Minggu, 26 Mei 2013

NGUDI GESANG INGKANG TREP LAN KEBAK KEBERHASILAN SAKING KONSEP TRITUNGGAL




Ibadah Minggu
26 Mei 2013



Tema Wulanan    :
Titah ingkang dados tanda mysteri kasih Ilahi


Tema Mingguan: 


NGUDI GESANG

INGKANG 
 TREP LAN KEBAK KEBERHASILAN

SAKING 
KONSEP TRITUNGGAL


( Temukan keberhasilan dalam konsep Tritunggal )



                                                              AMSAL  8: 22-31
                                   ROMA  5:1-5
                                   YOHANES   16:12 – 15









Patunggilan

 ingkang kinasihan

 dening GUSTI YESUS



Enjing kalawau
 kula maca
 ing satunggal perangan Facebook
 wonten priyantun
 ingkang nyerat
 saking wosing Yohanes 16
 kalawau
 ....


Mysteri Tritunggal 
merupakan  dinamika kasih yang mengagumkan
Dalam mysteri ini

 terkandung seluruh cinta kasih ALLAH
( karana menika mysteri kathah tiyang mboten mangertos lan nindakaken karsanipun ALLAH )
karena hubungan ALLAH dan manusia 
adalah hubungan kasih
Maka perlulah penyerahan diri 
secara utuh di dalam iman
( bilih kita mboten nggadahi konsep 
ingkang leres bab kapitadosan 
ingkang trep bab Tritunggal 
mesti kita mboten saged masrahaken gesang 
sacara wetah )

Dan 
di dalam iman inilah
 kita sebagai manusia 
akan mendapatkan karunia dan damai

Mysteri kasih itu 
dari ALLAH yang menyatakan DIRI
 sebagai BAPA, PUTRA dan ROH KUDUS

BAPA bagi manusia 
di dalam TUHAN YESUS
PUTRA, 
yaitu TUHAN YESUS
 yang selalu membela 
untuk kepentingan manusia-
 kepentingan kita-kita
dan
ROH KUDUS, 

yang mendorong- 
menggerakkan ke arah kehidupan 
yang penuh kasih



Patunggilan

 ingkang kinasihan

 dening GUSTI YESUS


JURU PAMARTA kita

anamung satunggal

Inggih punika KRISTUS YESUS

ALLAH

ingkang Maha agung

ing pakaryanipun

ingkang tansah ngluberi kita

 ing samukawis

kados punapa ingkang sampun gumelar

ing saindenging jagad

 lan

ingkang saged kacariosaken

 dening saisining jagad rat menika



Wonten sadengah

utawi

taksih kathah sadherek- sadherek kita

ingkang rumaos kewedan- kangelan

anggenipun nampi seserepan-

pangertosan bab :

Sesambetan ingkang estu lebet

antawisipun PRIBADIning ALLAH

kaliyan ROH SUCI

lan

makaten ugi antawisipun pribadining ROH SUCI kaliyan GUSTI YESUS;



Tansaya ewed malih

 bilih GUSTI YESUS

 ingkang awujud manungsa

sacara ragawi menika kawartakaken

dados  wujuding karsanipun ALLAH;
GUSTI YESUS menika ALLAH
(ewed sanged )

 lan

 ing wekasaning seserepan-

anggen kita badhe gegilut sesarengan mangke

 inggih menika bab

Gesang ingkang aji-

gesang ingkang pinunjul 
'hidup ini sungguh baik dan punya nilai'

menika ugi ewed sanget

 saged katampi

 dening para sadherek kita



Mbok bilih makaten ugi

 kanggening dhiri kita pribadi

sacara wethah-

utuh

taksih tebih

utawi

 dereng leres lan trep

anggen kita nggadahi

 pangertosan lan ing tumindak kita

ing sauruting kita

ndherekaken ngrasuk iman kapitadosan

 dumatheng ALLAH Tritunggal
GUSTI ALLAH kita


( Punapa kita anamung gesang 
nindakaken kekeristenan-
 anamung gesang )





Patunggilan

Bilih wonten pitakenan

 kenging menapa :

GUSTIning tiyang Kristen wonten 3

padahal kita piyambak-

kita ingkang ngrasuk iman kekristenan

mboten nate nggadahi pemahaman

ingkang kados mekaten kalawau

GUSTI kita inggih Esa-

Satungal



sumangga kita nyenyinau malih



GUSTI

ingkang kita sembah sujudi menika Esa,

 satunggil tigang (3) PRIBADI

Bab menika ingkang mboten ginayuh

ing nalar

lan saha

 mboten ginayuh

ing pamikiring manungsa-



punapa malih

ing panggraitaning pamikiring manungsa

karana manungsa 
ingkang anamung dados titah tumitahing ALLAH



Kenging menapa

kita mboten saged nampeni gegambaran

 ingkang sanyata

bilih kawontenan PRIBADINING ALLAH

menika pancen satunggal

kados dene ingkang saged kaumpamekaken :

Toya



Toya punika saged awujudan :

Toya,

es

( lan ugi saged awujudan )

Uap/

kukus



 Tetiganipun (toya, es, uap)

menika hakekatipun sami,

sami-sami toya.





Patunggilan

Gegambaran punika

 saged nggampilaken anggen kita

ingkang kepengin mangertosi:

kados pundi sejatosipun



GUSTI ALLAH

ingkang awujud Tritunggal Suci

menika



ALLAH SANG RAMA

minangka Ingkang Akarya jagad

(Pencipta),

GUSTI YESUS KRISTUS

minangka Juru wilujenging jagad,

 lan

ROH SUCI

minangka Juru Pitulung.

Tetiga tunggil Esa

( ngemu istilah Tritunggal Suci)

menika

mboten gampil katampi dening manungsa

sebab manungsa

sebab tiyang

pancen mboten nggadahi pangertosan

ingkang langkung liyar-

ingkang langkung amba

kabanding jagad ingkang sampun gumelar

menika



Lha sinten

ingkang nggelaraken jagad saisinipun menika

mesti nggih ALLAH PRIBADI



ALLAH

ingkang mboten saged kawinatesan

lan

mboten saged kaginayuh

ing nalaring manungsa





Patunggilan

 ingkang kinasihan

dening GUSTI YESUS

Sumangga kita pahami malih

bilih hikmat-  

Kawicaksanan

estunipun mirip lan sami

kaliyan perwujudanipun

logos utawi Firman

 utawi

 dhawuh pangandikaning ALLAH


bilih kabandingaken

kaliyan kitab Yohanes 1: 1-18

sacara panjang lebar

estu sanget jelas katerangaken

bilih

 ing wiwit-wiwitan purwaning ALLAH makarya

kanthi hikmat-

kanthi Kawicaksanan / logos,

kanthi dhawuh pangandika

 ingkang asring ugi kita sebat

SANG SABDA-

 FIRMAN )



Hikmat-

Kawicaksanan-

kawasisan sampun ndherek terlibat

 ing jaman purwaning dumadi

(=ing jaman penciptaan)



Suraosing kitab Wulang bebasan 3:19-20

sami kaliyan ingkang sampun kita waos

 lan

 ingkang kita pireng sesarengan




19.

Klawan kawicaksanan

SANG YEHUWAH anggone  nalesi bumi,

sarta anggone netepake langit

kalawan pangerten



20.

marga saka kawasisane GUSTI ALLAH,

 banyuning segara

dipencarake lan mendung

 netesake embun



Ing jaman Prajajian Enggal :

 hikmat-

 kawasisan-

 kawicaksanan menika

dados rujukan penggenapan

bab nubuatan DHIRI PRIBADIning

 GUSTI YESUS KRISTUS

(( Hikmat menika GUSTI YESUS ))



Mila estu Hikmat-

Kawicaksanan-

kawasisan sampun ndherek terlibat

 ing jaman purwaning dumadi

(=ing jaman penciptaan)



Makaten ugi

 kagem DHIRI PRIBADIning

 GUSTI YESUS KRISTUS

estu

ugi ndherek terlibat

ing jaman penciptaan-

titah enggal samangke



ALLAH punika

 satunggaling PRIBADI

 ingkang bebas

merdeka kangge mujudaken

 sadaya pakaryaning gesang



Mila

ALLAH PRIBADI

kawastanan dados ALLAH

 ingkang gesang

mboten saged ginajagan-

kagayuh

 dening manungsa

nggih dening saben tiyang

 ingkang sampun sami dumawah ing dosa

 lan

 ingkang sampun nindakaken gesang

pigesangan lumawanan

dumateng karsaning ALLAH



Sebab

ALLAH ingkang suci

 sampun tumitah

 ing DIRI PRIBADInipun ALLAH



Sinten ingkang akarya-

Lan

 Sinten ingkang nitahaken wujuding ALLAH ?



Koq wonten

( ALLAH SANG RAMA,

ALLAH SANG PUTRA,

ALLAH SANG ROH SUCI )

?



Sanes manungsa-

sanes panganggit-anggit

lan

 sadaya panalaring manungsa



debat ?

cobi debat kaliyan ALLAH ?

enget Ayub / Yunus





Patunggilan

 kados pundi manungsa saged paring penilaian

 bilih ALLAH menika sejatosipun A,

B, C, D E

 lan sapiturutipun ?


ALLAH Koq …

lair- anak ?
mati…. Bapak ?


ALLAH estunipun kagungan karsa

 lan

 pakaryan agung





Patunggilan

Ing reraosan dinten menika

Kita sami

 badhe ngoceki lan ngudi

sinten ta sejatosipun ALLAH

Tiga tunggil menika;



 Lha kenging menapa ALLAH

kagungan karsa

mujudaken DHIRI

kados makaten lan paring Asma DHIRI

AKU iki …ALLAH SANG RAMA
AKU iki …ALLAH SANG PUTRA
AKU iki …ALLAH SANG ROH SUCI

miturut penyataan ALLAH

 gegayutan kaliyan pakaryan

 ingkang benten-benten,

ananging sadaya ingkang kalampahan

 tunggal pandamel



(( Kados ing purwaning dumadi-

 penciptaan ))



ALLAH SANG RAMA

1

( ALLAH Pencipta )

ALLAH Ingkang Nitahaken,

inggih punika

ALLAH ingkang hakekatipun

 Kang akarya langit lan bumi

saking boten wonten dados wonten,

 ingkang setya ngrimati

 lan

ingkang ngenggalaken pakaryaning astanipun

 ngantos dumugi dinten sapunika

lan salaminipun.

(( ingkang risak kaenggalaken ))



Punika nedahaken bilih

ALLAH sesembahan kita punika ALLAH

Panyambut damel

ingkang sejatos,

temah sadayanipun tansah katitahaken enggal malih



Punika neguhaken lan ngiyataken

kanggening kita

 manungsa

bilih GUSTI ALLAH

 tansah ngresakaken :

- wonten dhirining manungsa

Wontena karsa enggal,

Wontena gesang pigesangan

mboten mandheg

( stagnant )



 Kanggening kita-

 manungsa

sami dados timbalan

 tansaha ngudi indhak-indhaking-

tambah-tambahing kasagedan,

pinta-pinta kaprigelan kita,



 Dadosa kita saged tangi malih

rikala ngalami kegagalan

lan

dhumawah ing dosa.



Tansaha wonten pangajeng-ajeng

 Kanggening dhiri anggen kita numapaki

masa depan lan kesuksesan,



amargi GUSTI ALLAH

 jumeneng dados

SANG PENCIPTA





2

Wontenipun PRIBADI ALLAH

Ing GUSTI YESUS

SANG JURU WILUJENG,

 punika dados wujuding pakaryanipun ALLAH

ingkang kreatif

kangge usaha ngendheg karisakan

ingkang saya sanget

tumrap gesanging manungsa

 lan

 jagad raya,

(( Jagad risak ))

 (( GUSTI YESUS kautus- istilah ))



 Karisakan

 ingkang dipun sebabaken dening dosa



GUSTI YESUS
SANG JURU WILUJENG

mundhut sarana panebusan

inggih menika margi Viadolorosa-

jalan salib



 Sok sintena tiyang

ingkang purun pitados,

 mesti mboten badhe ngalami karisakan

 ananging kosok wangsulipun

tiyang punika

 badhe pikantuk kawilujengan,



Kawilujengan

 ingkang mijilipun saking pakaryaning ALLAH



Kawilujengan

ingkang estu njalari kita sami

 saged nglajengaken  pakaryaning gesang,



Karana sesambetan gesang kita

kaliyan ALLAH

sampun kaenggalaken,



gesang kita

saged sesambetan malih kaliyan ALLAH

 langkung rumaket

ingkang swaunipun-

  saderengipun pedhot



Samangke karana pakaryaning ALLAH

ing dalem GUSTI YESUS

Sadaya ingkang kita alami

 ing sauruting pigesangan

 sampun mboten malih murugaken pepejah

 tumrap dhiri kita

para manungsa,



awit anamung

ing dalem Asma GUSTI ALLAH-

nggih GUSTI YESUS

wonten tuking gesang.



Kadya bayi

 ing salebeting guwa garba

 ingkang boten sambung

 kaliyan tali puseripun,

 mesthi bayi punika

badhe garing lan pejah.



Sepisan malih

bilih wonten pitakenan:

Yen ALLAH tedhak mring jagad

ing sariraning SANG KRISTUS;

 Sinten samangke

ingkang wonten swarga,

Jer- kosong ?

padahal GUSTI ALLAH punika

namung satunggal?



Wangsulan kanggening kita:

 Ingkang wonten ing swarga

inggih tetep GUSTI ALLAH,

awit

GUSTI ALLAH punika

boten winates

 ing papan lan wanci-

wekdal

(( menika kapitadosan ))



Pitados dhateng panebusing

 SANG KRISTUS YESUS

menika dados syarat

sagedipun kita para manungsa

 nampeni tentrem rahayu.



3

ROH SUCI.



Tanpa ROH SUCI

SANG JURU PITULUNG,



manungsa

boten saged mangertosi karsaning ALLAH

kalayan kakiyatan

lan

 kalayan pambudidayanipun piyambak

mboten saged mangertosi karsanipun ALLAH



mboten saged mangertosi karsanipun ALLAH

 ingkang kababar ing SANG KRISTUS,

jelas manungsa boten saged

mboten saged mangertosi kanthi gamblang lan cetha



Anamung

SANG ROH SUCI,

nggih DHIRI PRIBADIning ALLAH

ingkang saged ngertosaken-

nerangaken

kanthi gamblang lan cetha



ROH SUCI

PRIBADI ingkang ngamping-ampingi kita

lan

PRIBADI menika ingkang badhe paring kakiyatan

dhumateng kita



sageda gesang kita

tetepa wonten

ing wilayah kekeran panebusing  ALLAH,



sageda gesang kita

tetepa wonten

ing iman kapitadosan dumateng ALLAH

 SANG ROH SUCI saweg makarya

 kangge kasaenaning gesanging jagad

 lan

manungsa sadayanipun



 Kita sami patunggilan

 para pitados

ing salumahing bumi

samangke minangka dados

rowang damelipun ALLAH



 anggenipun ALLAH makarya

ngudi mujudaken tentrem rahayu.





Konsep anugerah-

Kosep Tentrem Rahayu

miturut Rasul Paulus



anamung kangge sok sintena tiyang

ingkang sampun pitados

lan ingkang purun gesangipun kaleresaken



Inggih menika bab sesambetanipun

 dumateng ALLAH

srana pakaryan

 lelabuhing

 GUSTI YESUS KRISTUS



Pitados dumateng GUSTI YESUS KRITUS

Ndadosaken kita

sami saged nampeni

sih rahmat ( 1 )

tentrem rahajeng ( 2 ) lan pangajeng-ajeng ( 3 )

tumrap kamulyaning ALLAH

ingkang badhe kaparingaken





Lha

makaten Patunggilan

Rasul Paulus

 ing Kitab Roma 5: 1-2

nedahaken realita-

kasunyataning gesang

 lan tuwuhing pasamuan-pasamuan

 anggenipun nggadahi respon bab tanggel jawab

nindakaken sadaya prentahing ALLAH

minangkani-

munculipun konsep

anugerah

tentrem rahajeng



Lan

ing kitab Roma 5: 3-5

 Rasul Paulus

sanget anggenipun nedahaken kasunyatan

bilih kasangsaran

ingkang kaalaman

dening pandhereking GUSTI YESUS

badhe njalari tataging ati;

Langkung tataging ati

 njalari tanggon

 lan

tanggon nukulake pangajeng-ajeng

 ingkang mbonten nguciwani



awit sihé ALLAH

sadaya wus kaesokakén-

sadaya wus kaparingake

ing manah batos kita

déning ROH SUCI-

SANG PENOLONG

(( ingkang ewed

kabikak dados gampil kamangertosan ))



Patunggilan

 sanget kita nyekseni lan sami nyenyinau

 bab hubungan relasi antawisipun person-

antawispun PRIBADI SANG ROH SUCI

kaliyan

GUSTI YESUS



SANG ROH SUCI
ing wekdal-wekdal samangke
estu-estu kersa mimpin
 para umat pitados
anjog-a dumateng kaleresan
mituruta timbalaning ALLAH
lan
estu-estu kersa mimpin
lan paring kasagedan dumateng kita
para pitados :
 memuji
 ngluhuraken
Asmanipun GUSTI ALLAH
Lan ngunjukaken pandonga
------------------
Kita
mboten badhe bingung malih
karana wonten sebatan :
GUSTI ALLAH SANG RAMA,
GUSTI YESUS SANG PUTRA
 Lan
 GUSTI SANG ROH SUCI;
 Tetiga tunggil
utawi
ALLAH Tritunggal
----(( kita mboten bingung )) ----

Bilih dumugi wekdal samangke
taksih dereng saged nampeni
----(( taksih bingung ? ))-----
 sumangga
kita lan sadherek sanes
tansah nyenyuwuna pitulungan
saking SANG ROHing ALLAH-
 SANG ROH SUCI
Supadosa nampi kaleresan-
kayektenaning ALLAH
 lan
 bab-bab kaelokaning ALLAH; sanesipun
makaten ugi
 Kaluhuraning ALLAH
Sageda enggala sampurna
Sageda kita tampeni

SANG JURU PITUTUR
 inggih SANG ROH SUCI
 enggal-enggala martosaken
 perkawis-perkawis
 ingkang badhe kalampahan
(( Nubuatan-nubuatan itu ada karena ROH KUDUS))

Tamtu
bab prekawis
ingkang sampun kawucalaken
dening YESUS GUSTI kita
 lan
bab-bab kekeraning-
rahasianing  ALLAH SANG RAMA
kados dene
ingkang sampun kablakakake
dening YESUS GUSTI kita

JURU PITULUNG
 bakal badhe martosaken-
badhe nerangake
dumateng kita
kados dene
pawartos
 ingkang sampun sami kita tampeni
saking piwucaling YESUS
GUSTI kita
(( pendengaran…. penglihatan dansebagainya ))

Sumangga
kita tindakaken lan sami kita lajengaken
 martosaken-
ngabaraken berkah
tentrem rahajeng
peparinging ALLAH

Sugeng makarya lan sugeng dados aji
 ing gesang
kagem kaluhuranipun GUSTI ALLAH

AMIN











































LITURGI   IBADAH  MINGGU
Tritunggal Suci
26 Mei 2013 di SUWARU
(pkl. 09.00 WIB)

VOTUM : (Jumeneng)
KIPAS  96  : 1, 2     ING WAKTU BADHE WINULANG

Kanthi pangaken :
Inggih ALLAH ingkang nitahaken langit lan bumi
ingkang ngluberaken sih susetyanipun
tumrap sadaya para titahi kagunganipun
(kita nampi berkah)
Sih rahmat lan Tentrem rahayu iku pinangkanipun
saking sawabing patunggilaning ALLAH SANG RAMA,
ALLAH SANG PUTRA,
tuwin ALLAH SANG ROH SUCI
tumraha ing gesang kita
sapasamuwan
AMIN

2.    INTROITUS    :    JABUR 16 : 9 – 10a
9. Mulane atiku bungah-bungah lan nyawaku asurak-surak, malah dagingku bakal manggon kalawan tentrem
10a. Amargi PADUKA boten masrahaken kawula dhateng ing teleng palimengan
(pinarak)


KIPAS  11  : 1      DHUH ALLAH SIH KADARMAN TUWAN (Maz 36:6-11)

3. Ndedonga Pangaken Dosa:  …AMIN
 (Matius  22 :  37 – 40)
37. PANJENENGANé ngandika marang wong iku, "Sira tresnaa marang PANGERAN ALLAHira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.
38. Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé.
39. Déné angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.
40. Kabèh isining Torèt lan kitabé para nabi iku gumantung ing angger-angger loro mau."

4. KIPAS  143  :  1, 2, 3             ENGGARING MANAH

5. PAWARTOS  RAHAJENG : ((   Jumeneng
JABUR 7 : 9 - 10
9. SANG YEHUWAH ngadili para bangsa.
Dhuh YEHUWAH, mugi PADUKA karsaa ngadili kawula, punapa kawula leres, saha punapa kawula tulus eklas
10. Mugi-mugi piawoning tiyang duraka sageda mantun, nanging tiyang mursid mugi PADUKA santosaken, PADUKA  ingkang ndadar manah saha batosing tiyang , dhuh ALLAH ingkang adil

6. PELADOSAN  FIRMAN :
PANDONGA:    … AMIN

7. PAMAOSING  KITAB SUCI :
Bacaan 1         : WULANG BEBASAN    8: 22-31
KIPAS  92  : 1            SABDANING ALLAH

Bacaan 2      : ROMA  5:1-5
KIPAS  92  : 2            SABDANING ALLAH

Bacaan 3         : YOHANES   16:12 – 15

Iba begjanipun kita sapasamuwan
ingkang tansah  tresna dumateng ALLAH.
Tansah ngorong lan
kepengin mireng dhawuh-dhawuh pangandika tuwin
ngudi nindakaken ing gesang pigesangan kita sami
AMIN 3X …..

KOTBAH  NGUDI GESANG
INGKANG  TREP LAN KEBAK KEBERHASILAN
SAKING KONSEP TRITUNGGAL
8. PENGAKEN  IMAN  RASULI … - jumeneng/ pinarak ))

KIPAS   :  93 : 1, 2         KRATONING SWARGA

9.     PANDONGA  SYAFAAT :
Saos syukur dhawuh pangandika …
Bangsa & negari
Greja> Warganing greja—sakit, lansia,
 Anak-anak—sekolah (nampi kelulusan),
padamelan,jodoh
> Wulan KESPEL
Bibaran>>AMIN

10.       PAMISUNGSUNG : Samangke wanci wekdalipun …
Dasar  : MAZMUR  69 :31;  KIPAS  133  :  1 - … PAMARTA KULA
PANDONGA   :  ….

11.    PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)

Patunggilan kita badhe mengkeraken papan pangibadah punika,
Sumangga patunggilan kita mujudaken Kesaksian gesang lan tansah paring pawangsul- panjawab dhumateng saben tiyang, bilih ingkang adhedampar wonten ing kraton swarga inggih punika GUSTI ALLAH ingkang agesang tanpa winates ing papan lan wekdal ugi ingkang makarya salami-laminipun. GUSTI ALLAH ingkang boten Srana pitados dhateng. Kita sami sampun nampeni  panebusing SANG KRISTUS sarta tentrem rahayeng ing panuntuning SANG ROH SUCI.

KIPAS   130  :  1    NUNGGIL KALIYAN GUSTI
 (kita tampeni berkah) :
Sih rahmat lan tentrem rahayu
tumuruna ana ing gesang kita sapatunggilan
ing dinten samangke
ngantos dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng tyang ingkang tansah
mangabekti lan masrahaken
gesang kapitadosanipun
dumateng ALLAH  SANG  RAMA,
SANG  PUTRA,
tuwin  SANG  ROH  SUCI
AMIN






WULANG BEBASAN  8: 22-31
22.  INGSUN wus katitahake dening PANGERAN YEHUWAH dadi
       wiwitaning pakaryane , minangka oandamele kang kawitan ing jaman kuno.
23.  INGSUN wus kaanakake nalika jaman purwa, iya ing wiwitan mula, 
       sadurunge bumi ana
24.  WiyosingSUN sadurunge banyu samodra agung ana, sadurunge ana
       sumber-sumber kang luber banyune.
25.  Sadurunge gunung-gunung tumanceb lan sadurunge ana punthuk-punthuk  
       INGSUN WUS miyos.
26.  Iya sadurungé PANJENENGANe nitahaké dharatan lan ara-ara, malah  
       durung  ana bledug kawitan
27. Nalika PANJENENGANe ngrancang ananing langit, INGSUN ana ing
      kono, iya ing kalane nyipat sikiling langit ana ing lumahe samodra agung
28.  iya kalane netepake mega-mega ing dhuwur , lan kalane sumbering
       samodra agung wiwit padha mbludag klawan santer
29.  nalika PANJENENGANe nemtokake watesing segara, supaya banyu aja 
      nganthi nerak dhawuhe, lan ing kalane masang dhasaring bumi
30. INGSUN dadi putra kekasihe kang nyarengi PANJENENGANe, sadina- 
      dina INGSUN damel renaming penggalihe, tansah dolanan ana ing ngarsane
31. INGSUN dolanan ana ing bumi kagungane, sarta para anaking manungsa
      padha dadi kalangenaningSUN.

ROMA  5:1-5
1. Mulané kita kang wis padha kabeneraké awit saka pracaya, kita padha urip 
    kalawan rukun  karo ALLAH marga déning GUSTI kita, YESUS KRISTUS.
2. PANJENENGANé iku kang njalari kita padha olèh dalan kang anjog ing sih-
    rahmat marga saka pracaya. Ana ing sih-rahmat iki dumunung kita sarta kita
    bombong sajroning pangarep-arep bakal tampa kamulyaning ALLAH.
3. Lan ora mung iku baé. Kita malah iya padha bombong sajroning sangsara 
    kita, awit kita padha mangerti menawa sangsara iku njalari tataging ati,
4. lan tataging ati iku njalari tanggon, tanggon nukulaké pangarep-arep.
5. Déné pangarep-arep iku mesthi ora bakal nguciwani, awit sihé ALLAH wis
    kaesokaké ing ati kita déning ROH SUCI, kang wis pinaringaké marang kita.

YOHANES   16:12 – 15
12. Isih akèh prakara kang prelu dakkandhakaké marang kowé, nanging saiki
      kowé durung bisa nampa.
13. Nanging samangsa PANJENENGANé rawuh, yaiku ROHing KAYEKTEN,
      iku bakal nuntun kowé marang sakèhing kayektèn. Awit PANJENENGANé
      ora bakal pitutur saka sarirané dhéwé, nanging sabarang kang dipiyarsakaké
      iku kang bakal dingandikakaké sarta PANJENENGANé bakal martakaké
      prakara-prakara kang arep kelakon.
14. PANJENENGANé bakal ngluhuraké AKU, amarga bakal martakaké 
      marang kowé apa kang katampi saka AKU.
15. Apa sakagungané SANG RAMA, iku iya duwèkku; mulané AKU pitutur,
      mangkéné: JURU PITULUNG bakal martakaké marang kowé apa kang wis 
      katampi saka AKU."