Minggu, 22 Agustus 2010

PASEKSINIPUN ALLAH


Ibadah Brayat
2007




PASEKSINIPUN  ALLAH





I YOKANAN  5 : 6 - 12











1. Lumadosa ing pakaryaning ALLAH
2. Rumaosa dados putraning ALLAH
3. Bakal nampeni urip langgeng
4. Batinne wong pracaya
mesthi nduweni paseksen
tuwin pengalaman
sesambetan kaliyan ALLAH







Patunggilan ingkang kinasihan
dening GUSTI  YESUS




Para sadherek
ingkang sampun kapiji
dados paraganing GUSTI  YESUS
ing pakaryaning GUSTI
ingkang saweg badhe kita tindakaken

mangke 3 tahun mangajeng
ingkang badhe kita lampahi sesarengan-
('dhauran majelis')
mugi GUSTI  YESUS  PRIBADI
ingkang njenengi
Kapitadosan kita
para sadherek
nggih kapitadosan
ingkang alelandesan sarana
paseksinipun ALLAH  PRIBADI



Paseksi
ingkang leres
yekti
'benar'



Paseksi punika
sampun kalampahan
awujud Roh
toya
dalasan rah

(=Roh, banyu, getih)

ingkang sami
kita alami sesarengan
ing Baptisan dalasan
Bujana Suci



Roh-
sami kalampahan
bilih GUSTI  PRIBADI
ingkang mbaptis kita


Toya-
pralambang sarananing para pitados
sami nampeni ROHing ALLAH
ingkang 'kapenuhan' dening ALLAH
ing salebeting gesangipun



Getih-
awujud pangandel
'iman percaya
yang kokoh atas kematian'

GUSTI  YESUS
'SANG PENYELAMAT'
'penebus dosa umat manusia'



'Iman percaya
kepada ANAK  ALLAH'
ingkang sampun kakorbanaken
ing kajeng salib
dados cempening ALLAH



Putraning ALLAH
ingkang sejatos
sampun dados saksi-paseksi
ing satengahing jagad punika

GUSTI  YESUS 
sampun paring paseksi
sinten sajatosipun
ALLAH punika



Sampun leres kita
karana ALLAH
sejatosipun ALLAH
ingkang kebak kayekten



Kados dene paseksenipun
ALLAH  PRIBADI :

Supadosa kita mangertosi
kanthi saestu leres
mboten dora
nanging
bilih kita mboten ngakeni
...

saetu-estunipun
kita sampun sami dora-
goroh
ngapusi



Saestu-estu
para sadherekipun GUSTI  YESUS
sami ngalami
dalasan sami ningali
ngraosaken
bilih
ALLAH tetiga tunggil :

nggih punika

ALLAH  SANG  RAMA
ALLAH  SANG  PUTRA
tuwin
ALLAH  SANG ROH SUCI



ALLAH
ingkang badhe dados paseksi
ing jagad nggih makaten ugi
ing Swarga

mbenjang

bilih kita katimbalan wangsul
sowan
ing ngarsanipun ALLAH



Bilih kita tetep
dados saksi-saksinipun ALLAH

para sadherek !


Kita bakal saged
nampeni gesang langgeng
sesambetan kaliyan GUSTI  YESUS
ing kraton Swarga

Bilih kita
mboten malih
dados seksi-seksinipun ALLAH

Kita badhe
nampeni gesang
'mati' langgeng
ing naraka



Sinten
ingkang nganggep
GUSTI  YESUS
ing gesangipun
mesthi badhe gesang langgeng
makaten ugi kosok wangsulipun 
...




Sinten
ingkang mboten nganggep
babar pisan
mesthi
bakal mboten nampeni
gesang langgeng



Sumangga
kita sesaged-sagedipun
dados seksi-saksinipun ALLAH
ingkang leres

saestu
saged dimangertosi
dene tiyang sanes




Lumantar pakaryan-
pandamel
ingkang GUSTI paringaken
dumateng kita
ing pasamuwanipun
ing komisi
ing pokja




GUSTI  PRIBADI
ingkang badhe nyampurnakaken
sumangga kita cawisaken
jiwa raga kita
ing Asta
panuntuning

GUSTI  YESUS  PRIBADI :
GUSTI  YESUS
ing ngajeng kita
kita ing wingking


Sumangga
kita sami mujudaken rancangan-
PKT (Program Kerja Tahunan)
2007 
menika

sasaged-saged kita
kita tindakaken sesarengan

GUSTI  YESUS
mesthi badhe mbikak
manahipun
para sadherek-
warganing pasamuwan
sadayanipun



Paseksi kita mboten badhe nglaha
awit GUSTI  YESUS
ingkang sampurna
ingkang paring paseksi ugi
sampun paring dhawuh :



'Makuthaning gesang langgeng
sampun kacawisaken
kangge kita
para abdi pandherekipun'



Sugeng makarya
GUSTI mberkahi





AMIN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami