Minggu, 20 Februari 2011

PITADOS

Ibadah Brayat:
Kamis, 24 Pebruari 2011


PITADOS 








 MARKUS  9  :  14  -  29  




27.
Nanging 
YESUS 
banjur ngasta tangane bocah mau 
 lan 
ngadegake,
 bocahe
 banjur ngadeg




      Patunggilan 
ingkang kinasih 
ing dalem Asmanipun GUSTI YESUS
Kathah rupi-rupi 
bab prekawis 
ing gesang pigesangan kita 
ingkang tinempuh lan
 kita alami.

Sumangga 
kita gatosaken 
satunggal conto prekawis 
ingkang nempuh
 ing pigesangan kita….

 Bilih wontena prahara,
 umpaminipun sesakit
 ing satengahing brayat kaluwarga kita.

 Mesthi badhe ndadosaken kita
 ngalami perubahan sikap: 
mendel sekedap
 nata pamikir,
'perubahan suasana' 
ati lan
 raosing manah.

 Utawi malah
 ndadosaken kita 
sami saged bingung lan
 mboten saged mendel
 jalaran enggal-enggal ngudi 
supados angsal pitulungan lan
 kita enggal-enggal ngaturi cariyos 
dumateng sok sintena tiyang
 ingkang kita anggep
 saged paring pitulungan
 utawi ngentengaken sesanggi kita.


      Patunggilan 
ingkang kinasihan
 Bab pracaya
 punika saged ndadosaken
 sakathahing tiyang golongan
 benten-benten ing pamanggih lan
 benten-benten tumindak 
rikala nandhang
 bab prekawis
 punapa kemawon 
ingkang nempuh
 ing  pigesangan kita punika.

 Salebeting kita gesang 
ndherek tut wingking
 ing ngarsaning ALLAH
nggih GUSTI kita 
YESUS

mesthi ingkang katuntut
 nomer satunggal
 nggih punika
 bab pitados-
 bab pracaya. 

Kados ing reraosan kita
 ing wekdal samangke;
 Kita kaparingan conto
 pengalaman
 gesangipun para sakhabat
 anggenipun ngadepi
 satunggaling prekawis 
ing pigesangan.

Nggih makaten 
pengalaman kanggenipun tiyang sanes 
anggenipun niti priksa-
 anggenipun nggadahi pamanggih 
sinten kemawon 
ingkang sami saged kasuwunan pitulungan 
nyarasaken putra 
ingkang kapanjingan roh lan 
ngalami bisu- 
budheg.

 Tyang sepah punika
 mlajeng nyuwun pitulungan
 dumateng para sakhabatipun GUSTI

Tyang sepah punika 
mitadosi
 bilih para sakhabat
 saged ngluwari sadaya bab prekawis punika 
kados dene SANG GURU
nggih punika GUSTI YESUS.

 Sebab mbok bilih
 ing wekdal semanten 
tyang sepah punika
 mboten pinanggih langsung
 kaliyan GUSTI YESUS
bilih pinanggih kaliyan GUSTI YESUS
mesti badhe langsung 
ngaturaken pasambat lan 
panyuwun pitulungan 
bab punika….

       Patunggilan
 ingkang dipun tresnani
 dening GUSTI  YESUS. 
Kedadosan 
bab ontran-ontran, 
panudhuhing tyang sagolongan 
kalawau
 dumateng para sakhabat …

 kenging menapa
 para sakhabat mboten saged 
paring pitulungan lan
 ngluwari
 bab prekawis ingkang
 kasandhang dening
 putraning tyang punika.

 Mesthinipun
 tyang kathah punika 
sami bebantahan-
undreg-udregan,
 ngoyog enggala dipun tulungi. 

Mirsani bab punika 
anggenipun GUSTI YESUS
ingkang nembe rawuh, 
mundhut pamirsa :

”Kowe iku padha bebantahan 
prekara apa 
karo wong-wong iku?”.

