Senin, 01 Maret 2010

KASETYAN ING BATIN_ RASA KANG LERES ( BERSETIA PADA NURANI YANG BENAR )


 Minggu, 24 Mei 2009





YEHESKIEL  36  :  22 - 30








Patunggilan
kados dene piwucaling  GUSTI  YESUS
ingkang awujud “perumpamaan”
 utawi pasemon-pasemon
ingkang kebak gegambaran “serba metaforis”
kados dene piwucal- piwulang Jawi
ingkang kebak panuntuning gesang
 ingkang satemen-temenipun
 mboten anamung gesang sacara formal

Patunggilan …
Wonten ukara :
Golekana galihe kangkung, tapake kuntul nglayang, susuhe angin

Ukara punika
Saged dipun artosaken …
 Kangge sok sintena tyang ingkang ngupadi gesang kautaman
 ingkang kebak kabingahan,  “kebahagiaan”
anamung saged  kawujudaken
 kanthi ngosongaken dhiri saking reraosan sombong

Nggoleki galihe kangkung
 menika bab ingkang mustahil
sabab kosong mboten wonten galihipun
 ingkang wonten punika anamung ros, ros-rosaning kangkung

Mekanten, tembung ros
dados plesetan saking tembung raos

Ing konsep mistik Jawi
 ngosongaken dhiri /
 “pengosongan diri” menika
 langkung ketingal saking sikaping gesang
 kebak rasa utawi kebak ing batin,
 rasa-pangrasa, utawi tepa slira

Nggoleki tapake kuntul nglayang menika ugi dados bab prekawis
 ingkang mustahil saged dipun lampahi
Pundi wonten tracak,
 bekas tapaking kuntul mabur ?

Tapak saking tembung tumapake
Dene tembung kuntul saking tembung Arab “KUN”
ingkang nggadahi artos sabda / Firman
( bilih kita nate mireng ukara tembung KUN  FAYA  KUN ,
TUHAN berfirman, jadilah ….segala sesuatunya )

Tumapake sabda ilahi anggadahi teges Sabdaning ALLAH

Nggoleki  susuhe angin
 menika ugi dados bab prekawis ingkang mustahil
 saged dipun lampahi, punapa saged dipadosi ?

Susuhe menika saking tembung Suh-e angin
 bilih tyang badhe ndamel sapu korek
 mesthi pados tali utawi Suh kangge naleni,
kangge ndadosaken satunggal bentel

Samangke wonten pitakenan : sinten ingkang nge-suh-i angin ?
naleni angin ?
nggih ‘mesti’ menika ALLAH  PRIBADI



Patunggilan ingkang katresnanan dening  GUSTI  YESUS
Ing Minggu Paskah
 ingkang kaping 7 punika
kita sami kaparingan dhawuh pangandika
 ingkang kaseratan saking kitab
YEHESKIEL  36  :  22 – 30

Ing pundi kita sami kaparingan kesempatan
wawanrembag  dumateng
diri kita piyambak-piyambak

Ing pundi kita samangke
ugi tansah nggadahi manah
 batos
 tuwin nurani
 ingkang setya tuhu
tumpraping timbalaning ALLAH

Ananging kita ugi sadar
 bilih diri kita menika
tansah remen
damel sekeling manah
 batosing ALLAH

Pundi ingkang leres …
mboten kita tindakaken
 lan pundi ingkang sae…
 kita tilar
karana kita tansah
 ngudi gesang
manut miturut pikajeng kita piyambak

Pundi ingkang sae kanggening dhiri kita
kita tindakaken
 ananging mboten nggadahi sikap nggetuni …………
nyulayani ing karsaning ALLAH


ALLAH sampun rawuh ngrawuhi kita
para umat ingkang dados tebusaning ALLAH

Ananging kita tansah tetep
damel sekeling penggalihing ALLAH

Rumaosing manah kita
 kita menika sampun leres
 miturut tata caraning manungsa
 wus  bener
 nanging saestu kathah panerak kita


Para sadherek sapatunggilan
Pundi ingkang sae kanggening ALLAH
 saleresipun nggih sae
 kanggening gesang kita

Pundi ingkang leres ing ngarsanipun ALLAH ?
 nggih leres lan suci ing ngarsanipun ALLAH ?!


Patunggilan
sae mbotenipun gesang kita
 gumantung temen
lan tumemenipun anggen kita nderek
 tut wingking
ing karsa lan karsanipun ALLAH

Nanging
 kita sami ugi kedah  ningali
pundi gesang kita  ingkang maedahi,
kanggening gesang kita, sapunika

Satemenipun
manah batos kita
saged mbedhakaken
 awon lan klentuning gesang pigesangan kita punika

Awit dene ALLAH sampun paring kasagedan
tumprap kita sami :
nganggit-anggit
ngrancang
 mbangun pamikiran
 ingkang trep lan
 ingkang mboten trep

Gunaning akal dipun paringaken dumateng kita :
kangge mikir lan
 molak-malik
ngraos-raosaken
 sadaya bab prekawis
 ing gesang pigesangan kita


Patunggilan
 mekaten reraosan kita ing kitab YEHESKIEL :

ALLAH nedhahaken
sapinten agenging panerak lan
 durakaning bangsa Israel
umat pilihaning ALLAH

Umat ingkang sejatosipun
 kedahipun manut lan kedahipun mbangun turut dumateng ALLAH

Umat ingkang remen ngebaki raosing manah
 kaliyan pangucap,
 pamikir lan
 piandel ingkang setya tuhu dumateng ALLAH

Sanes dados umat
 ingkang lumawanan dumateng ALLAH
 punapa malih nyingkur dumateng  ALLAH
 nyembah brahala lan sanes-sanesipun


Patunggilan
Kita punika
sami dados umat tebusan  ingkang enggal
kados dening umating Israel
 ingkang kagendheng
 murih dadosa umat ingkang leres
 lan ingkang setya tuhu dumateng ALLAH


Patunggilan ingkang katresnanan dening GUSTI  YESUS
Sae punapa mbotening gesang kita
 kita kedah wantun ngribah
sadaya bab prekawis
 ing gesang pigesangan kita samangke

Manut lan nderek
 tut wingking
punapa ingkang dados karsaning ALLAH

Remen punapa mboten remen
kita dumateng piwucal-piwucaling ALLAH
kita kedah nindakaken ….
Sadaya dhawuh-dhawuh pangandika lan piwucaling ALLAH
 ing gesang sapadintenan kita
( kedah kita tindakaken )

Rahajeng tyang ingkang tansah nggetuni dosanipun
lan nggetuni kalepataning manahipun
ALLAH mesthi badhe paring sih pangapunten


Patunggilan ingkang katresnanan dening GUSTI  YESUS
Ing seratan kalawau
bangsa Israel saweg nandhang pambuwangan ing tanah Babil
 ing jamaning Prabu  Nebukadnezar

Prabu Nebukadnezar
ingkang dados “penjajah”
 ing tlatah Kanaan
ing wekdal semanten
 mboyong sedaya warganing bangsa Israel

Ananging wonten ingkang katilaran
ing talatah Kanaan
nggih saperangan ‘kawula alit’
 ingkang miskin
sacara kawontenan ringkih
ing kahananing kawontenan

Punika saestu badhe murugaken ciuting manah
 ing pangandelipun dumateng ALLAH

ALLAH langkung mirsani kahanan punika
ALLAH sampun paring dhawuh pangandika
 lumantar nabi-nabinipun

Lumantar nabi Yeheskiel
ingkang ugi ndherek kabuwang ing tanah Babil
Punapa karsanipun ALLAH :
 langkung prekawis “pembuangan”
 “penindasan” lan
‘kahanan ingkang mrihatosaken’ punika ?
( punapa karsanipun ALLAH ? )

ALLAH kagungan karsa :
1.      Ngengetaken sabangsa Israel
bilih ALLAH ingkang badhe dados juru hakim
lan ugi ingkang sampun paring pepenget
bilih Yerusalem mesthi bakal lebur
luluh
Pepenget menika sampun kaparingaken
lah samangke sami saweg kedadosan

2.      GUSTI  ALLAH ugi ngengetaken bangsa sanes
ingkang nindhes
lan njelomprongake gesanging umat lan bangsa Israel
mesthi bakal badhe kahakimi ugi

3.      Saestu ALLAH paring prajanji
lan paring panglipuran
kanggening Israel sabangsa :
Sasampunipun Yerusalem dumawah dumateng mengsah
makaten ugi bab “masa depan” ingkang mbingahaken

4.      ALLAH ingkang kagungan karsa
ugi paring gegambaran
bab Bait ALLAH lan
bab bangsa ingkang kaenggalaken


Sadherek sapatunggilan
Perangan dhawuh pangandikanipun ALLAH punika …
 Yeheskiel 36 : 22 – 30 kalawau
 dados perangan alit
 saking kitab YEHESKIEL bab 33 – 37,
nggih punika perangan ingkang kaping tiganipun
ingkang awujud nubuatan
 utawi pamedar wangsiting ALLAH
 bab prajanji-prajanjining ALLAH
 lumantar nabi Yeheskiel

Nabi Yeheskiel
kautus ngengetaken lan
 paring panglipur
 kanggening umat ing tlatah pambuangan
bilih ALLAH badhe paring “pembaharuan”,
 ALLAH badhe ngenggalaken
samukawis gesang pigesangan
 ingkang wonten gandeng rentengipun
 kaliyan “peribadatan” lan pangibadah


Patunggilan
Prajanjining ALLAH
 ugi sesambetan kaliyan rancanganipun ALLAH
 ingkang badhe ngesokaken ROHing ALLAH
tumpraping generasi enggal
 ing bab kaimanan
( Mangga mangke dipun lajengaken piyambak maos saking
 Kitab YEREMIA 31 : 23 – 40 ; YOEL 2 : 28 – 32 )

Bab kaimanan,
bab “peribadatan
 ingkang dipun karsakaken ALLAH lumantaran nabinipun
 nggih punika bab :
supadosa para umat generasi enggal
 purun ngenggalaken
tata cara caraning pangibadah
 ingkang mujudaken wontena
peribahan sikap
 batos
ingkang kebak tanggel jawab,

 punapa punika para umat :
jaler-estri, sepuh – enem, ageng – alit ……
karana sadayanipun punika
 kapirsanan sami kalenggahanipun ing ngarsaning ALLAH
Wontena peribahan

 ( sumangga dipun pirsani malih saking
Kitab YEHESKIEL 18 : 1 – 4 ……

1.Tumuli ana pangandikane PANGERAN  YEHUWAH
 marang aku mangkene :
2.”Ana apa ta sira iku,
dene padha ngucapake tembung sesemonan iki
ana tanah Israel :
Para bapa padha mangan woh mentah
 lan untune anak-anake padha dadi linu ?
3.Demi Ingsun kang gesang –
mangkono pangandikane PANGERAN  YEHUWAH-
 sira ora bakal ngucapake tembung sesemonan iki maneh
ana ing Israel.
4.Lah ta sakehing nyawa iku
INGSUN kang ndarbeni !
Apa nyawaning bapa
apa nyawaning anak
 iku kagunganingSUN !
Dene wong kang nglakoni dosa,
iku kang kudu mati


Patunggilan ingkang dipun tresnani dening GUSTI  YESUS
Makaten agenging sih katresnaning ALLAH
 lumantaran dhawuh pangandika punika
 kita ugi sami mangertosi
sapinten karsanipun ALLAH
 supadosa para umat nggih kita sami
 kedahipun mbangun pangabekti
 ingkang setya tuhu
 tulusing  manah
 batos
kebak ing piandel
 lan ngutamekaken kesempatan kanggening ROHing ALLAH
 makarya
yasa gesang kita
gesang kita  badhe kaenggalaken malih

Lumantar bab prekawis punika
Sesambetan kaliyan ALLAH ingkang satuhu
 mbuktekaken bilih ALLAH …
 mboten karsa dipun najisaken ASMANipun
karana ALLAH punika suci kawontenanipun

Sinten ingkang kagungan
 raos rumaos rahayu ing gesangipun
 nggih punika tyang ingkang sami katuntunan dening ROHing ALLAH

Tolok ukur kasucening ALLAH lan
kaimanan ingkang satuhu
sampun dipun tedhahaken
 lumantar patuladhaning Bapa Abraham

Tolok ukur kanggening  ALLAH
 nggih sanes bab “ras”,
“keturunan” utawi
 “sabangsa pilihaning ALLAH”
 bilih sadaya bangsa
 ras keturunan
 punika mboten manut
lan mboten njagi kasucening dhiri
nggih kasucening gesang sosialipun

Ing ayat 27 saking YEHESKIEL 36 …….
kaseratan dhawuh pangandika :
27.ROHing SUN
 bakal  SUNparingake
 supaya dumunung ana ing batinira
 sarta INGSUN
 bakal ndadekake sira padha urip
manut sakehing katetepaningSUN
lan tansah nggondeli
tuwin nindakake pranatan-pranataningSUN


Patunggilan
Samangkya ugi
 kita sami saged dados conto lan tuladha
 kanggenipun sakathahing tyang
 ing sapatunggilan kita
 bilih ALLAH karsa ngesokaken ROHing  ingkang suci
 lan nucekaken gesang pigesangan kita

Kita sami saged dados umat kagunganing ALLAH
 ingkang enggal
 sabab umat ingkang sampun dipun dadosaken tuladha
 ing kala kapengker
sampun dumawah ing dosa lan
mboten manut malih
 kaliyan angger-angger lan pranathanipun ALLAH

Kados pundi kanggening saderek
 ingkang sampun kaparingan ROHing ALLAH ?

Saderek kalawau
 mesthi nggadahi gesang enggal
gesang ing tatanan ingkang enggal
 jaman lan “suasana”
kawontenan enggal
nggih punika kawontenan
 ingkang kebak sih rahmat lan tentrem rahayu

Sabab bilih ALLAH ngesokake ROHipun
 ing ngriku ugi wonten kakiyatan
power”-ing ALLAH
 nggih wontenotoritas”-ipun ALLAH
panguwasanipun ALLAH

Nuwuhaken
Nyiptakaken
 “umat teladhan” ingkang saged dados contho
punika sadaya “inisiatip”-ipun ALLAH  PRIBADI

Sadherek utawi umat
 ingkang kawuwuhan lan kaesokan dening ROHing ALLAH
Mesthi manah
 batosipun
katuntunan lan katunggil
 kasagedaken lan kasadharaken
badhe saged nindakaken sadaya katetepan,
 nggondeli pranathan-pranathaning ALLAH
kanthi sukarilaning manah

Makaten ugi
 sadherek utawi “umat teladhan” kalawau
nggih mesthi saged anepangi lan “memahami”
 bab gesang pigesangan ingkang sayektos
 gesang karana “kenal
gesang karana wanuh dumateng ALLAHipun

Menika SANG ROH SUCI ingkang ngajar- mulang wuruk
Menika SANG  ROH ingkang paring piwulang sacara pribadi
 kados pundi kedahipun gesang manut miturut karsanipun ALLAH

Umat ingkang kaenggalaken
 anamung saged gesang nyumber
 lulut
manut ing ALLAH

Ka-upadaya
sadaya kawanuhanipun,
pengenalannya”,
perjumpaannya” akaliyan ALLAH
kanthia jero
 “secara mendalam
 saengga sadaya bab prekawis
 ing-pigesanganipun
 karesepan dening swasana lan
kawontenan ing nuansa  bekti
 dumateng ALLAH

Bilih wonten saperangan gesang sosial kaliyan sadherek sanes,
makaten ugi
 bilih wonten gesang pigesangan sacara ekonomi,
politik,
budaya
sadaya kalawau kawangun kalambaran mawi
 kasadaran “etis moral”
 ingkang luhur
inggih punika tatanan gesang ingkang dados
kaca benggalaning
tentrem rahayu peparinging ALLAH


Patunggilan ingkang dipun tresnani dening GUSTI  YESUS
Kita samangke kapiji dados pandhereking ALLAH
 ingkang satuhu
sampun ngalami pambanguning iman kapitadosan
 ingkang punjeripun saking ALLAH


Patunggilan
Kita samangke dados rencang dameling ALLAH
dados tuladha kanggening sakathahing tyang
 ingkang dereng nderek pitados utawi
dereng nindakaken sadaya karsanipun ALLAH

Sampurna lan kasagedan kita punika
 pujering saking ALLAH

Mboten wonten ingkang nglaha malih
 bilih ALLAH PRIBADI ingkang tumindak  paring kasagedan
dumateng para umatipun
Sabangsa Israel
 ugi makaten dumateng dhiri kita

Saestu
 sadaya bab prekawis ingkang saestu-estu ndatengaken kasisahan,
 karingkihan
sadaya punika saged kawangsulaken malih
 dados sae lan mbingahaken
 awit ALLAH sampun paring prajanji bab punika

Sumangga kita dados timbalan ingkang enggal
lan kaenggalaken ing iman kapitadosan
lan ing tindak tumindak pangabekti kita
 anamung kangge netepi sadaya tata pranataning ALLAH



Patunggilan
Saestu gesang manut miturut kawicaksanan mistik Jawi
 ugi saged mbiyantoni kita
 angger kita
nindakaken pangibadah ingkang leres

Pangibadah ingkang punjeripun saking ALLAH
karana kakiyataning ROH
lan panguawasaning pasucenipun ALLAH
 ing sikap bekti,
taat
 nindakaken dhawuh pangandikanipun
saged ndadosaken dhirining manungsa
nggih dhiri kita para umat
kebak ing sih katresnan,
 kabingahan,
sabar,
alusing budi
 lan sanes-sanesipun
kados dene ingkang kaserat
ing kitab Galati 5 ayat 22

Bilih wontenpersoalan”,
“masalah” ing gesang kita
 tamtu sadaya punika karana sumberipun
saking oyod-oyoding dosa
kadosan kita


Patunggilan
Tuladha iman saking sok sintena tyang
 punika saestunipun ing dhirinipun tyang kalawau
wonten sifat Ilahi
ananging dhirinipun mboten nganggep
lan mboten ndadosaken dhirinipun
sombong sacara rohani
Tyang kalawau sampun ngosongaken dhirinipun

ALLAH ingkang sampun “mengosongkan diriNYA”
 sampun  dados sami kaliyan manungsa ingkang nistha punika
ALLAH ing ndalem  GUSTI  YESUS
ingkang sampun dados tuladha agung
tumpraping gesang kita para manungsa

“Citra”
 pasemoning ALLAH
 wonten dhirinipun GUSTI  YESUS
Sanadyan ta GUSTI YESUS sami sesrawungan kaliyan manungsa
 ingkang tumindak dosa
 DHIRI-nipun mboten nate dumawah ing dosa

Piwucalipun GUSTI  YESUS :
Kita kedah saged
mboten males kejahatan kaliyan kejahatan
ananging kita kedah ….
ngawonaken kejahatan kaliyan kasaenan

Masalah kasucen ing batin
 mboten ateges kanggening dhiri pribadi kemawon
 ingkang dados saleh utawi mursid

Ananging kamursidan dhiri
 kedah ugi ndadosaken kamursidan sosial
Kados dene ingkang sampun kalampahan …
Ing perangan cariyos Matius 14 : 16 …….

16. Nanging GUSTI  YESUS ngandika
marang para sakabate :
“Ora usah padha lunga, kowe wae padha menehana mangan”

Ing cariyos punika
para sakabat paring usul ….
supados tyang kathah ingkang nderekaken GUSTI  YESUS
 kasuwun  diutus wangsul kemawon
 karana mboten wonten tetedhan

Ananging GUSTI YESUS paring tuladha lan piwucal :
Urusan weteng,
urusan madharan,
urusan duniawi
 ugi dados bagian tanggel jawabing iman

Makaten para sadherek
 iba patuladhan lan contho
 saking sok sintena tyang
lan ugi saking DHIRI  PRIBADI-ning  GUSTI  YESUS 
nedahaken bilih
“mengosongkan” dhiri
lan kaisia dhiri kita punika
 dening bab iman kapitadosan
 ingkang satuhu dumateng panuntuning ALLAH



Patunggilan
makaten ugi tumpraping nubuatan
utawi pamedhar wangsiting nabi YEHESKIEL :
 bilih mangke badhe wonten jaman enggal

Nggih ing jaman kita samangkya ugi
 kita sadaya saged kasebat
manungsa enggal
 ingkang gesang lan ngrasuk gesang ngener
lan anyenyumber,
berpusat
 anamung saking sih kanugrahan
peparinging ALLAH

Kita …
dadosa manungsa ingkang setya
 ing batos
lan nggadahi rasa leres
 ing tumindak “praktek”
 ing gesang pigesangan punika …
 adedhasar Sabdaning ALLAH



AMIN