Jumat, 23 Maret 2018

NGELMU PRING






Waosan :
PANGANDARING TORET  16 : 1 – 8
8
Nem dina lawase
kowe mangana roti
tanpa ragi
lan
ing dina kaping pitune
nganakna pakumpulan gedhe
 kagem Pangeran YEHUWAH,
GUSTI ALLAHmu;

Kowe aja padha nyambut gawe.


NGELMU  PRING


Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS

Saumpami kita menika
samangke
kagambaraken dados
sarana utawi piranti
ingkang nggadahi tugas
ngabaraken bab kawilujengan
mestinipun
kita sami badhe kaaturan
maju mundur (bener)
utawi wonten ing nginggil ngandap (bener)
lan
mangiwa utawi nengen (bener)
kita kedah leres lan tetep ing kabeneran

kita utawi tiyang
ingkang kapatah
dados sarana/ pirantining ALLAH
menika mesti
badhe kawastanan ugi
dados sumbering ngelmu

sebab bilih makaten
tiyang utawi kita menika
kedah nggadahi sadaya ilmu
bab kawilujenganing manungsa


Patunggilan
Punapa
ingkang badhe kita bahas samangke
sanes bab kajawen
lan
bab-bab jagad
ndonya saisining

ananging
bab kawilujengan
ingkang sanyata badhe murugaken kita
mboten lepat
ing ngarsaning ALLAH

Kita sami
kaajak ngengeti
bilih kita menika
sami dados tiyang dosa

Dados tiyang dosa
 ingkang saweg olah kasucen-
nindakaken tresna tinresnan-
lan
nindakaken apunten ingapunten

sebab ALLAH
ingkang kita sembah sujudi menika
Allah ingkang maha suci-
maha kudus
lan
GUSTI ingkang maha tresna
lan ugi
 GUSTI ingkang sampun paring
 sih pangapunten


Patunggilan
Mboten wonten satunggaling tiyang-
manungsa
ingkang otomatis dados suci lan kudus
sanajan ilmunipun inggil

sebab sacara manungsa limrah
manungsa tetep dosa
mboten saged pinaggih
kaliyan ALLAH
ingkang maha luhur-
maha suci

Mboten wonten manungsa
 ingkang saged nebus
 dosa dosaning manungsa-
sesaminipun
utawi
dhirinipun piyambak
badhe nebus awake dhewe

Manungsa
sampun tebih-
nebih saking ALLAH
ingkang maha suci

Menika sadaya
sampun kaseratan
wonten ing Kitab Suci

Isining Kitab Suci
esthu nedhahaken bilih
YESUS  KRISTUS menika
sanes manungsa limrah

ananging YESUS menika
Manungsa
ingkang sampun kalairaken
dening ALLAH
lumantar SANG ROH SUCI
dados bayi suci

Artosipun
ALLAH Pribadhi
ingkang makarya
 ing dalem dhirinipun YESUS

Sepindhah malih
YESUS sanes manungsa limrah
sebab YESUS
menika ALLAH PRIBADHI
ingkang saweg ngampili
DHIRInipun dados paraga-
dados sarana :
ALLAH anggenipun
ngudi nebus dosaning manungsa

YESUS-
Manungsa utusaning ALLAH
ingkang tanpa dosa

YESUS-
Manungsa utusaning ALLAH
ingkang ngudi badhe ngrembat-
nebus dosa-dosaning manungsa

Lha,
Wonten ing peristiwa Paskah samangke
sami kita mangertosi
bilih YESUS
dados sarananing ALLAH
nebus-
 nucekaken gesanging manungsa-
sadaya manungsa
sajagad rat

Nebus-
paring kamardikan
saking bebenduning dosa
 lumantar rah
pangorbananing
GUSTI YESUS
 ingkang seda-
 sinalib ngrembat dosa-dosaning manungsa


Mila Patunggilan
Samangke
kita sami kaatag
 kedah temen-temen
anggen kita sinau-
ngelmu
bab kawilujengan peparinging ALLAH

sebab mboten wonten
 manungsa saged milujengaken dhirinipun piyambak.
Mosok wong dosa nebus wong dosa

Menapa saged
kita salaku manungsa
ingkang dosa dosanipun langkung ageng
badhe mitulungi tiyang sanes ingkang ugi kebak dosa?.

 Dados Jejer-
judul reraosan
bab Ngelmu Pring menika

sanes ilmu kejawen malih
ingkang mijilipun saking jagad

ananging ngemu ngelmu karohanen
ingkang mijilipun
saking ngaluhur
 ingkang dipun paringaken dening ALLAH
lumantar renungan-
reraosan kita
ing wekdal samangke

ngangge conto-conto bab pring-pringan
otak atik matuk-
srana paribasan bab pring-pringan
ing wekdal sonten samangke

Pring lan macem-maceming Pring
kados dene semut
limrahing kewan
 ingkang gesang
wonten ing satengahing jagad

ananging semut menika samangke
mboten malih dados semut biasa
sebab GUSTI ALLAH ngersakaken 
manungsa nyonto-
nuladhani si semut kalawau

GUSTI ALLAH kersa nedahaken
bab-bab kaleresan
 lumangkung sarananipun
tata cara pigesanganing semut


Patunggilan
Rahajeng kita
ingkang sami manut
 ing sadaya dhawuh-dhawuhing ALLAH

kanthi makaten
kita sami saged mireng lan ngraosaken
wosing gesang ingkang leres-
mboten sak karepe dhewe

(nggunem sak karepe dhewe-
mikir ngangge akal budi sak karepe dhewe-
lan nggagas komentar ugi sak karepe dhewe-
lan taksih kathah malih
tumindak kita ingkang mboten leres)

Samangke kita sami kaengetaken
Bilih gesang kita menika
 mboten salaminipun badhe tetep
wonten ndonya-
jagad

Gesang kita menika
mbenjang mesti
badhe kita pungkasi

kenging menapa kedah kita pungkasi?.
kenging menapa kedah kita pungkasi bab-bab
ingkang gegayutan kaliyan ‘sak karepe dhewe’
 kalawau ?

Jelas;
Kita badhe mungkasi gesang
ing alam ndonya menika
rehning sejatosipun
kita menika
mboten nggadahi gesang
 kalawau

sebab tuking gesang menika
 anamung
GUSTI ALLAH

GUSTI ALLAH
ingkang karsa nebus dosa dosaning manungsa
 lan
GUSTI ALLAH ugi
 ingkang badhe paring gesang langgeng
dumateng manungsa
ingkang kersa praktek nindakaken
sadaya dhawuh-dhawuhing ALLAH

Manungsa sami katuntunan
dening  ROHing ALLAH
ingkang suci
mboten anamung tiyang pitados kemawon
ingkang badhe katuntunan dening ROH SUCI
sebab ROH SUCI menika
 ALLAH PRIBADHI
ALLAH ingkang nyipta
lan
ALLAH ugi
 ingkang badhe nuntun sadaya manungsa

ALLAH SANG ROH SUCI
ingkang nyagedaken gesang kita
lan
sadaya manungsa
murih saged dados leres lan sembadha
wonten ing ngarsaning ALLAH SANG RAMA


Patunggilan
Bilih manungsa pitados
sanajan ta agaminipun Kristen
Pitados-
ngimani

ananging mboten purun
 nindakaken dhawuh-dhawuhing ALLAH
sak karepe dhewe lakune
nggih mesti mboten badhe nampeni
kawilujengan sejatos-
gesang langgeng-
gesang kebak katresnan
tentrem rahajeng lan kebak kasucen
ing Swarga
 ingkang mulya


Patunggilan
 Sumangga sami sinau
bab Ngelmu Pring

Kula badhe waosaken
 saperangan seratan
saking renungan Pancaran Air Hidup
(PAH)


Mekaten
Patunggilan
ingkang dipun tresnani
dening GUSTI YESUS

seratan bab “ngelmu pring” dening
Romo Sindhunata

 pangngriptanipun
. kirang langkung
 kados mekaten seratanipun:
Pring reketek gunung gamping ambrol
Ati kudu tetep jo nganti uripmu kagol,…

Pring reketek gunung gamping ambrol,
Uripa sing jejeg nek ra eling jebol,…

Seratan punika nggambaraken
gesang kanthi tekad
ingkang kiyat

kakiyatan lan tekad
 saged nugel ros-rosaning deling
ingkang melur
lan
kakiyatan lan tekad
saged njeblugaken gunung kapur
ingkang atos.

Mekaten ugi
bilih manah manah kita jejeg
kalambaran raos eling
badhe ngicalaken pepalang
rubeda
 ing sajroning gesang
 lan
saged nyegah karisakaning gesang.

Kalajengaken,
pangngriptanipun
Romo Sindhunata

Pring Ndeling,
tegese kendel lan eling, 
kendel merga eling
timbang nggrundel nganti suwing,

Pring kuwi suket
Dhuwur tur jejeg;
 Rejeki seret
Rasah dha bunek.

Pring Ori
Urip iku mati
Kabeh sing urip
mesti bakale mati,

Pring Apus
Urip iku lampus;
 Dadi wong urip
 ojo seneng apus-apus,

Pring Petung
Urip iku suwung
Senajan suwung
nanging ojo bingung,

Pring Wuluh
Urip iku tuwuh
Ojo mung embuh
ethok-ethok ora weruh.

Pring Cendani
Urip iku wani
Wani ngadepi
aja mlayu merga wedi,

Pring Kuning
Urip iku eling
Wajib padha eling
Eling marang sing peparing,

Gusti ALLAH
ndhawuhaken
supados manungsa eling,
boten prelu ngangsa,
kedahipun malah prelu ngaso:

(ayat 8)
Ngengetaken dumateng kita para timbalan
“aja padha nyambut gawe”

Nem dina lawase
kowe mangana roti
tanpa ragi
lan
ing dina kaping pitune
nganakna pakumpulan gedhe
 kagem Pangeran YEHUWAH,
GUSTI ALLAHmu;

Manungsa betah leren.
Dhateng sinten-
Dhateng pundi
 nalika leren?
Eling marang sing peparing.

Bangsa Israel
wongsal wangsul kadhawuhan
 lajeng dados tansah eling,
bab menapa kemawon
ingkang sampun sami kelampahan
dening bangsa Israel,

Bangsa Israel
dados eling bilih
Pangeran Yehuwah
 ingkang nggajar bungah,
ingkang nggajar kaluwaran,
nenuntun bangsa Israel
dhateng tanah perjanjian.


Patunggilan
Tansaha kita sami ugi
Tansah eling

Bilih
kita sami
dados tiyang dosa
sampun diluwari
dening GUSTI YESUS
saking wewengkoning panguwasa dosa-
saking panguwasa pepeteng

Katebus-
kaentas
kinanthi prastawa Via Dolorosa-
prastawa kasangsaran
seda sinalibing GUSTI YESUS

Mila samangkya dadosa kita
para timbalan
ingkang tansah eling

Tiyang eling punika
tiyang begja.

Awit sabegja-begjane kang lali,
isih luwih begja
wong kang eling
klawan waspada.

Patunggilan
Kita sami samangkya
Sampun dados
satunggaling pasamuwanipun
Gusti YESUS
 ing GKJW
Pasamuwan Suwaru

Sepindhah malih;
 tansaha kaatag
anggen kita eling-ingelingan.

 Tiyang sepuh ngelingaken
anak-anakipun
supados eling marang GUSTI YESUS :

Samangke
 dinten Paskah

Samangke
dinten wungunipun GUSTI YESUS

Ayo ditetep ana ing satengahing patunggilan
 kados dene GUSTI YESUS
 rikala sugengipun
makarya
kanthi setya tuhu
 tulus
kebak ing kasucen tanpa dosa


Aja golek penake dhewe
ndhadekake liyan
 susah lan keduwung

Ayo makarya-
Ayo padha kangelan-
Padha ndhadekake dhirine dhewe-dhewe
 kaya dene GUSTI YESUS

Sebab
ana ing patunggilaning GUSTI YESUS
 kangelanmu
mesthi ora muspra

upahing kawilujengan-
gesang langgeng-
tentrem rahayu



GUSTI YESUS amberkahi kita
AMIN



Pangibadah Brayat
Kamis, 22 Februari 2018
Ing Kel Bp. Totok Suparto KRW 5

Votum / Berkat
KPK 31  :  1   PINUJIA  ALLAH

Introitus : 
WULANG BEBASAN  6 : 6 & 30 : 25  
He wong kesed, maranana semut,
lakune titenana lan dadia pinter.
Semut iku golongan kang ora rosa,
nanging sasuwene mangsa panas padha tandho pangan

KPK 34  :  1, 2   SUNG SEMBAH PUJA
Pandonga
Syukur …
Pertobatan …
Nyuwun kasucen lan kakiyatan … ROH SUCI
maos kitab suci
Amin

Maos Kitab Suci :  PANGANDARING TORET  16 : 1 – 8

KPK 193  :  1, 2   MUNG SAWIJI KABEGJAN SEJATI
Kotbah ….

KPK 33  :  1, 2   SAWERNANING PUJI
Doa syafaat
Syukur dhawuh pangandika/ Atur pisungsung
Bangsa negari/ Greja… Ranc Paskah
Warga sakit, momotan, reribed/ Kel Bp Totok Suparto
Bibaran/ Amin

KPK 120 : 1  KUMANDEL MRING ALLAH
   Berkat