Rabu, 10 Maret 2010

PANGALEMBANA KAGEM ALLAH


Minggu, 26  Oktober 2008


JABUR  / MAZMUR  150  :  1  -  6

1-2
1. Halleluya !
Padha saosa puji 
marang GUSTI  ALLAH 
ana ing pasucene !

Padha saosa puji
 marang PANJENENGANe 
ana ing cakrawalane kang santosa !

2. Padha saosa puji 
marang PANJENENGANe
marga saka 
sakehing kakiyatane 
padha saosa puji 
marang PANJENENGANe
 marga saka 
kaluhurane kang ngebat-ebati !







ALLAH  
saestu bingah
 bilih sadherek 
ing pepanthan
 nilingaken dhawuh pangandika :

Rungokna sabda pangandika
 ….
Saiba bingahing ALLAH
 alalambaran 
ing sih piwlasing para sadherek
 ngunggulaken gesang sampurna

Kitab Jabur Masmur 150  : 5

Padha saosa puji
marang PANJENENGANe
kanthi kecer
 kang kumencring,

 padha saosa puji
marang PANJENENGANe
kanthi kecer
 kang gumenjreng !

Patunggilan
 ingkang kinasihan 
dening GUSTI  YESUS

Ing dinten punika
kita sami sowan 
ing pangabekti
 kanthi sesaosan syukur

 awit dene 
ALLAH ingkang kita puji 
sembah sampun  rawuh
 ing satengahing gesang kita
ing dinten-dinten
 ingkang nembe
 kita pengkeraken
mekaten ugi 
ing dinten-dintening kita
 badhe nglajengaken gesang

Gegayutan
 kaliyan bab punika

kita 
ing pangibadah samangke
ngaturi ALLAH 
ing kaluhuraning
 ing samudayaning kaluhuran agung

Sesembahan kita
 samangke
 mboten kendel
 ing dinten Minggu punika kemawon

Sesaosan syukur kita
 ugi tetep 
badhe kita tindakaken
 ing gesang pigesangan kita
 salajengipun


Patunggilan
ingkang kinasihan 
dening GUSTI  YESUS

Kita
 punika abdi-abdining ALLAH
ALLAH
 ingkang sampun  rawuh 
nuweni kita
 nimbali kita
samangkya 
kita wonten 
ing kawilujengan
 ing margi 
tlatahing kaswargan,
Yerusalem enggal

Pujian kagem ALLAH
sae 
ing dinten samangke
 ingkang sami kita pujekaken

Sae 
ingkang  dinten kapengker 
ingkang sampun kalampahan
dening
 para umating ALLAH

Pakaryaning ALLAH 
sae
ing dinten punika
 ngantos ing pungkasaning jaman

Sae
 kangge kaluhuraning ALLAH

Sumangga 
kita alami sesarengan
saweg 
ingkang badhe kaalaman
 punika kebak kabingahan
saweg 
nampeni gesang langgeng


Patunggilan
awit dene
 ALLAH 
sanes 
ALLAHing jagad

 asalipun 
sanes ALLAH 
ingkang tuwuh
saking kesadaraning manungsa
 ingkang sampun 
ngalami gesang mubra-mubru
 gesang kebak kabegjan
karaharjan sacara tata lair


Patunggilan

ALLAH kita punika
ALLAH 
ingkang saweg rawuh 
makarya
 ngentas
 sadaya bangsa 
lan 
manungsa sadaya
 lumebeta 
ing pepangkone
paprentahaning ALLAH

Sae
 mbotening gesang kita

kita
 kedah ngaturi ALLAH
sadaya kaluhuran ingkang sae
gesang
 sacara tata lair
 nggih gesang
 sacara rohani

Tata lair kita 
sae
 bilih ALLAH
 paring kesempatan
nindakaken
 sadaya kegiatan –kegiataning gesang 
sacara jasmani
kacekapan 
sacara lair 

Kita sami
 kaparingan wekdal
angge lan saged
nyabut damel
ngraosaken  kabingahan 
ing salebeting panyambut damel
wekdal lan wektu
sami kita  alami
kanthi kasampurnan
 ing pakaryaning ALLAH

Sadaya perkawis punika
 ngedab-edabi
 bilih ALLAH 
paring berkah

 mesthi luber
ing samukawis prekawis

Ananging
 bilih ALLAH ngeparengaken kita
 ngalami 
kacingkrangan ing gesang
mboten wonten
 bab prekawis
ingkang mbingahaken kita

 kedahipun
 kita nggih taksih tetep saged
 memuji lan ngluhuraken
 ALLAH

Saestu 
kita menika
 kapundhut dening ALLAH
ing satengahing kita gesang
 ing alam ndonya

Sinten
 ingkang mitadosi ALLAH
 mesthi 
nggih badhe katunggilan 
dening ALLAH

Sinten 
ingkang pracaya 
dumateng ALLAH
mesthi
 badhe kaparingan jawah
 ing sacekapipun,
kaparingan wohing gesang
 panyambut damel
 rekasaning gesang 
ngedalaken woh
kacekapan
 ing dinten
 saben dintenipun

Kacekapan punika
 kacekapaning ALLAH

ALLAH 
paring berkah sakcekapipun
 tumrap
 patunggilan 
ingkang nyantosakaken gesangipun
 ing margi peparinging ALLAH

ALLAH 
langkung sae
 tinimbang allahing jagad

Allahing jagad
anamung
 ngegungaken kakiyataning gesang
 mubra-mubru
kacekapan ndonya
 ananging kapisahaken dening pati
salami-laminipun

Kaluhuran
 kagem ALLAH

Kaluhuran
 ingkang saestu
mujudaken kaluhuran
 ingkang sejatos
 ing dinten samangke
ngantos 
ing pungkasaning jaman

Kathah cariyos
 para saderek
wonten tyang Kristen
 risak gesangipun

 'hancur kehidupannya
 karena 
kurang dapat memuliakan ALLAH
 persembahan hidupnya
 tidak sampai kehadiratNYA'

Kathah cariyos
tyang Kristen 
oncat 
saking iman kapitadosanipun

karana 
sampun kasil anggenipun
 nggayuh
punapa 
ingkang kabereg
badhe kagayuh :

jabatan/ 
kalenggahan,
kadonyan/
 bandha donya brana
 lan sanes-sanesipun


Patunggilan
 ingkang katresnan
 dening GUSTI YESUS

Kita samangke
tetep wonten 
kahanan
 ingkang ajrih asih
dumateng ALLAH

Ajrih asih 
ateges
ajrih
kalawan saestu mangabekti
tetep manut
ing samukawis prekawis
 mboten nyebal
 ing pamikir
mboten nyebal 
ing tumindak
mboten  nggayuh
 babagan jagad
 lan saisining

'Keberhasilan'ipun 
sanes peparinging ALLAH

Pepujenipun 
ugi sanes kagem ALLAH

Janji gesang langgeng 
sampun uwal
 saking dhirinipun

ALLAH 
mboten ngengeti sinten dhiripun
 ALLAH 
mboten wanuh

Janjinipun ALLAH
 saestu sami kabucal
 ing salebeting gesang
ing alam ndonya
jamaning 
sampun ringkih
ing kapitadosan

gebyaring jagad
 sampun ndadosaken
ulaping urip
ngudi jagad lan saisinipun

Kathah
 patunggilan 
conto gesang
ingkang ringkih
 ananging 
kakiyatanipun langgeng

 saiba bingahing gesang
 bilih tilar ndonya
sampun
nyambut damel 
ngudi pakaryaning ALLAH

Sae kita
 ingkang nembe
nampi kanugrahan
 kasaenaning gesang
 luber 
ing samukawis
barang jagad
punika
 karana ALLAH
paring wekdal

 nguji
nguji
 lan 
nguji

sapinten katresnan
 lan
 'ketaatan'-
kasetyan kita 
dumateng ALLAH

Sae kita
 ing wekdal samangke
Patunggilan
 …
 kita  
tansaha ngudi gesang
 ingkang kebak 
pangalembana kagem ALLAH

Suraosing isining kitab
 Jabur Mazmur 
ayat 1 lan 2


1-2
1. Halleluya !
Padha saosa puji 
marang GUSTI  ALLAH 
ana ing pasucene !

Padha saosa puji
 marang PANJENENGANe 
ana ing cakrawalane kang santosa !

2. Padha saosa puji 
marang PANJENENGANe
marga saka 
sakehing kakiyatane 
padha saosa puji 
marang PANJENENGANe
 marga saka 
kaluhurane kang ngebat-ebati !


Saiba
 bungahing gesang kita
 patunggilan
 awit kita 
taksih tetep
 ing pangrehing ALLAH

Sejatosipun
 kita kedah ngisi
 gesang kita
 ing dinten-dinten samangke
 kanthi 
tetep ngenget
 ngilingi
 bilih kita sami
sampun karawuhan
 dening ALLAH

 katebus
 kaslametaken
kaudi
 kaserep
ing wewangkoning ALLAH


Patunggilan
kita 
samangke kagendheng
sageda nindakaken
 pamuji saos syukur
tumraping gesang 
pangalembana dumateng ALLAH
 kanthi slukat akawat sadasa
clempung 
lan 
unen-unen sanesipun

Suling
Terbang
 lan kencer

Sumangga
kita ungelaken 
kalasangkaning gesang kita
 tansaha tetep
 ing kabingahan
asurak-surak
 jejogedan
 ngluhuraken ALLAH

 Janji 
prasetyaning ALLAH 
mboten ewah gingsir
 ing dinten samangke
ngantos
 dumugeng delahan langgeng

Kitab Wahyu 15  :  2  -  4

2.Aku banjur weruh
rerupan
 kaya sagara kaca 
campur geni,
sarta 
wong-wong kang wis unggul
anggone perang
 karo kewan iku
dalah recane,
sarta 
cacah petungane jenenge,
 padha ngadeg 
ana ing pinggiring sagara 
kaca mau.

Sarta iku
 padha nyekel clempunge ALLAH.

3.Wong-wong iku
 padha ngidungake
 kidunge Musa,
abdine ALLAH,
lan 
kidunge SANG  CEMPE,
 unine,
“Agung
saha 
elok 
pakaryan PADUKA,
dhuh PANGERAN,
ALLAH 
ingkang MAHAKWAOS !
Adil
saha leres
sadaya margi PADUKA,
dhuh RAJAnipun
 sadaya bangsa !

4.Dhuh PANGERAN,
sinten
 ingkang mboten ajrih,
saha mboten ngluhuraken 
asma PADUKA ?

Awit
 namung PADUKA piyambak
 ingkang suci;

 amargi 
sakathahipun bangsa
sami badhe sowan
sarta 
nyembah sujud
dhumateng PADUKA,
 sabab 
sampun tetela
leresing sadaya
 pangadilan PADUKA “.


Sumangga
 para saderek
kita tansah netepi
sadaya karsa 
lan 
karsaning ALLAH

 Setya tuhu
 kita
 'Ketaatan'
 kita
 kauji
ing wektu-wektu kita gesang
 ing satengahing jagad
 pengenalan kita akan ALLAH
 rumaketing gesang kita
 cumawisan
 … 
dening ALLAH
ingkang tansah 
ngegaraken astanipun


Patunggilan 
ingkang katresananan
 dening GUSTI  YESUS

Katresanipun ALLAH
saestu 
ngantos dumugeng
wekasaning jaman

Jaman 
ingkang enggal
nggih jaman
 ingkang langgeng

ALLAH 
saestu kagungan rencana

Jawabaning ALLAH
 ing bab
 ngluhuraken ASMAnipun
 kagema 
anamung kagem ALLAH
 lestantun 
selami-laminipun
 ngantos dumugeng
 jaman 
ingkang enggal

Kratoning ALLAH
 isinipun
 mujudaken paprentahan
ingkang ngluhuraken
 lan
 memuji-muji ALLAH

Sampurna pakaryanipun

Kaluhuran
 kagem ALLAH
saestu
 mbingahaken ALLAH

Pacawisaning gesang kita
 lumebeting 
riyadin unduh-unduh
'hari raya persembahan kali ini'
 mirunggan
 khusus kagem ALLAH
awit kita
 tansah rumaket
caket
kaliyan  ALLAH

Bungah sisah
 kita
anamung ALLAH
 ingkang kita puji

sesambetan kita 
kaliyan jagad samangke
 anamung sesambetan makarya
 nyambut damel
ing kebon anggure ALLAH

Saos syukuring gesang kita
 nyumrambahi 
gesang langgeng
 ing tembe

ALLAH 
rena penggalihipun
 karana kita 
ngugemi sadaya dhawuh 
pangandikanipun


AMIN










     VOTUM :
            -    KPK  116  :  1, 2, 3   Pasrah sumarah mring GUSTI /  KJ 235  : 1, 7  /  Kipas  23 : 1
            -          Saat teduh :
-          Berkat   : 
         Introitus :   YESAYA  61  :  10  -  11
    Pamuji KPK  182  : 1  (3X)   Riyadin Saosan  / KJ 335 : 1, 2, 3   /  Kipas  48  :  1


 PANDONGA :
        Pamuji   KPK   146  :  1, 2, 3     GUSTI  YESUS pamarta   / KJ 54 : 1, 4   /   Kipas  81  : 1, 2. 4
 Pawartos Rahajeng  :      Rum       8  : 26 - 28

 Pangaken Sahadat kalih welas
 Pamuji  181  : 1, 2, 3   Saosan Syukur   /  KJ  64  : 1, 2  /   Kipas  143  : 1, 2, 3
     a.  Maos Kitab Suci       :      JABUR/MAZMUR  150  : 1  -  6
     b.  Pandonga …..reraosan 
     c.   Kotbah
     d.   Pamuji  KPK  188  :  1, 2, 3, 4    Asung  pisungsung  /  KJ  299  (4X)   /  Kipas  120  : 1

Pandonga syafaat :
 Ngempalaken pamisungsung
      - KPK  187 : 1 ---       Pisungsung jiwa raga  / KJ  387  : 1  (2X)   /  Kipas  68  : 1 --
      - Jabur 50  :  14  -  15
      - Pandonga : saos pisungsung & bibaran
 Pamuji  KPK   321  :  1, 2  Ngantya nagri sampurna  / KJ   408  : 1     /  Kipas   144  : 1, 3

 BERKAT