Sabtu, 25 Mei 2019

NGUDARI PRAKARA KANTHI WICAKSANA


NGUDARI PRAKARA KANTHI WICAKSANA

Wonten paribasan :
 “Ngudari prakara iku prayogane
kaya ‘njupuk iwak
ora buthek banyune’.”

dari materi PAH :
Minggu, 23 Mei 2019

Lelakone Para Rasul 15 : 35 - 41 (39)
39
“Bab iki ndadekake dredahe sakarone,
temahan padha pepisahan.
Barnabas ngajak Markus lan banjur layar menyang Siprus.”


Bapak Ibu Sadherek kekasihing
GUSTI YESUS
Kita samangke
 sami dados sawijining patunggilaning
SANG KRISTUS YESUS.

Wontena kita gesang
 ing patunggilan
kados dene gegilutaning-
kados dene satunggal badan
 asesirah SANG KRISTUS
  ing pasamuwan GKJW Suwaru;
Ing KRW 4
lan
ing pakempalan-pakempalan sanesipun.

Kita sami
dados tyang pitados dumateng GUSTI YESUS
mboten anamung
wonten ing satengahing Pasamuwan GKJW
kemawon.

Wontena ing pundi kita migesang.
Kita dados tiyang pitados
 ingkang saesirah GUSTI YESUS

Tamtunipun
Kedahipun
 ing satengah kita nindakaken gesang pegesangan
 sesarengan para sadherek sanes
 menika
tansah mujudaken gesang
sak estu-estu asesirah
SANG KRISTUS YESUS.

Amargi pancen sanyatanipun
 dhiri kita pribadi
 mbaka pribadi menika
 asring kepingin lumampahan piyambak-
karana kita menika sak nyatanipun
wonten benten pendapat-
benten panggraita,
benten pangajeng-ajeng
lan
benten tata cara
anggen kita sami
nindakaken gesang mangibadah

Contonipun
ing gesang pribadi
 utawi
ing gesang kulawarga-
 brayat.

Sepindhah malih;
Kita menika
kados dene badan sajuga
asesirah SANG KRISTUS.
Wonten ingkang dados tangan- sikil,
mripat- cangkem,
 lan sapiturutipun.

Supados tangan- sikil,
mripat- cangkem,
lan sapiturutipun
ingkang dados peranganipun badan kita menika
saged mawujudan satunggal rasa-
tunggal laku
Kados dene bayi- balita,
anak-anak
utawi
kados dene pengalaman kita rumiyin
 rikala taksih alit
kanthi kebak perjuangan
ngudi- ngupaya supadosa
 saged mrantasi-
 supadosa enggal saged lumampah
lan
tangan kita menika enggal saged nyepeng,
nulis, nggunting, nyapu.

Tangan sikil
sami bantu ambyantu ‘ngupaya- berusaha’
kanthi mbrangkang.  

Mripat menika enggala
 saged mbedakaken warna,
nyebut angka huruf
kabantu dening tutuk-
cangkem kita menika

 Kinanti dene
perentah-perintah
saking sirah utawi ‘Otak’
ingkang dados pusating kinarya
tunggal rasa, tunggal laku
saking sadaya geggelitaning badan kita
 punika

Kinarya
tunggal rasa, tunggal laku
ugi kedah kalampahan lan katindakaken
lan kedah kaudi-
dipun usahakaken
ing gesang pigesanganipun Pasamuwan

Kenging menapa
kedah dipun gatosaken
 lan
kedah dipun usahakaken sesarengan-
dening kula lan panjenengan ?
Karana kula lan panjenengan menika
ingkang dados warganing Pasamuwan
lan
 ugi ingkang dados warganing KRW

Kita ingkang kedah dados sikil-
tangan- mripat lan sanes-saneipun

GUSTI YESUS PRIBADI
ingkang dados sesirah kita

Kedahipun kita samangke kados pundi
 karana kita pancen benten-benten
wujud fungsi- tugas lan benten talenta- kanugrahan-
benten kabetahan lan benten pamikir- panggraita ?

Kedahipun kita samangke kados pundi ?

Milanipun kanggening dhiri kita
pribadi mbaka pribadi
tansaha koreksi dhiri :
Punapa kita
 sampun sami dados satunggal tuju-
 satunggal jiwa lan satunggal Roh,
lan satunggal iman- satunggal GUSTI YESUS-
 satunggal baptisan
satunggal pangajeng-ajeng- pangarep-arep,
 satunggal Pasamuwan- satunggal badan ?


Sumangga kita sami wujudaken sesarengan :
Gesang ndhewe-ndhewe-
gesang nebih saking patunggilan;
Gesang ingkang kebak crah-
gegontokan
lan
gesang ingkang tansah padu
lan sapiturutipun


 Karana dadosa kita menika
 warga limrah …
 kita ugi mboten saged
migesang piyambak-

Dadosaka kita menika
Penatua Diaken,
 utawi dadosa kita menika Pandita
ugi mboten saged migesang piyambak,

Brayat kula-
brayat panjenengan  ugi mboten saged
migesang piyambak

( PHMJ- Komisi- Badan-badan pembantu sanesipun
ugi mboten saged migesang piyambak
 utawi
 ngladosi dirinipun piyambak )





Bapak Ibu Sadherek kekasihing
GUSTI YESUS
Sadaya bab
 Ingkang gegayutan
kaliyan pigesangan kita punika
  mboten saged dipun anggit-
 dipun angen-angen piyambak
miturut kakiyatan lan miturut kuciwaning
dhiri kita piyambak-piyambak

Sanyatanipun
kawontenan kita sak sisih
saged kiyat lan lan sak sisih sanget sulaya
(ringkih)


Bapak Ibu Sadherek kekekasihing
GUSTI YESUS
 Sadaya punika
kedah dipun usahakaken
 kanthi kebak perjuangan-
kebak kawicaksanan
supados sadaya peladosan- ayahan-
 pelayanan kita sami menika
saged tetep lumampah
 lan
saged dipun rantasi (dirampungi)
 kanthi sae lan kondusif

Sajatosipun
 ing satengahing kita migesang samangke
wonten sadhengah perkawis-
 prakara
 ingkang kedah enggal-engal kita udhari
 kanthi wicaksana lan kanthi panuntuning
sesirah sesirah kita-
GUSTI YESUS

GUSTI YESUS-
JURU WILUJENG kita
sanget kebak panguwasa
lan
ingkang tansah ngutus kita para timbalanipun

Kados dene GUSTI YESUS
angutus para Rasul lan para muridipun
 supados ngayahi timbalanipun

Kados dene dredhah lan benten pendapat
antawispun Rasul Paulus kaliyan Barnabas

Dredhah lan benten pendapat lan sanes-sanesipun
pranyata pancen saged tuwuh
 ing salamaning sejarah pigesangan patunggilan

Dredhah lan benten pendapat
gegayudan kaliyan peladosaning
 Rasul Paulus kaliyan Barnabas
Lan
 para rasul sanesipun
 ingkang saweg ngrembag
bab Silas utawi Markus/  Yokanan 

Rasul Paulus kagungan prinsip
bilih sok sintena kemawon-
punapa menika Silas utawi Yokanan 
mboten saestu purun lelados dipuntilar kemawon
 tinimbang ndadosaken sumbering crah.

Kosokwangsulipun
 Barnabas kagungan prinsip pemanggih ingkang benten.

 Mbingahaken sanget menawi sapunika
Markus purun ndherek cawe-cawe malih
ing peladosan.
Mboten wonten lepatipun
menawi Markus
 kaparingan kesempatan malih
kangge lelados sesarengan.

Pungkasanipun
sedaya bab permasalahan kekirangan
tenaga lelados lan kathahing wekdal
 ayahan peladosan
saged dipun rantasi.

Kanthi makaten
peladosan mbabaraken Injil
 saged tetep lumampahan.

Markus dipun ajak sesarengan lelados
kaliyan Barnabas.

Dene
Rasul Paulus
 ngajak Silas ndherekaken peladosanpun
karana Silas pancen saking wiwitan
sampun mujudaken kasetyanipun
anggenipun nindakaken peladosan.


Bapak Ibu Sadherek kekekasihing
GUSTI YESUS
Punika salah satunggal cariyos
conto kados pundi
anggenipun pasamuwan wiwit-wiwitan
 ngudhari perkawis
ingkang tuwuh kanthi wicaksana.

 Sedaya perkawis saged dipuntata,
Sedaya perkawis saged dipun rembag.
Sedaya perkawis
perlu dipuntimbang kanthi lebet,
dipun tingali saking sedaya sisih-
sudut pandang
 saha perlu dipuntingali dhampakipun.

 Pancen
Pepisahanipun-
beda pendapat antawisipun
 Rasul Paulus sarta Barnabas
dereng saestu mulihaken kahanan
(ayat 39).

Ananging kawicaksanan
sarta
ketelatosanipun Barnabas
tamtu saged ngrangkul Markus
supados purun sinau bab peladosan
kanthi langkung lebet malih.


Dene
ewah-ewahanipun Markus
ing tembe
tamtu badhe dados pawartos
ingkang mbingahaken
tumrap Rasul Paulus.

(( Cariyos lelampahan peladosan kita
 samangke ing KRW 4
pancen dados kawigatosanipun Pasamuwan
 bilih samangke
ingkang kajibahan lelados anamung (3)
 kula, bu Erna lan bu Nunung kemawon
 bilih kabanding ing tahun-tahun kapengker
wonten Mas Dwi, Pak Wartoadi lan bu Markamah (5) ))


Bapak Ibu Sadherek kekekasihing
GUSTI YESUS
Sumangga kita sami sageda dados tiyang
 ingkang tansah wicaksana
ingkang sami mboten kesusu-
 grusa-grusu tumindak,
grusa-grusu anggen kita wicantenan

ananging kanthi setiti lan ngati-ati,
 murih pulihing kahanan
 ingkang dipun anti-anti.

Mugi ing salampahing gesang kita
 tansaha dados berkah kangge sesami.
AMIN

Ibadah Keluarga: Kamis, 23 Mei 2019
di Kel Bu. Edining Cahyo/ Didit  (KRW 4)

Pembukaan
VOTUM/ Salam Berkat

KPJ  26 : 1, 2, 3  PINUJI  GUSTI
Ayat pembuka :
ROMA 14 : 19
Mulane payo kita padha nggayuh marang apa kang ndadekake rukun sarta bangun binangun
KPJ  357  : 1, 2, 3  ENDAHING SADULURAN

DOA

PEMBACAAN  ALKITAB
LELAKONE PARA RASUL 15 : 35 - 41 (39)
KPJ  205  : 1, 3  SABDENG ALLAH MAKARTI

RENUNGAN .......
KPJ  69  :  1, 2  ALLAH MAHAKWASA JUMENENG PAMARTA

DOA SYAFAAT
·        Saos Syukur sampun nampi Firman/ dhawuh pangandika
·        Saos Syukur sampun nampi berkat &ngaturaken pamisungsung/ persembahan
·        Bangsa dan negara : Pasca Pemilu; Pem.Pusat- daerah- RT/RW;
·        Gereja… Warga sakit
(  pak Ribut, bu Ken Setiti, mas Dian Bahari, PNanto- Anak Calista-, adi yuswa:B.Satiyem- B Sulihingsih, // Keluarga P.Ngudyo- &Mas Andre Herdia siap Persalinan, bu Edining Cahyo ….. )
·        Bibaran/ ·        Amin

KJ  144  : 1, 5  YEN NUNGGIL LAN GUSTI
BERKAT