menika
sanes salah satunggiling jawaban
 kangge upadi-
usaha nglepas lan ngudari saking
sadaya penderitaan
ugi kangge upadi-
usaha mungkasi saking
sadaya permasalahan


Justru kepanikan-
sesambatan lan kebingungan menika
sepindhah malih kanggene kita
 saestu mangertosi bilih
badhe ngawrat-awrati
penyelesaian masalah lan kasangsaran

Bilih kita anamung ngendelaken akal budi
 lan sanes-sanesipun
ingkang pinangkanipun
sanes saking Gusti Yesus
karana
anamung wonten ing dhiri
Gusti Yesus Pribadi
ingkang saged ngluwari sadaya prekawis
 kasangsaran lan masalah

Prajanjining Gusti Yesus saderengipun nilar
 para sakhabat :
 Bilih Gusti Yesus sekedap malih badhe nilar-
mboten sesarengan malih
 kaliyan para sakhabat.

Gusti Yesus ugi badhe
maringaken penghibur
inggih menika Roh Suci-
 Roh Kudus


Patunggilan
Bilih Sang Roh Suci
Ugi badhe sami katumrahaken-
‘kacurahaken’
tumraping dirining para tiyang pitados

 Menika mangke dados
wujuding penggenapan prajanjining Allah
 ingkang badhe makarya milujengaken umatipun
Gusti Yesus


Patunggilan
Samangke-
ugi ing dinten-dinten-
jaman samangke
 prajanjining Allah
sampun dipun tetepi-
sampun dipun genapi

Lha,
Samangke kanggening kita
punapa ingkang kedah
kita lampahi
 lan
kita tindakaken ?

Ingkang kedah kita lampahi lan kita tindakaken
 inggih menika :

1
Kita kedah sawetah mitadosi
tumrap kawilujengan
ingkang sampun dipun prasetyakaken
dening Allah

2
Kita kedah wantun ngrumaosi
bilih gesang kita menika samangke
sampun nampi kedamaian-
katrentreman lan ketenangan

Sumangga kita bucal tebih-tebih
raos rumaos mboten pitados
dumateng pakaryaning Allah

Kita bucal tebih-tebih akal budi kita-
Kita bucal pamikir kita-
kakiyatan lan kemampuan kita

Kita bucal tebih-tebih
anggen kita ngendelaken kasugihan-
banda ndonya brana
lan sanes-sanesipun malih

karana menika ingkang asring murugaken
kita mboten saged pasrah lan mitadosi
 panguwaosing Gusti Yesus sawetah
 sebab ing dhiri kita
 kekuatiran bab pigesangan langkung ageng


Patunggilan
Rasul Paulus paring gegambaran
bab tiyang pitados
‘orang percaya-

tyang beriman’ miturut Rasul Paulus
 inggih menika
tiyang ingkang ngalami kasangsaran
ananging tetep nggadahi pangajeng-ajeng
dumateng kagenepaning kaprasetyaning Allah

“Orang percaya siap menderita
karena memiliki pengharapan
 akan suatu ‘penggenapan janji Allah’
sesuai dengan waktu Allah
 bukan menurut waktu manusia

maka
Orang perrcaya selalu siap untuk melakukan
 setiap ‘dhawuh’- Firman Allah
dengan sabar
dengan mantap-
sungguh-sungguh.

Di dalam hidupnya
Orang percaya
tidak ada kata-kata-
 ucapan bermain-
 tipuan
dan
 prilakunya tidak pula bermain-main
atau
 ‘sembrono’

Pandangan,
sikap-
perilakunipun tiyang pitados
 …
Sanget anggenipun mitadosi sawetah
dumateng Gusti Yesus

Mitadosi sawetah jawaban
 margi pangluwaran saking Gusti Yesus
mila anggenipun
 piyambakipun ngadepi gesang
 ingkang kebak kasangsaran lan kasisahan
 sanget bakuh-
kiyat mboten gampil goyang


Sepindah malih
Patunggilan
 tiyang pitados
 anamung ngendelaken hikmat saking Allah-
 sanes hikmat pamikiring dhirining manungsa

Ngendelaken Gusti Yesus
 lan
ngendelaken Sang Roh Suci

Roh Suci
 ingkang dados Juru Panglipur
dumateng sadaya tiyang pitados

Roh Suci menika
ingkang paring kasagedan
lan
ingkang badhe ngluwari kita
saking kasangsaran
lan ingkang paring kakiyatan
tumrap tiyang pitados

Mila
kita selaku tiyang pitados
kedah nggadahi raos syukur-
tansaha bersyukur wonten ing sadaya kahanan

Wonten ing kahanan sisah lan bingah,
bersyukur

Tiyang Pitados berusaha-
 ngudi anggenipun mujudaken
raos bersyukur menika

sak saged-sagedipun
raos bersyukur menika
kadadosaken ‘gaya hidup’-

 bersyukur menika dadosa
ciri pigesangan tiyang pitados-
 termasuk dhiri kita
samangke

Sepindhah malih
 kita kedah mujudaken raos bersyukur
mboten sanalika kita
 ngalami kabingahan kemawon
Ananging kita kedah tetep bersyukur
sanajan kahanan ingkang kirang sae

3
Tiyang pitados tetep nindakaken
‘Hidup dalam kebenaran’-
Tiyang pitados tetep
ngudi gesang ingkang leres

Kasangsaran-
kasisahan mboten badhe saged ngribah
 tata caraning gesanging tiyang pitados
dados ‘Hidup dalam ketidakbenaran’

Tyang pitados
badhe tetep ngudi
gesang ingkang leres

Iman ingkang kados makaten menika
 kedah kita pertahanaken
salami kita nindakaken pigesangan

Sebab
 kita estu mangertosi
 bilih kita sak wanci-wanci
ugi saged katempuh wontening kahanan
ngalami
sadaya wujuding kasangsaran lan kasisahan

Kita kedah wantun ngamini
bilih sadaya kasangsaran-
kasisahan punapa kemawon
 mboten badhe saged ngribah
 anggen kita badhe tetep
dados pandhereking Gusti Yesus
lan
mboten saged mbatalaken tekad kita
anggen kita badhe dados
seksi-seksining Gusti Yesus


Patunggilan
 ingkang dipun tresnani
dening Gusti Yesus

‘Mau tidak mau
Suka tidak suka
Kita pasti akan mengalami
penderitaan dan kesusahan hidup’

Percayalah sepenuhnya
 akan karya penyelamatan Tuhan Yesus

terus bersyukur
wonten ing sadaya kawontenan
sarta ‘berlomba-lomba’-
balapan anggen kita mujudaken
 ‘gaya hidup Orang Percaya’

Mboten wonten dinten
tanpa raos syukur
lan ngupadi-
‘berusaha selalu
dengan sekuat tenaga-
 semaksimal mungkin
 untuk tetap melakukan 
kebenaran dan kebaikan
sehingga dalam situasi-
 keadaan apapun juga
kita tetap bisa menjadi saksi hidup
dan
 dapat selalu memuliakan Tuhan Yesus
 di dunia ini’

AMIN
TUHAN YESUS memberkati