Ibadah Minggu
12 Agustus 2012
Tema Wulanan:
Umatipun ALLAH
ingkang berjuang
kagem karaharjan
lan katentremaning
bangsa
Tema Minggu :
AJA NGANGGEP
TUMPRAP APA LAN SAPA BAE !
1 PARA RAJA
19 : 4 – 8
EFESUS 4 :
30 –- 5 : 2
YOHANES 6 :
41 - 51
YOHANES 6 : 42
Padha grenengan,
mangkene,
”Apa iku dudu
YESUS anake Yusuf ?
Aku rak padha
wanuh karo bapa lan ibune ?
Kepriye dene duwe pangucap : Aku tumurun saka
swarga ?”
Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Iba bingahing
gesang kita
sami katunggil
dening ALLAH
karana kita
sampun purun
ngaku lan mitadosi
bilih YESUS GUSTI
punika
KRISTUS,
YESUS punika
JURU SLAMETing
jagad
Kita mboten
nlisik langkung lebet
lan kita mboten
pados kaleresan sacara kadagingan
sinten
sejatosipun YESUS KRISTUS menika.
Karana kita
sampun rumaos
katunggil lan katuntunan
dening ALLAH ing
ROH
ingkang adedalem
ing dhiri kita
pribadi mbaka pribadi.
Sinten ta dhiri kita manungsa
ingkang sacara limrah
kita sejatosipun
mboten mangertosi
mboten gayuk dumateng ALLAH
ingkang kita
sembah sujudi,
sacara pribadi
kita mboten
saged awor lan campur
kaliyan ALLAH.
ALLAH maha welas
kita mboten,
ALLAH maha suci
kita mboten,
ALLAH langkung
prayogi
ing sadaya
prekawis,
kita mboten,
Jer kenging
menapa
kita saged
wanuh
atepangan
dumateng ALLAH
ing dalem
Asmaning GUSTI YESUS
Menika karana
ALLAH
kagungan rancangan
lan timbalan
dumateng
manungsa satunggal-satunggalipun
Rancangan lan
timbalan
ingkang ngemu
raos
dadosa kita
sasedherek
mangke sageda ngayahi tugas
timabalanipun GUSTI YESUS
Jer sanes kita
malih
ingkang
nggadhahi inisiatif
kangge
nindakaken tugas tanggel jawab
Kita anamung
saged pasrah
ing panuntun lan
ing kasagahan pribadi
anggen kita
badhe lumampahan
ing pakaryaning ALLAH
Sakmestinipun
kita inggih badhe kaparingan kakiyatan,
pangrimatan
tuwin pangajeng-ajeng
kedahipun kados
pundi
lan
punapa ingkang kedah kita tindakaken
ing samukawis prekawis
Patunggilan
Reraosan kita
bab nabi Elia
ingkang ngayahi
tugas ngleres-ngleresaken
lan
paring pepenget
dumateng
warganing negari Israel
Elia ngalami
kahanan ingkang awrat
karana Ratu
Izebel
paring pangancam
badhe mejahi dhirinipun
Elia
ingkang saestu anggenipun nindakaken tugas
kanthi
‘peng-pengan’
kanthi temen
ing manah
Elia
ingkang
piyambakan
nindakaken
pakaryaning ALLAH
Elia saestu
semplah
ing manahipun
ngantos matur
dumateng GUSTI :
“Sampun semanten
kemawon !
Sapunika,
dhuh YEHUWAH,
PADUKA
mugi karsa
mulung nyawa kawula,
sabab kawula
punika
mboten langkung sae
katimbang para leluhur kawula”
(ayat 4b)
Elia mlajeng nebihi
Izebel…
tebihipun antawis
sadinten mumput
anggenipun mlajeng
Lan ing wekdal
menika kawastanan
Elia menika
ngalami ‘krisis iman’
rumaos manah abot lan awang-awangen
anggenipun badhe
nglajengaken
tugas timbalan
…
Patunggilan
Elia nyuwun
pinejahan
Elia mboten
kuwawi mboten sanggup malih
Elia dados lemes
lan nglokro
ing manah lan badan
Nabi Elia
mboten nyumurupi
punapa ingkang
badhe kalampahan
bilih pakaryaning
ALLAH
mboten kaayahan-
mboten
kaleksanan
awit Elia
‘mogok’
Nabi Elia
ugi mboten
nyumurupi
punapa ingkang
badhe kalampahan
bilih umpami
sadaya
pakaryaning ALLAH
sami
katindakaken dening Elia,
bilih Elia
mboten mlajeng ?
Nggih
samestinipun
Elia mlajeng
karana kaancam badhe pinejahan.
Elia mboten
sanggup
Lan
kepengin ‘tilar ndonya’ kemawon
Patunggilan
Saestu elok
anggenipun ALLAH ngrawuhi Elia
ngutus
malaekatipun
paring kekiyatan lan semangat
Elia kautus neda
dedhaharan
ingkang sampun kacawisaken;
tetedan lan
ujukan
Ambal kaping
kalih
malaekating
ALLAH
anggenipun ngutus
Elia
enggal-enggala nglajengaken
nedha
dedhaharan
supados Elia
mangke kiyat
kangge nglajengaken
lelampahan
ngantos papan
ingkang badhe katuju
nggih menika
antawis 4 dinten
4 dalu anggenipun lelampahan
Ing Redi Horeb
GUSTI ALLAH pepanggihan
kaliyan Elia
lan
angutus
supados Elia nglajengaken timbalanipun
ngantos dumugi wekdal
ingkang badhe katamtokaken
dening ALLAH PRIBADI,
Elia mboten
pareng kendel
Patunggilan
ingkang katresnanan
dening ALLAH
Rahajeng kita
bilih saged
ngayahi tuga
timbalan
sebab ALLAH
mesthi badhe nenuntun kita
kados dene Nabi Elia
kaparingan kakiyatan
semangat enggal
Mesthi
saben tugas
ingkang kita ayahi
badhe nuwuhaken
tantangan,
pakewed lan sapiturutipun
Sumangga
kita nyenyinau malih
dumateng Rasul Paulus
Rasul Paulus
paring pitedah-
piwucal bab gesang
Gesang ingkang
lami
kedah katilar
kagantos gesang
enggal
dadosa manungsa
ingkang katuntunan
dening ROHing
ALLAH
mboten dados
tiyang
ingkang damel sekel penggalihing ALLAH
tiyang ingkang
nggadahi raos serik ‘segala kepahitan’,
ngigit-igit
‘kegeraman’,
brangasan- murang-muring ‘kemarahan’,
tukar padu lan
pitenah
Dadosa ‘kita
menika’ tiyang
ingkang kebak
ing sih
katresnan lan apura ingapura
lan
padha nyenyontoa
dumateng GUSTI
YESUS
Nggadahi manah
ingkang lembah
lan
kebak katresnan
sanes ‘keakuan’ing dhiri
ingkang pinujul
lan
mboten mawang
sinten tiyang
ingkang badhe
dipun ladosi
tuwin apa kang
bakal kaladosaken
PRIBADI GUSTI YESUS
pancen saged
dados conto lan tuladha
kangge sok sintena tiyang
ingkang kapatrapan tugas
tanggel jawab
Kadosa dening
Elia
ingkang purun lan karsa leladi
sanajan nemahi
karubedan
Elia kapulung
malih
dados abdi
ingkang kaparingan kakiyataning-
ROHing ALLAH nenuntun
ing gesang
pigesanganipun-
MALAEKATing ALLAH
tansah
ngamping-ampingi
lan
tansah paring
pitedah
Elia enggal
tumindak
nglajengaken
tugas
tanggel
jawabipun
MALAEKATing
ALLAH
ugi nimbali lan
paring pangertosan
tuwin kekendelan dumateng Rasul Paulus
saengga Rasul
Paulus
saged dados abdi
ingkang pinunjul-
dados abdi ingkang
katunggilan
dening ROH SUCI,
dening ALLAH
dening YESUS KRISTUS
PRIBADI
Kita samangkya
ugi
mesthi kedah ngengeti para sadherek
bilih ALLAH menika
mboten ewah
gingsir
anggenipun
makarya
ing wiwitan
ngantos pungkasaning jaman
ALLAH mboten
mawang
sinten tiyang
lan apa kang kaalaman
dening manungsa
Pancen manungsa menika
kebak ing
pamikir
lan
kebak tumindak ala-
kanisthan
mboten manut
miturut
ing karsaning ALLAH
Lha punika
ingkang kaalaman
dening Rasul Paulus
ing sawekdal ngadepi Israel
utawi
tetiyang Yahudi
utawi
sok sintena
tiyang
ing maneka warni adat,suku lan bangsa
ingkang sampun sami kaladosan
ing wekdalipun
Kekalih abdi
menika
Elia lan Rasul
Paulus
sanget anggenipun ngalami kahanan
ingkang awrat
Kekalih abdi
menika saben-saben
sami-sami mlajeng
wonten ing ngarsanipun ALLAH
sanajan manah semplah
miturut tata caranipun
Elia ugi Rasul
Paulus
enggal-enggal
nyowanaken dhiri
dumateng ALLAH
GUSTI karsa lan
purun nampi kepasrahan kita
para abdi
timbalaning
ALLAH
Saengga kita
sami saged pulih lan lejar
ing kakiyatan peparinging ALLAH
GUSTI mboten
ngersaaken kita
mundur saking peladosan
malah-malah
paring wekdal kesempatan
kanggening kita
para abdi
anggenipun sageda ngrampungaken tugas
tanggel jawabipun
Aja mawang apa
lan sapa
ingkang badhe
kaladosan
lan
ingkang badhe
kaladosaken
Kita mboten
dikeparengaken mundur
Malah-malah kita kautus terus maju
GUSTI ALLAH
ingkang badhe ngamping-ampingi
Tentrem rahajeng
kaparingaken dumateng sadaya manungsa
kita ingkang
lelados
utawi
kita ingkang
sami kaladosan
Lha makaten ugi
para sadherek
ing
patunggilaning GUSTI YESUS
rikala GUSTI
YESUS makarya
ing satengahing
jagad-
ing satengahing masyarakat Yahudi
ingkang nggadahi adat
lan
bab panganggiting manah
bab-bab
kaleresan
miturut akal
budining dhiri
saestu tiyang lan bangsa
ingkang kaladosan
mesthi nggadahi
perbedaan
ing iman-
ing kepasrahan dhiri
lan
ing bab kekendelan
anggenipun purun nampeni panuntun
tuwin
pitedahing ALLAH
Bangsa Yahudi sanget
anggenipun mawang
sinten GUSTI
YESUS menika
koq ngakeni-
ngaku-aku
dhirinipun ALLAH ?
Punapa sanes
GUSTI YESUS menika
putraning Maria
lan Yusuf ?
(panganggiting
dhirinipun)
Maria lan Yusuf
dipun kenal wonten
ing satengahing
pasrawunganing
bangsa
ananging
GUSTI YESUS
mboten
kamangertosan
sanajan GUSTI
YESUS
sampun paring piwucal
saking pundi pinangkaniPUN
Lan dados menapa
GUSTI YESUS
ing wekdal
sapunika :
‘Dados roti
kauripan
ingkang kedah
cinuwil-cuwil
amrih gesanging para titah sadaya’
kawilujengaken
GUSTI YESUS
ingkang
anepangaken dhiri
dados ALLAH lan PUTRANING ALLAH
Sok sintena
tiyang
ingkang mboten purun lulut
lan mboten nepangaken dhiri
dumateng GUSTI YESUS
mesthi mboten
saged pinanggihan
kaliyan ALLAH
ingkang ngutus
para abdi
lan
ingkang sampun
ngutus PUTRANING
nggih PRIBADINING ALLAH,
YESUS menika
ALLAH lan GUSTI
YESUS
menika
nyatunggil ing manah
sanes 2 PRIBADI
ingkang
mbentenaken
GUSTI YESUS
menika
ALLAH ingkang
tumurun
ing satengahing jagad
ingkang dipun prasemonaken
dados ROTI PANGURIPAN
Lan ingkang
kagambarken
dumateng
leluhuripun Israel
mawi roti Manna
ingkang tumurun
saking swargi
menika kedadosan
ingkang dados titikan
wujuding
pangrimataning ALLAH
ingkang sampun paring kawilujengan
dumateng Israel
sabangsa
‘medal saking
tanah pangawulan’
YESUS
GUSTI kita
mboten mundur lan mboten kalis
anggenipun nindakaken peladosan
ngantos seda
sinalib
ing redi Golgota
GUSTI YESUS
netepi pakaryaning ALLAH
ngantos maringaken daging lan rahipun
supados kita
saged mireng lan ngraosaken dhawuh pangandika
ingkang
mijilipun saking swarga
menika ingkang
dados sebab
kenging menapa kita
saged mireng
dhawuh
pangandikanipun ALLAH
karana GUSTI YESUS sampun makarya
sebab
mboten wonten
satunggal-satunggalipun tiyang
ingkang saged
lan purun ‘wanuh- kenal’
kaliyan ALLAH
lan
mboten wonten
tiyang
ingkang saged
mireng dhawuh pangandikaniPUN
kejawi GUSTI YESUS
ingkang mijil
saking swarga
kalair ing satengahing jagad
lan sampun dados
tetedhan
‘ROTI
PANGURIPAN’
Iba begjanipun
kita
ingkang mboten mawang
‘apa lan sapa’ GUSTI YESUS punika
sebab
samangke ugi
taksih wonten
kesempatan kanggening kita
bilih purun
nampeni pigesangan langgeng
ingkang badhe kapringaken dening ALLAH
Rahayu
tiyang ingkang pitados
lan tktiyang
ingkang kersa ngimani
ingkang
kaladosaken-
katindakaken
dening ALLAH
lumantar para
abdi
dalasan PUTRANING PRIBADI
ALLAH
sampun rawuh
ing satengahing
jagad
lan
ALLAH badhe
rawuh malih
ingkAng kaping
kalihipun
ananging kita
mboten badhe anepangi malih
bilih kita tansah mawang apa lan sapa
miturut panganggiting dhiri
sanes karana
iman kapitadosan
ingkang
kaparingaken dumateng kita
Sabab
ALLAH maha tresna
saengga kita pinaringan lan badhe nampeni
kawilujengan
Sumangga
dipun gegilut
sinten ROTI
PANGURIPAN menika
sejatosipun
Sugeng nampeni
pepenget
ingkang
mijilipun saking ALLAH
ingkang badhe
kawujudaken
ing Pambujanan Suci Pambangunan ‘GKJW’
Sugeng makarya
ing tugas timbalaning ALLAH-
sebab kita
sadaya kaparing tugas
kewajibaning
gesang
GUSTI YESUS
nggih ROH SUCI-
ROHING ALLAH
ingkang tansah paring pitulungan
GUSTI mberkahi
kita
AMIN
VOTUM :
(Jumeneng)
KPK
8 : 1, 2, 3 ALLAH MAASIH
Pasamuwan ingkang dipun tresnani dening
GUSTI YESUS
Sumangga kita sami sowan ing
ngarsanipun ALLAH
kanthi mbektaa manah
tulus lan
kanthi kebak ing
pangajeng-ajeng
angger kita badhe
nampeni berkah kanthi pangucap ing manah:
Bilih ALLAH ingkang nitahaken langit lan bumi
inggih ingkang luber ing kasusetyanipun
tumrap para titah
Sih
rahmat lan Tentrem rahajeng
ing
patunggilaning SANG RAMA,
SANG
PUTRA,
tuwin
SANG ROH SUCI
tumraha
ing gesang kawula sapasamuwan
AMIN
2. INTROITUS
:
ROMA 16
: 6
Salam marang Maria,
kang wus nyambut-gawe
tanpa ngitung
sayah kanggo kowe kabeh
YESAYA 16 : 9
Mulane aku melu nangis
kaya Yaezer marga saka wit anggur ing Sibma mau;
kowe arep dak telesesi kalawan eluhku,
he Hesybon lan
Eleale, amarga mangsa ketiga trep ing mangsa panen mungsuhmu nempuh kalawan
alok perang
(pinarak)
KPK
28 : 1, 2, 3 SOWAN MRING GUSTI
3. PENGAKEN DOSA …Matius 22
: 37 – 40
ndedonga : …AMIN
Kita sami anelangsani
anggen kita dereng saged nindakaken
sadaya piwucal
bab katresnan
Kita sami ngakeni dosa panerak kita
Kita sami ngakeni dosa panerak kita
awit ALLAH
estu tresna dumateng kita para titah
Sumangga kita ngakeni sadaya ringkihing
raga,
iman saha kapitadosan kita
lan sacara rohani kita menika
ugi gampil risak kados dene kundi
ingkang kayasa saking lebu lan lempung
gampil dumawah lan pecah
Yen kita nampi dedhawuh
jer kita mboten saged nglampahi
kados pundi gesang kita badhe
kawilujengaken ?
GUSTI YESUS
sampun nresnani gesang kita
lir-ipun
kita ugi kedah saged nindakaken
katresnan
dumateng sesami lan GUSTI ALLAH kita
Sumangga
kita sowan
ing pandonga ngaturaken kahananing
gesang kita
…
(DHUH ALLAH SANG RAMA…
kawula aturaken sadaya kalepatan dosa
kawula.
Amin)
4. KPK
46 :
1, 2,3 PANELANGSA
5. PAWARTOS RAHAJENG : ((
Jumeneng …
1 YOHANES 4 : 7 –
8
7. Para Sadulur kang
kinasih,
payo kita padha tresna-tinresnan,
amarga katresnan
iku
asale saka ALLAH,
lan saben wong kang nindakake katresnan,
iku laire saka
ALLAH lan wanuh karo ALLAH
8. Sapa kang ora
nindakake katresnan
iki ora wanuh karo ALLAH, sabab ALLAH iku katresnan
6. PAMISUNGSUNG : Samangke wanci wekdalipun …
Dasar : MAZMUR
69 :31-32
31.Asmaning
ALLAH
bakal
dak puji kalawan kekidungan,
sarta PANJENENGANe dakluhurake
kanthi
kidung panuwun
32.Ana
ing paningaling ALLAH
iku
luwih becik katimbang sapi lanang,
ngluwihi
sapi lanang
kang
wus ana sungune lan atracak belah ;
KPK
187 :
1 - … PISUSUNG JIWA RAGA
7. PELADOSAN FIRMAN :
KPK 148 :
1 NYAWISI PAPAN MRING GUSTI
PANDONGA: … AMIN
PAMAOSING KITAB SUCI :
1 PARA RAJA
19 : 4 – 8
EFESUS 4 :
30 –- 5 : 2
YOHANES 6 :
41 - 51
Iba begjanipun kita sapasamuwan
ingkang tansah sami tresna dumateng ALLAH.
Tansah ngorong lan
kepengin mireng dhawuh-dhawuh pangandika tuwin
ngudi anggen badhe nindakaken ing gesang sapadintenan
AMIN
3X …..
KOTBAH
… AJA NGANGGEP
REMEH TUMPRAP APA LAN SAPA BAE !
KPK
269 : 4, 5 PAMARTA KULA
AGESANG
8. PANGAKEN
IMAN RASULI … pinarak ))
9. PANDONGA SYAFAAT :
Saos
syukur dhawuh pangandika …
Bangsa
& negari
Pasamuwan-pasamuwan
ing pundi-pundi papan & Pepanthan (marenca)
Greja>Panitia-panitia:
Peringatan 1 abad gedung greja & Dauran Pinisepuh- Diaken, Rembug Warga
Pacawisan
Pambujanan Dinten Pambangunaning GKJW
Warganing
greja—sakit, lansia, Warganing greja – bebingah Ultah, Warganing greja: brayat
enggal & sadherek ingkang saweg nindakaken sambung rasa ugi saweg cecawis
anggenipun badhe mbangun bebrayatan
Anak-anak—katekisasi,
sekolah,padamelan,jodoh
Bibaran>>AMIN
10. PENGUTUSAN
& BERKAT
: (Jumeneng)
KPK 157 : 1 NYUWUN
KALANTING ING GUSTI
Sumangga patunggilan kita mengkeraken papan pangibadah ,
Sumangga kita enget-enget bilih ALLAH sayektos estu
mangertos ing bab
sadaya prakawis ingkang saweg kita alami
kados dene ing dhawuh pangandika …….
“Pepakon-pepakon iku ora abot,
amarga kabeh kang lair saka ALLAH
iku ngalahake jagat,
yaiku pracaya kita.
Sapa ta kang ngalahkake jagad,
kajaba wong kang pracaya
menawa YESUS iku Putrane ALLAH ?
I YOHANES 4 : 3b - 5
(kita tampeni berkah) :
Sih rahmat lan tentrem rahayu
tumuruna ana ing gesang kita sapatunggilan
ing dinten samangke
ngantos dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng tyang ingkang tansah
mangabekti dumateng ALLAH
SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG ROH
SUCI
AMIN
KPK 345 TENTREM
RAHARJA
Tentrem
raharja sing GUSTI kita,
tumrah mring kita
tentrem
raharja sing GUSTI kita,
tumrah mring kita
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami