Kamis, 11 Februari 2010

Ngribah kepanikan dados sukarena

Minggu, 7 Juni 2009










YONANES 2 : 1 - 11










Patunggilan ingkang kinasihan dening ALLAH

Kita samangke lumebet ing Minggu kaping 2

ing “Bulan Kesaksian dan Pelayanan”

Ing Minggu punika

kasebataken

dados “Hari Syukur ...Badan Pendidikan...

Sumangga kita pirsani

kados pundi gesangipun para patunggilan

ingkang sami wanuh dumateng ALLAH lan

ingkang dereng anepangi dumateng GUSTI YESUS

makaten ugi kita pirsani

kahananing peladosan-peladosan

ingkang katindakaken dening ...Badan Pendidikan...


Wonten kahanan ingkang mbingahaken lan

ugi wonten kahanan ingkang mboten mbingahaken

kanggening kita sami

Wonten ingkang dados kalangenaning gesang kita

awit sadangunipun ..Badan Pendidikan.. madeg

ing wekdal kapengker

sami sampun dados “kebanggaan dan sukacita” ingkang ageng

..BP.. nate ngalami jaman keemasan

..BP.. sampun ugi dados salah satunggiling lembaga

ingkang nderek “mewarnai dunia pendidikan” ing nagri kita



Patunggilan

kita punika sami sampun mangertosi

bilih samangke kita

ugi tamtunipun nggadahi momotan, lan

sesangganing gesang

punapa punika awujud sesakit,

ringkihing raga,

punapa menika arupi kakiranganing upah

anggen kita nyambut damel

utawi bab –bab sanesipun

ingkang nyedihaken manah kita



Patunggilan

bab prekawis ingkang mekaten

saged kadadosan lan nuwuhaken kabingungan

lan kepanikan-kepanikan

ing gesang kita

saeengga kita sami saged gugup,

wedi

mboten saged mikir kanthi “tenang”

Samangkya bilih kita ngalami prekawis punika kita saged bingung

bilih sanalika ugi

kita nampeni kabar kabingahan.

Kita ugi bingung !

Lho kok saged kita bingung lan panik ….

padahal menika bab kabingahan ?

Conto :

kita kaparingan kabar angsal undian “berhadiah jutaan rupiah”

awujud barang

ananging kedah mendet piyambak dhateng JAKARTA

Angen-angen kita mumbul lan bingah,

lajeng bingung teka ngendi aku nduwe dhuwit

kangge nebus hadiah iku mau ?!

Punapa malih wekdalipun mepet

bilih mboten enggal katebus badhe hangus


Panik manah kita

bilih kita nggadhahi pangangen-angen kapingin nggayuh hadiah kalawau

Nah kanthi makaten sadherek sapatunggilan

bab prekawis ingkang mbingahaken

utawi mboten mbingahaken,

kawontenan sae

utawi mboten sae

ugi saged sami saged ndatengaken kepanikan kanggening kita !




Patunggilan

sumangga kita samangke

sami nyinau dhawuh-dhawuh pangandikanipun ALLAH

Lumantaran dhawuh pangandika punika

kita saged nampeni piwucaling ALLAH pribadhi

ingkang maedahi kanggening kita magesang

ing wekdal samangke

Sinten iangkang mboten panik ?

Lare alit taksih sekolah

sanajan ta sampun sinau pengpengan

kanggenipun ngadepi ujian sekolah.

Taksih ugi bingung,

deg-degan lan panik, wedi

ing wanci wekdalipun nggarap soal ujian


Makaten ugi guru,

tiyang sepahipun

ugi mbingungi gek mengko anakku ngene-ngono

Lajeng kareka daya mawarni-warni usaha

kangge nulungi murid

utawi putranipun

lumantar cara mbocorake soal ujian lan jawabanipun,

nulungi kanthi cara inmgkang mboten leres

lan sanes-sanesipun


Makaten kepanikan punika …

nedahaken bilih tyang ingkang gesang

tamtu mboten luput saking kahanan punika




Patunggilan

samangkya kita ngraosaken

kados pundi kahananing “Perjamuan Kawin” ing dusun Kana

rikala nedheng-nedhengake pesta lumapahan

ingkang nggadah damel

katelasan anggur,

unjukan utawi minuman khas

tyang memanton ing wekdal semanten


Mesthi badhe ngisin-ngisinake

badhe damel kuciwaning para tamu

lan tyang kathah

ingkang sami rawuh ndherek ing pahargyan kalawau




Sadherek patunggilan

Tamtunipun

lurahing sinom lan biyada

kalang kabut

panik

dhateng pundhi badhe pados anggur

ingkang kathah

ingkang cepet saged kapundhut

Tamtu mbingungi ….

