Jumat, 26 Februari 2010

NINGALI SESAMI MINANGKA CITRA PASEMONIPUN ALLAH


Minggu, 14  Pebruari 2010






LUKAS  6  :  27 – 38




27
“Nanging kowe
kang padha ngrungokake marang AKU,
 padha dak pituturi :
Padha tresnaa marang mungsuhmu :
 wong kang sengit marang kowe,
pada becikana….”







Patunggilan
ingkang kinasihan dening  GUSTI  YESUS
Kita punika sami dados titahipun
 ingkang sampurna ugi prayogi


Patunggilan
ingkang kinasihan dening  GUSTI  YESUS
Rawuhing GUSTI  YESUS
ing satengahing jagad gumelar menika
sampun paring tuladha –
conto
 dumateng para pandherekipun

Conto-
tuladha kangge ngakeni bilih
 sesami kita menika
 nggih sok sintena tiyang
ingkang migesang sesarengan kita

Jamaning Prabu Saul
nguya-uya Dawud
 Rencangipun
 karana siriking ati

Prabu Saul
ngupadi kados pundi anggenipun badhe mejahi Dawud
sak wanci-wanci kaparingan wekdal
 nguyak-uyak Dawud
 ngantos dumugi papan-
panggenan ingkang awrat
nggih kakejar


Patunggilan
ingkang kinasihan dening  GUSTI  YESUS
Rahayu tiyang ingkang paring piwelas
 dumateng sesaminipun kados dene Dawud

ingkang nggadahi wekdal
 kesempatan kangge males mejahi Prabu Saul
ananging Dawud 
mboten nindakaken bab prekawis punika

Rahayu tiyang ingkang taksih nentepi
 dhawuh pangandikanipun ALLAH :

Sira nresnanana marang sapepadanira
kaya marang awake dhewe



Patunggilan
ingkang kinasihan dening  GUSTI  YESUS
Rumangsaning dhiri kita menika
sampun leres
 bilih nindakaken piwales 
tumprap sok sintenana tyang
 ingkang nggadahi kalepatan 
dumateng kita

Kalepataning gesang kita 
sanget ageng
 bilih kita nindakaken piwales

ALLAH mboten ngarsakaken
kita nindakaken piwales

ALLAH ngersakaken
kita sumeleh
pasrah
ngaturi GUSTI  ALLAH
ingkang makarya ing gesang kula lan panjenengan

GUSTI  ALLAH rawuh ing satengahing jagad
 kangge nebus 
sadaya dosa kalepatan kita

Rahayu kita
ingkang ngaturi GUSTI  YESUS makarya
 ing diri kita
piyambak-piyambak

Jer
punapa ingkang kawastanan awrat lan mokal
 badhe saged katindakaken


Patunggilan
ingkang kinasihan dening  GUSTI  YESUS
GUSTI  YESUS 
masrahaken sadaya badan nyawanipun
 kangge makarya
nglabuhi gesanging manungsa

Rahayu 
wong kang pracaya lan tumindak tresna
 dumateng sesaminipun

Dinten Valentin
 Dinten kasih sayang
 murih kita sami 
mandeng malih
tumprap patuladhan
 ingkang sampun kaaturaken 
ing nginggil kalawau

GUSTI  YESUS 
mboten melasi malih
 dumateng tetiyang
ingkang mboten nggatosaken
 dhawuh pangandikanipun

Rahayu
kita samangke
 taksih saged mireng-mireng
 lan ngraosaken 
saperangan sabda pangandika

Kita punika 
para saderek
sampun  kapiji dadosa labuhaning nyawa
kanggening para saderek sanes
 ingkang mbetahakaen sih katresnan

Kita saged dados lelabuhaning nyawa
 karana kita 
sami kaparingan kasagedan
 numindakaken bab prekawis punika

Pancen 
para saderek
 nindakkaken bab katresnan menika 
awrat sanget

Rahayu
tiyang ingkang karawuhan dening ALLAH
ing gesangipun
ALLAH kaparingan papan
panggenan
ingkang  sayektos

Malah-malah
dados rajaning gesang kita

Maliginipun
 kangge nindakaken sih katresnan
tumprap mengsah-mengsah kita

Mboten ateges 
kita gesang madosi-
golek  mengsah
….
Kita gesang
tetepa kados dene GUSTI  YESUS
 ingkang mendel kemawon 
bilih kagoda
supados nindakaken pinwales
 dumatenng tetiyang
 ingkang tumindak nyekelaken manahipun

GUSTI  YESUS
mboten nuruti pikajenging daging
ananging ngrumiyinaken badan
 lan nyawaning manungsa
sanesipun
 supadosa
  saged kaparingan kawilujengan satuhu


Patunggilan
ingkang kinasihan 
dening  GUSTI  YESUS
Kasih utawi katresnan menika
mboten anamung kendel ing pangangen angen kemawon

Katresnan punika
sageda dados dasaring gesang kita 
sasedherek
 ing wekdal migesangan
ing satengahing jagad samangke

Mugi reraosan sekedik menika
ndadosaken tambah kiyating 
iman kita
 dumateng  ALLAH
 nggih  GUSTI  YESUS 
pribadi
ingkang langkung rumiyini
ngraosaken kakuya-kuya



Patunggilan 
ingkang kinasihan 
dening  GUSTI  YESUS
Sadaya bab prekawis 
ingkang ndadosaken kita sirik
lan
kepengin males
tumindaking liyan
 saksaged-sagedipun kita owahi
 dados nresnani sesami

Bilih to
kita dereng saged makaten
prayoginipun
kita nyuwun pitulungan
 dumateng  GUSTI  YESUS
 supadosa kita saged tumindak
ngaturi  SANG  ROH  SUCI makarya
 nyenyuwun dumateng ALLAH

Pasrah sumarah
mentingaken katresnan
 mesti ALLAH badhe tansah paring pitulungan

Rahajeng kita
ingkang makarya
ing gesang pigesangan 

 makarya 
ana sih katresnaning ALLAH
 lumados
ing sih katresnan menika
wujuding gesang 
ngunggulaken ALLAH
 sanes diri pribadhi

  Patunggilan
ingkang kinasihan
dening  GUSTI  YESUS
Kita samangke katetepaken 
ing pakaryaning ALLAH
 lumakua nindakkaken sadaya sih katresan
 dumateng  tetiyang
ingkang nggadahi kalepatan
dumateng diri kita

GUSTI  ALLAH 
mesti badhe paring kakiyatan
lan kasgedan

AMIN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami