Selasa, 02 Maret 2021

Belajarlah FirmanKu- Sinaua Sabda Pangandika

 [26/2 03:40] Sinaua sabda pangandikaningaSun ... sinaua./ Sing sapa pracaya marang Ingsun kudu nindakake dhawuh pangandika. Sing ora nindakake dhawuh pangandika kawastanan murtad/ ora pracaya iku pemahamaning urip ndherek Ingsun./ Dhawuh pangandika saka lesaning Allah dudu manungsa lumrah- sanajan ta manungsa wujuding raga ananging Allah... iku iman kang kudu diwujudake ing tumindak pracaya. Iku wujude prakara kaswargan lan ing bumi wis kathindakake- lelakone Sang Kristus mitulungi nebus dosa-dosaning manungsa sajagad sing mitadosi pakaryaningSun.// siji prakara kang murih umatingSun ora mudeng- ora gampang mangerteni ... Sepisan : Ndadekake urip langgeng salawase ana ing pangreh pamrentahaningSun. Aku pracaya marang Roh Suci... Aku pracaya urip langgeng- "hidup kekal, kebangkitan daging". Kristus wus kapinejahan murih nebus dosaning manungsa sajagad... mung iku wujuding katresnaning Allah marang jagad saisining kabeh kalebur dadi "ciptaan baru" sing lawas wus sirna kaganti kang anyar. Tinebus babar pisan. Kosok wangsule ... sing ora pracaya ya wus nampeni pituwase ing sanalalika jagad tinalesan... ora manut sabda pangandikaningSun./// Ingkang kaping pindo : Rumatana sabda pangandikaningSun... ditindhakake saben sabdaningSun kang kapiyarsakake marang sira wong kang wus katebus lan wus mitadosi pakaryaningSun. Sabda psngandika kang mitulungi sira.

[26/2 03:40]  Mazmur 9:17 (TB)  (9-18) Orang-orang fasik akan kembali ke dunia orang mati, ya, segala bangsa yang melupakan Allah.

[26/2 03:42]  Mazmur 9:8 (TB)  (9-9) Dialah yang menghakimi dunia dengan keadilan dan mengadili bangsa-bangsa dengan kebenaran.

[26/2 03:49]  Sira pracaya ?. Yen sira pracaya ndang tumindaka ing kabeneran aja kendhat randhat- cepet tumindak sabab dina-dinane iki jahat, ora ana kabenerane maneh. Sira pacaya ?. Egggal dibakuh-bakuh... anggenira sira ndherek ing pakaryaningSun nindakake saben sabda pangandikaningSun. Aja mundur- aja was sumelang rungokna sabda-sabdaningSun.1 Yohanes 5:6 (TB)  Inilah Dia yang telah datang dengan air dan darah, yaitu Yesus Kristus, bukan saja dengan air, tetapi dengan air dan dengan darah. Dan Rohlah yang memberi kesaksian, karena Roh adalah kebenaran.

[26/2 03:56]  Sira krungu- maca sabdaningSun ?. Iki sabda pangandika dudu saka manungsa limrah kang tanpa panguwasa. Iki sabdaning Allah kang nduweni panguwasa atase jagad lan saisining kabeh. Rungokna lan tumindaka... aja rumantos kesuwen. Sing rikat lakumu. Sabab dina-dinane iki jahat. Lumakua lan pasrahna uripira sanalika Ingsun mitulungi sira.(amin).