Minggu, 29 September 2013

KESALEHAN SOSIAL SAGED KAWUJUDAN ING SABEN-SABEN KITA MIGUNAKAKE YATRA

IBADAH  MINGGU
 22 September 2013


Tema Wulanan:
GUSTI ALLAH mbela si Miskin
 ( Allah Membela Si Miskin )


Tema Minggu :


KESALEHAN SOSIAL
SAGED KAWUJUDAN
ING SABEN-SABEN
KITA MIGUNAKAKE YATRA

(Kesalehan Sosial Dalam Mempergunakan Uang)








Patunggilan kekasihing ALLAH
Ingkang dados
satunggal badan gegelitaning
SANG KRISTUS
YESUS

Iba bingahipun kita
saben wekdal
tansah nampeni berkah-berkahing GUSTI YESUS
 kanthi sarwa kacekapan

Karana
sanyata sawabing donga pandonga :
Dhuh RAMA kawula
ingkang adhedaton ing kratoning Swarga
….. mugi PADUKA
paring berkah dumateng kawula
sakcekapipun
 ing dinten punika

Kados-kados
sadaya solah bawa-
tingkah polah kita
ing pungkasanipun saged ngasilaken
yatra
kangge nyekapi kabetahan kita
 ing wekdal punika

Kita saged matur dumateng GUSTI YESUS
 bilih kita saweg nandang kasrakatan-
kita saweg nandang kacingkrangan
lan
mboten nggadahi yatra
 babar pisan

Kita sami nandang Kemiskinan

Punapa lepat
bilih kita nyuwun pitulungan
 dumateng GUSTI YESUS
KRISTUS ?

GUSTI YESUS
kados makaten kahanan kula
 ing wekdal samangke ……

(Sumangga
kita aturaken sadaya bab prekawis
 ing pigesangan kita)
Makaten kita-
kawula
saweg ngalami Kemiskinan-
mboten nggadahi punapa
 ingkang dados kabetahaning gesang kita-
kawula
 ing wekdal samangke

Sumangga GUSTI YESUS
PADUKA ndherek campur asta

Kipas  139 : 1, 6  GUSTI YESUS RATU ADIL

Ing saksisih
 wonten tiyang
ingkang nggadahi lan ngalami kacekapan
 sarwa mubra-mubru
ing samukawis

Tiyang punika sugih banda ndonya
lan
tamtunipun kathah yatranipun

Bilih sadhengan sadherek patunggilan
 saweg ngalami kahanan punika :

Ing saksisih
Tamtu wonten ing antawispun kita
Estu nandhang papa lan kakirangan
 lan
ing sisih sanes
wonten ingkang sarwa kacekapan
saged bebas
anggenipun badhe mblanjakaken yatranipun
Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS

Iba bingahing gesang kita
sabab kita
ing wekdal samangke
anggen kita taksih kaparingan-
binerkahan gesang

GUSTI YESUS
ingkang maha adil lan tansah mranatani
gesanging saben tiyang pitados
 samiya saged nampeni kacekapan
sacara tata lair-
sacara kedagingan
lan
tetep-
panggah anggenipun nampeni kawilujengan
berkah saking ngaluhur-
inggih menika
tetep katuntunan
 ing margi ingkang anjog
 dumateng Kratoning ALLAH-
Kaswargan


Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS

GUSTI YESUS
ngengetaken dumateng kita
lumantaran cariyos-
piwucal bab pasemon
Bendara ingkang mboten jujur


Bendara
ingkang nengenaken karsanipun
GUSTI KAWULA.

Kawula anglampahi 
sadaya
ingkang dados karsa PADUKA.

Karana Bendara menika priyantun
ingkang jujur lan tulus
anggenipun nindakaken
sadaya karsanipun SANG NATA.

Lha
kados pundi caranipun
Sang Bendara sageda tetep
nampeni kauntungan lan bagean
mboten ical kecalan padamelan bilih kapecat
bilih sakwanci-wanci SANG NATA
nyuwun piyambakipun lereh
saking jabatan Bendara-
Awit sampun sami kapireng kabar mekaten

Juru panyimpen lan nglola-
ngreksa
sadaya kagunganipun SANG NATA-
SANG BENDARA AGUNG

Pranyata si Bendara menika
nggadahi akal
supadosa kados pundi gesangipun mangke
saged tetep kawilujengaken
: Supaya menawa aku
 sida dipecat saka ing panggaweanku
dadi juru-reksa bandha,
anaa wong
kang gelem nampa aku
ana ing omahe

Lha makaten patunggilan
kanthi rekadaya
tumindak miturut-
‘sebatas kekuasaan yang dia miliki’-
miturut panguwasa lan wewenang
ingkang taksih wonten
ing dhirinipun.

Kados-kados tumindakipun Sang Bendara-
Priyantun ingkang goceh kasugihan-
tansah anyepeng kathah banda ndonya.
Sugih ing sauruting gesang
karana jabatan menika;

Tumindakipun Bendara
ing cariyos pasemonan
asring kita sebat ‘korupsi’-
mboten jujur
karana ngajak-ajak para andhahanipun-
‘bawahannya’
ugi mboten jujur

LUKAS 16
Ayat 5 – 7
...
Wong kang padha utang marang majikane
 padha diundangi siji-siji.

Wong kang sapisan
dikandani mangkene :
Pira utangmu marang majikanku ?

Wong kang kapindho
 ditakoni :
Lah kowe utangmu pira ?
Enya iki layangmu utangmu,

Linggiha.
Gawe layang utang liyane,
saiki uga

Enya iki laying utangmu.
Gawe layang utang liyane.
Tulisen ….

Ananging
Kita mangertosi
bilih GUSTI YESUS paring panggunggung-
ngacungi jempol
tumrap pribadi
ingkang kebak akal menika.

Sebab srana yatra utawi mammon;
 gesangipun mboten kagumantungaken
 dumateng yatra utawi Mammon
kalawau.

Justru karana Mammon-
Yatra
saksisih Sang Bendara
kanthi migunaken akal
sampun paring pitulungan
dumateng tiyang kathah
ing andahanipun
supados ugi nampeni pitulungan

: Utangipun sami kaluwarana-
Ayo utangmu kaentengake-
dielongi  
Ayo padha tulisen layang utang liyane
kang ora ngebot-eboti
utawi
sami kaentengaken
kanthi ngowahi angka-angka
ingkang ageng
dados angka-angka alit-
sak ngandapipun :
100 dados 50;
100 dados 80;
utawi malah-malah
100 dados lunas-
dados 0

Kenging menapa
para sadherek patunggilan
Si Bendara tumindak makaten :

 Korupsi
Ananging kanthi ngalitaken angka-angka ?.
 Lha menika menpa korupsi ?

Korupsi
mboten kangge numpuk bandha ndonya-
numpuk yatra utawi mammon.

Ananging ‘korupsi wewenang-
jabatan’
kanthi migunaken bandha bandanipun
 SANG BENDARA AGUNG
kangge mitulungi dhirinipun piyambak
ugi kangge
mitulungi dhirining tyang sanes
ingkang sami kapotangan
(sami nggadahi utang)
ing gesangipun-

Sageda
sami-sami enteng
lan
ngentengaken gesangipun

Lha menika akal
ingkang kapuji
dening GUSTI YESUS

sebab mawi yatra utawi mammon
dhirinipun mboten dumawah ing dosa-
ing manah peteng lan serakah.

Awit Mammon utawi yatra
Sanget saged kadadosaken
alat kangge milujengaken dhiri.

Dadosa tiyang
ingkang memitran kaliyan Mammon
ingkang mboten jujur

Sifating Mammon
pancen mboten jujur
pancen gampil ndadosaken penyelewengan
 Yatra
ugi saged ndadosaken keegoisan dhiri
lan
 mboten saged nggatosaken
kahananing tiyang sanes

Kathah-kathahipun makaten
para sadherek patunggilan

Kados kaprihatosaning GUSTI YESUS
rikala paring perumpamaan sanesipun,
nggih bab Bendara-
priyagung
ingkang nyuwun piwelasing SANG NATA
supados dipun luwari
saking utang-utangipun

Nanging kados pundi sikapipun
saksampunipun kaluwaran
lan
kaanggep lunas saking utang-utangipun.

Pranyata priyagung menika
mboten welas ugi dumateng kawula alit sanesipun
ingkang nggadahi piutang dumateng dhirinipun-
malah tega ‘nekek gulune’

Makaten patunggilan
ALLAH estu saged ngraosaken
wontenipun ‘ketidakjujuran’
 lan
wontenipun ‘ketidak-ada-rasaan kasih terimakasih’
 dumateng sapepadanipun

Akal pamikiripun
anamung  kaangge nyekapi-
nutupi
raos hawa nepsu
dalasan tiyang sanes dados korban


Patunggilan
 ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS

Makaten ugi
bab ‘ketidakjujuran’-
‘ketidaktaatan
ingkang dipun lampahi
dening bangsa pilihan-
inggih menika
bangsa Israel
anggenipun sampun nyingkur ALLAH
sesembahanipun

Israel
sampun laku bedang
anyenyembah dewa-dewi
pepujaning bangsa sanes-
allah sanes kapuja

Karana makaten patunggilan
bangsa Israel
badhe kaganjar paukuman
dening ALLAH
Lha punapa
 ingkang badhe kalampahan menika-
 bab paukumaning ALLAH
sampun sami nuwuhaken kasedhihan
lan
 kasisahan manahing Nabi Yeremia,
makaten ugi
ingkang karaosaken dening GUSTI ALLAH.


kasangsaran ingkang saweg badhe kasanggi
dening bangsa Israel-
bangsa pilihan.
Paukuman punika enggal badhe
katamakaken

Samangke
 mboten wonten malih obat penawaripun :
Apa ing Gilead ora ana boreh ?
Apa ing kana ora ana dhukun ?

( Tidak adakah balsam di Gilead ?
Tidak adakah tabib di sana ? )

Ketidaksetiaan-
ketidakjujuran adakah obatnya ?
Ketidaksetiaan-
ketidakjujuran adakah penawarnya ?

Punapa GUSTI ALLAH
badhe asung sih pangapunten
 dumateng tetiyang
ingkang laku bedhang-
mboten setya tuhu ?
Patunggilan,
Pasamuwan-pasamuwan Kristen wiwitan
ugi sami ngalami kasangsaran mawarni-warni-

mawarni-warni pakewed,
‘penganiayaan’
lan sanes-sanesipun

Mesti kemawon
 pasamuwan-pasamuwan punika
 enggal-enggal kepengin mungkasi
kahanan kalawau

Rasul Paulus paring pitedah

karana Rasul Paulus
nampeni pangertosan
 mbok bilih
kahanan ingkang ewed-
nyengsarakaken menika
enggal saged dipun pungkasi

Bilih satunggal-satunggaling pasamuwan
purun kersa
nindakaken ewah-ewahan
saking dirinipun
 piyambak-piyambak

Pasamuwan-pasamuwan
 kedah tansah asung hurmat
lan
purun nindakaken pandonga
dumateng lan kangge para raja-
pemimpining bangsa negari
Kanthi makaten
 sadaya Pasamuwan
 ugi ngudi sesambetan
 ingkang kebak kasaenan

Karana tumindak hurmat-
tumindaking pandonga
ugi tumindaking sesambetan
ingkang sae
badhe nebihaken dhiri
saking mawarni-warni pakewed
lan
kasangsaran

Sikap mbikak dhiri-
‘sikap membuka diri dan mengubah cara berpikir’
enggal saged
‘merubah keadaan’-
 enggal saged
 ngowahi kahanan


Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Wonten conto
sikap kesalehan dhiri
ingkang gegayutan kaliyan yatra
utawi
gegayutan kaliyan mammon
ing jaman samangke
contonipun kados pundi
koq saged mitulungi sadherek kita
 ingkang papa lan miskin ?
Nate kita nggegulang
putra wayah kita
supadosa gesang gemi-
mboten boros,
tansaha sregep nabung
kangge mbenjang mesti kita mbetahaken ?
Menika conto tindakan
kesalehan ekonomi-
kesalehan ngginakaken yatra
ingkang paling gampang

Gesang kedah dipundhasari 
kaliyan raos cekap,
kados dene ing bab piwulang
Donga RAMA KAWULA :
…. ingkang sacekapipun!

mboten ngginakaken arta
kangge prekawis-prekawis
 ingkang mboten sae
utawi
 saged nyangsarakaken gesang,
kados ta
mundhut ……
(bir),
Narkoba
 utawi kangge
judi
lan sanes-sanesipun

Miturut panjenengan patunggilan,
menapa mbangun kesalehan
gegayutan ngginakaken arta
saged dipun wastani cekap?


