Jumat, 26 Februari 2010

BALAPAN NINDAKAKE KASAENAN

Kamis, 25 Februari  2010



Matius 7 : 7 - 12

12
Mulane sabarang panggawe
sing kok karepake ing bab tumindak wong marang kowe,
iku iya tindakna uga marang wong,
awit iya mangkono iku
surasane Toret lan kitabe para nabi


Patunggilan ingkang dipun kasihi dening GUSTI YESUS
Kita samangke
sami lumebet ing minggu kasangsaraning GUSTI YESUS,
minggu-minggu pra PASKAH

Kanthi makaten
kita samangke kaparingan dhawuh pangandika
bab katresnan tumraping tyang pitados
dumateng saderek sanesipun


Patunggilan ingkang katresnanan dening SANG KRISTUS
Sumangga
kita ngraos-ngraosaken bab katresnan punika
Salajengipun
sumangga
kita tindakaken ing gesang padintenan

Rahajeng kita ingkang sami kawucal dening ALLAH


Patunggilan
Reraosan kita ing wanci dalu samangke
sumberipun karana GUSTI YESUS sampun
ngrumiyini nindakaken sih katresnan
Tumprap bab punapa kemawon ing gesang
sesambetan kaliyan sok sintena tyang
ing jagad punika


Patunggilan
Kita punika kadhawuhan
aja ngrumiyinaken ke”aku”an kita
artosipun
sinten ingkang purun tetulung dumateng kula
piyambakipun ugi mangkenipun nggih badhe kula tulungi
males kasaenan kanthi kasaenan


Patunggilan
Sejatosipun
bab tumindak kasaenan punika
mboten kedah ka”tunda-tunda”
lan kebak ing pangetang untung rugi
utawi kebak ing raosing manah,
conto :
Aku lak sing tuwek mosok kudu aku
sing nyapa lan nylendehi ?

Malih,
iku wong ora sadrajat karo aku
kok aku kudu ndolani, sesrawungan….karo dheweke


Patunggilan ingkang dipun tresnani dening GUSTI YESUS
Saestu
kita punika remen dipun tuweni
ananging mboten purun nuweni,
bilih kita nuweni …..
karana saderek kita sampun ngrumiyini tetuwi


Patunggilan
Karana kita nggadahi panggraita / pamikiran
kepingin males kasenan
kaliyan kasaenan
lan ugi mboten badhe males
kasaenan kanthi tumindak ala
kosok wangsulipun…
nggih makaten
bilih wonten tetiyang tumindak ala dumateng diri kita
punapa kita ngrumiyini tumindak kasaenan ?

Kathah-kathahipun
kita menika lumampah
kados dene tumindaking tyang kathah…
mboten badhe males kanthi kasaenan
bilih tyang punika tumindak ala
kita mesthi nggadahi pamikir ingkang ala ugi


Patunggilan
Suraosing isining kitab suci
ngandaraken dumateng kita
supadosa kita sami nindakaken
kasaenan langkung ageng malih
mboten nenggo sinten ingkang sampun tumindak sae dumateng kula,
ananging tumindaka kasaenan
karana ALLAH pribadi sampun nindakaken bab prekawis punika
tumprap gesang kita
lan gesanging para saderek sanes


Sumangga
kita lampahi kados dene tyang balapan-
ngrumiyini ing bab tumindak sae punika

Rahajeng kita ingkang saged nampeni dedhawuh punika

Sumangga kita pro aktif,
mboten Mendel kemawon …
Sumangga kita ngrumiyini
nindakaken kasaenan dumateng saderek sanes
kanthi makaten kita nggih sampun saged netepi
dhawuh pangandikanipun ALLAH


Para Rasul 20 : 35
Tumprap ing sadhengah prakara
aku wis aweh tuladha marang kowe,
yen wong padha kuwajiban nyambut gawe
mangkono kagawe mbyantu wong-wong kang sekeng
sarta kudu eling marang pangandikane GUSTI YESUS,
sebab PANJENENGANe pyambak wis ngandika :
Luwuh begja wong weweh, katimbang karo nampani


Patunggilan
Kita waos malih ayat

Lukas 6 : 31
Apa kang kok karepake supaya wong tumindak marang kowe,
iku ya tindakna marang wong

Wulang Bebasan 11 : 25
Sing sapa kerep andum berkah,
bakal nampani kaluberan,
sing sapa aweh ngombe,
bakal diwenehi ngombe

Semanten agenging ALLAH
tumprap gesang kita sapatunggilan
punapa malih kita sami saged nindakkaken
dhawuh pangandikanipun
mesthi kita badhe kaluberan berkah

Sumangga kita sami lumampah
ing kasaenan miturut dhawuh pangandika ALLAH
ingkang badhe paring piwales dhumateng kita
Aja kemba anggen kita lumampah
ngrumiyini tyang sanes anggen kita nindakaken kasaenan,
kabecikan lan katresnan


GUSTI ALLAH mberkahi gesang kita


AMIN






1. Votum / Berkat
2. Kipas 140 : 1 Tansah bingah
3. Pandonga
4. Maos Kitab Suci : Matius 7 : 7 - 12
5. Kipas 92 : 1,2 Sabdanipun ALLAH
6. Kotbah ….
7. Kipas 32 (lagu 47) : 1, 2, 3 Rahayu wong wedhi asih
8. Doa syafaat
9. Kipas 129 : 1 GUSTI nuntun kula
10. Berkat