Ing wekdal punika
 tyang kathah paring pamangsul atur 
dumateng GUSTI YESUS  
semunipun madul : 

GURU,
punika kawula 
nyowanaken anak kawula,…. 
Kawula sampun matur 
dhateng para sakhabat PANJENENGAN
supados nundhunga roh punika, 
nanging sami mboten saged’ 
(ay.17-18) 

Anehipun 
GUSTI YESUS
mboten lajeng ndukani para sakhabat 
nanging malah ndukani
 tyang kathah kalawau : 

“He, 
golongan kang ora pracaya… 
nganti kapan
 anggonku bakal padha tetunggalan 
karo kowe ? 
Nganti kapan
AKU kudu nyabari kowe ? 
Bocahe gawanen mrene !”.

GUSTI YESUS duka
 jalaran tyang kathah punika 
sajakipun ngremehaken 
para sakhabat lan 
ugi kirang pitados 
dhumateng para murid...

 kados-kados para murid 
sakhabatipun GUSTI 
mboten saged nundhung roh jahat 
ingkang manjing lan 
ndadosaken 
anak kalawau bisu-
budeg


       Patunggilan… 
Sinareh GUSTI YESUS 
paring piwucal
 bab kapitadosan- 
bab kapracayan 
dhumateng saben tyang
 ingkang sami purun ndherek 
tut wingking 
ing ngarsanipun ALLAH 

kedahipun mboten nindakaken
 panudhuh lan 
damel ‘kekacauan’-
 ngremehaken
 satunggal lan satunggalipun.

 Kedhahipun
 ing satengahing pakempalaning tyang pitados 
wontena kahanan 
ingkang ‘adhem’, 
kebak pambangun turut lan 
sami anyengkuyung
 ing bab kakiranganing gesang. 

Ingkang mboten saged nyondongi
 ing bab kapitadosan 
utawi 
‘lemah di dalam iman percaya’ 
nggih ‘mbokya-a 
rada lembah ing manah’
 nyuwun ….
pasrah
 paring kasempatan humateng tyang
ingkang kasuwunan pitulungan  kalawau
 ing mriki 
para sakhabat 
nata dhiri
 anggeni pun 
sami nyatunggil 
ing iman kapitadosan 
anggenipun badhe 
ngunjukaken panuwun 
dhumateng GUSTI ALLAHipun.

       ‘Kata kunci’ 
bab pitados utawi 
bab pracaya menika
 ingkang dados inti
 saking piwucaling GUSTI YESUS .

Sabab
 karana alelambaran pracaya utawi 
kapitadosan 
kita tansah nggadahi 
pangajeng-ajeng
 hasil ingkang sae.

 Sae tumindak 
ing sadangunipun 
ngalami bab samukawis perkawis 
ingkang sami nempuh.

 Sae ing tata pikir,
 tindak tanduk , 
sesrawungan 
anggenipun nyuwun
 pitulungan lan
 ngaturi tyang sanes 
anggenipun 
sageda anyengkuyung 
ing pandonga lan 
anyengkuyung ing iman
 kapitadosanipun
 dhumateng ALLAH. 

Sinareh bab kapitadosan punika
 badhe mbekta kasaenan 
kanggenipun sok sintena tyang
 ingkang nggondeli kapracayanipun. 

GUSTI YESUS
 mboten badhe kendel 
paring panjawab lan 
pangluwaran utawi
 mukjijat 
bilih kita nggadhahi
 kasaenaning gesang
 ing kapitadosan.




       Sumangga patunggilan 
kita sami nggetuni
 bilih kita sami 
dereng satuhu ing kapitadosan lan
 kita dereng saged paring panjawab
 dumateng sakathahing tyang 
ingkang nyuwun pitulungan;

 Kita kedah menapa…
kita kedahipun nyowanaken dhiri 
mareg …. 
Tata-tata dhiri 
kanthi kasaenaning dhiri 
sowan dhumateng ALLAH
ngajak tyang kathah 
ingkang nyuwun panyengkuyung kita
 ing bab kapitadosan.

 Kita sasedherek
 ingkang nggadahi kapitadosan 
sami rapet nyengkuyung,
 mboten anamung mendel 
nanging gumregah
 sesaged-sagedipun 
wekdal ingkang dipun paringaken
dhumateng kita 
‘sapantha alit’ 
ngaturaken panyuwun dumateng ALLAH 
bab samukawis prekawis
 ingkang sami nempuh 
ing pigesangan kita. 

Tinebehaken kawontenan lan
 sikap ingkang ngremehaken
 satunggaling tyang 
dhumateng tyang sanes 

Kita sami kedah
 sarujuk lan 
ngamini 
kapitadosan kita 
dumateng GUSTI YESUS,

 angger kitha anggadhahi sikap 
ingkang sae 
mesthi GUSTI YESUS
mboten badhe duka….


        Sumangga 
kita sami
 ‘saling’ ngiyataken
 satunggal sadherek lan 
sadherek sanes,

ngudia kapitadosan- 
kapracayan 
kang unggul. 

GUSTI mberkahi kita.   


      AMIN
     

Kamis, 17 Februari 2011

VIA DOLOROSA


Ibadah Brayat
Kamis, 17 Pebruari 2011




VIA  DOLOROSA


MATIUS  20  :  17 – 19
  
MATIUS  27  : 30 - 31





30
Banjur
padha ngidoni,
lantaran
 karebut kagebagake
ing mustakane

31
Sawise dipoyoki,
pangagemane jubah
disantuni
pangagemane piyambak maneh,
banjur kairid metu
arep disalib









Patunggilan 
ingkang kinasih
 ing dalem
 Asmanipun GUSTI  YESUS

Rahajeng  kita
 ingkang sami katresnanan
dening GUSTI  YESUS
Ing saben-saben wekdal
mesthi
tansah katunggil dening ALLAH

Pancen  saestu
 kita menika sami
wonten ing
pangrehing ALLAH


Patunggilan
 ingkang kinasihan
 dening  GUSTI  YESUS

Rupi-rupi perkawis
ingkang saged
sami ndadosaken kita
mitadosi 
bilih ALLAH 
nglangkungi PUTERAnipun
 ingkang kinasih
 YESUS  GUSTI kita
sami
sampun nglampahi
 kasangsaran
 seda sinalib 
lan
 wungu
ing tembe badhe pinarak
 ing satengening ALLAH
 SANG RAMA
ing kraton Swarga

Bab kapitadosan punika
 mijilipun
anamung 
saking ALLAH  PRIBADI

Margi salib-
‘jalan salib’
 kaparingaken dumateng kita sami
 supadosa kita
tansah ngenget-enget
 bab sih katresnaning ALLAH
 tumprap pigesangan kita

Lah
wonten VIADOLOROSA-
ada ‘jalan kesengsaraan’
 menuju kematian
di kayu salib

Punika kedah kaalaman
 dening GUSTI  YESUS
anggenipun badhe
 sami ngrembat dosa
duraka kula lan
panjenengan
sadaya

VIADOLOROSA-
‘jalan penderitaan’-
‘jalan kesengsaraan’
yang membawa kemenangan
akan hidup yang kekal

TUHAN YESUS disalibkan
GUSTI YESUS pinenthang
 ing kajeng salib
nglabuhi gesang
kanggening kita
para manungsa

Jalan iman kepercayaan kita
adalah menyerahkan diri
 sepenuhnya
ke dalam tangan TUHAN  YESUS
yang menuntun
setiap langkah kehidupan kita

Kasangsaran punika
mboten kedah kasingkiraken
 ing margi
anggen kita lumampahan
 karana kita ugi kedah
 purun ngraosaken
 bab kasangsaraning gesang
 dalah kita ugi mesthi
bakal badhe kaparingan
kakuwatan lan
kasagedan

GUSTI  YESUS
 maelu mikul
 salibing gesang kita
 sami




Lah
makaten patunggilan
 ingkang dipun tresnani
dening GUSTI  YESUS

Kita
ing wekdal samangke
 sami lumebet
 ing Minggu
kaping 3
kasangsaraning GUSTI  YESUS
 utawi miturut
pananggalan greja
kasebat
Minggu Reminicere 
artosipun
 GUSTI mugi enget
dhateng sagunging katresnan
PADUKA.


Patunggilan
ingkang katresnanan
 dening GUSTI  YESUS

pundi wontening kaslametan
 kanggening manungsa
ALLAH mboten 
nindakaken pakaryanipun ?

ALLAH 
saestu-estu makarya 
lan
Saestu-estu nindakaken
bab perkawis punika

Dene para siswa-
muridipun GUSTI-
para sakhabat
 kok mboten mangertos
 lan
 manahipun goreh-
ajrih
ugi bingung
sanalika ALLAH
paring wekdal
 dumateng GUSTI kita

 YESUS
napaki margi
 VIADOLOROSA

Para sakhabat ajrih
 lan
 kathah ingkang mundur
nebih
saking GUSTI YESUS
ing rikala semanten

wonten 
ingkang nyade GUSTInipun,
 wonten 
ingkang nyelaki GUSTInipun 
lan
 wonten
 ingkang mlajeng nilar-
nebih
saking GUSTInipun

Pancen awrat sanget
sesangginipun GUSTI  YESUS
 mboten entheng 
lan
mboten gampil
nindakaken pakaryan punika

Pakaryan 
‘dados menda
 korbaning panebus dosa’

Rahipun kedah kaglontoraken
ing redi Golgota

Badanipun kedah kasiksa-
 kaaniaya 
lan
kabucal
saking kahanan
ingkang prayogi
punika


 karana panandhang
 paukumaning dosa-
 dados gantining
korbaning dosa
 kagening manungsa



Saestu
 para sadherek patunggilan
 ingkang katresnanan
 dening GUSTI  YESUS

 bilih pengorbananing ALLAH 
lumantar 
PUTERAnipun –
 GUSTI  YESUS

Kita sami saged
 niti priksa
samanten agenging dosa
 lan
 panerak kita
bilih kita tetep 
wonten 
ing
rehing pepeteng
 tebih saking kawilujengan
peparinging ALLAH

Rah panebusing dosa
kanggening kita
sampun kawutahaken
ing redi Golgota

sepindhah
 kangge salaminipun.

Punapa kita badhe tetep
dedolanan
nggadahi panganggit

bilih kita badhe saged
menthas piyambak
 saking jejireting
bebendhu paukumaning dosa

Punapa 
kita badhe sanggup
 anglampahi gesang
 ingkang kebak paniksa-
kaaniaya lan
kebak kasangsaran  ?

Bilih saged
punapa 
kita bisa mentas
 saking dosa 
lan
dosaning duraka kita
utawi kita
malah dumawah
 ing dosa
 ingkang langkung lebet malih !


Rahajeng kita
para sadherek

bilih kita menika
‘rame ing gawe
sepi ing pamrih’

Rame
nindakaken 
sadaya bab prekawis

 saudakara
nindhakaken 
paneteping gesang
 miturut dedhawuhing ALLAH
ingkang sampun kaparingaken
dening GUSTI  YESUS

Mboten 
kados para murid
ing tembe kapengker
 sami nilar GUSTInipun
pados kawilujengan piyambak
karana 
iman kapidatosanipun
 dereng kiyat
kawangun

sadangunipun 
ndherek
GUSTI YESUS

Cetha bilih
 dereng kiyat imanipun
sabab katiti
dereng saged nampi
bab-bab prekawis
ingkang anjalari 
raosing manah
ndadosaken kasangsaraning
jiwa lan raga

Kados conto
gesang ndherek GUSTI
 ing wekdal-wekdal 


samangke
 mboten gampil anggen kita
sesrawungan 
kaliyan sadherek
ingkang benten iman kapitadosan
 kathah bab prekawis
 ingkang badhe nempuh
 tumprap gesang kita 
lan
 sami ndadosaken kasangsaran 
lan
 kapitunaning gesang
sacara tata lair 
lan
 tata iman kapitadosan kita

Sajatosipun
GUSTI  YESUS 
mboten nilar kita
piyambakan
karana GUSTI  YESUS
sampun paring dhawuh :

Matius 20 : 18

“Saiki AKU lan
 kowe kabeh
 padha menyang ing Yerusalem
 lan
PUTRAning MANUNGSA
 bakal diulungake
marang para pangareping imam 
lan
para ahli Toret;
iku bakal nibakake paukuman pati
 marang PANJENENGANe

19
Lan masrahake
marang wong-wong kapir,
supaya dipoyoki lan
disapu
banjur disalib sarta
 ing telung dinane
 bakal kawungokake.”


GUSTI  YESUS
 mboten nilar kita
kados dene para sakhabate
GUSTI YESUS

Ing tigang dintenipun
badhe wungu malih



Punika ateges
GUSTI  YESUS
 mboten nilar kita
anamung sakhedep netra
GUSTI nilar kita
kangge 
nylametaken gesang kita
 sadaya

GUSTI
ugi ngajak kita
 kados dene
 para sakhabat
ing rikala makarya
 ing satengahing jagad,
 para murid
kaajak lumampah
tindak ngantos 
dumugi Yerusalem

dadosa seksi 
lan
 ugi ngalami kahanan
ingkang sejatosipun
ugi kalaman
dening GUSTInipun

Sanajan ta
mboten ngantos pejah
 tilar ndonya
 ananging 
raosing manah ajrih
sisah
 sakit
 kalunta-lunta

punika
 dados titikaning gesang
ndherek 
manggul salibing KRISTUS

Sepindhah malih 
para murid kaajak

Para murid 
mboten katilar piyambakan

Kaajak
 sanajan mangkenipun
 ndherek nanggel-
 ngicipi
awrating salibing GUSTI

Para murid 
kalatih
 lan
 kaatag

supadosa imanipun kiyat
nampeni rupi-rupaning
 pacoben
ingkang badhe nempuh gesangipun
ing mbenjang
anggenipun badhe 
nglajengaken gesang
pigesanganipun

Punapa wonten
para murid 
ingkang ngraosaken gesang
sakeca
 lantaran anggenipun ndherek 
lan
 ngamini
kasangsaranipun GUSTI  YESUS

Para murid
 mesthi ugi ndherek
ing kasangsaraning GUSTI  YESUS
 lan
 ugi ndherek
 ing wunguning GUSTI  YESUS


Lah makaten
 para sadherek
 para murid 
sami  kiyat
ing iman kapitadosanipun
 sanajan mboten sepi
ing pacoben,
kasangsaran 
lan
ugi ing pangancam
 anggenipun nggondeli 
kapitadhosanipun
 bilih GUSTI YESUS
 saestu-estunipun
sampun nandang papa
 kanisthan,
kasangsaran 
lan
ugi ngatos pejah
kasalib
…..
wungu
 saking antawispun tiyang pejah


Makaten 
Para Sadherek
kakiyatan
 lan
raos syukuring gesang
 anggen kita ndherek
ngetut wingking
 ing margi VIADOLOROSA



Kita
 mboten ngudi gesang
miturut 
kakiyatan dhiri kita piyambak
 lan
miturut
 kaleresan kita piyambak

 karana 
GUSTI  YESUS
 sampun nanggel sadaya
 dosa kesalahan kita

Makaten
kita mboten badhe 
lumampah piyambakan
 ing ndonya samangke

karana 
GUSTI  YESUS
tansah ngreksa gesang kita

Pejah gesang
 kita
 wonten 
ing ndhalem ASMANipun
 GUSTI 
 YESUS KRISTUS




AMIN








Pembukaan
VOTUM
Salam Berkat
KPK  19 : 1
Ngluhurken ALLAH

DOA

 PEMBACAAN  ALKITAB
MATIUS  20 : 17 – 19
MATIUS  27 : 30 – 31

KPK  148  :  1
GUSTImu kepareng mundhut

RENUNGAN .......
KPK  126  :  1, 3
Dak rangkul salibe GUSTI

1. Dak rangkul salibe GUSTI kang agung tresna lan sihe
sarta dhangan dak ungseni dak rangkul salibe

Reff: Dak rangkul salibe, dak rangkul salibe
yeku margining sih rahmat dak rangkul salibe

3. Ing sajroning karubedan sarta yen nyangga momotan,
GUSTI kang paring karosan ka rangkul salibe,
Reff: ...


DOA SYAFAAT
KPK   149  : 1
GUSTI Nuntun
BERKAT