Jumat, 13 Agustus 2010

ANA TA KANG ORA KATON ING PANINGALIPUN GUSTI ?

Persekutuan Doa






ANA TA  
KANG  ORA  KATON 
ING  
PANINGALIPUN  GUSTI  ?











JABUR  94 : 1 - 11









9
GUSTI  ALLAH
kang masang kuping apa ora miyarsa ?
Kang yasa mripat apa ora mirsani ?
















Patunggilan 
ingkang dipun tresnani 
dening  GUSTI  YESUS

Patunggilan
Kita punika 
titahing ALLAH ingkang sampurna,
kita katitahaken dening ALLAH
sarwa endah
sarwa sampurna

Kahananing gesang kita
sarwa edi peni
pundi ingkang sampurna
miturut pangandikaning ALLAH
dados sampurna ugi
ing gesang pigesangan kita

ALLAH 
nitahaken gesang pigesangan
ingkang kebak saos syukur
sageda kita menika 
ngluhuraken ASMAnipun
Punjering gesang kita menika
sanget sae
ing penggalihing manah kita
ugi kedahipun
ugi sae

Ingkang nitahaken 
gesang kita punika
saestu prayogi-
sae
kedahipun kita 
ugi nindakaken pandamel-pandamel
ingkang sae
mboten lumawanan
dumateng karsanipun ALLAH

ALLAH 
ugi mangertosi 
sadaya tindak tumindak kita
satunggal-satunggalipun
Prajanjining ALLAH 
ing gesanging manungsa
mesthi kapyarsakaken
mesthi kaundangaken lan
ugi mesthi kaleksananan

Mboten wonten bab sadengah prekawis
ingkang kalangkungan dening ALLAH
Prekawis ingkang katutup-tutupi
dening manungsa
ALLAH mirsani

Prekawis ingkang kawudar
ing tiyang kathah 
bilih lepat
ugi ALLAH mangertosi
pundi sejatosipun ingkang leres

Pertanggungjawabaning gesang kita
katuntut dening ALLAH
kados dene  karsaning ALLAH
dumateng tujuan lan
tugasing manungsa
ing wiwit-wiwitan katitahaken

Sageda kita menika saos syukur lan
ngluhuraken ASMAnipun
sadaya prekawis mukawis
ing tindak tumindak kita
kasageda ugi
tansah pinanggih 
ing kaleresan
ing sauruting gesang kita

Kados dene ALLAH
sampun nitahaken langit lan bumi
ALLAH nuntut dumateng kita
Kita kedah tumindak adil lan
tumindak wicaksana
migunakaken sadaya peparinging ALLAH
sanadyan ta kita menika ringkih
ing samukawis prekawis

Mboten sae bilih kita manungsa
namung mikir dhiri pribadi
kita piyambak
tiyang sanes kakorbanaken 
awit kita serakah-
ngawula dumateng jagad
titahipun ALLAH

Mekaten ugi para sadherek !
Kita mboten kepareng lan 
mboten dipun parengaken tumindak
mboten adil 
tumprap panca indera kita

Talingan kita-
kuping kita
katitahaken 
kangge mireng-mirengaken
bab kabar kabingahan
swantening ALLAH
ingkang 'lemah lembut'
mboten sora 
nanging alus
ing swantenipun
sageda kita menika
nampeni kanthi cetha ?!

Talinganing batos 
ati kita
ugi katuntunan makaten

"Sumangga GUSTI  YESUS
PADUKA
paring dhawuh pangandika
dumateng kawula
kawula sami siap mirengaken !"

Pundi ingkang sae
punika sadaya
mesthi mijilipun 
saking dhawuh pangandikanipun ALLAH
ROHing ALLAH
mboten paring piwucal 
kanthi swanten ingkang sora-
mboten nyekecakaken
talinganing manungsa

makaten ugi kita
para sadherek patunggilan

Bilih kita wicantenan
dumateng para sadherek sanes
mangka kita kepareng 
paring pawartos
martosaken sabdaning ALLAH
ngagem tutuk 
lambe kita
kapirenga  nyekecakaken  sadaya tiyang
ugi kangge sadaya sadherek sanes
makaten pirembagan kita katuntut

Kuping lan lambe kita 
mesthi wonten 
gandeng rentengipun
kaliyan tugas  
tanggel jawab kita
ing ngarsanipun ALLAH
Sampun ta kita ngginakaken  
kanthi sae ?

Makaten ugi 
para sadherek patunggilan
bilih kita sami 
ugi nggadahi panca indera
mripat lan batos
Kados-kados 
mboten wonten
gandeng rentengipun

Mripat katitahaken 
kangge kita
supados kita saget ningali
sadaya kaendahaning alam
ndonya
ingkang sampun dipun titahaken
dening ALLAH
kasaenaning ALLAH
anggenipun sampun 
nitahaken para titah
kanthi sae lan prayogi

Mugi kita
ugi saged 
ngginakaken kasaenaning 
mripat
batos kita
kangge ngluhuraken 
ASMAnipun ALLAH

Mripat saged nindakaken  
bab prekawis
ingkang 
mboten adil 
ing gesang kita ?

Contonipun  :
mripat kita
sami kaginakaken ningali 
bab-bab prekawis
ingkang saru
mboten ngrenani ing manah !

Sajatosipin manah kita mbrontak
mboten ngersakaken 
kita tumindak  makaten
ananging mripat kita 
tetep nindakaken
prekawis ingkang mboten adil

Kita mboten saged nresnani
tiyang sanes ?!
Kita nganiyaya tiyang sanes
karana bab ingkang mboten sae
sampun dados pemandangan
ingkang limrah
biasa
kangge mripat kita

Makaten patunggilan
ingkang kinasihan 
dening GUSTI  YESUS
Mripat
ingkang dados panca indera
ingkang paling wigatos
dados cecalaning gesang kita
sageda kita ngabaraken kaleresan lan
kasaenaning gesang
dumateng para titahipun ALLAH

Bab manah-
batos kita
ALLAH 
ugi sampun nitahaken kanthi sae
Manah kita dados 'pengontrol'
pengawas 
ingkang prayogi
kangge sadaya indera kita

Mboten wonten
ingkang tumindak goroh
tumprap manah kita
Mripat mboten saged goroh
talingan mboten saged goroh
ilat lan tutuk
ugi mboten saged goroh
sabab manah
batos kita
nggadahi sadaya reraosaning
tindak tumindak kita

Hati nurani kita 
sampurna
sabab ALLAH paring 'hati nurani'
ingkang sae
tumprap sadaya tiyang

Sanadyan ta 
pyambakipun tumindak ala 
saetu-estunipun
manah
batos
'hati nurani'nipun
anjerit\ mboten setuju
bilih mripat
tutuk- lambe
talingan 
lan sanes-sanesipun
anglampahi tindak tumindak ala
ing ngarsanipun ALLAH


Patunggilan
ingkang dipun tresnani 
dening ALLAH
Kita punika kapirsanan
dening ALLAH
Kita menika mboten saged goroh
dumateng ALLAH
sanadyan kakaburaken 
ing kaleresan
ingkang kita rekadaya sae
ananging tumindak ala
ing gesang kita
tetep
mesthi 
badhe kapirsanan 
dening ALLAH

Pola pikir kita
mboten sae
bilih tetep
ing kawontenan 
ing pamanggih
bilih ALLAH
mboten badhe ngadili kita

ing tembe mbenjang
anggen kita
badhe mungkasi
gesang-pigesangan punika
ALLAH maha tresna
ALLAH ugi maha adil
ing samukawis prekawis

Sampurnaning gesang kita
bilih kita 
lumampah lan nindakaken
sadaya karsanipun ALLAH
mboten saged
mboten saged
kita nuntut 
dumateng ALLAH
sabab kita menika
titahipun ALLAH

Bilih ALLAH paring panjawab 
dumateng kita
kita mesthi badhe kawelehake
punapa kita 
sampun tresna 
dumateng ALLAH
tut wingking
ndherek
ing margining GUSTI  YESUS
sampun ta kita 
nglampahi 
sadaya dhawuh pangandikanipun ?


Patunggilan
kita kaengetaken
ing sisaning gesang kita
mliginipun para nem-neman
ingkang nggadahi kebebasan
ngginakaken
sadaya peparinging ALLAH
bilih tiyang sepuh kita
sampun kathah suda
suruting kakiyataning raga
jasmaninipun

ALLAH mirsani
sadaya tindak tumindak kita
ALLAH
nyadangaken kamulyan langgeng
tumprap para pandherikipun
ingkang setya tuhu
nindakaken kaleresan
ing gesangipun lan
ing kasaenan
ing sajatosing gesang 
ndherek GUSTI  YESUS

Kita enget 

piwucalipun GUSTI  YESUS
Bilih mripat kita
tumindak dosa
kedah kita cukil
katilar
ing jagad punika
makaten ugi
bilih suku kita salah
kapotonga ing jagad punika
awit kratoning ALLAH
mboten wonten panggenan
kangge tiyang 
ingkang goroh lan dosa



AMIN







Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami