Jumat, 26 Februari 2010

KAELONG MALAH DADOS TAMBAH

Kamis, 29 Januari 2009


PARA  RAJA  17  :  7  -  16

Patunggilan ingkang katresnanan dening GUSTI  YESUS
kita samangke sami cecawis
anggen kita badhe mapag
 riyadin unduh-unduh /
 hari raya persembahan
ingkang badhe kaleksanan


Patunggilan
 kita samangkya
dados tyang ingkang saestu pidados
 bilih ALLAH sampun paring berkah kacekapan
tumprap diri kita
makaten ugi  tumpraping brayat kita
lan sapasamuaning ALLAH

kabeh wus kaparingan dhawuh
bilih ALLAH
saestu tansah mboten negakaken kita
 ing samukawis prekawis

Dinten punika
cekap kangge dinten samangkya
Mbenjang
ALLAH badhe ngaturi kacekapan malih
 sampun ta kita sami sumelang
 awit kita katresnanan dening ALLAH

Patunggilan
ALLAH rawuh dumateng kita ing wekdal samangke
Ing dalu punika
 kanthi reraosan ingkang sami nembe kita pireng
 lan ingkang nembe kita waos kalawau
ALLAH rawuh
lumantaran abdinipun ELIA
ing reraosan kalawau
ELIA sang nabinipun ALLAH
 saweg kaancam
dening prabu Akhab, rajaning Israel
ingkang sampun nilar dumateng ALLAH
 mboten tresna malih dumateng ALLAH
sami nggegayuh karsanipun pribadi
 anggenipun sesomahan
 mundhut Izabel
dados pendamping gesangipun
karana makaten para saderek
sang nata punika
sampun katut nilar ALLAH
 kagantos memuja dumateng allah sanes
nggih punika dewa Baal

Sesambetan kaliyan cariyos punika
ALLAH ngutus ELIA
sowan dumateng Akhab
paring pepenget lan ngaturi ipat-ipat
bilih ALLAH badhe ndawahaken paukuman
 ingkang awujud mboten wontenipun jawah
pinten-pinten tahun.



 Alamatan siti pasiten sami dados garing,
mboten ngasilaken tetaneman ingkang ngedalaken woh
panenan
Pailan ageng kalampahan
 ing Israel ing kala semanten

Patunggilan
karana bab makaten
 nabi ELIA kapurih pinejahan dening prabu Akhab,
 kaarah patinipun

Patunggilan
Sang prabu Akhab ngudi
nyepeng lan mejahi nabinipun ALLAH
 ananging ALLAH paring dhawuh dumateng ELIA
 supadosa pindah
 nebih
ing sapinggiring lepen Kerit
ing mriku taksih wonten
sakedik toyanipun
lan belik sumber ingkang alit
 ananging taksih saged nyekapi kabutuhaning sang nabi.

Sanjawi punika
ALLAH nggih paring pangrimatan
 dumateng nabi ELIA
awujud tetedhan
ingkang kakintun dening manuk gagak
awujud roti lan daging

Tetedhan punika
 mboten wonten telasipun
ananging sumber lan toyaning lepen Kerit sami asat
Pramila punika, para saderek
ALLAH ngutus nabi ELIA
pindah dumateng tlatah Sarfat
 ing mriku GUSTI  ALLAH paring pranatan
bilih nabi ELIA badhe pepanggihan kaliyan mbok randha
 ing Sarfat

Kanthi makaten
 ALLAH ngutus abdinipun
 pindah malih ngungsi ing daerah Sarfat

Patunggilkan
 cekaking carita
 ALLAH ndhawuhi mbok randha
lumantaran nabinipun ELIA
 lantaran lesaning ELIA
 ALLAH mangandika ……..
“Aku mbok kok jupukake
banyu ing kendhi sathithik bae
arep dak ombe”

ingkang kaping kalih dhawuhipun ………..
“Aku mbok kok jupukake
roti uga,
sairis bae”

Para saderek sapatunggilan
ALLAH ngaturi pirsa
bilih nabi punika
awujud utusaning ALLAH
 nggih ALLAH pribadi
 ingkang ngandika ing samukawis prekawis

Sagenggem tepung
lan sak jeran lisah punika
 kemawon ingkang kagadahan dening mbok randha
ananging piyambakipun
 mboten nyukengi
 barang darbekipun
awit ing manahipun mbok randha
sampun tuwuh raos reraosan
bilih abdi punika abdinipun ALLAH
 punapa saking cara sesrawungan
ingkang andhap alus ing budi
utawi katithik saking
cara-caranipun manganggo agemanipun
utawi saking tingkah polahipun
lan cara-caranipun mangandika ….

Ing wekdal kasuwunan toya
 ingkang badhe kaombe
mbok randha mboten etang-etangan
lan gampil paring
lan badhe mendhetaken
 ananging nalika kasuwunan
roti kangge ngganjel luwe,
dhahar punapa mangke salajengipun
 kangge dhirinipun
ugi kangge anak-anakipun

kaaturan wangsul dumateng nabinipun ALLAH
bilih tepung lan lisah punika
 ingkang pungkasan ….
mbenjang mboten wonten malih
nanging kinanthenan kaprihatinan agung
 piyambakipun tetep ngaturi pirsa
 bilih mbenjang anamung wonten “pejah”

 sebab sampun mboten wonten tetedhan malih
ingkang saged dipun tedha

Samakya kula badhe pados iprik-iprik
Kawula  badhe damel roti
sesautanipun mbok randha
mbenjang mboten wonten malih !

Patunggilan
dhawuh pangandikanipun ALLAH
lumantaran nabinipun :
nyuwun mundhut dipun damelaken rumiyin :
roti alit bundher.

Sesambetan kaliyan bab punika,
ALLAH nguji imanipun mbok randha
bab ngaturaken sesaosan,
nyaosaken tumprap tyang sanes
punika dumateng abdinipun ALLAH
 utawi dumateng ALLAH pribadi ?

Sanyatanipun si mbok randha
 nggih mbangun turut
 nglampahi punapa ingkang kasuwunan
dening nabining ALLAH

Sanajan ing gesangipun sampun kaelong
 kapundhutan
lan ing tembe mboten kapikir malih
 saged gesang punapa mboten
si mbok randha kalawau
 sami tandhang ……
ndamelaken roti
ing wiwitan
kasaosaken
 lajeng sisanipun
 kangge dirinipun
lan anak-anakipun

Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Rikala samaten
 ALLAH nggih tetep paring dhawuh
lumantaran nabinipun ELIA

Saestu
 berkahing iman ingkang pitados
 bilih kita sami ugi saged kados dene
si mbok randha ingkang nggatosaken masalah
 miturut dhawuh pangandika
sanajan ta nggadahi barang darbek sakedhik
ananging mboten nyukengi
sadaya sami kaaturaken
kangge tyang sanes
 punapa dene kangge ALLAH
ingkang kagungan karsa paring berkah
mesthi sadaya prekawis ing gesang kita
 badhe kaparingan luwih saha kaluberan
saking sadaya kabetahaning gesang

Si mbok randha
dalasan putra
 lan nabining ALLAH
 ELIA
mboten kaliren
 lan mboten kakirangan tetedhan
ing wanci pailan punika
ananging luber ing samukawis tedhan

Pancen para saderek sapatunggilan
prekawis punika
saestu ngedap-edapi
mboten gampil dipun lalekaken
 mboten sami kaliyan cariyos sanesipun  
punapa ingkang saweg kaalaman ing dusun Sarfat punika
ALLAH nggih  netepi
sadaya dhawuh pangandikanipun
 ingkang sampun kawedaraken
dumateng abdinipun ELIA

Mboten wonten tyang ingkang dipun jangkung dening ALLAH
 ing wanci tembe badhe katilar
lan mboten karimatan

ALLAH mboten badhe kesupen tumrap sadaya prajajinipun
sanadyan ta gesang kita
 tinempuh ing prahara
 punapa kemawon
kita kedah saged netepi dhawuhipun ALLAH
ngrumiyinaken misungsungaken
saperangan alit
kangge kaluhuranipun ALLAH

Nyuda barang darbek kita
 kangge saos syukur
bilih ALLAH taksih nunggil ing gesang kita
ngantos dumugeng dinten punika

Makaten para saderek sapatunggilan
 punapa ingkang sami kalampahan dening randha ing Sarfat
 ing kala kapengker ing jamanipun ELIA
nabinipun ALLAH

Samangke kita
 nggih sami kadadar dadosa saged
nuladha saperang tingkah polahipun ELIA
punapa malih abdining ALLAH sanesipun
 ing wekdal ALLAH makarya
nindakaken sadaya rancanganipun
kalebet dumateng randha kalawau
ing rancangan gesangipun
wonten  ing ndalem GUSTI  ALLAH

Patunggilan
 kita ugi pitados
 bilih kita,
lan pasumuwaning ALLAH
nggih sadaya sasederek sapatunggilan
 ing greja  GKJW Suwaru punika
sami  kawengku ing rancanganing ALLAH
 makaten ugi sadaya priyantun ingkang jejibahan
 ing greja punika
 punapa punika warga ingkang kapiji dados majelising jemaat,
 nggih ingkang lenggah ing badan-badan pembantu
 makaten ugi ing sadaya jejibahaning jemaat punika
 termasuk bapa pandita lan sanes-sanesipun malih

Kita rumaos
bilih kita samangke wonten ing salebeting karsaning ALLAH
 kenging menapa kita
taksih asring dereng saged lumampah
 nindakaken karsaning ALLAH
 kita taksih asring nyukengi barang darbek kita
kita asring nglirwakaken dhawuh pangandikanipun ALLAH
sami kuwatos kakirangan bilih maringaken,
 misungsungaken sadhengah darbek kita,
aku mengko,
brayatku mengko
mangan apa ….
yen kabeh dak pisusungsungake ?

Patunggilan
 punika sajatosipun diri kita
 ing wekdal samangke …….

ALLAH rawuh ngengetaken dumateng kita
 lan paring dhawuh :
aja kuwatir bab uripmu
 ALLAH ingkang mranata
bilih kita kedah tetep sageda nyawisaken
 saperangan barang darbek kita
kangge pamisungsung kagem ALLAH

Sugeng nindakaken pakaryaning ALLAH
GUSTI YESUS mberkahi kita

AMIN

Sekedap malih kita lumebet
 riyadin undhuh-undhuh
sumangga kita sami cecawis
ing kabingahan ing awal tahun 2009 punika
 mesthi sadaya badhe njalari greja kita
 kacekapan ing dana lan daya
anggenipun ngayahi sadaya program paladosanipun.

Wuwuhing iman kapitadosanipun sadaya  saderek sapasamuan
Nggih njalari kababaring mukjijating ALLAH
 sacara raga,
tata lair
ugi ing batos kita
kados dene ingkang kaalaman
dening si mbok randha ing Sarfat





1.      Votum/Berkat
2.      Pamuji Kipas  133  : 1, 2
Pamarta kula
3.      Ndedonga
4.      Pembacaan Alkitab : I Para raja 17 : 7 - 1
5.      Pamuji Kipas  127  : 1, 2
Pangandel
6.     KOTBAH …..
7.      Pamuji Kipas  127  : 3
Pangandel
                               8.      Doa syafaat :                     
Memuji  Kipas  128  : 1, 2, 3
Kinanthi ing GUSTI
9.      Berkat