Senin, 01 Maret 2010

GUSTI MELASI lan NRESNANI KAWULA SADAYA (TUHAN KASIHANI KAMI)

Minggu, 1 Maret 2009

MARKUS  2  :  18  -  22



Patunggilan ingkang dipun tresnani
dening GUSTI YESUS
Sami kita sesarengan
 ing dinten Minggu punika
 lumebet ing Minggu Pra Paskah I
Minggu Kasangsaraning GUSTI  YESUS
Anggenipun lelabetan makarya
ing satengahing jagad punika


Patunggilan sumangga kita sami nyawisaken manah
lan ngatag gesang kita]
 pribadi mbaka pribadi
 anggenipun kita nderek
 tut wingking ing margi
 peparinging ALLAH
nggih ing margi
kaleresan lan kautaman


Patunggilan
 kathah conto lan tuladha
ing pawucalan ingkang sampun kita tampeni sesarengan
 ing tahun-tahun kapengker
ing wiwitaning kita nderek
 GUSTI  YESUS
Kathah babagan
 ingkang nedahaken
 bilih ALLAH saestu kebak ing sih katresnan,
kebak piwelas
 dumateng manungsa


Samukawis prekawis,
Saderek sapatunggilan
ingkang badhe kita gegilut
 ing reraosan
 ing dinten punika
bab pasa
 miturut adat istiadat lan
tata cara agami Yahudi
ing wekdal punika
benten kaliyan pamanggihing ALLAH
 ing ndalem ASMANing GUSTI  YESUS

Punika dados prekawis
ingkang saestu wigati lan
 nengsemaken diri nipun para saderek
 ing wekdal GUSTI  YESUS makarya
 ing dinten rawuhipun
nuweni jagad dalasan saisining


Patunggilan
 ALLAH rawuh
 ngrawuhi para saderek sanes patunggilan
 ingkang sami mboten  nderek tut wingking
ing pawucalan bab-bab kratoning ALLAH kaswargan

ALLAH rawuh
 kagungan karsa
 ngleresaken
 sadaya bab prekawis
ingkang dereng nyondongi
 ing karsanipun
 punapa punika para saderek ?
  kala kapengker

ALLAH rawuh ing gesangipun para saderek sanes sapatunggilan kagungan karsa nunggil
 ing kawontenan
 supadosa saged paring pitulungan
paring kawilujengan

Saestu para saderek sapatunggilan
 ing pasamuwan GKJW SUWARU punika
 ALLAH ugi rawuh
kagungan karsa
supadosa kita ingkang dereng saestu-estu
ngetut wingking ing karsanipun ALLAH
 dadosa sami kawilujengaken
 ing tembe
 kita badhe nampeni kaluhuraning kaswargan
 ingkang satuhu lan
 leres
maedahi
kanggening kita
gesang langgeng ing salaminipun


Patunggilan
 reraosan kita nedahaken
bilih saderek patunggilan
dados heran lan
 wantun mbucal
 sadaya pemanggih
 ingkang klentu
ingkang sampun katindakaken
 ing sadanguning gesangipun

Conto punika
nedahaken bilih ALLAH saged
 mbongkar reraosan
ingkang saestu-estu
 dipun ugemi lan
 dipun  diagul-agulaken
dening manungsa
ing jamanipun GUSTI makarya ing jagad

Bab pasa
paedahipun mboten kangge ngluhuraken ALLAH
 ananging kangge kaluhuraning dhiri pribadi
punapa saged makaten  ?

Karana ALLAH
 mirsani sejatosipun
motivasining para ahli Toret
 Farisi
anggenipun nindakake pasa kalawau

Pasa
saestu mboten nggadahi paedah
 ingkang unggul
 bilih anamung kadamel
 kangge jagad saisining kemawon
 artosipun
 jagad mboten mbetahaken
 bab prekawis punika
 pasa mboten saged langgeng
 ing kratoning ALLAH
 pasa mboten nggadahi berkat
 ingkang ageng
punapa malih maedahi ing gesang kita
sacara karohanen
 pasa ing ndalem ASMANipun GUSTI  YESUS
 dados pratanda kasetyan kita
awit ALLAH saestu sampun
nresnani dumateng kita

AMIN para saderek
 bilih GUSTI  YESUS nresnani kula lan
 panjenengan sadaya ?

ALLAH nresnani umatipun
 ingkang sampun pinilih
  ingkang sampun kapiji
dados satunggal kulawarganing kratoning ALLAH

AMIN para saderek sepindah malih
 bilih ALLAH saestu  nresnani kita ?

Bilih AMIN
kenging menapa
 kita ugi asring damel kuciwaning
 batosing  ALLAH

ALLAH sampun makarya
 saestu-estu sampun makarya
 ing satengahing jagad
 kangge nebus
 dosa saha kalepatan kita sadaya
Kenging menapa
 kita taksih ngugemi
 allah sanesipun
 kados dene pasa
 ingkang kaugemi
 dening para saderek sanes
 ing tembe kapengker
 pasa kaunggulake
 dening para saderek sanes

AMIN !
 para saderek
 bilih pasa mboten nggadahi paedah
kanggenipun para saderek sakabating GUSTI  YESUS
 ing rikala GUSTI YESUS taksih sesarengan
kaliyan diri pribadhinipun

AMIN !
 awit dene GUSTI YESUS paring pangandika ing ayat 21-22 :
21.Ora ana wong nambalake potongan kain anyar
kang durung mengkered
marang sandhangan lawas;
 dene menawa mangkono
 tambalane kain anyar mau
 bakal nyuwekake kang lawas,
lan suweke dadi luwih banget.
22.lan ora ana wong
ngisekake anggur anyar
ing kanthong kulit lawas;
 awit manawa mangkono
anggure bakal ngrusak kanthonge,
satemah dadia anggure
apadene kanthonge
bakal dadi rusak lan
 muspra;
nanging
anggur anyar
 kudune diwadhahi
 ing kanthong kulit kang anyar


Patunggilaning GUSTI  YESUS
ingkang dipun tresnani
Kita samangke
 mendhet dhawuh pangandika punika
 karana ALLAH langkung ngresaken
 bilih kita nindakaken
 pandamel ingkang migunani
kanggene gesang
ing tembe
 ing swarga
kanthia makaten
 pangganggo
 sandhangan
 kita
 ing jagad punika
 mboten maedahi malih
kenging menapa
 tetep kita peksa
 kita agem
 kaliyan pangagem
rasukan
 sandangan enggal
peparinging ALLAH ?!

Anggur
 makaten ugi
mboten wonten paedahipun malih
bilih kawadhahi
dening wadhah ing kulit lawas
bedhah
nyunyut
samesthinipun muspra
mboten migunani malih


Sadherek sapasamuwan
 mboten wonten gunanipun
kita mbekta kawontenaning jagad
bilih kita sampun nampeni sih katresnaning ALLAH
 ing ndalem GUSTI  YESUS  KRISTUS
kita taksih mbekta
sadaya kawontenanipun jagad

Mboten wonten ginanipun
kita mbekta kawontenaning jagad
wonten ngarsanipun ALLAH

ALLAH sampun nresnani kita
lan sampun nunggil ing gesang kita
 dinten samangke
lan ing dintening ALLAH rawuh nuweni kita
 sacara pribadi mbaka pribadi

Sadaya mboten wonten ginanipun
 jaman punika
saged “memutar balikkan kebenaran”
 njungkir walikaken kaleresan dados salah
   klentu
GUSTI  YESUS sampun  ngusahakaken
 kaleresan kanggening kita sadaya
 ing dinten samangke

Aja gawe salah
lepat malih
kanthi mbekta kawontenan ingkang
 mboten condong kaliyan karsanipun ALLAH

Jamaning wus saya tuwa
 jamaning wus adoh
saka kaleresan
 ananging ALLAH taksih tresna
lan nresnani kita sadaya


Patunggilan
 dhawuh pangandikanipun  GUSTI  YESUS  malih
 wonten ing waosan ayat 19-20 :

19.YESUS ngandika
 marang wong-wong mau,
 “Rak ora bisa ta tamu-tamu kang mahargya panganten
padha pasa,
 nalika panganten lanang isih lungguhan
bareng karo para tamu ?
 Sasuwene isih nyandhing panganten lanang,
tamu-tamu ora kena pasa.
20.Nanging bakal tumeka ing waktu,
 nalika panganten kabedhol
saka ing antarane para tamu,
 lan ing wektu iku
wong-wong iku padha pasa   
Reraosan kita punika
nedhahaken bilih saestunipun
 kita mboten perlu pasa
sajroning kita sesrawungan kaliyan  GUSTI  YESUS
 SANG  PANGANTEN  JALER
makaten ugi
bilih kita mangke wangsul malih
 wonten ing damparing kraton swarga
makempal sesarengan GUSTI  YESUS
salaminya
pasa
 mboten wonten ginanipun
 lan ugi mboten prelu

Ananging kadhawuhaken
 bilih kita
 sami tebih katilar
dening  GUSTI  YESUS
pasa sanget prelu katindakaken
 karana kanthi pasa punika
kita sami mengeti
dinten-dintening ALLAH
 ingkang badhe rawuh malih
 nuweni kita ing dintening ALLAH
ingkang kebak katresnan
 tumrap para padhereking ALLAH



Nanging dados dinten-dintening
 karisakan
 kanggening para tyang
sanes patunggilaning ALLAH

Rahajeng kita patunggilan
 Sapasamuwan
 ingkang kaparingan dhawuh
bilih ALLAH karsa rawuh
 ing gesanging manungsa

Ing jaman samangke
 kita tetep ugi karawuhan lan
katunggilan dening GUSTI  YESUS
pasa mboten dados kwajiban
ananging prelu
 bilih kita rumaos
 saweg tebih kaliyan ALLAH
 kangge ngiyataken gesang
 sesrawungan kita kaliyan GUSTI  YESUS

Sesrawungan kaliyan GUSTI  YESUS
dados sesrawungan ingkang mbingahaken
awit PANGANTEN  KAKUNG
wonten ing satengahing gesang kita

AMIN