Ingkang langkung gegayutan
kaliyan konteks kaadilan ekonomi
masyarakat kita
 ing wekdhal samangke menapa malih
ingkang saged kita tindakaken
supados golongan masyarakat miskin
saged enggal kaentas ?

Kita angsal
ngalami kahanan sugih
 ananging kasugihan kita
kedah saged milujengaken diri
 kita
lan
 saged mitulungi
 sadherek sanes

Conto sanes
ingkang asring kita tindakaken
 saben dinten
 kanthi migunakaken yatra
 nggih menika
blanja
 ing pundi dununging sikap kesalehan
tiyang blanja

Bilih kita blanja
anamung ngejar kasenenganing diri
 lan prestise-
gengsi

Mesti kita badhe tindak
 super market-  super market
utawi
mini market
Benten
bilih kita sami sampun nggadahi
orientasi kesalehan
anggen kita badhe ngginaken yatra
Kita
mesti badhe tumbas
dateng sadherek-
tepangan kita,
 tetanggi kita
ingkang celak-
ingkang sadeyan

Kabetahan kita
kacekapan sadherek kita
kapitulungan

Lan taksih kathah malih
 conto-conto sanesipun

Bilih menika dados gerakkan
memihak warga kalangan alit lan miskin
mesti yatra-
arta
ingkang alit cacahipun
estu migunani
kanggening kelangsungan gesanging
sadherek kita
sanes

Kados semboyan :
Satunggal tetes getih
saged mitulungi satunggal nyawa
Satunggal tetes-
satunggal tetes
kaklempakaken
pranyata saged migunani lan mitulungi


Patunggilan
pundi ingkang dados pepilihan kita
 anggen kita
badhe tumindak ngginakaken yatra kita ?

Menapa kita kepengin
 ngginakaken yatra- arta
dhumateng gesang
ingkang adil utawi mboten adil?

GUSTI YESUS
mberkahi kita sami

AMIN


















VOTUM : (Jumeneng)
Kipas    26 : 1, 3   MAZ 95 : 1 – 7  (Swawi sami anyaosaken)

Pasamuwan kekasihing ALLAH
ing pisowanan kita (enjing samangke)
kanthia mbekta manah tulus lan kebak ing pangajeng-ajeng
kanthi pangaken  :

Bilih ALLAH sesembahan kita
ALLAH ingkang nitahaken langit lan bumi
inggih PRIBADHI ingkang luber ing kasusetyan
tumrap sadaya pra titah

Kita tampeni berkahing ALLAH :

Sih rahmat lan Tentrem rahayu
ing patunggilaning SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG ROH SUCI
tumraha ana ing gesang kita
sapasamuwan
AMIN

2.    INTROITUS    :    MAZMUR 36 : 6 - 8.
6. Dhuh YEHUWAH ,
sih kadarman PADUKA punika sundul ing akasa,
saha kasetyan PADUKA dumugi mega
7.Kaadilan PADUKA punika kados redi-redining ALLAH,
pancasan PADUKA kados samodra agung ingkang nggegirisi.
Dhuh YEHUWAH PADUKA ingkang mitulungi manungsa lan kewan
8.Iba ajining sih kamirahan PADUKA, dhuh ALLAH !.
Para anaking manungsa
sami ngungsi dhateng aubing swiwi PADUKA
(kaaturan pinarak)
3. Kipas   25 : 1 MAZ 91   Endi wong kang dumunung ana


4. PENGAKEN  DOSAMatius  22 :  37 – 40
37PANJENENGANé ngandika marang wong iku, "Sira  tresnaa marang PANGERAN ALLAHira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.
38Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé.
39Déné angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.
40Kabèh isining Torèt lan kitabé para nabi iku gumantung ing angger-angger loro mau."
Srana Dhawuh Pangandika kalawau:
Kita sami anelangsani
Awit anggen kita dereng saged nindakaken sadaya piwucal
 bab katresnan
Kita sami ngakeni dosa panerak kita
 awit ALLAH
estu tresna dumateng kita para titah

Sumangga kita ngakeni sadaya ringkihing raga,
iman saha kapitadosan kita
lan sacara tata rohani kita menika
ugi gampil risak kados dene kundi
ingkang kayasa saking lebu lan lempung
gampil dumawah lan pecah

Yen kita nampi dedhawuh
jer kita mboten saged nglampahi
kados pundi gesang kita badhe kawilujengaken ?
GUSTI YESUS
sampun nresnani gesang kita
 lir-ipun
kita ugi kedah saged nindakaken katresnan
dumateng sesami lan GUSTI  ALLAH kita
Sumangga
kita sowan
ing pandonga ngaturaken kahananing gesang kita
(DHUH ALLAH SANG RAMA…
kawula aturaken sadaya kalepatan dosa kawula.
Amin)


5. Kipas  139 : 4, 5  GUSTI YESUS RATU ADIL

6. PAWARTOS  RAHAJENG : ((   Jumeneng …

YAKOBUS 2 : 21 - 24
21Abraham, Rama leluhur kita, apa ora awit saka pandamel-pandamelé anggoné kaleresaké, nalika panjenengané ngurbanaké Ishak, kang putra, ana ing misbyah?
22Kowé padha sumurup, menawa iman iku tumindaké bebarengan karo panggawé-panggawéné, sarta marga saka panggawé-panggawé iku iman dadi sampurna.
23Sarana mangkono kayektènan pangandika kang surasané mangkéné, "Abraham pracaya marang ALLAH, mangka iya pracayané iku kang njalari Abraham kaanggep bener." Amarga saka iku Abraham kasebut, "Mitrané ALLAH."
24Dadi kowé padha sumurup, menawa manungsa anggoné kabeneraké jalaran saka panggawé-panggawéné, ora mung saka imané baé
7.  Kipas  67 : 1  Cariyosipun GUSTI YESUS


8. PELADOSAN  FIRMAN :
PANDONGA:    … AMIN

PAMAOSING  KITAB SUCI :
Bacaan 1         : Yeremia 8 : 18 – 9 : 1
Lagu : Amin- amin- amin

Bacaan 2      : 1 Timotius 2 : 1 - 7
Lagu : Amin- amin- amin

Bacaan 3         : Lukas 16 : 1 - 13
Lagu : Amin- amin- amin


Iba begjanipun kita sapasamuwan
ingkang tansah  tresna dumateng ALLAH.
Tansah ngorong lan
kepengin mireng dhawuh-dhawuh pangandika tuwin
ngudi nindakaken ing gesang pigesangan kita sami
AMIN 3X …..

KOTBAH  …
KESALEHAN SOSIAL
SAGED KAWUJUDAN
ING SABEN-SABEN
KITA MIGUNAKAKE YATRA
(Kesalehan Sosial Dalam Mempergunakan Uang)












9.     PENGAKEN  IMAN  RASULIpinarak ))

10.     PANDONGA  SYAFAAT :


11.       PAMISUNGSUNG : Samangke wanci wekdalipun …
Dasar  : MAZMUR  69 : 31
12. Kipas  :  122 : 1 - … Rumentahing palimirma
PANDONGA   :  ….

13.    PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)
Sumangga patunggilan kita sami pengkeraken papan pangibadah menika,
Sumangga kita lajengaken sadaya pangertosan kita :
  Bab kasugihan lan kemiskinan

Wonten ing praktek pigesangan kita
Saben ari
kados dene ing dhawuh pangandika …….

“Anggon kita tatag ing pracaya marang PANJENENGANe, jalaran PANJENENGANe mesthi nyembadani pandonga kita …
Lan menawa kita padha sumurup yen PANJENENGANe nyembadani apa bae, kang kita suwun, dadine kita padha sumurup uga, yen kita wis tampa apa kang kita suwun marang PANJENENGANe”
I YOHANES 5  :  14a,b- 15

Kipas:  144 : 1, 3    Kumandel mring ALLAH
(kita tampeni berkah) :
Sih rahmat lan tentrem rahayu
tumuruna ana ing gesang kita patunggilan
ing dinten samangke
ngantos dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng tyang ingkang tansah
mangabekti dumateng ALLAH  SANG  RAMA,
SANG  PUTRA,
tuwin  SANG  ROH  SUCI
AMIN