Minggu, 23 Februari 2014

YESUS PUTRANING ALLAH INGKANG KASENGKERAKEN INGKANG SAMPURNA

IBADAH  MINGGU
23 Februari 2014

Tema Wulanan :
Allah sumber syalom

Tema Minggu    :

YESUS
PUTRANING ALLAH
INGKANG KASENGKERAKEN
INGKANG SAMPURNA
 (Anak-Bapa yang dikuduskan, yang sempurna)

Kaimaman / Imamat 19:1-2, 17-18
1 Korintus 3:16-23
Matius 5: 38-48


Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Iba bingahing gesang kita
bilih dhiri kita pribadhi lepas pribadhi
sami kasebatan dados
salah satunggaling putraning ALLAH

Dados putra ingkang kapiji
putra ingkang kebak kasampurnan
karana ing gesang kita
kita saweg kaaturan sadaya piwucaling ALLAH
sabaya sesaged-sagedipun
sampun sami kita tindakaken
ing sauruting kita nindakaken pigesangan

Patunggilan
wonten cariyos
bab tetuwuhan
ing satengahing alas-
wana

Karana salah satunggiling sato kewan menika
 sampun langka-
cacahipun populasi sanget merosot;
Mila
salah satunggaling jenis kewan menika
 samangke kadosaken kewan sesengkeran
makaten ugi
alas ingkang kebak tetuwuhan
ugi sami kasengkeraken-
‘dipun lindungi’
 supados tetep saged dados habitat
lan
dados papan gesang pigesangan kewan-kewan menika-
mboten karisak

Kala-kala wonten polisi khusus
ingkang ingkang ngawat-awati-
njagi saking tumindaking manungsa
ingkang saweg ngancam-
ingkang saweg mbebedhak-
‘berburu’

Conto kewan-kewan ingkang kasengkeraken-
‘dipun lindungi’ :
Banteng Jawa ing Alas Baluran,
 Badak bercula setunggal ing Ujung Kulon,
Gajah ing Sumatera
Lan sanes-sanesipun malih

Kanthi mangun polisi khusus
kangge njangkepi jejeging hukum-
undang-undang suaka alam margawatwa

Lestarining gesanging sato kewan menika
 dados tujuan utama;
 Lha kangge sok sintenna tiyang
ingkang badhe lan sampun tumindak ngrisak
memejahi salah satunggiling kewan-kewan menika
estunipun sanget badhe nampi pidana paukuman
 miturut aturan perundang-undangan

Kados makaten patunggilan
bab sengkeran
 ingkang sami kawontenaken
dening sadhengah pamarentahan
ing jagad samangke
 kados dene pamarentah nagari kita

Tamtunipun
 kathah bab-bab sesengkeran
ingkang katindakaken
 ing sanjawining sato kewan
dalasan tetuwuhan;

Conto
kangge barang-barang peninggalan
warisan budaya
kados dene Candi Borobudur
lan sanes-sanesipun

Ing gesang kita
saben dintenipun
 ugi wonten bab-bab
 ingkang kita khusus-aken

Contonipun
bab rasukan,
tetedhan lan unjukan;

 Makaten ugi
manah kita,
 tata tumindak kita

Kangge menapa
kita sengkeraken-
 khusus-aken-
sacara maligen ?

rasukan pesta
tas kitab suci
teh diabet
susu rendah kolesterol


Patunggilan
Raosing manah kita kinten-kinten kados pundi nggih ?
sanalika kita mangertosi
bilih kita menika sami kaangkat
dados putraning ALLAH ?

Rahayu kanggening kita
 ingkang purun lumampah lan lumadi
 ing kekeraning ALLAH
Sabab
kita menika sampun kapilih
kapiji
 kapendet
dados lan kadosaken
 putraning ALLAH

Sabaya kita sampun kasucekaken
karana ALLAH kita suci
Kita kedah tumindak suci
Nindakaken laku-
 lampahing gesang
 ing sauruting gesang
tumindak kita

Kados pundi
bilih kita saben-saben tumindak lumawanan
ing karsaning GUSTI
GUSTI ingkang maha suci,
Punapa GUSTI
inggih tetep badhe paring kasucen ?!

Sae punapa mboten tumindaking gesang kita
sumangga kita tansah asung-
 nyuwun sih pangapuntening dosa-
kalepatan

mboten cekap anamung satunggal-
utawi kaping kalih
nyuwun sih pangapuntening dosa
 kedahipun kita makaping-kaping
nyenyuwun lan ndedonga :

Mugi GUSTI PADUKA
 paring sih pangapunten
lan
kasucen dumateng kawula
mugi karsa PADUKA kalampahana
ing gesang kawula
saha
Katresnan PADUKA
 mugi sageda kawula tampeni
 lan
 katresnan PADUKA
 sageda ngiyataken kawula
anggen kawula asung katresnan
 dumateng sadherek-
 sapepadhan kawula


Patunggilan
Rahayu tiyang
 ingkang pitados dumateng GUSTI YESUS
sebab PUTRAning ALLAH
 nggih GUSTI YESUS
ingkang lahir
 ing satengahing bumi
 ugi lahir
 ing manah batosing
 saben tiyang pitados

Tiyang pitados
menika estunipun
 dados kekeraning ALLAH
 ingkang suci

GUSTI YESUS
 maha suci
makaten sadaya dhawuh piwucalipun
nucekaken
kanggening saben tiyang pitados

Kasucening dhiri kita
ugi saged kawujudan
 karana kita tansah nindakaken
dhawuh pangandika

Ndedonga/
nyenyuwun kemawon
 ananging mboten nindakaken dhawuh
 kados dene
tiyang pitados
ananging mboten tulus-
 serius
anggenipun mujudaken kapitadosanipun
ing tumindak padintenan


Patunggilan
Kita kedahipun nyonto
kekeraning bani Lewi
 anggenipun
 netepi kekeran lan dhawuhing ALLAH

Anggenipun
nindakaken paladosan
 dados imam/
pemimpin agami

Bani Lewi
 mboten nindakaken padamelan sanesipun malih
 kados limrahing tiyang
Bani Lewi anamung nindakaken
peladosan imam
Pandameling Imam menika
nindakaken peladosan khusus
kagem ALLAH
ateges
tansah nindakaken gesang
 kanthi nucekaken dhiri

Gesang mligi kagem GUSTI

Nanging kanggening dhiri kita
Patunggilan
Dadosa kita
 sapatunggilan
ingkang ngrasuk kasucen
 peparinging ALLAH

Kedahipun
kita tansah ugi ngudi
lan
tansah nyisihaken wekdal
mligegaken wekdal-
‘mengkhususkan wekdal’ kagem
GUSTI ALLAH
tansaha nindakaken gesang
 kanthi nucekaken dhiri

Sumangga
kita nindakaken gesang
miturut kekeraning ALLAH
ingkang suci

Sepindhah malih
Kita menika
patunggilan ingkang suci
 ing ndalem SANG KRISTUS YESUS

Kita kedah nindakaken dhawuh pangandika-
Kita kedah nindakaken piwucal bab katresnan;
Sanajan awrat
 kita tansah ngupadi
 supados sak saged-sagedipun
nyonto-
nuladha gesanging GUSTI YESUS
ingkang dados PUTRA
PAMBAJENGing ALLAH

Kita sadaya
sapatunggilan
estunipun sampun kaangkat
dados putra-putraning ALLAH
 karana kita sami
sampun dados sadherek-
sakhabating-
 pandhereking
GUSTI YESUS

GUSTI YESUS
 nelakaken gesang katresnanipun
 dumateng saben tiyang
 ingkang mbetahaken pitulungan,
Awrat pancen sesangginipun
GUSTI YESUS
anggenipun nglabuhi gesang
kangge kaluhuraning tiyang sanes

GUSTI YESUS
 tansah nyumanggakaken dumateng saben tiyang
ingkang estu-estu pitados
 lan
ingkang purun mirengaken dhawuhipun
sowan lan kaladosan

Pinten-pinten ewu tiyang
 sami kaladosan-
pinten-pinten tiyang
nampi kasarasan-
pinten-pinten tiyang
karsa nggetuni panerakipun
 lan
mboten tumindak dosa malih

Ananging
 GUSTI YESUS nanggel bebahan:
Dipun mengsahi,
dipun ancam,
dipun kuya-kuya
mawi mawarni-warni pitakenan

wonten pitakenan ingkang njebak.
ngancam-
fitnah
ngantos nemahi pati
seda
 sinalib


Patunggilan
menika sadaya
murih nindakaken gesang katresnan

Hukum katresnan
 kawucalaken lan kedah katindakaken
Hukum katresnan
 dados sesulihing-
gantosing hukum pembalasan
: Bilih pipi kiwa kaceples
wenehna pipimu tengen

Menika hukum
ingkang mungkasi kahaning jagad
 ingkang tansah kisruh

Bilih hukum katresnan
 saged katindakaken
 mesti gesang
 ingkang kebak kasampurnan
saged kaalaman dening jagad menika

Cobi bayangaken
Patunggilan
bilih hukum pembalasan :
 Tangan ganti tangan,
nyawa ganti nyawa
lan sapiturutipun
 katindakaken
 punapa wonten gesanging manungsa-
sesami kita
saged dados sampurna ?

Sacara fisik kemawon
sanget katingal :
Sadherek sanes mboten nggadahi
 satunggal tangan,
mboten nggadahi
sikil lan anggota badan
sanesipun

Iba sanget cacating gesanging manungsa
 tebih saking kasampurnan

Kita kapilih
kapundut
saking kahanan punika 
supados gesang kita sampurna
ing ndalem GUSTI kita
YESUS

Kita kaparingan tugas
tanggel jawab
nindakaken praktek gesang
ingkang kebak katresnan

Praktek hukum katresna-
Praktek angger-anggering ALLAH
 bab katresnan

Ing tumindak katresnan punika
 kasucen-
utawi gesang
 ing kekeraning ALLAH
sageda kawujudan
ing gesang kita
 ugi
 ing gesanging patunggilan

Gesang kasucen
kedah katindakaken sesarengan
 gesang katresnan
 sanajan awrat sesanggi kita
 mesti kita
badhe kaparingan kekiyatan
lan
kemampuan-kemampuan
 saking ngaluhur

Mesti kita saged nindakaken katresnan

Tumindak katresnan
mesti kanthi perjuangan
supados kasucening gesanging dhiri kita
 tansah sampurna

Bilih wonten sadherek
 tepangan kita
 lumawanan dumateng kita-
 kita kedah langkung nresnani malih
malah-malah nresnani sacara khusus-
kita tresnani estu

Bilih wonten sadherek
 ingkang tumindak culika-
 tumindak jahil-
 tumindak awon
lan sanes-sanesipun

Langkung ta kita saged nresnani-
kita saged nyuwun pitulungan
dumateng GUSTI YESUS
supados kita sami
saged nresnani sesami kita

Bilih mboten mekaten
mestinipun kita sami nindakaken piwales
artosipun
 kita mboten malih dados putraning ALLAH
 ingkang kebak ing kasucen

Kakiyatanipun manusa limrah
 boten kuwagang
 Namunga karana pitulungan saking swarga
lampah anresnani
ingkang luhur lan mulya sanget kalawau
saged kadumugen


Samangke GUSTI YESUS
saweg mangun karaton-katresnan-langgeng

 Ing salebeting karaton-katresnan-langgeng
angger-angger wales-winales
 sampun kagantos
 dening angger-angger katresnan.

Lampah tumindak tresna
 kedah langkung unggul

. Lampah tresna
boten pareng dipun suda
 Malah-malah lampah tresna
 Mindhaka mindhan dipun kiyataken
 satemah roh pepeteng saged kakawonaken

Anyengker gesanging pasamuwan
Anyengker gesanging patunggilan
namung saged dipun tindakaken
 sarana lampah anresnani

Pamerdi utawi penggembalaan khusus
 dumateng warganing gereja
ingkang lampah nebih
saking kasucening gesang masamuwan
mboten ateges paring paukuman utawi pidana

Pamerdi menika
dados wujud tumanduking katresnan
ingkang langkung mirunggan/ khusus
 tumraping sadherek
ingkang kapinerdi

Mbok bilih
saged ugi karana sadherek kita kalawau
 sanget kirang katinresnanan
 mila piyambakipun lajeng nebih
saking kasucening gesang masamuwan

Lha
 kedahipun kita saya mindhak nresnani
kanthi mirunggan-
kanthi khusus


Patunggilan
Wonten kalih prakawis
bab nyengker gesang kagem GUSTI
 Ingkang sepisan,
nyengker utawi nucekaken

 Kaping kalih
njagi sengkeran utawi njagi kasucen
 Kekalihipun kalampahan sarana lampah anresnani
 Menawi wonten gangguan
kados dene
wonten tetiyang
ingkang nyenyamah kasucen

 tiyang kalawau
malah mesthinipun sakelangkung
dipun tresnani kanthi mirunggan

Pancen saged karaosaken awrat
 Nanging
saestu rahayu kita
 ingkang tansah mbudidaya kasampurnan
 sarana lampah tumindak anresnani sesame

 Kanthi makaten
 kita ngudi murih
dadia sampurna
 kadosdene Sang Rama
inggih sampurna

GUSTI YESUS mberkahi kita
 Amin

















VOTUM : (Jumeneng)
Kipas    5 : 1, 2   MAZ 5   (ALLAH yeku pangen kula)

Pitulungan kita
saking GUSTI ALLAH
ingkang nitahaken langit lan bumi,
kasetyanipun langgeng salaminipun
 lan
mboten nate nilar pakaryan Astanipun

Tentrem rahajeng
pinangkanipun saking ALLAH SANG RAMA
 lan
 GUSTI kita
 YESUS KRISTUS
AMIN

2.    INTROITUS    :    MAZMUR 103 : 1 - 14
1
Anggitané Dawud. Dhuh nyawaku, saosa puji marang ALLAH;
apa saisiné batinku mujia marang asmané kang suci.
2
Dhuh nyawaku, saosa puji marang ALLAH,
lan aja lali marang kadarmané.
3
PANJENENGANé kang ngapura sakèhé panerakmu,
kang marasaké sakèhé lelaramu.
4
PANJENENGANé ngentas uripmu saka kubur,
kang makuthani kowé kalawan kadarman lan kawelasan.
5
PANJENENGANé kang tansah maringi kabegjan selawasé,
mula kowé kaenomaké menèh kaya manuk garudha.
(kaaturan pinarak)
3. Kipas   36 : 1  MAZMUR 118  (Rahayu kang utama lakune)


4. PENGAKEN  DOSAMatius  22 :  37 – 40
37PANJENENGANé ngandika marang wong iku, "Sira  tresnaa marang PANGERAN ALLAHira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.
38Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé.
39Déné angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.
40Kabèh isining Torèt lan kitabé para nabi iku gumantung ing angger-angger loro mau."
Srana Dhawuh Pangandika kalawau:

(5). 135 : 1     GUSTI pananggel kula
Sumangga
kita sowan
ing pandonga ngaturaken kahananing gesang kita
(DHUH ALLAH SANG RAMA…
kawula aturaken sadaya kalepatan dosa kawula.
Amin)

6. PAWARTOS  RAHAJENG : ((   Jumeneng …

ROMA 8 : 1 - 8
1 Saiki wis ora ana paukuman menèh tumrapé wong sing ana ing patunggilané SANG KRISTUS
2 Sebab angger-anggeré SANG ROH SUCI, sing nunggilaké urip kita karo GUSTI KRISTUS YESUS, wis ngluwari kita saka angger-anggering dosa lan pati.
3 Apa sing ora ditindakaké déning angger-angger merga sèkènging daging kita, kuwi saiki ditindakaké déning GUSTI ALLAH piyambak. PANJENENGANé wis ngukum dosa sing ana badané manungsa srana ngutus PUTRAné piyambak, sing rawuh ngagem sipating manungsa dosa, kanggo nyirnakaké dosa.
4 GUSTI ALLAH enggoné nindakaké sing mengkono mau supaya Angger-anggering Torèt bisa kita tetepi ana ing badan kita, sing uripé manut pangrèhé SANG ROH SUCI lan ora manut pangrèhing daging.
5 Wong sing uripé manut pangrèhing daging, pikirané dierèh déning daging. Nanging wong sing uripé manut pangrèhé ROHé GUSTI ALLAH, pikirané dierèh déning kersané ROHé GUSTI ALLAH mau.
6 Yèn pikiranmu dierèh déning daging, kuwi kowé bakal mati. Nanging yèn dierèh déning ROHé GUSTI ALLAH, kowé bakal urip klawan tentrem.
7 Wong sing pikirané dierèh déning daging, kuwi dadi satruné GUSTI ALLAH, merga ora manut karo angger-anggeré GUSTI ALLAH. Satemené wong mau pancèn ora bisa urip manut angger-anggeré GUSTI ALLAH,
8 mangka GUSTI ALLAH ora rena ing ngatasé wong sing uripé padha dierèh déning daging.

7.  Kipas  67 : 1  Cariyosipun GUSTI YESUS


8. PELADOSAN  FIRMAN :
PANDONGA:    … AMIN

PAMAOSING  KITAB SUCI :
Bacaan 1         : IMAMAT 19 : 1-2; 17-18
Lagu : Amin- amin- amin

Bacaan 2      : 1 KORINTUS 3 : 16 - 23
Lagu : Amin- amin- amin

Bacaan 3         : MATIUS 5 : 38 - 48
Lagu : Amin- amin- amin


AMIN 3X …..


KOTBAH 
ANAK BAPA YANG DIKUDUSKAN, YANG SEMPURNA


9.     PENGAKEN  IMAN  RASULIpinarak ))

10.     PANDONGA  SYAFAAT :

11.       PAMISUNGSUNG : Samangke wanci wekdalipun …
Dasar  : 1 BABAD 29:9 
12. Kipas  120 : 1 - … Sih kamirahanipun ALLAH
PANDONGA   :  ….

13.    PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)
Sumangga patunggilan kita wujudaken tumindak kasucen
 srana praktek gesang ingkang kebak sih katresnan


Kipas:  128 : 1    Kinanthi ing GUSTI
(kita tampeni berkah) :
Sih rahmat lan tentrem rahayu
tumuruna ana ing gesang kita patunggilan
ing dinten samangke
ngantos dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng tyang ingkang tansah
mangabekti dumateng ALLAH  SANG  RAMA,
SANG  PUTRA,
tuwin  SANG  ROH  SUCI
AMIN