para sadherek kita kalawau

ing wingking mrika para biyada sinoman

padha deg-degan

ndherek ngraosake

piye isinne mengko ingkang kagungan damel

Dados cariyos ingkang saestu saged njangged

ing ing pamikir lan

ing pangraosing manahipun para sadherek

ingkang sami paring pamitulung lan ngrojongi

memanton kalawau




Patunggilan

Ibuning GUSTI YESUS lan para murid sanesipun

ingkang ndherekaken memanton

dalasan GUSTI YESUS makaten ugi

sami wonten satengahing kahanan

ingkang panik menika

Kepanikan anggenipun katelasan anggur

ingkang dados salah satunggiling dedhaharan

ingkang pokok

lannggadahi pamikir, momotan sanes-sanesipun malih

nambah suasana kepanikan kalawau

saged karaosaken dening Maria ibune GUSTI YESUS

Ing satengahing kepanikan

pamikiran ingkang panik

Sinten kemawon …

ingkang nggadahi andil lan nderek ngatasi kapanikan kalawau ?




Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS

Kita samangke

niti priksa

sinten-sinten ingkang berperan ngatasi kepanikan

ing kala pesta memanton ing dususun Kana :


Sapindhah …..

Ingkang nggadahi peran ageng nggih punika

GUSTI YESUS

GUSTI YESUS menika SANG SABDA ingkang gesang

SANG SABDA ingkang manjalma

dados manungsa

kados ingkang sineratan

ing YOHANES Bab 1 : 1 & 4


1.Ing kala purwa

SANG SABDA iku wus ana,

ene SANG SABDA iku

nunggil karo ALLAH

sarta SANG SABDA iku ALLAH

4.Ana ing PANJENENGANe iku dununging urip,

sarta urip iku

kang dadi pepadhanging manungsa


GUSTI YESUS ingkang dados putraning ALLAH

nggih SANG MESIH

mampu lan saged nindakaken mujijad-mujijad

mawarni-warni.

Makaten salah satunggilipun

awujud ngribah toya dados anggur ingkang sae

mboten wonten bandingipun

Kados miturut pangakenipun pemimpining pista

ing ngajenganipun panganten jaler.

Ature pamimpining pista ing ayat 10 ……


”Saben tiyang nyegah anggur punika

ingkang sae rumiyin,

lan sasampunipun para tamu ngunjukipun kathah

lajeng nyegahaken ingkang kirang sae.

Nanging Panjenengan kok nyimpen anggur

ingkang sae

ngantos sapunika”





Patunggilan

ing mriki peranning ibu Maria

ibune GUSTI YESUS

sanes salah satunggiling peran utama

ing mujijad toya dados anggur

Sanajan ta Maria ibune GUSTI YESUS

ingkang wiwitan paring atur pirsa

dumateng GUSTI YESUS

kados seratan ing ayat 3

(“Padha kentekan anggur”).

Nanging ing ayat 4 …

“Ibu,

panjenengan ngersakaken punapa dhateng kula ?.

Dereng dumugi wekdal KULA”


Ing mriki kajelasaken

bilih tumindaking GUSTI YESUS yasa toya dados anggur punika

karana condong kaliyan karsanipun ALLAH SANG RAMA

Mesthi GUSTI YESUS mangertosi

Sajatosipun

punapa ingkang saweg kadadosan

ing tengahing memanton punika

bilih sanajan ta ibunipun mboten paring pawartos


Kaping kalih ….

Ibu YESUS, Maria

Nggadahi peran sanesipun malih

kajawi paring pawartos dumateng GUSTI YESUS

bab katelasan anggur,

Maria ugi ingkang paring saran

dumateng para peladen supadosa manut miturut

bab punapa kemawon

ingkang kasuwunan lan kaprentahaken

dening GUSTI YESUS


Kaping tiga ….

Para pelados

Tiyang ingkang manut lan nuruti

punapa kemawon ingkang kasuwun katindhakake

dening GUSTI YESUS

Sanalika GUSTI YESUS nyuwun 6 gentong

kabekan ing toya

Pelados-pelados kalawau ngisi gentong ngantos kebak

Mekaten ugi sanalika GUSTI YESUS nyuwun

supadosa para pelados kalawau

nyiduki isinipun gentong lan mbekta ngintun

dumateng pemimpinipun pista


Para pelados kalawau nggih nindakaken

Kanthi makaten

wonten ewah-ewahan ingkang ageng

ing bab kepanikan kagantosaken kaliyan kabingahan ageng

GUSTI YESUS sampun nindakaken mujijad toya dados anggur

Toya limrah dados anggur

Kapanikan kagantos dados kabingahan

kakuatiran, was sumelang kagantos dados kaayeman, kawilujengan

Sesakit, sesambatan kagantos dados kabingahan

karana ALLAH mboten negakaken

gesangipun para pitados

karana dening ALLAH

karaosaken …

sampun paring kakiyatan lan pangluaran

ingkang ageng ing gesangipun




Patunggilan

kita sadaya punika

mesthi nggadahi raos ajrih,

panik

ing sawekdal-wekdal nampi pawartos

utawi badhe ngalami gesang

ingkang wigati

angger kita ngraosaken gesang kebak ing momotan lan

kebak ing pangangen-angen

ingkang condong kaliyan kabetahaning gesang sapadintenan kita

Kanthi makaten

ageng sanget pangreksaning ALLAH

dumateng kita patunggilan

ing ndalem GUSTI YESUS

sadaya bab prekawis sampun kapirsanan

Sinten ingkang mbetahaken mesthi badhe kaparingan

ing wekdalipun

Sinten ugi ingkang mboten mitadosi lan nyepelkaken

karsanipun ALLAH

tyang kalawau

nggih kapirsananan dening ALLAH

ing ndalem GUSTI YESUS

katuntunan malih lumampah dumateng kasaenaning gesang


Rahajeng kita para patunggilan

ingkang sawekdal-wekdal ngalami pitulungan

ingkang pinangkanipun saking ALLAH

lumantar panyengkuyunging para sadherek sanes

ingkang GUSTI YESUS karsakaken

paring pambyantu dumateng kita

ALLAH saged ngosikaken manah

batosing

saben tiyang

supadosa tiyang kalawau

paring panyengkuyung




Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS

Rahajeng kita

ingkang sampun katimbalan

ing wiwitan mila

sampun mitadosi

bilih ALLAH ingkang sampun rawuh

ing sategahing jagad kangge paring pitulungan

tumprap para kagunganipun



AMIN !






Para sadherek …

bilih ALLAH

saestu tresna dumateng kita

kepanikan kita karibah dados kabingahan

Kapanikan

ndadosaken kita enget malih

dumateng cariyos

bilih ALLAH saged ngribah kepanikan,

ALLAH saged ngribah “ketidak mampuan kita”

“ menjadi lebih baik bagi hidup kita “

AMIN !

Para sadherek ….

bilih ALLAH saestu ngresakaken dumateng kita

supadosa kita menika

dados abdi-abdinipun ALLAH

ingkang setya tuhu

pracaya lan nindakaken

sadaya dhawuh-dhawuhipun

Halleluya



GUSTI YESUS sampun paring prajanji lan piwucal

bab iman kapitadosan

makaten ugi ing dinten Minggu samangke

ALLAH paring pepenget malih

angger kita pitados dumateng sadaya bab prekawis

ing gesang pigesangan kita

mesthi badhe kayasa dados sae

karana kita manut miturut ing karsanipun




Patunggilan

Sapindhah malih

kita ngengeti YBPK

ing wekdal samangke

mesthi badhe damel sakathahing tiyang

warganing pasamuan

ingkang nggatosaken sanget perkembangan

ewah-ewahan ingkang saweg kaalaman dening ..BP..

mesthi nggadahi raos prihatos lan raos panik

sabab sampun kathah sekolah-sokolah ..BP.. ingkang tutup

mboten saged nglajengaken malih

peladosanipun ing babagan pendidikan


Ingkang wiwitanipun mbingahaken,

“membanggakan”

amangke sampun miwiti nuwuhaken “benih-benih kepanikan”





Patunggilan

sekolah-sekolah kita menika

kados-kados sampun katelasan anggur

Punapa saged kepanikan menika berubah dados kabingahan ?

