Minggu, 07 Februari 2010

KASETYAN ING BATIN_ RASA KANG LERES ( BERSETIA PADA NURANI YANG BENAR )


Minggu, 24 Mei 2009












YEHESKIEL 36 : 22 - 30












Patunggilan
kados dene piwucaling GUSTI YESUS
ingkang awujud “perumpamaan”
utawi pasemon-pasemon
ingkang kebak gegambaran “serba metaforis”
kados dene piwucal- piwulang Jawi
ingkang kebak panuntuning gesang
ingkang satemen-temenipun
mboten anamung gesang sacara formal


Patunggilan …
Wonten ukara :
Golekana galihe kangkung, tapake kuntul nglayang, susuhe angin
Ukara punika
Saged dipun artosaken …
Kangge sok sintena tyang ingkang ngupadi gesang kautaman
ingkang kebak kabingahan, “kebahagiaan”
anamung saged kawujudaken
kanthi ngosongaken dhiri saking reraosan sombong
Nggoleki galihe kangkung
menika bab ingkang mustahil
sabab kosong mboten wonten galihipun
ingkang wonten punika anamung ros, ros-rosaning kangkung
Mekanten, tembung ros
dados plesetan saking tembung raos
Ing konsep mistik Jawi
ngosongaken dhiri /
“pengosongan diri” menika
langkung ketingal saking sikaping gesang
kebak rasa utawi kebak ing batin,
rasa-pangrasa, utawi tepa slira

Nggoleki tapake kuntul nglayang menika ugi dados bab prekawis
ingkang mustahil saged dipun lampahi
Pundi wonten tracak,
bekas tapaking kuntul mabur ?
Tapak saking tembung tumapake
Dene tembung kuntul saking tembung Arab “KUN”
ingkang nggadahi artos sabda / Firman
( bilih kita nate mireng ukara tembung KUN FAYA KUN ,
TUHAN berfirman, jadilah ….segala sesuatunya )
Tumapake sabda ilahi anggadahi teges Sabdaning ALLAH
Nggoleki susuhe angin
menika ugi dados bab prekawis ingkang mustahil
saged dipun lampahi, punapa saged dipadosi ?
Susuhe menika saking tembung Suh-e angin
bilih tyang badhe ndamel sapu korek
mesthi pados tali utawi Suh kangge naleni,
kangge ndadosaken satunggal bentel
Samangke wonten pitakenan : sinten ingkang nge-suh-i angin ?
naleni angin ?
nggih ‘mesti’ menika ALLAH PRIBADI


Patunggilan ingkang katresnanan dening GUSTI YESUS
Ing Minggu Paskah
ingkang kaping 7 punika
kita sami kaparingan dhawuh pangandika
ingkang kaseratan saking kitab
YEHESKIEL 36 : 22 – 30
Ing pundi kita sami kaparingan kesempatan
wawanrembag dumateng
diri kita piyambak-piyambak
Ing pundi kita samangke
ugi tansah nggadahi manah
batos
tuwin nurani
ingkang setya tuhu
tumpraping timbalaning ALLAH
Ananging kita ugi sadar
bilih diri kita menika
tansah remen
damel sekeling manah
batosing ALLAH
Pundi ingkang leres …
mboten kita tindakaken
lan pundi ingkang sae…
kita tilar
karana kita tansah
ngudi gesang
manut miturut pikajeng kita piyambak
Pundi ingkang sae kanggening dhiri kita
kita tindakaken
ananging mboten nggadahi sikap nggetuni …………
nyulayani ing karsaning ALLAH
ALLAH sampun rawuh ngrawuhi kita
para umat ingkang dados tebusaning ALLAH
Ananging kita tansah tetep
damel sekeling penggalihing ALLAH
Rumaosing manah kita
kita menika sampun leres
miturut tata caraning manungsa
wus bener
nanging saestu kathah panerak kita


Para sadherek sapatunggilan
Pundi ingkang sae kanggening ALLAH
saleresipun nggih sae
kanggening gesang kita
Pundi ingkang leres ing ngarsanipun ALLAH ?
nggih leres lan suci ing ngarsanipun ALLAH ?!


Patunggilan
sae mbotenipun gesang kita
gumantung temen
lan tumemenipun anggen kita nderek
tut wingking
ing karsa lan karsanipun ALLAH
Nanging
kita sami ugi kedah ningali
pundi gesang kita ingkang maedahi,
kanggening gesang kita, sapunika
Satemenipun
manah batos kita
saged mbedhakaken
awon lan klentuning gesang pigesangan kita punika
Awit dene ALLAH sampun paring kasagedan
tumprap kita sami :
nganggit-anggit
ngrancang
mbangun pamikiran
ingkang trep lan
ingkang mboten trep
Gunaning akal dipun paringaken dumateng kita :
kangge mikir lan
molak-malik
ngraos-raosaken
sadaya bab prekawis
ing gesang pigesangan kita


Patunggilan
mekaten reraosan kita ing kitab YEHESKIEL :
ALLAH nedhahaken
sapinten agenging panerak lan
durakaning bangsa Israel
umat pilihaning ALLAH
Umat ingkang sejatosipun
kedahipun manut lan kedahipun mbangun turut dumateng ALLAH
Umat ingkang remen ngebaki raosing manah
kaliyan pangucap,
pamikir lan
piandel ingkang setya tuhu dumateng ALLAH
Sanes dados umat
ingkang lumawanan dumateng ALLAH
punapa malih nyingkur dumateng ALLAH
nyembah brahala lan sanes-sanesipun


Patunggilan
Kita punika
sami dados umat tebusan ingkang enggal
kados dening umating Israel
ingkang kagendheng
murih dadosa umat ingkang leres
lan ingkang setya tuhu dumateng ALLAH


Patunggilan ingkang katresnanan dening GUSTI YESUS
Sae punapa mbotening gesang kita
kita kedah wantun ngribah
sadaya bab prekawis
ing gesang pigesangan kita samangke
Manut lan nderek
tut wingking
punapa ingkang dados karsaning ALLAH
Remen punapa mboten remen
kita dumateng piwucal-piwucaling ALLAH
kita kedah nindakaken ….
Sadaya dhawuh-dhawuh pangandika lan piwucaling ALLAH
ing gesang sapadintenan kita
( kedah kita tindakaken )
Rahajeng tyang ingkang tansah nggetuni dosanipun
lan nggetuni kalepataning manahipun
ALLAH mesthi badhe paring sih pangapunten


Patunggilan ingkang katresnanan dening GUSTI YESUS
Ing seratan kalawau
bangsa Israel saweg nandhang pambuwangan ing tanah Babil
ing jamaning Prabu Nebukadnezar
Prabu Nebukadnezar
ingkang dados “penjajah”
ing tlatah Kanaan
ing wekdal semanten
mboyong sedaya warganing bangsa Israel
Ananging wonten ingkang katilaran
ing talatah Kanaan
nggih saperangan ‘kawula alit’
ingkang miskin
sacara kawontenan ringkih
ing kahananing kawontenan
Punika saestu badhe murugaken ciuting manah
ing pangandelipun dumateng ALLAH
ALLAH langkung mirsani kahanan punika
ALLAH sampun paring dhawuh pangandika
lumantar nabi-nabinipun
Lumantar nabi Yeheskiel
ingkang ugi ndherek kabuwang ing tanah Babil
Punapa karsanipun ALLAH :
langkung prekawis “pembuangan”
“penindasan” lan
‘kahanan ingkang mrihatosaken’ punika ?
( punapa karsanipun ALLAH ? )
ALLAH kagungan karsa :
1. Ngengetaken sabangsa Israel
bilih ALLAH ingkang badhe dados juru hakim
lan ugi ingkang sampun paring pepenget
bilih Yerusalem mesthi bakal lebur
luluh
Pepenget menika sampun kaparingaken
lah samangke sami saweg kedadosan
2. GUSTI ALLAH ugi ngengetaken bangsa sanes
ingkang nindhes
lan njelomprongake gesanging umat lan bangsa Israel
mesthi bakal badhe kahakimi ugi
3. Saestu ALLAH paring prajanji
lan paring panglipuran
kanggening Israel sabangsa :
Sasampunipun Yerusalem dumawah dumateng mengsah
makaten ugi bab “masa depan” ingkang mbingahaken
4. ALLAH ingkang kagungan karsa
ugi paring gegambaran
bab Bait ALLAH lan
bab bangsa ingkang kaenggalaken


Sadherek sapatunggilan
Perangan dhawuh pangandikanipun ALLAH punika …
Yeheskiel 36 : 22 – 30 kalawau
dados perangan alit
saking kitab YEHESKIEL bab 33 – 37,
nggih punika perangan ingkang kaping tiganipun
ingkang awujud nubuatan
utawi pamedar wangsiting ALLAH
bab prajanji-prajanjining ALLAH
lumantar nabi Yeheskiel
Nabi Yeheskiel
kautus ngengetaken lan
paring panglipur
kanggening umat ing tlatah pambuangan
bilih ALLAH badhe paring “pembaharuan”,
ALLAH badhe ngenggalaken
samukawis gesang pigesangan
ingkang wonten gandeng rentengipun
kaliyan “peribadatan” lan pangibadah


Patunggilan
Prajanjining ALLAH
ugi sesambetan kaliyan rancanganipun ALLAH
ingkang badhe ngesokaken ROHing ALLAH
tumpraping generasi enggal
ing bab kaimanan
( Mangga mangke dipun lajengaken piyambak maos saking
Kitab YEREMIA 31 : 23 – 40 ; YOEL 2 : 28 – 32 )
Bab kaimanan,
bab “peribadatan
ingkang dipun karsakaken ALLAH lumantaran nabinipun
nggih punika bab :
supadosa para umat generasi enggal
purun ngenggalaken
tata cara caraning pangibadah
ingkang mujudaken wontena
peribahan sikap
batos
ingkang kebak tanggel jawab,
punapa punika para umat :
jaler-estri, sepuh – enem, ageng – alit ……
karana sadayanipun punika
kapirsanan sami kalenggahanipun ing ngarsaning ALLAH
Wontena peribahan
( sumangga dipun pirsani malih saking
Kitab YEHESKIEL 18 : 1 – 4 ……
1.Tumuli ana pangandikane PANGERAN YEHUWAH
marang aku mangkene :
2.”Ana apa ta sira iku,
dene padha ngucapake tembung sesemonan iki
ana tanah Israel :
Para bapa padha mangan woh mentah
lan untune anak-anake padha dadi linu ?
3.Demi Ingsun kang gesang –
mangkono pangandikane PANGERAN YEHUWAH-
sira ora bakal ngucapake tembung sesemonan iki maneh
ana ing Israel.
4.Lah ta sakehing nyawa iku
INGSUN kang ndarbeni !
Apa nyawaning bapa
apa nyawaning anak
iku kagunganingSUN !
Dene wong kang nglakoni dosa,
iku kang kudu mati


Patunggilan ingkang dipun tresnani dening GUSTI YESUS
Makaten agenging sih katresnaning ALLAH
lumantaran dhawuh pangandika punika
kita ugi sami mangertosi
sapinten karsanipun ALLAH
supadosa para umat nggih kita sami
kedahipun mbangun pangabekti
ingkang setya tuhu
tulusing manah
batos
kebak ing piandel
lan ngutamekaken kesempatan kanggening ROHing ALLAH
makarya
yasa gesang kita
gesang kita badhe kaenggalaken malih
Lumantar bab prekawis punika
Sesambetan kaliyan ALLAH ingkang satuhu
mbuktekaken bilih ALLAH …
mboten karsa dipun najisaken ASMANipun
karana ALLAH punika suci kawontenanipun
Sinten ingkang kagungan
raos rumaos rahayu ing gesangipun
nggih punika tyang ingkang sami katuntunan dening ROHing ALLAH
Tolok ukur kasucening ALLAH lan
kaimanan ingkang satuhu
sampun dipun tedhahaken
lumantar patuladhaning Bapa Abraham
Tolok ukur kanggening ALLAH
nggih sanes bab “ras”,
“keturunan” utawi
“sabangsa pilihaning ALLAH”
bilih sadaya bangsa
ras keturunan
punika mboten manut
lan mboten njagi kasucening dhiri
nggih kasucening gesang sosialipun
Ing ayat 27 saking YEHESKIEL 36 …….
kaseratan dhawuh pangandika :
27.ROHing SUN
bakal SUNparingake
supaya dumunung ana ing batinira
sarta INGSUN
bakal ndadekake sira padha urip
manut sakehing katetepaningSUN
lan tansah nggondeli
tuwin nindakake pranatan-pranataningSUN


Patunggilan
Samangkya ugi
kita sami saged dados conto lan tuladha
kanggenipun sakathahing tyang
ing sapatunggilan kita
bilih ALLAH karsa ngesokaken ROHing ingkang suci
lan nucekaken gesang pigesangan kita
Kita sami saged dados umat kagunganing ALLAH
ingkang enggal
sabab umat ingkang sampun dipun dadosaken tuladha
ing kala kapengker
sampun dumawah ing dosa lan
mboten manut malih
kaliyan angger-angger lan pranathanipun ALLAH
Kados pundi kanggening saderek
ingkang sampun kaparingan ROHing ALLAH ?
Saderek kalawau
mesthi nggadahi gesang enggal
gesang ing tatanan ingkang enggal
jaman lan “suasana”
kawontenan enggal
nggih punika kawontenan
ingkang kebak sih rahmat lan tentrem rahayu
Sabab bilih ALLAH ngesokake ROHipun
ing ngriku ugi wonten kakiyatan
power”-ing ALLAH
nggih wontenotoritas”-ipun ALLAH
panguwasanipun ALLAH
Nuwuhaken
Nyiptakaken
“umat teladhan” ingkang saged dados contho
punika sadaya “inisiatip”-ipun ALLAH PRIBADI
Sadherek utawi umat
ingkang kawuwuhan lan kaesokan dening ROHing ALLAH
Mesthi manah
batosipun
katuntunan lan katunggil
kasagedaken lan kasadharaken
badhe saged nindakaken sadaya katetepan,
nggondeli pranathan-pranathaning ALLAH
kanthi sukarilaning manah
Makaten ugi
sadherek utawi “umat teladhan” kalawau
nggih mesthi saged anepangi lan “memahami”
bab gesang pigesangan ingkang sayektos
gesang karana “kenal
gesang karana wanuh dumateng ALLAHipun
Menika SANG ROH SUCI ingkang ngajar- mulang wuruk
Menika SANG ROH ingkang paring piwulang sacara pribadi
kados pundi kedahipun gesang manut miturut karsanipun ALLAH
Umat ingkang kaenggalaken
anamung saged gesang nyumber
lulut
manut ing ALLAH
Ka-upadaya
sadaya kawanuhanipun,
pengenalannya”,
perjumpaannya” akaliyan ALLAH
kanthia jero
secara mendalam
saengga sadaya bab prekawis
ing-pigesanganipun
karesepan dening swasana lan
kawontenan ing nuansa bekti
dumateng ALLAH
Bilih wonten saperangan gesang sosial kaliyan sadherek sanes,
makaten ugi
bilih wonten gesang pigesangan sacara ekonomi,
politik,
budaya
sadaya kalawau kawangun kalambaran mawi
kasadaran “etis moral”
ingkang luhur
inggih punika tatanan gesang ingkang dados
kaca benggalaning
tentrem rahayu peparinging ALLAH

Patunggilan ingkang dipun tresnani dening GUSTI YESUS
Kita samangke kapiji dados pandhereking ALLAH
ingkang satuhu
sampun ngalami pambanguning iman kapitadosan
ingkang punjeripun saking ALLAH

Patunggilan
Kita samangke dados rencang dameling ALLAH
dados tuladha kanggening sakathahing tyang
ingkang dereng nderek pitados utawi
dereng nindakaken sadaya karsanipun ALLAH
Sampurna lan kasagedan kita punika
pujering saking ALLAH
Mboten wonten ingkang nglaha malih
bilih ALLAH PRIBADI ingkang tumindak paring kasagedan
dumateng para umatipun
Sabangsa Israel
ugi makaten dumateng dhiri kita
Saestu
sadaya bab prekawis ingkang saestu-estu ndatengaken kasisahan,
karingkihan
sadaya punika saged kawangsulaken malih
dados sae lan mbingahaken
awit ALLAH sampun paring prajanji bab punika
Sumangga kita dados timbalan ingkang enggal
lan kaenggalaken ing iman kapitadosan
lan ing tindak tumindak pangabekti kita
anamung kangge netepi sadaya tata pranataning ALLAH
Patunggilan
Saestu gesang manut miturut kawicaksanan mistik Jawi
ugi saged mbiyantoni kita
angger kita
nindakaken pangibadah ingkang leres
Pangibadah ingkang punjeripun saking ALLAH
karana kakiyataning ROH
lan panguawasaning pasucenipun ALLAH
ing sikap bekti,
taat
nindakaken dhawuh pangandikanipun
saged ndadosaken dhirining manungsa
nggih dhiri kita para umat
kebak ing sih katresnan,
kabingahan,
sabar,
alusing budi
lan sanes-sanesipun
kados dene ingkang kaserat
ing kitab Galati 5 ayat 22
Bilih wontenpersoalan”,
“masalah” ing gesang kita
tamtu sadaya punika karana sumberipun
saking oyod-oyoding dosa
kadosan kita

Patunggilan
Tuladha iman saking sok sintena tyang
punika saestunipun ing dhirinipun tyang kalawau
wonten sifat Ilahi
ananging dhirinipun mboten nganggep
lan mboten ndadosaken dhirinipun
sombong sacara rohani
Tyang kalawau sampun ngosongaken dhirinipun
ALLAH ingkang sampun “mengosongkan diriNYA”
sampun dados sami kaliyan manungsa ingkang nistha punika
ALLAH ing ndalem GUSTI YESUS
ingkang sampun dados tuladha agung
tumpraping gesang kita para manungsa
“Citra”
pasemoning ALLAH
wonten dhirinipun GUSTI YESUS
Sanadyan ta GUSTI YESUS sami sesrawungan kaliyan manungsa
ingkang tumindak dosa
DHIRI-nipun mboten nate dumawah ing dosa
Piwucalipun GUSTI YESUS :
Kita kedah saged
mboten males kejahatan kaliyan kejahatan
ananging kita kedah ….
ngawonaken kejahatan kaliyan kasaenan
Masalah kasucen ing batin
mboten ateges kanggening dhiri pribadi kemawon
ingkang dados saleh utawi mursid
Ananging kamursidan dhiri
kedah ugi ndadosaken kamursidan sosial
Kados dene ingkang sampun kalampahan …
Ing perangan cariyos Matius 14 : 16 …….
16. Nanging GUSTI YESUS ngandika
marang para sakabate :
“Ora usah padha lunga, kowe wae padha menehana mangan”
Ing cariyos punika
para sakabat paring usul ….
supados tyang kathah ingkang nderekaken GUSTI YESUS
kasuwun diutus wangsul kemawon
karana mboten wonten tetedhan
Ananging GUSTI YESUS paring tuladha lan piwucal :
Urusan weteng,
urusan madharan,
urusan duniawi
ugi dados bagian tanggel jawabing iman
Makaten para sadherek
iba patuladhan lan contho
saking sok sintena tyang
lan ugi saking DHIRI PRIBADI-ning GUSTI YESUS
nedahaken bilih
“mengosongkan” dhiri
lan kaisia dhiri kita punika
dening bab iman kapitadosan
ingkang satuhu dumateng panuntuning ALLAH
Patunggilan
makaten ugi tumpraping nubuatan
utawi pamedhar wangsiting nabi YEHESKIEL :
bilih mangke badhe wonten jaman enggal
Nggih ing jaman kita samangkya ugi
kita sadaya saged kasebat
manungsa enggal
ingkang gesang lan ngrasuk gesang ngener
lan anyenyumber,
berpusat
anamung saking sih kanugrahan
peparinging ALLAH
Kita …
dadosa manungsa ingkang setya
ing batos
lan nggadahi rasa leres
ing tumindak “praktek”
ing gesang pigesangan punika …
adedhasar Sabdaning ALLAH


AMIN
LITURGI IBADAH MINGGU


1. VOTUM : (Jumeneng)
KPK 25 : 1, 2 Ngabekti mring GUSTI

2. INTROITUS : JABUR / MASMUR 16 :
Aku ngalembana marang SANG YEHUWAH,
kang paring pitedah marang aku;
malah ing wayah bengi
aku digegulang dening telenging batinku
KPK 60 : 1, 2, 5 ALLAH pangen kula
3. PENGAKEN DOSA : …Matius 22 : 37 - 40

4. KPK 46 : 1, 2, 4 Panelangsa
5. PAWARTOS RAHAJENG :
YESAYA 30 : 18
Awit saka iku
PANGERAN YEHUWAH ngantos-antos
marang wektune
anggone bakal ngatingalake katresnane
marang kowe kabeh;
mulane banjur jumeneng
arep nandukake kawelasan
marang kowe kabeh.
Amarga PANGERAN YEHUWAH
iku GUSTI ALLAH kang adil;
rahayu sakehe wong kang nganti-anti
marang PANJENENGANE !
6. PENGAKEN IMAN RASULI
KPK 165 : 1 Jatining katresnan
7. PELADOSAN FIRMAN :
PANDONGA:
PAMAOSING KITAB SUCI : MARKUS 2 : 18 - 22
KOTBAH … GUSTI MUGI MELASI KAWULA
8. PANDONGA SYAFAAT :

9. PAMISUNGSUNG :
Dasar :
KPK 186 : 1 - … Pisusungsung konjuk mring GUSTI
PANDONGA :

10. PENGUTUSAN & BERKAT :
KPK 341 Pamuji bakda winulang