Selasa, 24 Desember 2013

UMAT INGKANG NGGADAHI TANGGUNG JAWAB TUMRAP TIMBALANING GUSTI


Ibadah Minggu
22 Desember 2013
Minggu Adven 4
(Hari Ibu Nasional)

Tema Wulanan   :

Ngrantos Kaluhuraning ALLAH
(Menantikan  Kemuliaan Allah)


Tema Minggu      :

UMAT
 INGKANG
 NGGADAHI TANGGUNG JAWAB
TUMRAP
TIMBALANING GUSTI

(Umat
yang bertanggung jawab
 atas panggilan Tuhan)



                                             Bacaan 1     : Yesaya 7 : 10-16
                                                        Bacaan 2     : Roma   1 : 1-7
                                                        Bacaan 3     : Matius 1 : 18-25





Patunggilan
 ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS

Kahananing jagad samangke kados pundi ?
Kita ingkang sami gesang ing salebetipun

Kahanan jagad samangke
punapa kados dene
kahanane umating ALLAH
ing jaman nabi Yesaya ?

Ing jamaning nabi Yesaya
wonten prastawa ageng
Kados ingkang kaseratan ing Kitab Yesaya bab 1 – 39 :
Kahanan bab prastawa Krajan sisih Kidul
“YEHUDA”.

Krajan Yehuda
saweg kaancam dening bangsa Asyur.

Punapa kahananing jagad samangke
 ‘kados dene gabah diinteri’
 (Gabah dipun interi ing jaman rumiyin
 kangge misah-
milah-milah…
antawisipun krikil,
misahaken gabah
ingkang wonten isi lan ingkang gabug---
Kebus/ ngebus ? ( Mawi angin);
 Ngangge kipas utawi dynamo
 ingkang munyer

Diinter lan di kebus
 kanti dynamo
sami-sami diputer
Ing jaman samangke,
ing jaman pungkasan
ugi kados makaten kahanane jagad
 ingkang kebak gonjang-ganjing
kados dene gabah dipun interi

Punapa menika karana pokal gawene
 si Roh peteng
utawi
 pakaryaning ROH SUCI/
ROHing ALLAH ?

Bilih wonten tiyang sehat….
Sakit… ?
Tiyang normal dados omyang :
ngomong ora karuan ?
Lan sapiturutipun

Pancen
 ing satengahing jagad
kekalih: roh lan ROH
(mawi huruf alit lan huruf ageng)
sami makarya
wonten 2 kakiyatan/ panguwasa
Sami-sami lumebet
wonten ing tengahing jagad
Sami-sami lumebet
 ing manah batos pikiran
lan
 ing imaning saben manungsa

Iman lan ngimani dumateng roh
utawi
Iman lan ngimani dumateng ROH


Manungsa
 ingkang pitados dumateng KRISTUS YESUS
 punapa manungsa
 ingkang dereng-
pitados ?
langkung-langkung malih
dumateng kita
ingkang sampun sami kaproses
  ing iman kapitadosan

saged ngraosaken kahanan
 ingkang saweg kalampahan

Pitados
pacen gampil
 ananging kangge ngimani-
lan nindakaken dhawuh pangandikaning ALLAH
 menika ingkang ewet
 mila kita badhe ngalami gonjang-ganjing
kados dene dipun puter-
 dipun interi

Srana sesakit ?
Srana kegagalan ?

Miturut Nabi
ingkang katuntunan dening ROHing Nabi
(=Nabi katuntunan dening ROH ALLAH)
Bab krajan sisih Kidul :
Yehuda
Lan kangge Israel sadayanipun

Miturut Nabi Yesaya
sanalika manah batosipun kaosikaken
karana katuntunan dening ROH ALLAH

lan
saged ningali lan mangertosi
bab-bab kahanan
 ingkang sejatosipun
saweg kalampahan !

Kahanan menika
menika sanes karana kekuatan Asyur

Sanes kekuatan Bangsa Asyur
sejatosipun
sanes Asyur ingkang dados ancaman
…..
Bilih kangge kita samangke :
Sanes Iblis-
si Singa ingkang nggero-gero
ingkang badhe nguntal kita
 lan
 ingkang ngancam

 Ingkang dados ancaman
 kanggening bangsa Yehuda
 sejatosipun
karana bab- bab dosa-dosanipun piyambak

Yehuda mboten purun taat-
 kirang mitadosi GUSTI ALLAH—

Pracaya
ananging mboten taat lan kirang pitados

Kanggening kita ugi makaten :
‘Ketidak taatan diri kita inilah
yang membahayakan dan mengancam keselamatan
yang sudah dikaruniakan dan diberikan ALLAH’

Sanajan GUSTI ALLAH
sampun makaping-kaping paring pangenget
dumateng para umat sabangsa :
 Bilih umat sabangsa
Terus …
terus kemawon mboten purun
mirang-mireng dedhawuhing ALLAH
 mesti sadaya warganing bangsa-
(sabangsa);
Badhe ngalami kacilakan lan bakal katumpes



Bapak Ibu Sadherek,
sapatunggilan
 ingkang dipun tresnani
dening GUSTI YESUS

ROHing ALLAH makarya
 ing dhirining nabi Yesaya-
srana ROH keNABIan

ROH NABI nggih menika ROHing ALLAH


Nabi Yesaya saged paring NUBUATAN-
pameca lan pamedhar wangsit.

Medhar wangsit-
Nubuatan-
pameca menika
mboten sami kaliyan ramalan;

Medhar wangsit-
Nubuatan-
pameca
menika mijilipun saking ALLAH
 karana panuntuning ROHing ALLAH-
ROH SUCI
mboten sami kaliyan ramalan
ingkang mijilipun saking si Musuh,
si Roh Peteng
(Bilih kahanan 2 kekiyatan menika
sami kiyatipun
 ing dhirining manungsa-
 ing dhirining manungsa sabangsa
 tamtu gonjang-ganjingipun
saged sanget karaosaken)

 Bilih ramalan utawi ‘jangka’
menika hukumipun : saged kalampahan-
saged kedadosan
ugi saged
 mboten kalampahan-
mboten kedadosan.

Karana ingkang ngramal menika
Manungsa
 utawi
utawi ingkang ngramal menika
‘barang ingkang asalipun saking jagad’,
saking Roh Pepeteng.
Kekuasaanipun winates !

Patunggilan
menika benten kaliyan nubuatan-
pameca/ 
pamedhar wangsit

Sepisan malih
nubuatan-
pameca/ 
pamedhar wangsit
menika mijilipun
saking ALLAH PRIBADHI-
 mboten wonten nubuatan
 utawi
pamedhar wangsit
mijilipun
miturut pikajenging manungsa.

Wonten 2 (kalih)
Pameca-
Nubuatan (Nabi Yesaya) :

1.      Bab Yehuda ingkang
 badhe ngalami kacilakan lan katumpes
 bilih mboten purung mirengaken lan nindhakaken
dedhawuhing ALLAH

2.      Bab Katentremaning jagad,
 bab miyosipun SANG NATA
ingkang kaanti-anti
mijilipun saking trah turune Daud
(YESAYA 7 : 14b)

     Lha Sang Kenya badhe nggarbini
saha badhe mbabar putra kakung
 sarta
badhe ngasmakake putranipun-
njenengengi putrane
 Imanuel

Menika kalawau Nubuatan
bab badhe miyos
rawuhipun SANG MESIH-
JURU WILUJENG

SANG MESIH-
JURU WILUJENG
 ingkang
badhe dados ratuning Israel
ingkang badhe dados Ratuning Jagad


Patunggilan
 Nubuatan Nabi Yesaya
estunipun gandeng
 kaliyan kesaksianing Rasul Paulus

Padahal jarak-
Rentang gesang
(wekdal / waktu)
antawisipun Yesaya lan Paulus
  menika wekdalipun atusan tahun

(ALLLAH PRIBADHI
 ingkang njagi kesinambungan
antawisipun pameca- nubuatan
lan
penggenapan- kababaring prastawa
dedhawuhing ALLAH)

Rasul Paulus
tamtunipun ugi wonten
ing pangrehing SANG ROH SUCI
Rasul Paulus
 tamtu katuntunan dening ROH SUCI
Rasul Paulus
 kaangkat dados Rasuling SANG KRISTUS
Ugi karana pakaryaning SANG ROH SUCI-
ROHing ALLAH

GUSTI YESUS PRIBADHI
 ingkang nimbali
supados Rasul Paulus
 sami nggyaraken Injil-
nggyaraken kabar kabingahan

Lha samangke
Seratan utawi layanging Rasul Paulus
dumateng pasamuwan ing Roma
dados satunggaling conto
wujuding Kesaksian Injili-
Kesaksian kabar kabingahan
kanthi wosing tema :

Bilih ing nginggil kalawau
Nubuatan Nabi Yesaya-
Ing salajengipun
menika tema utawi pokok pikiran
saking Rasul Paulus

1.
(wosing tema-
pokok pikiran)
ALLAH sampun nedhahaken-
‘ALLAH sudah menunjukkan bagaimana caranya
 hubungan manusia dengan Allah itu dapat
menjadi baik kembali’. Keduanya

Ada kedamaian di antara
ALLAH nedhahaken cara
supados hubunganing manungsa
 kaliyan ALLAH saged rumaket malih
‘ALLAH menunjukan cara
bagaimana hubungan ALLAH
dengan manusia
bisa kembali terjalin akrab’

ALLAH ingkang maha suci
Lan
 manungsa ingkang kebak dosa
 ugi jejember-
lan kanisthan


Patunggilan
Rumaketing sesambetan-
Rumaketing hubungan
 antawising manungsa lan ALLAH
nglakungi lairing SANG PUTRA
sacara tata kedagingan
ingkang mijil saking tedhak turuning Daud
(ayat 3)
(Menika ingkang kaweca-
dinubuatkan lan samangke,
ngantos wekdal samangke
sampun lan terus badhe kagenepi :

Punapa PUTRAning ALLAH
sampun lumebet
 ing manah batos kita ?
Patunggilan ?

2.
(wosing tema-
pokok pikiran)

Tata cara kedagingan
menika nedhahaken
wujuding manungsa fana:
ALLAH kalair
dados manungsa
kangge mitulungi manungsa

GUSTI ALLAH ingkang maha kwasa
Dados ringkih-
lemah-
fana anggenipun murih …
 ngrawuhi jagad-
manungsa


Patunggilan
ing ngriki
kita samangke :
saged langsung mangertosi lan mahami
 mesti wonten sosok wanita
ingkang nggarbini lan nglairaken GUSTI YESUS

Sanajan Rasul Paulus
mboten nyebat-
nyerat nami
 sacara ‘letter lux’-
sinten naminipun !

kados punapa wontenipun
mboten nyerat:
 nami Maria
selaku ibu saking YESUS

Sanajan mboten
dipun serat nami Maria/ Maryam;
Tetep kemawon sosok Maria
ibuning GUSTI YESUS
 sampun dados pribadhi
 ingkang kaagem
dados margi rawuhing-
 lumebeting GUSTI YESUS
 dumateng jagad raya
kangge milujengaken manungsa


Patunggilan
 Rasul Paulus
nyerat kathah nami-nami para wanita
ingkang dipun tepangi
ing sauruting peladosanipun.
(Kados kita pahami
ing ngajeng kalawau
pancen Rasul Paulus
mboten nyerat lan nyebataken sinten nami
ibuning YESUS)


Patunggilan
 Rasul Paulus
Estunipun nyerat
 kathah nami-nami para wanita
ingkang dipun tepangi
ing sauruting peladosanipun.

Conto :
ing Kitab Roma 16 : 6
dipun sebataken nami Maria
Nami ingkang sami
 kaliyan nami Maria ibunipun YESUS.

Wanita
ingkang kasebataken anami Maria
 menika utama….
Karana kagungan peran penting
 ing jamanining Rasul Paulus.


Dipun serat
ing kitab Roma 16: 6 
“Salam marang Maria,
kang wus nyambut gawe
tanpa ngetung sayah ….”

Roma  16 : 1
Febe rekan kerja-
rencang damel Maria
Febe dados diaken-
pelados pasamuan
 ing Kengkrea

Febe
sampun dados tetameng
kanggening Rasul Paulus
rikala ngalami ewet pakeweding
 peladosan

wonten nami Priskila/Priska
Punapa peraning Prikila/ Priska menika ?
Ugi Trifena, Tifosa dan Persis
(Roma 16: 12)
Para wanita
 ingkang masrahaken gesangipun
kangge peladosan

Wanita-wanita
 ingkang sampun paring papan pakaryan
kagem kaluhuran
Asmaning GUSTI YESUS KRISTUS

Menika peraning para wanita kalawau
 


Condong kaliyan isining
seratan Rasul Paulus
ing ayat 5 lan 6  
(ROMA 1):

Sok sintena tiyang
ingkang purun pitados lan ndherek
ing pakaryaning ALLAH

Sok sintena tiyang
 ingkang purun pitados
menika badhe kaparingan papan
lan
 badhe dados kagunganing KRISTUS
 lan
ugi badhe nampi Sih Kanugrahan
( Mboten mawang
punapa menika wanita utawi priya )

Ayat
5.
Lantaran PANJENENGANe,
aku padha nampa sih rahmat
 sarta
 kalenggahan rasul
marga asmane.
Kadhawuhan nuntun
 marang sakehing bangsa
 kang ora wanuh
 marang ALLAH,
 supaya padha pracaya lan mbangun turut





Ayat
6
Kowe
uga padha klebu
ing antarane wong-wong mau,
kowe kang wus padha katimbalan
dadi kagungane  YESUS KRISTUS


Patunggilan
 ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Ing dinten pepengetan
 mapag rawuhing GUSTI YESUS-
 Minggu Adven kaping 4
menika
sesarengan kaliyan Hari Ibu Nasional

Para wanita pejuang Indonesia
 sampun nyatet-
nyerat lembaran sejarahipun
ing sejarah bangsa Indonesia
 kanthi tinta emas
 anggenipun ndherekaken perjuangan
 kangge memperjuangaken kamardikan

srana pristiwa (pepanggihan agung)
konggres Nasinal-

para wanita Indonesia ingkang wiwitan
 ing Yogyakarta
 tanggal 22-25 Desember 1928

Tekadipun para wanita
saking mawarni-warni organisasi 
(paguyuban)
antawisipun organisasi :
Puteri Mardiko,  Aisyiyah,
Putri Indonesia,  Wanita Taman Siswa,
Jong Islamisten Bond
menika dados pratandha
gumregahing para wanita
ing babagan pigesanganing bangsa
 lan
 gegayuhaning gesang-
cita-cita
 ingkang langkung aji
(bermartabat)

Sageda luwar
 saking penjajahan Walandi

Ibu Pertiwi
 (istilah saking ‘tanah air’)
menika ngukuhaken
saben putra bangsa
 supados gumregah lan tuwuh
mbangun negari Indonesia
menika
(kita wajib paring ucapan :
Selamat Hari Ibu Nasional)


Patunggilan
Wonten gegayutan reraosan
ingkang sami dumados
ing dinten-dinten
 nalika Gusti Yesus
badhe tedhak- rawuh
ing donya menika.

Tanggapanipun Yusuf lan Maria
 dumateng timbalanipun dadosa margi
 murih ndonya saged kaslametaken

Patunggilan
Tanggapanipun Yusuf lan Maria
Saged dados piwucal
kanggening kita sami

nalika Maria dereng sesemahan
tamtu boten gampil
mboten saged
nampeni dhawuhing malaekat Gabriel
 bilih piyambakipun
 badhe ngandhut putra kakung
kados cariyos
 ing Kitab Lukas 1: 26-38

momotan penggalihing
Maria estunipun awrat,
kalebet nyanggi resiko mbobot
 saderengipun sesemahan

 Maria sagah-
Maria sanggup netepi timbalanipun ALLAH
 kanthi wangsulan :
 Sedaya wau kelampahana tumraping kawula,
 kados ingkang Panjenengan
 ngandikakaken menika”

Yusuf
selaku tiyang jaler
ugi ngalami momotan ing penggalihipun

Yusuf
Ugi boten gampil nampi Maria,
Yusuf ugi prelu nampi kakiyatan
 saking malaekating ALLAH
Yusuf dipun kiyataken imanipun

Wusananipun Yusuf
sagah nampi Maria
 dados semahipun
kalayan sadaya resikonipun

Resiko-resiko sanesipun :
kados dipun sinisi dening masyarakat,
dipun wewada karana dereng resmi sesemahan.

 Nanging kekalihipun
tetep teguh mbangun turut
dhateng ALLAH
 minangka abdinipun


Patunggilan
Sadaya tiyang jaler lan estri-
kakung lan wanita
mesti bakal badhe nampi timbalan
lan
nampi sadaya resiko timbalanipun
kados dene
gegambaran lelampahaning
Maria lan Yusuf

sedaya umat manungsa
ingkang katinimbalan
sageda dados sarana
maujuding kratonipun ALLAH,
inggih menika katentreman,
karaharjan lan karahyon lair batos
ingkang dados idham-idhamanipun
sedaya umat manungsa.
Inggih menika pigesangan ingkang langkung sae,
Kebak ing tata kamanungsan
lan
kebak pangajeng-ajeng.

Ing jaman pembuwangan 
 nabi Yesaya
paring kekiyatan
 srana ngundhangaken janji
 bab rawuhipun satunggaling ratu agung
ingkang kaaran Imanuel.

Rawuhipun Sang Imanuel
 Saged ngiyataken batin
tumrap sintena tiyang
 ingkang nggadhahi pangajeng-ajeng
lan
purun ngukuhi pangajeng-ajeng menika.

Maria lan Yusuf
mujudaken janjinipun  ALLAH
 srana margi rawuhing
Sang Imanuel
ing donya

“sadaya kalawau
 kalampahan kados
ingkang PADUKA ngandikakaken”

Pangaken lan kasagahan
manahing Maria lan Yusuf
 sami dados kekiyatan
 tumrap sedaya pendherekipun Gusti Yesus
ing wekdal samangke

Supados kita
 ingkang nindakaken pigesangan
 ing wekdal samangke
samia ugi nggadhahi tanggel jawab

Tanggel jawab
 atas sedaya timbalan lan sanggup-
 sagaha dados pirantinipun GUSTI YESUS
kangge mujudaken tentrem rahayu
ing satengahing brayat kita-
ing satengahing masyarakat
 bangsa lan nagari kita.

Makaten ugi
 ing satengah-tengahing pasamuwan

Saben umat pitados
 nggadhahana tanggel jawab
 anggenipun ndherek
mujudaken tentrem rahayunipun
 GUSTI YESUS
ing satengahing jagad-
bumi menika

Sumangga kita mujudaken
tentrem rahayu
 utawi 
syalom 

Mujudaken tentrem rahayunipun
 GUSTI YESUS
ing satengahing jagad-
bumi menika
dados tanggel jawabipun tiyang pitados,
esteri lan jaler,
makaryaa sesarengan-
sangkul sinangkul
 mujudaken jagad kita
 dadosa langkung sae


boten miturut kasagedan kita
piyambak-piyambak

boten miturut kasagedan
kulawarga- brayat kita piyambak-pyambak ?!!
 dadosa kados dene
estri lan jaler ingkang sangkul-sinangkul
 makarya sesarengan

sangkul-sinangkul makarya sesarengan
ing patunggilan kita
 ingkang paling alit,
brayat
KRW,
Kelompok/ blog,
Greja,
lan salajengipun
 ing masyarakat
bangsa kita

Kados dene 
perjuangan konggres wanita
 ingkang dipun pengeti
minangka Hari Ibu
 inggih perjuanganipun
sesamining putra-putri bangsa
 ingkang ndherek maelu ngudi
lestantun lan kraharjaning negari

Hari Ibu menika
dinten kangge kita sedaya
mboten anamung kangge para wanita

saben tiyang
mesthi nggadhahi ibu
ingkang nglairaken kita
 ing donya

Sosok ibu
 boten mikiraken
dhiri pribadinipun piyambak,
Sosok ibu
Tansah ngupadi nyawisaken
 generasi penerusipun
 kados dene Maria lan Yusuf
ingkang sagah nyanggi resiko 
murih rawuhing Sang Juruwilujeng

Wanita lan pria
dados peranganing pakaryan
dados paraganing
karahayonipun GUSTI ALLAH.
 Sedaya kaparingan lesempatan
  ingkang sami
kangge mbangun gesang
ingkang langkung sae.
 Sugeng Hari Ibu,
sugeng dados berkah
 ing pigesangan
 ingkang kebak raos patunggilan menika.

Amin
GUSTI YESUS mberkahi











VOTUM : (Jumeneng)
Kipas    57 : 1   Rawuhipun GUSTI

Pasamuwan kekasihing ALLAH
ing pisowanan kita (enjing samangke)
kanthia mbekta manah tulus lan kebak ing pangajeng-ajeng
kanthi pangaken  :

Bilih ALLAH sesembahan kita
ALLAH ingkang nitahaken langit lan bumi
inggih PRIBADHI ingkang luber ing kasusetyan
tumrap sadaya pra titah

Kita tampeni berkahing ALLAH :

Sih rahmat lan Tentrem rahayu
ing patunggilaning SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG ROH SUCI
tumraha ana ing gesang kita
sapasamuwan
AMIN

2.    INTROITUS    :    LUKAS 1 : 38
Sedaya wau kelampahana tumraping kawula, kados ingkang Panjenengan ngandikakaken menika”   (kaaturan pinarak)

3. Kipas    57 : 3   Rawuhipun GUSTI

 4. PENGAKEN  DOSAMatius  22 :  37 – 40

37PANJENENGANé ngandika marang wong iku,
 "Sira  tresnaa marang PANGERAN ALLAHira
 kalawan gumolonging atinira,
 lan gumolonging nyawanira, 
sarta gumolonging budinira.

38Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé.

39Déné angger-angger kang kapindho
kang padha karo iku, yaiku:
 Sira tresnaa
 ing sapepadhanira
 dikaya marang awakira dhéwé.

40Kabèh isining Torèt lan kitabé para nabi 
iku gumantung ing angger-angger loro mau."


Pasemon bab ngapura kaluputan:
MATIUS 18 : 21-22

21. 
(Pelados) :
 Sawise iku Petrus (kita?)
 nuli marek lan munjuk marang PANJENENGANe, “
GUSTI, 
menawi sadherek kawula gadhah kalepatan dhateng kawula,
 ngantos kaping pinten
 anggen kula kedah ngapunten ?. 
Punapa ngantos kaping pitu ?”

22.
(Patunggilan): 
YESUS paring wangsulan ,
 “AKU pitutur marang kowe : 
Aja mung ping pitu, malah ngantia kaping pitung puluh ping pitu…”
Srana Dhawuh Pangandika kalawau:
Kita sami anelangsani
Awit anggen kita dereng saged nindakaken sadaya piwucal
 bab katresnan
Kita sami ngakeni dosa panerak kita
 awit ALLAH
estu tresna dumateng kita para titah

Sumangga kita ngakeni …
Sumangga
kita sowan
ing pandonga
(DHUH ALLAH SANG RAMA…
kawula aturaken sadaya kalepatan dosa kawula.
Amin)
5. Kipas  60 : 1, 3  Wiyosipun GUSTI

6. PAWARTOS  RAHAJENG : ((   Jumeneng …
YAKOBUS 4 : 5 - 10

5. Aja padha nduwe pangira, 
Manawa tanpa alesan
 ing Kitab suci iku ana pangandika, 
mangkene,
 “ROH kang wis kadunungake ALLAH ana ing kita,
 dikarsakake kalawan cemburu’.

6. Nanging sih rahmat
 kang kaparingake marang kita iku 
ngluwihi saka iku.
 Mulane PANJENENGANe ngandika,
 “ALLAH nglawan wong kang gumunggung, 
nanging maringi sih rahmat
 marang wong kang andhap asor”

7. Mulane 
padha tumungkula ing ngarsane ALLAH, 
sarta Iblis tanggulangana,
 temahan bakal lumayu saka ngarepmu !

8. Padha nyedaka marang ALLAH,
 temah PANJENENGANe 
bakal nyelaki kowe. 
Tanganmu padha resikana,
 he para wong dosa lan sucekna atimu, 
he wong kanga tine mangro !

9. Padha rumangsaa cilaka,
 padha prihatin.

10. Esorna badanmu
 ana ing ngarsane PANGERAN, 
sarta PANJENENGANe 
bakal ngluhurake kowe.

7.  Kipas  61 : 1,2,3,4  Wiyosipun GUSTI
8. PELADOSAN  FIRMAN :
PANDONGA:    … AMIN
PAMAOSING  KITAB SUCI :
Bacaan I   :  Yesaya 7 : 10-16
Lagu : Amin- amin- amin

Bacaan II  :  Roma 1 : 1-7
Lagu : Amin- amin- amin

Bacaan III :  Matius 1 : 18-25
Lagu : Amin- amin- amin

Iba begjanipun kita sapasamuwan
ingkang tansah  tresna dumateng ALLAH.
Tansah ngorong lan
kepengin mireng dhawuh-dhawuh pangandika tuwin
ngudi nindakaken ing gesang pigesangan kita sami
KOTBAH 
UMAT
 INGKANG NGGADAHI TANGGUNG JAWAB
TUMPRAP TIMABALANING GUSTI
 (Umat yang bertanggung jawab atas panggilan Tuhan)
9.     PENGAKEN  IMAN  RASULIpinarak ))


10.     PANDONGA  SYAFAAT :
Saos syukur dhawuh pangandika
Saos syukur saged atur pamisungsung minggu
Bangsa & negari
Greja> Warganing greja—sakit (iber-iber), lansia, 
Anak-anak—sekolah,padamelan,jodoh
Perayaan & Ibadah Natal (panitia & warganing pasamuan)
- Mapag Warsa enggal 2014
>Bibaran>>AMIN

11.       PAMISUNGSUNG : Samangke wanci wekdalipun …
Dasar  : MAZMUR  69 : 31
 Kipas  :  56 : 1 - … Rawuhipun GUSTI


12.    PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)
Sumangga patunggilan kita sami pengkeraken papan pangibadah menika,
Sumangga kita lajengaken sadaya pangertosan kita :
 
Kipas:  129 : 1    GUSTI panutun kula
(kita tampeni berkah) :
Sih rahmat lan tentrem rahayu
tumuruna ana ing gesang kita patunggilan
ing dinten samangke
ngantos dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng tyang ingkang tansah
mangabekti dumateng ALLAH  SANG  RAMA,
SANG  PUTRA,
tuwin  SANG  ROH  SUCI
AMIN