Kamis, 21 April 2011

NGASORAKEN DIRI NUWUHAKEN KAWILUJENGAN

Ibadah Brayat
Kamis, 21 April 2011



NGASORAKEN  DIRI
NUWUHAKEN KAWILUJENGAN


YOKANAN  13 : 1 – 15

9
Unjuke Simon Petrus
marang PANJENENGANe,
“GUSTI,
sampun ngamungaken
suku kawula kemawon,
nanging dalah tangan
 saha sirah kawula pisan”.





Rahajeng para sadherek
 Sapatunggilan

Kita samangke
sami kakempaleken
 ing patuwenan brayat
mliginipun
 kita sami ugi cecawis
nyawisaken manah
 lan batos kita
 sauger kita
sami badhe sowan
mareg ing Pambujanan Suci


Patunggilan
ingkang kinasihan
 rinten dalu
kita nindakaken pigesangan
 sapinten kuciwanipun
anggen kita dereng saged
lumampah manut
ing pangrehing ALLAH


Patunggilan
samangke kita lereh sakedap,
‘ngaso
saumpami tyang nyamut damel’

 kanthi menika
 kita saged ningali
 lan ngraosaken
sampun dumugi pundi
anggen kita nindakaken pakaryan
 lan nindakaken pigesangan-migesangan
 ndherek tut wingking
 ing karsaning ALLAH

Saumpamia kita menika
dados pelados ing wande

Mesthi kemawon
kita njagi
tutur lan tumindak kita

sebab sadherek
ingkang saweg marung
kasebatan dados raja-
pelanggan itu raja….

Lan kita
dados pelados

Sakeca pancen
dados tyang ingkang dipun ladosi…
 punapa kemawon
 ingkang dipun karsakaken
 mesthi badhe kaaturan-
badhe kaleksanan


Rahajeng kita
 ugi ingkang sami dados
pelados-peladosing ALLAH
 ing sauruting gesang migesangan menika

Kita sami njagi
tidak tanduk kita,
kita sami ngajeni
satunggal-satunggaling tyang
ingkang saweg sami sesambetan kaliyan kita,

kita rumaos klentu
 bilih anamung ngeneraken
pepenginan dhiri kita pyambak

dalasan menika sadherek kita
ing satengahing migesangan kita
sami
sampun kita lirwakaken-
tidak kita perhatikan
Makaten para sadherek
 kita saged ngraosaken
Iba luhuringALLAH
nindakaken leladosan
 kanggening manungsa

ALLAH ingkang maha luhur
sami karsa tumurun
ing satengahing jagad.

GUSTI YESUS
 nindakaken paladosan
mundhut posisi pelados

 punapa kemawon
ingkang saweg kita betahaken
ing gesang migesangan kita
mesthi badhe kaparingaken,

ngantos saestu
kaaranan dados putraning ALLAH
utawi
ngantos kita kaaranan ‘anak RAJA’

GUSTI leladi
 ngantos dumugi puputing nyawa
seda sinalib
 nglabuhi gesanging manungsa


Patunggilan ingkang kinasih
Sumangga kita raosaken wewaosan
 ingkang nembe kita tampeni


GUSTI YESUS
 ngwijiki sukunipun para sahkabat 12
satunggal mbaka satunggal
 ing pacawisan dinten riyadin Paskah

Dados para sadherek
ing adat agami Yahudi
nggih wonten pepengetan Riyadi Paskah;

Ngenget-enget
 prastawa :
Anggenipun ALLAH
paring pangluwaran sabangsa
 saking tanah pangawulan :
Mesir
 ngantos lumebet ing tanah perjanjian–
 Kanaan.

Sampun dados kabiasaan
 kembul dedhaharan roti
 tanpa ragi
 lan ngunjuk anggur
sacara sesarengan
lan gilir gumantos

 karana punika
ingkang kadhawuhaken
dening ALLAH
dumateng nabi Musa
sabangsa

 kanthi manah cecawis
 mangkat
 nilar
tanah pangawulan-
 Mesir…..
ngagem trumpah…
 sabuk kaiket….
lan anyepeng teken;

Siap lumampah-
kaentasaken
saking pangawulan

Menika
wonten ing adat tatanan Yahudi

Ananging
 ing Perjanjian Enggal
ing pundi GUSTI YESUS
 sami ngladosi para sakhabat-
ngwijiki
suku-sukunipun para murid.

Tumindak makaten kalawau
Mboten wonten
ing adat Yahudi
 lan ing agami Yahudi

ingkang wonten anamung
cecawis
enggal-enggal mangkat
 lumampah
 medal saking ‘tanah perbudakan’.


Patunggilan
sumangga kita raosaken
 kenging menapa
 ngantos dumugi semanten
 anggenipun GUSTI YESUS
ngasoraken dhiri
anggenipun sami
nindakaken paladosan
dumateng para sakhabatipun ?


Patunggilan
 wonten pamanggih
 ingkang dereng trep
tumparing para sakhabat
kenging menapa GUSTI YESUS ngwisuhi
sukuning para sakabat
satunggal mbaka satunggal ?

Menika anamung gegambaran
lan nyariosaken
 kedahing gesang lados linadosan.

Bilih GUSTI YESUS
 ingkang sejatosipun ALLAH PRIBADI
ingkang sampun manjalma
ing bumi

(kita waos YOKANAN 1 : 1)
 ….
Ing kala purwa
SANG SABDA iku
wus ana,
dene SANG SABDA iku
ALLAH.


Lan ing ayat 5-8
 saking kitab FILIPI 2

kacariosaken
 anggenipun GUSTI ALLAH
ngesoraken dhiri
 ngagem pamundhut dados
putraning tukang kayu
sanes dados
ratu ing satunggiling nagri….

.ngantos karsa seda sinalib
ing redi Golgota
 anggenipun nenetepi karsaning-
rancananganipun GUSTI ALLAH
 ingkang kagungan karsa
milujengaken manungsa
saking dosa

Salaku GURU lan GUSTI
kersa nguwijiki
 sukunipun para sakhabat……



Punapa mboten kuwalik !,
bilih ingkang samesthinipun
para sakhabat
 ingkang kedah nguwijiki
sampeyaning GUSTI YESUS
 satunggal mbaka satunggal
minangka wujuding bekti
  lan pakurmat ?!


FILIPI 2 : 5 – 8
5.
Ing sajroning anggonmu 
padha urip bebarengan
padha kadunungan pangangen-angen
lan pangrasa
kang uga tinemu
 ana ing KRISTUS YESUS

6.
 kang sanadyan ngagem wujuding ALLAH,
ewadene anggone sadrajat
 karo ALLAH
iku ora kaanggep
 barang darbek kang
kudu dikekahi

7.
nanging malah wus nyuwungake
sarirane piyambak,
lan ngagem wujuding abdi,
sarta wus dadi
padha karo manungsa.

8.
Apamaneh
ing sajroning wujud manungsa iku
 PANJENENGANe
wis ngasorake sarirane
lan sumuyud
nganti seda,
malah nganti seda
ana ing kayu salib


GUSTI lan ugi GURU
menika sebataning para sakhabat;

Petrus lan para sakhabat
sampun trep
 lan pas
anggenipun nampeni penjelasan
 bab prekawis
ngesorake dhiri,
 ngantos …
nyuwun sadaya badanipun
 kawijikan
 dening GUSTInipun …


9
Unjuke Simon Petrus
marang PANJENENGANe,
“GUSTI,
sampun ngamungaken
suku kawula kemawon,
nanging dalah tangan
 saha sirah kawula pisan”.

Sanajan
 ing proses ewah-ewahan 
pehaman enggal 
mboten sadaya murid
 saged nampeni 
anggenipun GUSTI YESUS
 tumindak makaten…. 

Ayat 8a : 
Petrus munjuk PANJENENGANe, 
“PADUKA
 sampun ngantos mijiki 
suku kawula 
ing salami-laminipun”.

Ing proses bab kawilujengan 
ingkang badhe katampi 
dening para sakhabat
 karana tumindak 'ngasoraken dhiri' punika
 saged katampi.

 Mila 
Petrus nyuwun 
mugi sadaya gesangipun 
kasarira 
dening GUSTI YESUS….

8b
“YESUS paring wangsulan,
pangandikane :
Menawa AKU
ora mijiki kowe,
kowe ora duwe panduman
ana ing AKU”

9
Unjuke Simon Petrus
marang PANJENENGAN,
“GUSTI,
sampun ngamungaken
suku kawula kemawon,
nanging dalah tangan
 saha sirah kawula pisan”.


Saged makaten
 pamanggihing para murid :
Sarirane GUSTI YESUS
 ingkang sampun ngesoraken dhiri
 kangge nglabeti dosa
 panerak kita
 sami
 para pandherekipun.

 Kados dene kita ugi
ngrumaosi
lan ngakeni
bilih GUSTI YESUS
sampun karsa ngwijiki gesang kita.

Sumangga
 kita kados Petrus
ingkang nyuwun
mugi sadaya gesangipun
 ugi karesikan
 dening GUSTI YESUS….

“GUSTI,
sampun ngamungaken
suku kawula kemawon,
nanging dalah tangan
 saha sirah kawula pisan”.


Kita ndherek aktif
 lan pro aktif
mboten anamung nengga GUSTI YESUS
 ingkang ngrawuhi kita
 ananging kita
kedah purun masrahaken
sadaya dosa
kalepataning gesang kita….

Sumangga GUSTI
PADUKA resiki…..
PADUKA ngwujiki kawula
 bab perangan punika ……
 kita sebataken
dosa
kekakirangan kita.

Kita mareni ….
Kita lebari…..

Sebab
bab pamerdi
asring mboten kaumumaken
 ing satengahing pasamuwan
ananging kita pribadi
 ingkang nggadahi momotan
bab prekawis panerak angger-angering ALLAH

 kita marek
masrahken
satunggal mbaka satunggaling….
Kita rampungi.


Makaten para sadherek
pacawisan
ingkang kita alami sesarengan
kados dene pacawisan
ing wiwitaning GUSTI YESUS
 ngwijiki suku
 sarirane
para sakhabat

Pacawisan menika
kedah ngemungaken ewah-ewahanin gesang
para sakhabating GUSTI,
kanthi manah ajrih,
suyud tumungkul
 saha nggetuni
tumindak laku ….

 Kita kawangsulaken
dados anak-anaking RAJA-
 putra-putraning ALLAH
ingkang badhe nampeni
gesang kamulyan


Kita
 ugi kaajak
sami lados-linadosan
kados dhawuhipun GUSTI YESUS
ing ayat 14-15 :

14
Dadi Manawa AKU iki
kang dadi GUSTI
lan GURUmu
wus mijiki sikilmu,
dadi kowe
iya padha wajib
wisuh-winisuhan sikil.

15
Awit
AKU wis maringi tuladha
marang kowe,
supaya kowe kabeh
uga nindakake
kaya kang wis daktindakake
marang kowe

Sumangga
para sadherek sapatunggilan
kita sami cecawis
lumantaran gesang kita
 lan ugi lumantar pakaryan kita
 saben dinten
 GUSTI YESUS ngersakaken.


GUSTI YESUS mberkahi kita

AMIN








Pamuji  KPK 38  : 1, 2
Haleluya Puji GUSTI
Berkah

Pamuji  KPK  148 : 1, 2
Nyawisi papan mring GUSTI
Pandonga

Pamaosing Kitab Suci  : 
YOKANAN  13 : 1 – 15
RENUNGAN ….

Pamuji  KPK  263 : 1, 2
Etuking karahayon
Pandonga Syafaat

Pamuji  KPK  149 : 1
GUSTI Nuntun
Berkah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami