Rabu, 18 Agustus 2010

TILAR NDONYA KARANA NYLEWENG

Ibadah Brayat
Kamis, 31 Juli 2008









TILAR  NDONYA
KARANA  NYLEWENG










LELAKONE  PARA  RASUL  5 : 1 - 11










Patunggilan iangkang katresnanan
dening GUSTI  YESUS
Kenging menapa 
kita ing wekdal samangke
kaparingan
dhawuh pangandika
bab pamisungsung
ingkang sayektos ?

Bab pamisungsung punika
bab ingkang sayektos
karana ALLAH 
ngresakaken dumateng kita
paring  timbal balik
bab sih katresnan kita
dumateng ALLAH

Bab katresnan
mboten anamung awujud
nglempakaken yatra
banda ndonya
lan sanes-sanesipun
ananging saged ugi awujud
pamisungsung jiwa raga lan
kapitadosan
ingkang unggul
kagem kamulyan ALLAH

Kamulyan 
ingkang agung 
nggih punika 
nindakaken sadaya
dhawuh pangandika
bab prekawis 
ingkang adi
karana ALLAH 
paring dhawuh pangandika

Samubarang
ingkang kita tampeni
anggen kita nyambut damel
kanthi setya tuhu
madep mantep
ing karsaning ALLAH
mesthi badhe kabinerkahan

Kitab Wulang bebasan 3 : 9 - 10

9
"PANGERAN  YEHUWAH luhurna
kalawan bandhamu lan 
srana kawitaning sakehe pametumu;

10
temah lumbungmu
bakal dikebaki nganti luber lan
pamipitanmu luber anggure"


Patunggilan
kanthi dhawuh pangandika ugi ...
Ananias lan Safira
nggih sadaya tyang pitados
ing wekdal semanten
ngaturi bandha bandhanipun
kasade
kangge pamisungsung 
ingkang adi

Sinten ingkang 
ngresakaken kawilujengan
nggih mesthi badhe  netepi
dhawuh pangandikanipun ALLAH

Karsanipun ALLAH
ing wekdal semanten katampi
kaliyan manah pitados
bilih ALLAH 
badhe paring kacekapan
ingkang ageng
luber lan sampurna
ing wekdal kita mbetahaken

Kanthi makaten 
para sadherek patunggilan
ing wekdal semanten kathah tiyang 
ingkang masrahaken
sadaya darbekipun
kangge kamulyaning ALLAH

Pasrah sawetah
punika kunci kebiasaan
masalah :
sade nyade tanah
siti
kagem ALLAH


Patunggilan
kita samangke benten kebiasaan

Ing wekdal samangke :
Pancen kita kaudi
misungsungaken
kanthi ekhlas
suka rila
mboten nggadahi
damel kesempatan mbujuk
ngentit
mendet sadhengah 
pamisungsung

Pancen kita kaudi
supados nggatosaken
sadherek sanes
ingkang kacingkrangan
ing wekdal punika

Punika sami kaliyan
kahananing sadherek sapatunggilan
Ananias lan Safira
ing kala samanten :

Ingkang kirang ...
kacekapaken
dening tiyang 
ingkang nggadah
mboten badhe kakirangan

sanadyan nglempakaken 
kagem ALLAH
nggih kangge para sadherek sanes
ingkang sami kacingkrangan

Bab punika
awujudipun kapitadosan
ingkang satuhu
dumateng dhawuh pangandika

Bab punika sami katindakaken

Jaman samangke
nggih sami semangatipun
kanthia iman
ingkang mitadosi ALLAH
kita nggih
nglempakaken pamisungsung

Anggen kita 
misungsungaken kados pundi ?
Punapa kita benten 
kaliyan semangatipun 
Ananias - Safira ?

Bilih benten
kita amireng .....
kita asring katuduh
kenging menapa kita owel
anggen kita 
misungsungaken
bandha darbek kita ?

Kita sami pitados
ananging 
dereng saged tumindak
ingkang trep
dumateng sadaya dhawuh 
pangandikanipun ALLAH

Asring 
kita kepengin 
angsal pangalembana
saking tiyang sanes
kanthi ngorbanaken
iman kapitadosan kita :
bilih ALLAH 
badhe nyekapi 
sadaya kabetahan kita

Kita kaparingan wekdal
nglola 
samubarang darbek kita
ananging
bilih sampun kaaturaken  
kagem ALLAH
kenging menapa 
kathah-kathahipun
kita owel ?

Bilih kita 
\mboten ngaturaken pamisungsung
sadaya punika
lak tetep dados darbek kita ?
Darbek kita
ingkang satemenipun ....
GUSTI ingkang paring berkah !


Patunggilan ingkang katresnanan 
dening GUSTI  ALLAH
Ananias - Safira
maringaken sadhengah barang darbekipun
ananging ngaturi pirsa
bilih sadaya darbekipun
ingkang nembe kasade
kaaturaken kagem
"pasamuwaning" ALLAH

Pundi ingkang leres
para sadherek
Aturipun Ananias utawi Safira

Kekalihipun mboten blaka
bilih sampun mendet
saperangan pamisungsungipun

ALLAH mirsani bab punika
ROHing ALLAH
kapireng dening Rasul Petrus
bilih kekalihipun sampun dora
goroh
anggenipun paring pamisungsung

Dosanipun mboten saged katebus
karana kekalihipun 
tetep ngugemi kesepakatan dora
bab pamisungsung

Pejah lan tilar
punika paukumaning ALLAH


Patunggilan
kita sami saged sinau
bilih pamisungsung punika
kagem ALLAH

Sikap tindak tanduk kita
ugi sami dados titikaning 
iman kapitadosan kita
dumateng ALLAH

Mboten pados pangalembana
saking tiyang kathah
nggih saking 
para sadherek sapatunggilan

Pangandikanipun GUSTI  YESUS ...
Sinten ingkang 
ajrih asih
dumateng ALLAH
ALLAH nggih paring piwelas

YAKOBUS 1 : 7 - 10

7
Wong kang mangkono
iku aja nduwe pangira,
manawa bakal 
nampa apa-apa saka GUSTI

8
Jalaran
wong kang atine mangro
ora bakal 
tentrem uripe

9
Sadulur
tunggal pracaya kang asor
iku mongkoga
samangsa kaluhurake

10
dene wong kang sugih
iku mongkoga 
menawa kaasorake
jalaran
wong iku bakal sirna 
kaya kembange suket


Patunggilan
kita samangke 
sami dadosa pitados
bilih
dhawuh pangandikanipun ALLAH
saestu badhe kalampahan

Sinten 
ingkang paring pamisungsung
mesthi bakal oleh 
angsal berkah

ALLAH mboten
mblenjani janji
karana 
sabda pangandika kalawau
leres lan trep
kanggenipun para pitados

Sinten ingkang paring
mesthi 
bakal angsal sembulihipun

Sinten
ingkang mboten nggatosaken
dhawuh pangandika punika
 mesthi angsal paukuman

Sih katresnanipun ALLAH luber
 lumbung-lumbunginggesang kita
mesthi badhe luber

Sih katresnanipun ALLAH
sami nyata 
ing gesang kita
sapatunggilan
awit ALLAH
paring berkah


AMIN








VOTUM
BERKAH
Kipas 95  : 1, 4
Ing wektu badhe winulang

Pandonga
MAOS  KITAB  SUCI
LELAKONE  PARA  RASUL  5 : 1 - 11
Kipas  95 : 2, 3
Ing wektu badhe winulang

KOTBAH
Kipas  36 : 1, 5
Rahayu wong kang utama lakune

PANDONGA  SYAFAAT
Kipas 128 : 1
Kinanthi ing GUSTI
BERKAH 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami