Selasa, 28 Agustus 2012

kang becik kang sampurna iku asale saka ing ngaluhur

Persekutuan Doa Gidion
Selasa, 28 Agustus 2012




YAKOBUS 1 : 15 – 19

17
Saben peparing kang becik sarta saben ganjaran kang sampurna
iku asale saka ing ngaluhur,
kathedakake saka RAMAne sakehing pepadhang;
kagem PANJENENGANe
ora ana owah-owahan utawa gambaran
bakal molah-malih





Patunggilan
 ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
Rahayu gesang kita
 ingkang sami kapiji
dados abdi pandhereking ALLAH

Sabab lantaran punika sadaya
bab prekawis ingkang mijilipun saking ngaluhur
 badhe bakal kaparingaken

Prekawis punapa kemawon
antawisipun karohanen lan kedagingan
mboten wonten pemisahan.
Antawis kekalihipun
mboten wonten ‘bedanipun-
perbedaan-ipun’

Bab karohanen
ugi mentingaken kedagingan
mekaten ugi bab kedagingan mesthi ugi
mentingaken karohanen-
kekalihipun mesthi wonten gandeng rentengipun

Bab karohanen
mboten saged tumindak piyambak
makaten ugi bab kedagingan-
kekalihipun mbetehaken panyengkuyungan
ingkang saestu-estu prayogi
saking ALLAH ingkang maha kuwaos.

Bab kedagingan contonipun
 bilih lumampah piyambak
mesthi badhe sulaya
 ing ngarsanipun ALLAH.
Makaten ugi bab karohanen
 ugi badhe lumawanan dumateng ALLAH.

Kasombongan rohani contonipun.
Aku bisa karana aku.
 Aku ana karana aku.
Jer kita saged kesupen dumateng ALLAH
ingkang saestu-estu ngersakaken dhiri kita leladi

Kita saged kesupen
karana dhiri kita langkung unggul
ing bab pangraos isining kitab suci
nggih menika dedhawuhing ALLAH
 ingkang ngemu kayektosan sejatos


Patunggilan
ingkang dipun tresnani dening GUSTI YESUS
Kita menika
dados abdi ingkang pinilih
awit kita sampun sami nampeni sihe ALLAH
Rawuhing ALLAH ing jagad
mboten miji tiyang pracaya
ananging miji tetiyang
 ingkang mitadosi karsanipun ALLAH

Tiyang pracaya menika benten
 kaliyan tiyang ingkang mitadosi karsanipun ALLAH

Bentenipun mekaten :
Tyang pitados
 anamung kandeg ing kapitadosan
sak sampunipun mireng dedhawuhing ALLAH
lan katog ing kapitadosanipun
 ngantos dumawah ing dosa
sebab kedagingan taksih nguwasani dhirinipun
Rohani kakawonaken dening kedagingan


Patunggilan,
Bab karohanen
 ingkang mboten kakawonaken dening kedagingan
bilih conto menika kalampahan :
Tiyang purun rumaket dumateng ALLAH
 karana mboten sadengah pitados ananging mratandhani ing kahanan ‘lali ananging dadi eling’
 utawi waspada
ing sadhengah prekawis

Karohanenipun tansah jumaga
sanajan badanipun lungkrah-
lesah-
ringkih
 ananging pangajeng-ajeng
 dumateng rawuhing ALLAH
 tetep wonten ing dhirinipun


Sepindhah malih
patunggilan,
Reraosan kita menika
sanes sanepan utawi pasemon
ananging bab dhawuh pangandika
ingkang katujokaken dumateng saben tiyang pitados
 amrih saged lumampahan timbalaning ALLAH

Ayat 17 – 18
  17.Saben peparing kang becik sarta saben ganjaran kang sampurna 
iku asale saka ing ngaluhur,
 kathedakake saka RAMAne sakehing pepadhang; 
kagem PANJENENGANe ora ana owah-owahan utawa gambaran 
bakal molah-malih
18.Marga saka karsaNE PIYAMBAK, 
PANJENENGANe wis nitahake kita 
sarana pangandikaning kayekten 
supaya kita padha ana 
ing tataran kang pinasthi 
padha dadi putra pambarep
 ing antarane para titah kabeh


Patunggilan
Lamun gesang kita menika
dados menapa bilih lumampahan piyambak,
lumampahan ing kahananing jagad
ingkang sarwa kedagingan
kita nilar rohani kita
 kanthi makaten
kita sami sampun dumawah ing dosa

GUSTI ALLAH
kita sisihaken

Sabda pangandika-
dedhawuhing ALLAH
 anamung lamis ing manah
 batos kita
mboten kalampahan sacara kedagingan kita

Menika titikanipun manungsa kedagingan:
Iya, iya ananging mboten pinanggih
Ora, ora ananging nglakoni

Sakjane ora pracaya
ananging nindakake,
iku  luwih becik
 tinimbang pracaya
 anganging nilar dedhawuhing ALLAH


Rahajeng kita
 patunggilan
ingkang saestu mirsa lan mireng
dhawuh pangandika lumantar ROH KAYEKTEN
nggih GUSTI ALLAH PRIBADI
ingkang makarya
dedhawuh
dumateng saben manungsa
ingkang purun sowan mareg lan mitadosi
ing tumindak

Pracaya
 mboten angger pracaya
ananging  pracaya
ingkang lumampahan ing margining gesang
ing pangrehing ALLAH
Dados titah ingkang enggal
karana sampun ngenggalaken manah lan batos
ing saben lampah tumindakipun
ngener ing dhawuh-
sabda pangandika


Patunggilan
 rahajeng kita
 ingkang kapiji dados abdining ALLAH
Abdi
 ingkang saestu katunggilan ing ROH
ingkang SUCI;
Nggih ROHing ALLAH
ingkang adedalem
ing manah tuwin batos kita

Rahajeng kita
ingkang sampun kapilih lan kacadhangaken
 nampeni makuthaning gesang langgeng
salaminipun

GUSTI mberkahi kita sami

AMIN










Salam/Berkat
Memuji KPK 27 : 1, 2
ASMANE GUSTI ALLAH

Pandonga
Maos Kitab Suci : YAKOBUS 1 : 15 -19
Memuji KPK 195 : 1
ISINYA KITAB SUCI

Renungan
Pandonga
Memuji KPK 136 : 1
KUMANDEL DHATENG ALLAH


Pandonga Syafaat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami