Jumat, 15 April 2011

GUSTI YESUS JATINING GESANG

Ibadah Minggu
10 April 2011




GUSTI  YESUS
JATINING  GESANG






I.                   YEHEZKIEL 37 : 12 – 14
II.                ROMA 8 : 8 – 11
III.             YOHANES 11 : 1 – 44







Patunggilan
 ingkang katresnanan
dening GUSTI  YESUS

Iba bingahipun gesang kita
 ingkang saestu
 katresnanan dening ALLAH

Lumantar dhawuh-dhawuh pangandika
ingkang saben-saben
kita pireng lan
ingkang saben-saben
kita gegilut;

 Sanadyan anamung
1 ayat,
2 ayat
utawi
1 perangan-
perikop
kados ing enjang punika,
ingkang nembe kita waos
YOHANES 11 : 1 – 44

Saestu
GUSTI YESUS karsa
wawanrembag kaliyan kita.

GUSTI karsa
paring piwucal lan
 anggadhahi pangreh
ingkang satuhu sayektos

Dhuh ALLAH
pundi karsa PADUKA
 ingkang prayogi
kangge kawula sasedherek
 ing pepanthan Sumberrejo punika


Makaten
conto
reraosanning manah kita.

Iba
kita saestu kangen
dumateng rawuhing ALLAH
 ing pakempalan-pakempalan
ingkang kita wontenaken.

GUSTI YESUS
dados punjering pikurmat lan
 kamulyan.
ROHing ALLAH
 yeku ROHing kamulyan
 gesang langgeng.

Kita rumaos  nampi
pigesangan enggal,
gesang
ing ndalem
 Asmanipun GUSTI YESUS.

Rekaos,
kasedhihan lan
momotan
saged enteng-
 ical-
sirna
awit panggayuhing ALLAH-
pangrengkuhing ALLAH

Angger ALLAH dedhawuh
 mesthi
raosing manah kita
enteng

GUSTI amberkahi kita

Luar biasa ….
 Pakaryaning ALLAH
tumprap gesang kita
samangke.

Makaten
pakaryaning ALLAH
 ingkang katindakaken
 ing rikala
jamaning GUSTI YESUS
 makarya
ing satengahing jagad

GUSTI YESUS makarya
 ing satengahing brayating
sasedherek patunggilan
 ingkang katresnanan
nggih menika
Maria dalasan Martha.

Dene Lazarus
ingkang kacariosaken sakit,
tumunten pejah-
tilar ndonya,

 Lazarus menika
 ing gesangipun
saestu katresnanan sanget
dening GUSTI YESUS

Mosok sih
GUSTI nresnani
 tak aturi rawuh
mboten karsa
…..

Mosok
GUSTI YESUS
anggenipun nresnani
 tak aturi pirsa
bab kahananing sadulurku
 Lazarus
mboten badhe ngrawuhi
utawi mboten badhe
 paring pitulungan ?

Mosok sih
 GUSTI
negakake uripku !

Makaten
para sadherek sapatunggilan
 bilih kita
anggadahi pangertosan
lan pangangen-angen-
kapitadosan
ingkang satuhu
dumateng GUSTI YESUS

Maria dalasan
Martha
 anamung paring khabar
bilih Lazarus
sadherek kinasih
 saweg sakit.

Ing pangangkah
piyambakipun-
 nggih menika Maria
 dalasan Martha
mboten badhe ngreridu,
nyrimpeti utawi
 mboten badhe ngganggu
 anggenipun GUSTI YESUS
 tindak memucal.
Saestu
Marta dalasan Maria
 Mangertos
 kados pundi
‘super sibuk’ipun
 GUSTI YESUS

Makaten
 Marta dalasan Maria
anggenipun
nindakaken unggah-ungguhing gesang-
 sopan-santuning pasrawungan.

‘GUSTI
mesthi langkung pirsa’-
langkung nyumurupi
bab kawontenan punika.

Kawontenaning sadherek
 jaleripun.

Bilih GUSTI rawuh
 mesthi enggal paring kasarasan-
 kaluwaran
menapa ingkang dados
momotaning gesang.

Bilih GUSTI YESUS
mboten karsa rawuh
ing wekdal punika-
 anamunga paring dhawuh
kemawon
saking katebihan….

Lazarus
ugi saged kaparingan saras.

 Makaten
piandelipun manah
kekalih sadherek punika.

Dumateng sinten malih
 Marta lan Maria
badhe nyuwun pitulungan-
 pados ‘patangen’-
kasarasan


kajawi dumateng ALLAH
 nggih dumateng GUSTI  YESUS


Rahajeng kita
para sadherek
 ingkang ugi
anggadahi kapitadosan
 ingkang sayektos
bab panguwasaning
 GUSTI YESUS

Amin
….
Nggih para sadherek,
 Amin !

Bilih kita
ing sawekdal-wekdal
nampi momotaning gesang,
kita enggal-enggal
ngaturi GUSTI YESUS.

Mugi GUSTI
PADUKA makarya
ing satengahing gesang
 pigesangan kawula.
Mugi
dhuh GUSTI
 PADUKA rawuh


Patunggilan
 ingkang kinasih.

Kita
mboten mangertos
menapa ingkang dados
 karsaning ALLAH.

Kenging menapa
Lazarus ngantos dumugi pejah-
 tilar ndonya,
langkung malih ngantos
4 dinten kakubur.

GUSTI YESUS dereng rawuh ….

Saestu
 Lazarus sampun pejah-
gandanipun mayit
mboten ngapusi


Iba sedhihing
sadulur sakloron,
Maria dalasan Martha

Rawuhing GUSTI YESUS
 ndadosaken kabingahan…
 sabab
saben-saben prekawis sesakit
punapa kemawon
mesthi  badhe kapitulungan –
kasarasaken

Tapi nggih punapa saged…
Lazarus samangke sampun pejah

Iba sedhihipun Maria
 nggih makaten ugi
Martha
ningali sadherek jaler
tilar.

Sadherek jaler menika
 ing adat
kabudayan Yahudi
 saestu nggadahi
kadrajatan langkung inggil
 tinimbang kaum ‘hawa’
Satunggal sadherek jaler
ingkang kagedheng-
kaunggulaken…
tilar,

Iba sisahing manah
ngantos 4 dinten
 kasisahan menika…

lantaran menika
kathah sasedherek,
 tanggi tepalih

 adreng anggenipun asung panglipur,
kathah ingkang ngrawuhi
ing palayadan
ngantos 4 dinten
ing bale griyanipun
Maria lan Martha

Kados makaten
Patunggilan
kawontenaning GUSTI YESUS
anggenipun rawuh
 ngrawuhi brayat
sadherek kinasih

GUSTI YESUS rawuh
kagungan karsa

Rawuhipun GUSTI YESUS
nindakaken pakaryan
 ngluhuraken Asmanipun ALLAH

Luber sih katresnaning ALLAH

Sinten
 ingkang pejah
saged katangekaken malih
dereng wonten
 prekawis menika kadadosan
saderengipun-
 mbok menawi menika
ingkang wiwitan

Bab kamulyaning ALLAH
 nggih karana punika kadadosan
ing brayating Maria
 dalasan Marta
kedah kalampahan

Mboten wonten
 ingkang mokal
 kanggenipun ALLAH
Sampun wancinipun
ALLAH paring pangajar-
piwucal
bab patangen
sauger tyang pejah
nggih mesthi badhe katangekaken
karana pepati
 sampun mboten wonten
 dayanipun
kados ingkang kalampahan
ing DIRI PRIBADInipun
 GUSTI YESUS
rikala kasalib
 seda
wungu malih

GUSTI menika
Sejatosipun
 GUSTIning PATANGEN

Kados dene Lazarus
Kadhawuhan
 tangi
lan medhal
kanthi blebetan kain mori
 Lazarus medal

lajeng GUSTI YESUS
 paring dhawuh
 supadosa tyang-tyang
 paring pitulungan-
pambyantu
nglepas-
ngruncat kain morinipun
lan paring ageman-
 rasukan enggal

rasukaan-
ageman pati
 kagantos
rasukan-
 agemaning tyang gesang

Kados makaten
sadherek sapatunggilan
kita sami kaaturan
supadosa gantos
 salin
rasukan
ingkang sami ndadosaken pejah-
 rasukan ingkang kebak dosa
 kagantos rasukaning
tyang gesang

Sumangga
kita tilar
sadaya tumindak-
 panandhang dosa
kita

Kita lumebet
ing gesang
 ingkang kebak kamulyaning ALLAH

Roh pejah
kita gantos dening
roh patangen

Iba bingahing gesang kita
mbenjang
ndherekaken gesang langgeng
karana GUSTI YESUS
 sampun seda sinalib
ngrembat dosa
wungu malih
nampeni mahkuthaning kamulyan,

 Nggih makuthaning kamulyan
 langgeng salaminipun
ingkang ugi badhe
kaparingaken
dumateng kula
lan sadherek
 sapatunggilan

Mugi GUSTI YESUS
 amberkahi kita
ingkang tansah setya tuhu
lumampah
 ing panuntuning ALLAH

Sugeng
mapag dinten riyadin Paskah

GUSTI YESUS
GUSTIning patangen





AMIN



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami