Kamis, 23 Agustus 2012

PASEMON BAB PAHARGYAN MANTON ING KRATON


Pangibadah Brayat
Kamis, 23 Agustus 2012





PASEMON
BAB PAHARGYAN MANTON
 ING KRATON






MATIUS 22 : 1 – 14


14
Sabab akeh kang katimbalan, nanging mung sathithik kang pinilih






Patunggilan 
ingkang kinasihan 
dening GUSTI YESUS

Rinten dalu kita migesang
miturut miturut wekdal ingkang kaparigaken
dumateng kita piyambak-piyambak ;
wonten wekdalipun dalu, siyang, enjing;
wonten wekdalipun ngaso- nyambut damel
lan
 saestu menika sadaya ndadosaken kita manungsa
kebak kabebasan.
Kados pundi anggen kita badhe ngisi
kamardikaning gesang kita menika ?

Ing wekdalipun mesti kita badhe kaundang –
 kauleman
awit semanten sihe katresnanipun ALLAH
dumateng manungsa
para titahipun;
sabab saestunipun kita mboten dangu
anggen kita migesangan
ing satengahing jagad menika.

 Kahanan kita mboten tetep ing kawontenaning jagad…
tetep wonten wekdal kangge nyambut damel lan ngaso,
tetep kedah ‘beraktifitas’ nyambut damel
ing wanci dalu- siyang- utawi enjing.

Ing ngriki
 kita kedah wantun mbucal wekdal
kangge nggatosaken timbalaning ALLAH.

Mbucal wekdal
ateges kita ngangge sawernining wekdal anggena
 kita saged sowan ing ngarsanipun ALLAH
 awit kita ingkang sampun nampi uleman-
sampun nampi undangan
lan
 sampun kapiji-
katinimbalan
sageda sak saged-sagedipun
 kita nggatosaken timbalanipun ALLAH!

Sapindah malih
 para sadherek kinasih
Urusan ing ndonya
mboten wonten telasipun-
mboten saged kaendeg.

Bilih sampun enjang mangke siyang … dalu
 lan sapiturutipun
enjang kadadosaken siyang,
siyang kadadosaken dalu-
dalu dados siyang.

Saben tiyang gesang
mesti anggadahi aktifitas macem-macem 
lan
benten-benten kegiatanipun
antawisipun satunggal lan satunggalipun.

Satunggal ngaso
satunggal tiyang nyambut damel;
 Sikil dadi sirah-
 sirah dadi sikil
Rina wengi nyambut gawe

Punapa menika saestu migunani
kanggening gesang ing tembe ?

Mila kita ingkang sampun kauleman-
Lan sampun kaundang dening ALLAH

Ateges kita menika
sami sampun nampeni sihe ALLAH
ALLAH ingkang sampun nyawisaken 
bab-bab prekawis
 ingkang mituhu-
ingkang penting
 selaras kaliyan karsanipun ALLAH;

 Bab Kraton Swarga
 Ingkang sampun sami kacawisan
 kanggening kita para manungsa.

Menika papan palereman
 ingkang sejatosipun kangge salami-laminipun
mboten wonten malih wekdal ingkang kasebat
lan
kalampahan
kados dene kawontenan ing satengahing jagad.
 Swasananipun benten
(mboten wonten dinten gantos dinten, siyang gantos dalu)
 Lan
 kahananipun sarwa cumawis
(mboten wonten panyambut damel malih)
Siyang dalu mboten wonten-
 ingkang wonten anamung padhang lan pepadhang.
Panangis lan keroting untu mboten wonten-
ingkang wonten anamung pamuji
 ngluhuraken Asmanipun ALLAH.

ALLAH rawuh
nuweni manungsa
ing satengahing jagad samangke
kangge nyawisaken-
miji manungsa
 ingkang sami purun lan nggatosaken timbalan :
 Iba gunging pangaksami
sageda kita nggatosaken timbalan
ingkang awujud uleman-
undanganipun ALLAH.

Sebab sadaya menika
wonten wekdalipun piyambak.

GUSTI YESUS
ingkang saweg memucal
ngangge pasemon
bab paghargyan memanton
menika ngaturi uleman
kangge sadayaning manungsa;

Ing wiwitaning uleman
Uleman menika anamung kangge  manungsa
ingkang sampun kapiji-
sampun katemtokaken
 ananging ing pungkasanipun
uleman menika kangge sadaya tiyang
 ingkang saged kapanggihi-
saben tiyang
 ingkang purun nggatosaken timbalan
lan
 nyawisaken dhiri-
tiyang ingkang mbucal wekdal
tiyang ingkang purun nilar gesang padintenan
 kangge kembul ngrahapi pesta memanton
menika


Patunggilan
Iba bingahing gesang kita
bilih kita sami mangertosi
tujuaning ALLAH rawuh
 ing satengahing jagad

GUSTI YESUS rawuh paring piwucal-
pawartos bab kratoning ALLAH
 lan
 syarat kanggening sinten tiyang
 ingkang saged lumebet kraton swarga
menika

Cetha lan jelas kaseratan
 miturut reraosan Bab pasemon
 pahargyan memanton ing kraton
1.       Kangge sok sintena tiyang
 ingkang katinimbalan
 miturut tata lan caraning ALLAH 
(tiyang ingkang nggatosaken undangan)

2.       Kangge tiyang 
ingkang karsa 
purun rawuh ngrawuhi undangan
 mawi tata cara lan adicara kraton swarga 
(ngangge pangagem-
 rasukan pesta-
 kasucening karohanen;
 tata cara gesang padintenan 
ing jagad kedah katilar)

3.       Jelas ingkang nimbali- 
ngulemi menika ALLAH
 ratuning gesang kalanggengan 
ingkang kebak panguwasa 
ing katresan lan ing paukuman. 
Sinten tiyang ingkang nggatosaken
 badhe nampi kabingahan
 lan
 ingkang mboten purun nggatosaken 
badhe kaukum

4.       Warganing kraton kaswargan
mesti tansah nengenaken timbalaning 
lan 
purun nilar aktifitas kadonyan,

warganing kratoning ALLAH
 langkung remen ndherek pambujanan kembul
 ing pesta memanton
 katimbang aktifitas dhiri pribadi


Makaten
 patunggilan
 ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
Bab katresaning ALLAH
 nglangkungi PUTRANING ALLAH
 YESUS GUSTI kita 

GUSTI YESUS
saben-saben wekdal
 kersa nimbali kita
 lan
kersa paring pangenget

 pundi ingkang kedah karumiyinaken-
kautamekaken
bab timbalaning jagad-
nggih menika
panyambut damel-
aktifitas gesang
utawi
timbalaning ALLAH
ndherek ing persekutuan
pamuji
ngluhuraken Asmanipun

Sumangga 
kita cak-aken reraosan
Dhawuh pangandika :
“Sabab akeh kang katimbalan,
nanging mung sathithik kang pinilih”


Mugi-mugi
kita
 para sadherek
mboten klentu malih
anggen kita milih lan miji wekdal
 kagem ALLAH
ratuning gesang kaswargan

GUSTI YESUS mberkahi kita

AMIN

















PANGIBADAH   BRAYAT
Kamis, 23 Agustus 2012


Votum/Berkat
Pamuji KIPAS  1 : 1 
MAZMUR 1
Rahayu kang lakune tan manut 
Pangangen-angene wong duraka
Lan ora ngambah dalane wong dosa
Ora wor lungguh ing pajagongane
Nging karem nyang panmerdining ALLAH
Rina wengi den gilut ing manah

Ndedonga :
Syukur
Nyuwun sih pangapunten
Undang Roh Kudus.
AMIN

Pembacaan Alkitab : MATIUS 22 : 1 -14

Pamuji KIPAS 76  : 1 
ETUKING KARAHAYON
(Yokanan 1 : 7)
Wonten darah suci mancur
Neng ardi Golgota
Nggih rahipun GUSTI YESUS
Kang ngicalken dosa
Nggih rahipun USTI YESUS 
Kang ngicalken dosa
   
KOTBAH …..

Pamuji KIPAS 65  :  1  
 KASAMPURNANIPUN GUSTI
Kula nggunggung  nggunggung GUSTI
Panutan kula kang sejati
Dene suci tanpa cela

Tansah kula mulyakaken
Asmane kula luhuraken
Tan wonten timbanganipun

Nggenipun nglampahi
Karsane HYANG WIDI
Tansah mantep 
Lair batos salaminya
Umadep maring kang RAMA


Doa syafaat :


Memuji  KIPAS 115  : 1
PANGANDEL DUMATENG ALLAH
Neng gunung wah neng ngare 
GUSTI ALLAH ana
Nyana ngendi paranku
Mesthi ana uga
Endi kang dadi cipta
lan usiking ati
Kabeh mesthi kapirsan
Ing ALLAH HYANG WIDI 

Berkat


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami