Rabu, 24 Maret 2010

BOPENGIPUN BAL GOLF



Kamis, 25  Maret 2010




BOPENGIPUN   
BAL  GOLF




ROMA  8  :  18  -  30



Patunggilan ingkang kinasihan
dening GUSTI  YESUS
Sapinten agenging gesang
 katresanan kita
 dumateng ALLAH
 menika nedahaken
 agenging dosa kalepatan kita
ingkang sampun kaluwaran
 dening ALLAH

Sumangga
 kita tansah nresnani
 ing sawetahing gesang kita
GUSTI  YESUS
 amberkahi kita sami

Ing waosan kita 
kasebataken
 bilih GUSTI  YESUS
 ngarsakaken tumrap kita sadaya
 supadosa manut
 lan
 netepi
sadaya dhawuhipun
 ing ayat 17 …

Dene menawa kita iki
dadi iya ahli waris,
tegese wong kang padha nduweni hak
nampani prasetyane ALLAH,
kang bakal katampa bebarengan karo KRISTUS,
yaiku manawa kita padha
dherek nadhang sangsara karo PANJENENGANe,
 supaya kita iya ndherek kamulyakake
bareng karo PANJENENGANe


Patunggilan ingkang kinasihan
dening GUSTI  YESUS
Sumangga 
kita sinau 
saking gegambaran bal golf

Bal gol menika
 benten kaliyan bal ping pong

Bilih bal ping pong 
kotong isine 
lan
 entheng

 kadamel saking bahan 
kados plastik

benten kaliyan bal golf 
ingkang kadamel saking bahan kulit

 menika padhet
 rapet isinipun
lan 
malih
 ingkang mbentenaken kekalihipun 
nggih menika
 wujudipun bunder
 nanging mulus –
licin 
kanggening bal ping pong

ananging bal golf
 menika mboten rata 
lan
 mboten mulus
 karana kados wonten bopeng-bopengipun
kados dene 
tyang ingkang nate
 kenging penyakit cacar

Kenging menapa sadherek
 bal golf
 kayasa makaten….

Karana bilih kadamel mulus wujudipun…
Bal menika 
bilih kasawataken 
utawi
 kagepuk
dening stik 
utawi 
‘tongkat pemukul’



mboten saged tebih
 anggenipun dhawah,
‘daya jangkau’nipun
 anamung antawis 119 meter

Ananging 
bilih sampun kaparingan-
kabentuk bopeng-bopeng 
‘daya tempuh’ipun
 ngantos tikel kalihipun

Rupinipun 
awujud bopeng-bopeng kalawau
 saged ngirangi ‘daya gesek’
 kaliyan angin
 utawi 
‘udara’
lan 
nyagedaken bal kalawau
 miber dhuwur 
ugi langkung tebih


Patunggilan ingkang kinasihan
dening GUSTI  YESUS
Gesang kita samangkya ugi
mboten mulus

mesti wonten bopeng-bopengipun
 kados dene bal golf kalawau

 kenging menapa
 kita ugi kedah 
sami kaliyan SANG  KRISTUS
 ingkang ngalami kasangsaraning gesang
ing satengahing jagad punika ?



Patunggilan ingkang kinasihan
dening GUSTI  YESUS
Kanthi pengalaman ingkang rekaos
sawekdal kita ngiringaken GUSTI  YESUS
 ing pigesangan kita 
saben dintenipun

GUSTI  YESUS ngeparengaken dumateng kita
 ugi ngicipi
 sakedhik prekawis
 ingkang sampun kasandang 
dening PUTRANING ALLAH,
 nggih GUSTI kita YESUS

Kanthi ngicipi sakedhik
 bab kasangsara
 ing gesang kula 
lan 
panjenengan menika
 sageda ndadosaken kula 
lan
 panjenengan
saya rumaket 
kaliyan ALLAH

Momotan…
sedhihing batos…
lan 
pengalaman-pengalaman pahit
 punapa kemawon
ingkang nempuh gesang kita
 mesthi badhe
 saged mangun kaimanan-
kapitadosan kita 
dumateng ALLAH

Kanthi makaten
 GUSTI  ALLAH 
pancen ngeparengaken dumateng kita
 supados
 ugi ngicipi 
salibing GUSTI  YESUS,
 kita ugi kedah
 manggul salibing gesang kita
 piyambak-piyambak 
GUSTI mesti badhe paring
 kakiyatan 
lan
 kasagedan
 tumprap kita

Ing ayat 29 kasebataken…
Marga wong kabeh 
kang wis kapilih 
saka ing wiwitan
dening PANJENENGANe,
iku iya katemtokaake 
saka ing wiwitan
dadi madha rupa 
karo citrane KANG  PUTRA,
supaya KANG  PUTRA 
iku dadi pambarep
ana ing antarane sadulur kabeh.



Patunggilan ingkang kinasihan
dening GUSTI  YESUS
Sapinten 
kakiyataning gesang kita 
ndherekaken GUSTI  YESUS 
makaten katresnaning ALLAH 
kaluberaken dumateng kita,

sanajan ta kita papa,
mboten nggadhahi
 barang ingkang mijilipun 
saking jagad punika
 kita rak katunggil
 lan
 kapringan kiyat kasantosan
 dening ROH  SUCI,

ROH  SUCI  PRIBADI
 ingkang paring pambyantu
dumateng kita
supados kita
 saged uwal
 saking sambikala

Ing ayat 26 kasebataken…
Mangkono uga 
ROH
 iya mbiyantoni kita
 ing sajroning karingkihan kita;
awit
 kita ora mangerti
kepriye kudune
 anggon kita ndendonga;

nanging ROH piyambak
ngaturake panyuwun
 marang ALLAH,
kanthi pasambat 
kang ora kaucapake.


Patunggilan ingkang kinasihan
dening GUSTI  YESUS
Sematen
 agenging sih katresnanipun ALLAH
dumateng kita
ngantos purun nata
 lan 
mranata gesang kita
lan
 nyagedaken kita
 sowan mareg
ugi ngaturaken 
sadaya momotaning gesang kita
dumateng ALLAH.

ALLAH
 ingkang nyagedaken kita 
sowan
 lan 
ndedonga

GUSTI  ALLAH
 mesthi badhe myarsakaken
 pasambat kita
 ing sawekdal 
kita ndedonga

Ayat 28 …
Saiki 
kita padha mangerti,
yen ALLAH 
uga makarya
 ana ing samubarang kabeh,
minangka becike 
wong kang padha tresna
 marang PANJENENGANne,
 yaiku para timbalan
 miturut
 ing karsane ALLAH


Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Rinten dalu
 kita kedah masrahaken gesang kita 
dumateng ALLAH,
 makaten kahananing gesang kita
 kacetak-
kayasa-
kabentuk

kados dene bal golf
 ingkang bopeng-bopeng
 supadosa kita tambah kiyat
lan 
nampeni kekiyatan 
saking ALLAH,

langkung-langkung 
kita sami
ingkang kaparingan jejibahan
 ing peladosan
kados ingkang sampun kaseratan 
ing ayat 28 
kalawau :
GUSTI  ALLAH 
uga makarya 
ana ing samubarang kabeh

ALLAH ngersakaken dumateng kita
supados tetep netepi peladosan
 ing samukawis prekawis
ing sauruting gesang kita

Rasul Paulus
 nate paring pepenget :
supados 
srana iman kapitadosan kita….

”yen sangsara ing jaman saiki
 iku ora paja-paja
 timbang yen katandhing
karo kamulyan 
kang bakal kalairake 
marang kita”

Sumangga
 sanadyan awrat lampah gesang kita
ing wekdal samangke,
 kita datan wigih, 
lesah ing manah
lajeng
 kecalan pangajeng-ajenging iman

Sumangga 
kita lumebet 
ing pengetan kamulyaning ALLAH
ing pundi GUSTI YESUS  PRIBADI
 sampun nyawisi …
nindakaken PASKAH,
 riyadin JUMAT  AGUNG
kangge sok sintena tyang
ingkang sampun ngakeni
lan 
purun ngetut wingking 
GUSTI  YESUS

 nyenyuwun …
mugi GUSTI ALLAH  PRIBADI
ingkang amberkahi kita
ing dinten samangke
 ngantos salami-laminipun

AMIN









1.      Votum/Berkat
2.      Pamuji Kipas  133  : 1, 2
Pamarta kula
3.      Ndedonga :
4.      Pembacaan Alkitab : ROMA  8  :  18  -  30
 5.      Pamuji Kipas  145  : 1, 3
Ayem ing manah
6.      KOTBAH …..
 7.      Pamuji Kipas  136  : 1, 2
GUSTI  pangungsen kula
8.      Doa syafaat :
Memuji  Kipas  128  : 1,  3
Kinanthi ing GUSTI
9.      Berkat