Jumat, 29 Januari 2010

SABDANIPUN GUSTI ALLAH MINANGKA DHASARING GESANG


Kamis, 28 Januari 2010







LUKAS 4 : 14 - 21


Patunggilan ingkang kinasihan 
dening GUSTI YESUS


Kita samangke 
sami kawastanan
 putra putraning ALLAH
ingkang sami 
setya tuhu nderek
 tut wingking
ing karsaniPUN


P
atunggilan
 ingkang kinasihan 
dening GUSTI YESUS


Sepindah malih
kita samangke 
sami nggegilut 
lampahing GUSTI YESUS 
anggenipun makarya
 medhar dhawuh –
memucal 
ing saindenging tanah – 
tlatah Israel


Ing saben-saben papan
 panggenan pangibadah
ingkang kasebat
 katakombe
 utawi 
sinagoge


Sampun wonten kebiasaan
ing wekdal semanten ...
para saderek patunggilan 
sami makempal
ing dinten Sabat
kangge mirengaken 
pamaosing
 isining Kitab suci


Petugas pamaos
 kitab suci 
kasebat lektor 
(+ LECTOR ),


Lukas 4 : 16- 17a
16.
YESUS nuli rawuh
 ing Nasaret,
panggonane 
nalika kagulawentah,
lan kaya adate
 bareng dina Sabat
banjur rawuh 
ing papan pangibadahe
sarta 
jumeneng 
arep maos Kitab Suci.


17a.
Nuli diaturi 
kitabe nabi Yesaya.


Patunggilan
 ingkang kinasihan
 dening GUSTI YESUS


GUSTI YESUS
 mboten anamung 
dados Lector,
juru pamaosing Kitab Suci,
ananging 
ugi ngladosi –
ngandharaken sabda 
pangandikanipun ALLAH 
 SANG YEHUWAH
 kanthi jlentreh-
jelas lan cetha


GUSTI YESUS 
ing wekdal semanten 
nandhesaken
bilih Panjenenganipun 
madeg punika
inggih
 njangkepi pameca
 utawi “memenuhi nubuatan” 
para nabi :


18.
”ROHe PANGERAN 
ana ing AKU.
Awit PNJENENGANe 
wis njebadi AKU,
kadhawuhan 
martakake kabar –
 becik
marang wong-wong miskin;
lan PANJENENGANe
 wis ngutus AKU


19.
supaya martakake
 luware para tawanan,
sarta
 pulihing
 pandelenge
 para wong wuta,
ngluwari 
wong-wong kang katindhes,
ngundhangake
 yen taun-
rahmate PANGERAN
 wis tumapak”




Sepindah malih
 kita waos 
kanthi basa padinan :


“SANG ROH SUCI
 dumunung ana ing AKU.
Awit AKU
 mertakake 
pangluwaran 
marang wong sing dikunjara,
lan 
mulihake 
pandelenge para wong wuta;
sarta
 ngluwari 
wong sing ditindes,
tuwin 
ngundangake
 bakal tekane 
jaman keslametan
peparinge PANGERAN
 marang umate”


Lajeng GUSTI YESUS
 paring pangandika
 utawi piwucal ing ayat 21 :


“Ing dina iki,
sajroning kowe
 padha ngrungokake,
pangandika mau wus kelakon”


Sepindah malih;
GUSTI YESUS 
mangandika makaten :


“Ing dina iki,
iya 
nalika kowe
 padha ngrungokake 
enggon-KU maca
ayat-ayating Kitab Suci
 mau,
isining tulisan kuwi mau
 wis kelakon”



Patunggilan 
ingkang kinasihan
 dening GUSTI YESUS


Reraosan kita 
ing wekdal samangke
ngengetaken 
bilih GUSTI YESUS punika
“Sang Sabda 
ingkang manjalma 
daging”,


milanipun 
Gesang pigesanganipun 
GUSTI YESUS
rikala makarya 
ing satengahing jagad punika
tansah kaayoman 
dening ROH SUCI,
sumangga 
kita wigatosaken :


Lukas 4 : 14 ---
GUSTI YESUS 
kondur dhateng Galilea …
amargi 
panuntuning SANG ROH SUCI


Lukas 1 : 35 ---
…bilih SANG ROH SUCI 
sampun makarya 
wiwit GUSTI YESUS 
taksih wonten
 ing kandhutaning
ibu Maryam


Lukas 3 : 22---
ugi rikala 
GUSTI YESUS
 nampeni pratandha baptis, 
SANG ROH SUCI
 anedhaki 
amawujud manuk dara


Lukas 4 : 1---
lan rikala
 nampeni pacoben ...


Lukas 4 : 18 ---
ROHing 
GUSTI ALLAH punika
ingkang ugi 
ngayomi sadaya 
pakaryaning SANG KRISTUS



Patunggilan
 ingkang kinasihan
 dening GUSTI YESUS


SANG SABDA
 ingkang amawujud
 dados manungsa
pancen sampun kaweca 
maewu-ewu tahun
 saderengipun.


Samangke
 sampun mawujud 
wonten ing dhiri pribadinipun
GUSTI YESUS KRISTUS.


GUSTI YESUS 
minangka margining kawilujengan
tumprap sadaya titah


Dene kita 
ugi kasuwun
Tetepa -
 dadosa setya
nampeni 
sih rahmate GUSTI,
kanthi tansah 
tetep lan 
tambah sregep
nggegilut sabda
 pangandikanipun ALLAH
ingkang kaseratan
 ing Kitab Suci


Bilih mboten saged malih
 maos kanthi cetha
karana kahanan mripat kita 
amargi tambah yuswa,
kita
 saged nyuwun anak-
wayah kita 
macakake


Bilih taksih
 kangen lan kirang
 ing raosing manah
anggen kita 
kepengin ngrungu –
 nggegilut
isining sabda
 pangandika,


kita 
saged ndherek pangabekti-pangabekti
ing satengahing pasamuan 
punika,


Bilih mboten saged
 lumampahan
 dumateng papan pangibadah….


kita 
ugi taksih saged nyuwun 
kaladosan pangibadah
 ing griya


contonipun 
pangibadah jompo 
lan sanes sanesipun
kangge mireng 
sabda pangandika


Wonten malih
 cara kangge mireng kotbah
 utawi pamaosing kitab suci
mbok bilih
 kanthi nyetel kaset
utawi VCD
utawi nonton TV,
pancen 
jamannipun 
 sampun sarwa maju


Patunggilan
 ingkang kinasihan
 dening GUSTI YESUS


Kita 
sadaya kemawon
 mboten anamung kautus
nampeni SANG KRISTUS
ananging
 ugi katimbalan supadosa
sangsaya celak 
kaliyan GUSTI
lan sangsaya nyumurupi
sadaya 
karsa karsanipun GUSTI
lumantaran sabda pangandikanipun
ingkang sampun kaseratan
 ing Kitab Suci


Supadosa
 ing tembe
kita saged paring paseksi 
dumateng sesami.


Lan ugi
kita sami 
badhe kaparingan maneka warni
peparing rohani
 (+talenta)
utawi ganjaran kasukman


Amargi 
SANG ROH SUCI
ingkang makarya punika
netepi 
lan mboten jengkah
kaliyan sadaya 
suraosing ising Kitab Suci


Pramila
 kita kedah ajeg-
sregep
 maos isining Kitab Suci
lan nyenyuwun 
mugi Sang ROH SUCI 
 PRIBADI
amemadhangi
 lan nenuntun : 
paring pangertosan


Kitab Suci minangka
 sabdaning GUSTI ALLAH,
nggih
 ingkang dados 
adhedasaring gesanging 
para tyang pitados.


Bilih tetalesaning-
dhasaring gesang
 tyang pitados punika
anamung dhawuh
 pangandikanipun GUSTI
mesthi 
badhe tumus
 anjalari 
kadiwasaning pasamuan.




Kadiwasaning pasamuan
sepindhah malih
saged kawangun
 kanthi kiyat
kados dene 
bangunan griya 
ingkang atetales-
adhedasar kiyat-
bakuh 
mesthi mboten gampil ambruk


Sumangga 
kita samangke 
ngengeti malih
ginanipun Kitab Suci :


1. Minangka suluh
karana 
saged madhangi gesang kita
supadosa mboten kesasar.


Matius 22 : 29b---
“Kowe iku padha kesasar,
jalaran kowe 
padha ora ngerti 
bab Kitab Suci
lan bab 
pangwasane ALLAH…..”


2. Minangka tyang sepuh
karana saged 
nedhahaken bab kawicaksanan
lan ugi saged 
nuntun kita
tumuju gesang tentrem rahajeng
wonten ing
 GUSTI YESUS
 KRISTUS.


2 Timotius 3 : 15----
Elinga uga, 
yen …
wiwit cilik 
kowe wis wanuh Kitab Suci,
kang bisa 
ngolehake kawicaksanan
 marang kowe
lan nuntun kowe
 marang karahayon
marga saka pracaya
 marang KRISTUS YESUS


3. Minangka guru
karana
 memulang lan nggulawentah 
para ptados
supados saged gesang 
ing salebeting kautamen.


2 Timotius 3 : 16---
Sakehing tulisan 
ing Kitab Suci iku
kawangsitake
 dening ALLAH
lan migunani 
kanggo memulang ,
kanggo mbangun kelakuan
tuwin
 kanggo nggulawentah 
wong sajroning kayekten



Patunggilan 
ingkang kinasihan 
dening GUSTI YESUS


Makaten
 reraosan kita 
ing wekdal samangke
bilih ageng saestu
 paedahipun Kitab Suci
kanggening para pitados


Pramila 
kita kaatag
dadosa sregep
 lan saged ajeg
anggen kita ngudi 
karsa karsaning ALLAH
srana nyenyinau 
lan nggegilut 
sabda sabdaning ALLAH


Mugi GUSTI YESUS
 amberkahi kita


AMIN