Sumangga kita nyinau prastawa ing Kana

sabab mboten kangge salaminipun

kapanikan punika nguwaosi gesang kita

Kepanikan punika saged kasigeg,

Saged dipun akhiri lan

kagantos dados sukabingah

Bilih …..


Sepisan

kita mitadosi GUSTI YESUS

Ingkang kaping kalih

bilih kita

ing peladosan kita lan

ing gesang leladosan kita

tansah ngundang GUSTI YESUS

mliginipun ing peladosan YBPK

kita ngundang GUSTI YESUS

GUSTI YESUS pancen sampun paring kemampuan-kemampuan

anggen kita nata mranata tata organisasi ..BP.. lan

kemampuan berpikir kangge kemajuaning ..BP..

Kita ugi mangertosi

bilih kemampuan kita terbatas

mila kita mboten saged nilar GUSTI YESUS

kita kedah tansah nyuwun pitulunganipun GUSTI YESUS



Makaten para sadherek

kita kedhahipun nggadahi semangat

saling paring motivasi lan dukungan

supadosa kita uwal saking kepanikan

Dukungan lan kerja sama

sanget dipun betahaken


Ingkang pungkasan

ingkang kaping tiga kita kedhah tumindak

Kepanikan menika

mboten saged berubah dados kabingahan

bilih kita mboten purun uwal saking kapanikan menika

GUSTI YESUS mberkahi kita




AMIN











LITURGI IBADAH MINGGU

1. VOTUM : (Jumeneng)

KPK 14 : 1, 3 ALLAH maha suci

2. INTROITUS : JABUR / MASMUR 121 : 1 - 3

1.Mripatku tumenga marang gunung-gunung;

pitulunganku iku pinangkane saka ing ngendi ?

2.Pitulunganku iku pinangkane saka SANG YEHUWAH,

kang nitahake langit lan bumi,

3.PANJENENGANe

ora bakal marengake yen sikilku gloyoran,

kang ngreksa kowe ora bakal ngantuk.

KPK 28 : 1, 2, 3,4 Sowan mring GUSTI

3. PENGAKEN DOSA : …Matius 22 : 37 - 40

ndedonga : …AMIN

4. KPK 46 : 1, 2, 3, 4 Panelengsa

5. PAWARTOS RAHAJENG : (( Jumeneng …

JABUR / MASMUR

7 : 5 – 7

5.Manawi kawula damel piawon

dhateng tiyang

ingkang tepangipun sae kaliyan kawula,

utawi mitunani tiyang

ingkang nyatru kawula tanpa sabab,

6.manawi makaten,

mugi kawula kabujenga ing mengsah

ngantos kacepeng,

lajeng gesang kawula dipun idak-idak ing siti,

saha kaluhuran kawula kapendhema ing lebu.

7.Dhuh YEHUWAH,

mugi karsaa jumeneng

ing salebeting bebendu PADUKA,

mugi karsaa jumeneng

nadhahi panginggit-igitipun tiyang

ingkang sami nglawan dhateng kawula,

mugi PADUKA wungu mitulungi kawula

amargi PADUKA ingkang mrentahaken pangadilan

6. PENGAKEN IMAN RASULI … pinarak ))

KPK 126 : 1, 3, 4 Ngrangkul salib


7. PELADOSAN FIRMAN :

PANDONGA: AMIN

PAMAOSING KITAB SUCI : YOHANES 2 : 1 - 11

KOTBAH NGRIBAH KEPANIKAN DADOS SUKARENA

KPK 175 : 1 ( 2X ) Tiyang rahayu

8. PANDONGA SYAFAAT :

9. PAMISUNGSUNG : Samangke wanci wekdalipun …

Dasar : I Petrus 5 : 7

KPK 187 : 1 - … Pisungsung jiwa raga

PANDONGA : ….

10.. PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)

KPK 325 : 1 Kangen mring GUSTI