Rabu, 11 Agustus 2010

WARISAN MORAL KANGGE PARA NEM-NEMANIPUN BANGSA

Ibadah Minggu
2007









WARISAN  MORAL
KANGGE
PARA  NEM-NEMANIPUN
BANGSA







JABUR  144  :  1 - 15






12
Mugi-mugi 
anak-anak kawula jaler 
sami dadosa tetaneman,
ingkang thukul 
dados ageng
ing nalika enemipun 
sarta anak-anak kawula estri 
sami dadosa saka-saka pojokan, 
ingkang dipun tatahi 
kangge yeyasan kraton









Patunggilan 
ingkang dipun tresnani dening GUSTI  YESUS
Kita samangke 
sami kaparingan wekdal niti priksa
menggah kawontenaning gesang 
bebrayatan kita

Ingkang sampun kaparingan yoga-
momongan tumprap kita,
para bebrayating ALLAH

Punapa punika 
yoga utawi
putra kandung
anak angkat utawi 
asil adopsi
punpa menika 
anak-anaking pasamuwan
ingkang sampun
dipun pitadosaken dumateng kita
supadosa kita menika 
ngrawat
lan nggulawentah
nggih paring pambyantu
ing perkembanganing iman lan
sapiturutipun ?
sampun ta kita alami lan
kita lampahi ?


Patunggilan,
Sanajan ta kita punika 
samangke 
mboten kaparingan yoga lan
putra
sajatosipun kita punika 
taksih tetep anggadahi tugas 
tanggel jawab
bab nggulawentah
putra-putraning ALLAH 
ing satengahing pasamuwan ....
punapa ingkang kita tindakaken
ing satengahing bangsa lan 
nagari punika ...
dadosa kita punika 
pendidik-
guru utawi
dados petani- 
buruh macul
pedagang- 
buruh kuli 
lan sanes-sanesipun malih
kados dene 
"mata pencaharian kita 
piyambak-piyambak"
ing wekdal samangke

Kita tetep nggadahi 
tugas lan tanggel jawab
dumateng perkembanganing 
"anak-anaking ALLAH"
nggih putra-putraning ALLAH

Kita taksih ngengeti 
bab prajanji kita
punapa kita sagah
bilih mbenjang kaparingan putra-
momongan
kita nggih bakal badhe paring pangrimatan ?!

Saenget kita,
kita satunggal-satungalipun
nate paring panjawab 
bab prekawis pitakenan punika
sabab kita 
sampun kadaupaken dening ALLAH

ALLAH 
ugi paring prajanji
nggih badhe paring 
kasagedan lan
kemampuan dumateng kita
dumateng satunggal-satunggaling pribadi
ingkang sampun 
dados "pribadining barayating"
ALLAH
ing satengahing kulawarganing 
ALLAH


Patunggilan....
Kados pundi kangge kita
ingkang mboten nggadahi manah-
mboten badhe nenikahan ?

GUSTI  ALLAH
inggih paring kawontenan 
bab punika ....
gesang "lajang" utawi 
mboten jejodoan

GUSTI  ALLAH
nggih paring kebebasan 
dumateng kita
angger kita 
mboten damel dosa lan
sapikajeng kita
piyambak

Kita kedah tetep suci
ing ngarsanipun ALLAH
sanajan ta kita 
mboten jejodohan
ananging kita 
taksih kaparingan tugas
kados dene para tiyang 
ingkang sami jejodohan
ing gesangipun
nggulawentah 
"putra-putraning ALLAH"
Para putraning ALLAH
punika ugi dados
tanggel jawab kita
ingkang mboten jejodohan

Kita enget 
bab Rasul Paulus
ingkang ugi mboten jejodohan
ananging sregep paring piwucal
dumateng para nem-nemaning ALLAH
ing pundi piyambakipun 
pinanggihan kalih 
nem-neman punika
ing pakunjaran
ing pundi piyambakipun 
nate serawungan
kaliyan para nem-neman
kalawau
mesthi Rasul Paulus
menika memucal

Kathah cara lan
kathah permasalahan
ingkang kedah kaparingaken 
dumateng "nem-nemaning Rasul Paulus"
kados dene Timotius
kaparingan pitedah lan pambereg
supadosa dadosa nem-neman
ingkang prayogi lan
saged dados tuladha
dadosa nem-neman 
ingkang tangguh 
ing iman kapitadosanipun

Sinten ta Rasul Paulus punika ?
Punapa kagungan putra ?
punapa pribadinipun mboten nglirwakaken
tugas tanggel jawabipun ?

Mboten para sadherek
mboten nglirwakaken
tugas tanggel jawabipun 
Pribadining Rasul Paulus menika ...
pribadi ingkang nggayuh pelayanan-
peladosan
ingkang saestu-estu 
kagem kaluhuraning ALLAH
piyambakipun 
ngendelaken gesang-pigesangan
ingkang suci
"Anak-anaking Rasul Paulus"
nggih anak-anaking pasamuwan-
para putraning ALLAH

Gesang
mboten jejodohan punika 
sanes satunggaling kakirangan
wonten ing ngarsanipun ALLAH

Ananging gesang
ingkang mboten paring pangrimatan
dumateng para nem-neman utawi
para putraning ALLAH
punika satunggaling kakirangan
ing ngarsanipun ALLAH


Patunggilan ingkang kinasihan 
dening GUSTI  YESUS
Punapa kita saged tumindak suci lan
ugi kebak tanggel jawab 
dumateng ALLAH ?

Kita mliginipun
ingkang sampun bebrayatan 
kagungan momongan
putra- 
wayah
kagungan tanggel jawab

Pundi ingkang wigatos lan
ugi penting
katindakaken
ing sauruting gesang kita ?

Nem-neman kita 
ing jaman samangke
mbetahaken pamomong
panuntun lan
panggulawentah

Sampurnaning gesang kita ....
bilih kita 
sampun nindakaken sadaya dhawuh
pangandikanipun ALLAH

Sasampurnaning gesang kita 
bilih kita sampun sami
mbudi daya
sudah
"berusaha 
memperjuangkan kemajuan-kemajuan" 
kangge generasi 
ing ngandap kita

Kanthi manah ingkang cumawis
masrahaken gesang
ing panuntuning ALLAH
mesthi 
kita badhe kinantenan kasagedan

Anak-anaking pasamuwan
para nem-neman kita
nggih para putraning ALLAH
bakal badhe tuwuh-tumuwuh
ngrembaka 
kados dene tetaneman;
Anak-anak jaler kita

Bilih anak-anak estri kita
badhe dados 
sesawangan 
ingkang endah lan 
dados reraosan
ingkang nengsemaken manah
kados dene
saka-saka pojokaning kraton 
ingkang katatah 
kanthi sae lan alus


Patunggilan 
ingkang katrersnanan dening GUSTI  YESUS
Punapa kita 
sami saged ngraosaken
kawontenaning bangsa lan 
negari Israel
ing jamaning Prabu Dawud
ingkang ngemu suraos
bilih tatananning negari 
wekdal samangke risak sanget

Kathah babakan
ingkang mboten nyondongi
wonten ing karsanipun ALLAH
SANG  YEHUWAH


Patunggilan......
kacariyosaken ing ayat 1 - 12
perangan 
ingkang nggegirisi
ing lelampahaning brayating
nagari Israel,
kala semanten

Katulisan
ing sabdanipun ALLAH :
Kanthi mawi
kekidungan 
anggitanipun Prabu Dawud

Prabu Dawud nyenyuwun 
dumateng ALLAHipun
awit ningali 
kawontenanipun bangsa lan 
nagarinipun
kainjak-injak
kancam
dening bangsa sanes

Belengguning karisakan
katingal nyata 
ing ngajenganing
ing wiwitaning
paprentahaning Prabu Dawud

Sang Prabu Dawud 
nggadahi manah :
bilih ALLAH 
SANG  YEHUWAH
mesthi badhe paring pitulungan
kanthi pitakenan :
manungsa punika sinten
dene PADUKA nggatosaken ?
.... kawula punika sinten
dene PADUKA nggatosaken kawula ?

Prabu Dawud 
tansah ngluhuraken ALLAH
kanthi reraosan :
PANGERAN  YEHUWAH 
iku peparangku
kang mulang perang marang tanganku
kang nggladhi tarung ing drijiku


Patunggilan
Prabu Dawud 
kanthi andap aosr 
tansah ngunggulaken ALLAH
bilih saben-saben
sami ngalami kemenangan-kemenangan 
anggenipun perang memengsahan
dumateng bangsa sanes :
punika karana ALLAH !

Sanes kakiyatan lan kaunggulaning
diri pribadhinipun
sanajan ta tamtunipun 
Sang Prabu Dawud-
sampun latihan perang,
gladhi tarung
sampun nguwasani ilmu peperangan-
taktik perang
ananging 
kakiyataning ALLAH
tetep "di nomer satukan"
kakiyataning ALLAH 
tetep diakeni 
dening Prabu Dawud

Perangan 
ingkang kaping kalihipun : 

Prabu Dawud
ngunjukaken panyuwun :

mugi-mugi...
"kiranya ALLAH"
karsaa mbabitaken kilat
nglepasaken jemparing- ...
melepaskan
"anak-anak panah dari busurnya"
sarta redi-redi
supados ngedalaken kukus lan
ugi sageda njebluk-
mbledos


Ing angitaning Prabu Dawud
ing babagn punika :

Prabu Dawud
nggadahi pangajeng-ajeng 
bilih ALLAH 
SANG  YEHUWAH
kagungan panguwasa lan
ugi kakiyatan ingkang ngedap-edapi


Sinten ingkang badhe saged lumawan lan
unggul ing paperangan ?!
ALLAH 
ingkang nganthi lampahing peperangan lan
paprentahaning Prabu Dawud
ALLAH
tansah lestantun ing kaunggulan
sampun paring kemenangan 
saha kemenangan
ingkang sejatos


ALLAH,
ingkang kanthi manah kaluhuraken 
dening Prabu Dawud :

"Pinuji-pujia ALLAH SANG  YEHUWAH
kanthi pamuji kidung enggal
kanthi pamuji kidung enggal
ingkang kaiiringan swaraning saron, gong- bende
slukat akawat sadasa


Pangajeng-ajeng 
ingkang kebak ing iman kapitadosan punika :

kaalaman-
dening Prabu Dawud
sampun kedadosan
ing gesangipun
ing paprentahaning Sang Prabu Dawud
bili ALLAH  SANG  YEHUWAH
sampun paring pangluwaran lan kemenangan
"membebaskan bangsanya
dari segala ancaman dan kehancuran"


Pangajeng-ajeng 
ingkang dipun amini 
dening Prabu Dawud
makaten ugi
ingkang kaaminan dening Rasul Paulus
anggenipun nindakaken peladosan


Kangge kita, 
punapa ugi ngamini ...
ing saben-saben kita nyenyuwun
dumateng GUSTI  YESUS ?


Sok sintena tiyang
ingkang kiyat ing iman lan
tansah "menomor satukan ALLAH"
mesthi
badhe ngalami kaunggulan-kaunggulan
ing samukawis prekawis


Kita punika sanes raja-
kados dene Prabu Dawud
kita
ugi sanes rasul
kados dene Rasul Paulus
kita 
ugi sanes tokoh-tokoh penting
ing babagan iman 
kados dene tokoh-tokoh penting
ing kitab suci


Kita ugi mboten sok sumici lan
sok kuminter
kita ugi 
mboten ngendelaken kakiyatan dhiri kita
karana punika
kita 
ugi mboten lumampahan piyambak
ing saben-saben prekawis
ing gesang pigesangan kita


ALLAH,
kita nomer satunggalaken
ALLAH kita

Kita unggulaken
ing samukawis prekawis
Anak-anak kita
badhe dados tetaneman utawi
dados saka-saka pojokaning istana 
ingkang endah


Gudang-gudang lan
lumbung-lumbung kita
kebak ing rupi-rupining barang
Sato kewan "mbrenah" lan
tebih saking jenising penyakit lan
"perampokan"
penjarahan


Punika tetenger
bilih kita sadaya kasebat
bangsa ingkangrahajeng


Punapa anak-anak kita
anak-anaking pasamuwan ...
anak-anakning dusun Suwaru...
anak-anaking kecamatan ...
kabupaten...
propinsi ...
lan anak-anaking bangsa 
nagari Indonesia
ugi "Anak-anaking ALLAH"
sami sampun ngalami kawontenan
ingkang tentrem rahajeng ?


Punika sadaya
kedah kita wangsulaken malih 
dumateng manah diri kita,
pribadi
ingkang nggadahi anak-anak
lanang-
jaler
lan ingkang nggadahi anak 
wadon-
estri
ingkang nggadahi sato kewan,
raja brana


ingkang nggadahi
kakiyatan lan 
keamanan lingkungan, 
sandang pangan lan sanes-sanesipun


punapa kita
sampun ngunggulaken ALLAH
sanes dhiri kita pribadi
ingkang kita unggulaken ?


Punapa kita 
sampun lumampahan 
nyaosi GUSTI  YESUS
supadosa 
makarya ing gesang kita ?
ing tumindak kita ?


Punapa kita
anamung nggadahi
pangangen-angen kemawon-
angen kita 
badhe nyaosi GUSTI  YESUS
supadosa 
makarya ing gesang kita ?
ing tumindak kita ?




Kapracayan kita
Para sadherek 
sapatunggilaning ALLAH

Kapracayan kita punika 
ingkang badhe nuntun kita
paring kasagedan
dumateng kita 
kangge ngunggulaken ALLAH
nggih GUSTI  YESUS  KRISTUS
ing gesang pigesangan kita


Iman kapitadosan kita
ingkang nuntun kita saged memuji lan
ngluhuraken 
ASMAnipun GUSTI  YESUS


AMIN,
para sadherek sapatunggilan !
Bilih iman kita menika
kados dene imanning Rasul Paulus,
Prabu Dawud lan
ugi imaning
tokoh-tokoh grejawi 
ingkang kita tepangi
satunggal-satunggalipun


Iman kapitadosan punika
ingkang dados "Warisan moral"
dadosa conto-
tuladha ...
kanggene para nem-nemaning bangsa


Kanthi iman
sadaya prekawis gesang pigesangan kita
ing sadaya babagan
kados dene 
masalah sosial, ekonomi, 
kabudayan, paprentahan
lan sanesipun


Sami kita alami
sami kaliyan 
punapa ingkang dipun alami 
putra wayah kita
Kanthi iman
sadaya prekawis
gesang-pigesangan kita 
alami
sesarengan


Sumangga
kita luhuraken ASMAnipun ALLAH
nggih GUSTI kita YESUS  KRISTUS

Sumangga
kita anamung ngluhuraken lan
ngendelakaen ASMAnipun
kita wulang wurukaken 
kanthi saestu 
kebak tanggel jawab


"Wong anom iku
gulawentahen 
dalan kang laras tumprap dheweke,
samangsa wus tuwa
ora bakal nyleweng saka dalan iku"






AMIN





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami