Jumat, 19 Maret 2010

ANAK PANGANTEN SEKALIAN ALLAH PARING DHAWUH


ANAK   PANGANTEN  SEKALIAN
ALLAH   PARING  DHAWUH

DCN  &  ES

ALLAH rawuh ana ing gesang kita
paring dhawuh pangandika tumrap brayat kita

Semana sih katresnananing ALLAH
paring kesempatan tumrap kita
 anggen kita nindakaken gesang
 manut nurut ing sapangrehing ALLAH

Apa kang wus kaparingake
 iku dadi berkah tumrap kita
Sisihan jodho kang sembada
iku sisihan ingkang ALLAH parengake  kangge kita
Sapira gedhene sih katresnan kita marang sisihan kita
iku kudu  ngluwihi somah marang wong tuwane
Awit ALLAH wus nyatunggalake
 loro dadi siji,
Siji ing ngarsane ALLAH

Saderek ingkang katresnanan dening GUSTI  YESUS
Kita sami sampun dados piranti
alating ALLAH
 ing brayat enggal
 kudune mung tansah ngunggulake
 sih katresnaning ALLAH
 ngluwihi samubarang kang ana ing jagad

Punjering urip santosa sacara lair batin
bilih gesang kita
anamung ana ing panuntuning ALLAH
Prayogi linuwuh iku ana
 ing salawase urip kita bebrayatan
 anggen kita padha ngudi
lan nindakake sapangrehing paprentahing
ALLAH
nunggil 
nuntun
 nuweni
brayat kita

Ayo kita pasrahake
 samubarang kang ana ing satengahing brayat kita
Siji masalah,
rong masalah
 telung prakara lan
 papat prakara
dadi prasasat
 kita mung lumaku ing panuntuning ALLAH

Sepisan,
 pindho,
telu,
papat
kabeh ana ing pangrehing ALLAH

Sabanjure kita lumadi ing karsane ALLAH
Berkah kacukupan iku asale saka ALLAH
Poma kita kaparingan putra
iku dadi berkah
angger kita padha sengkut ngabekti dumateng ALLAH
punapa ingkang kita alami
aja mlaku dhewe
 kudune sengkut  ugi
 pasrah ana ing pandonga
 nyuwun panuntuning ALLAH
gedhe ciliking prakara ing brayat
ALLAH mesthi pirsa lan
kita ngaturi ALLAH
 nuntuna kita sabrayat
ALLAH ingkang dadi punjering berkah
 kabingahan lan kakuatan kita

Punjering kakiyatan iku
anamung ALLAH ingkang kita bekteni
ALLAH kita
 ingkang kita suwuni

Nyenyuwuna ing samubarang prakara
mesthi kakiyatan lan kaentengan kang sumunar ing brayat kita
 kakuatiran ora ana

 Brayat kita mesthi ngalami kahanan ingkang ewet
 ananging ALLAH mboten negakake
 pramila aja nyingkur ALLAH
 ing sadengah prakara ingkang saweg nempuh ing brayat kita

Tumindak adil lan bener miturut panuntuning ALLAH
kita sami ngadepi bebrayatan enggal lan
 kanggo salawase urip
pegat nyawa kita
mungkasi katresnan kita
tumrap saderek sabrayat
sisihan kita

Iba bungahing katresnan
 ingkang sejati
ana ing gesang patunggilan salawase
ing dina-dinane bebrayatan kita

ALLAH mberkahi kita
AMIN