Kamis, 12 Agustus 2010

PESTA GRATISAN


Ibadah Brayat
 Kamis, 19 Agustus 2010





PESTA  GRATISAN






 MATIUS  22 : 1 – 14





14
 Sabab
 akeh kang katimbalan,
nanging mung sathithik
 kang pinilih



Patunggilan
 ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
Pancen
wonten cariyos lan
reraosan
 bilih kaundang sacara gratisan,
sinten tiyangipun ingkang mboten purun ?
Sinten nggih ingkang mboten karsa rawuh ?

Sabab ing papan pahargyan menika
mesthi kathah dedhaharan lan
 unjukan tuwin
lelagon-
pepujian
dalasan karemenaning manungsa
 sanesipun
kacawisaken


Dene kados makaten
para sadherek sapatunggilan
bab reraosan kita
 ing wanci sonten
dalu
 samangke
 ngemu PESTA GRATISAN
ingkang dados pasemon
 bab KRATONing ALLAH-
kaswargan.

Kratoning ALLAH
Menika  kacawisaken
kangge sok sintena tiyang
 ingkang pinilih lan
karsa nampi ulem-uleman utawi
undangan pesta memanton saking Sang Ratu
kados makaten isining pasemon.

Ananging kenging menapa
 ulem-ulem
dalasan undangan menika
mboten kagatosaken
dening para sadherek
 ingkang sampun sami
 nggadahi sesambetan sae
kaliyan Sang Ratu ?

 Kenging menapa
para sadherek ingkang kaulaman menika
 sadaya mboten mentingaken
 undangan ing Sang Ratu ?

 Wonten ing cariyos pasemon kalawau
wonten para sadherek ingkang
saweg nglajengaken panyambut damelipun
 ing pategilan,
nglajengaken dedagang lan
 wonten malih ingkang
 saweg nyekel,
nganiaya lan
 mejahi batur abdinipun.

Ing prekawis sadaya sabab-musabab
mboten rawuhipun para undangan kalawau
sampun sami ndadosaken
manahing Sang Ratu
 gela lan langkung duka malih
 ing penggalih

Nah …karana sabab menika,
Sang Ratu enggal ngutus ngukum lan
numpes dumateng ratu (pangwasa)
 ingkang sampun damel pepati
 para abdinipun


Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
 Ing ngriki
 kita mangertosi
bilih Sang Ratu
mboten mendel
 ing pangajeng-ajeng
 kangge rawuhing para undangan,
 sanajan undangan sampun kasebar
 ngantos ing wekdalipun
dereng wonten ingkang rawuh.

Sang Ratu tetep nggadahi pangraos
bilih pahargyan memanton menika
sampun kacawisaken lan
kedah kalampahan,
mila Sang Ratu
taksih kersa ngutus malih
 utusan
kangge nyusul
 mapag lan
atur pitakenan
dumateng para undangan :
Lha, dene kenging menapa
 mboten saged rawuh ?


Salajengipun
para sadherek
Sang Ratu ngutus malih
abdi sanesipun
kanthi pesen :
Sadaya sampun kacawisaken
pambujanan,
sadaya sato-kewan
sampun kasembeleh lan
sadaya sampun cumawis.


Kados makaten
para sadherek patunggilan
 GUSTI  ALLAH
paring dhawuh lan
 ngutus makaping-kaping
para nabining ALLAH
supados sadaya manungsa saggaha lan
sageda  sowan mareg
“ing pambujanan peparinging ALLAH”
nggih menika kangge
 nampeni sadaya “berkat
peparinging ALLAH”

 Lan GUSTI ALLAH
 sampun ngutus PUTRAnipun
GUSTI YESUS PRIBADI
rawuh…
paring pandangu-
paring piwucal lan
pitakenan
 kenging menapa ALLAH
paring gratisan
‘bab kaSwargan-
Kratoning ALLAH’
 kanggening para umat.

Lha kenging menapa
kita ugi taksih asring mboten
nggatosaken timbalanipun ?

 Lha kanthi piwucalipun GUSTI  YESUS
 ingkang awujud pasemon makaten kalawau
 kita sami kaatag
dadosa tiyang utawi
umat
 ingkang mboten nggadahi alasan
sabab lan musabab
 kenging menapa
kita kedah nebih utawi
 kedah nilar GUSTI YESUS,
dados kosong grejanipun lan
kita tetep tumindak memengsahan-
mboten nindakaken katresnan satuhu
dumateng sasedherek sapatunggilan
lan sanes-sanesipun.

Kita kaengetaken para sadherek
bilih ALLAH
 tetep nyawisi papan
 Kaswargan
kanggening sok sinten-na
 tiyang ingkang kaundang-
kaparingan pawartos
 bab Kratoning ALLAH, lan
 cecawis sageda ndherekaken
pambujanan
 ingkang kawontenaken
 kanthi tata-
 tertib lan
 kebak ketaatan,
sabab menika undanganing ALLAH

 Kanthi mangagema ageman PESTA
menika anggandahi pangertosan
 bilih kita kedah
 ngrawuhi uleman-
undanganing ALLAH
kanthi ‘sikap hidup’
 ingkang leres,
kebak sesaosan syukur
bilih kita nampeni badhe kanugrahan
 gesang langgeng-
hidup kekal.

Kita menika
 generasi ingkang kaping pinten …
ingkang sami kaundang lan
sami nampeni ulemaning ALLAH
bab Kraton Kaswargan?

 Mila kita kedah mranata dhiri
 anggen kita
 saben-saben badhe sowan mareg 
lumebet ing pahargyan Kaswargan menika
kanthi sikap taat-
mbangun turut,
manah ingkang resik-
tebih saking pangraos isining manah
ingkang mboten kebak pikurmat
 dumateng ALLAH………

badan saha isining manah kita
 kados dene rasukan-
ageman PESTA
 ingkang trep
kanggening pisowanan lan
 pambujanan kaswargan.

Saben-saben kita kaparingan-
Kacawisan
 dedhaharan sacara karohanen :
 bab Dhawuh Pangandika-
bab FIRMAN  ALLAH.

Lha sumangga
 kita samangke
terus latihan
mireng-mirengaken
 ulem-ulemaning-
undanganing ALLAH
 ing dinten Minggu,
Rebo pangibadah adi yuswa,
Kemis pangibadah patuwen brayat,
Jumat pangibadah kaum ibu,
Selasa utawi Sabtu
pangibadah kaum bapak
 lan sanes-sanesipun malih

 GUSTI  YESUS
tansah ngundang kita
 karsaa kita
ngrawuhi
kembul dedhaharan
‘Sabda Pangandikaning ALLAH’…..

Lha mbenjang ugi
kita mesthi badhe mireng
sadaya Dhawuh Pangandika,
lesan utawi
 swantening ALLAH sacara PRIBADI
langsung saking lesaning ALLAH
 ing Kratoning ALLAH-
Swarga.

Sumangga
 kita nglatih dhiri
ing wiwit dinten samangke
 ngantos wekdalipun mangke
 kita katimbalan sowan
 mareg
 ing salaminipun.
Kanthi manah lan
 pangagem PESTA
 ingkang sampun kita cawisaken
 ing sawekdal-wekdal
 kita mesthi kauleman-
kaundang sowan
mareg
ing ngarsaning ALLAH.

Sabab wonten dhawuh pangandika
ing ayat 14 :
Sabab akeh
kang  katimbalan,
nanging mung sathithik
kang pinilih

Sumangga
kita sami cecawis lan nliti dhiri
anggen kita badhe
 nampeni uleman
 ingkang pungkasan.

GUSTI amberkahi kita.





 AMIN






Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami