Rabu, 05 Mei 2010

SAMUBARANG KABEH IKU SAKA ING ALLAH


I  SAMUEL  2  :  5 – 17









SAMUBARANG  KABEH  IKU  
SAKA  ING  ALLAH





5
Sing sapa wareg dhisik
saiki bakal buruh golek pangan,
nanging wong kang luwe dhisik
saiki bisa ngaso
Malah wong kang gabug
 nglairake anak pitu
 nanging wong sugih anak
 dadi loyo







Patunggilan ingkang kinasihan
dening GUSTI  YESUS
Kita samangke
 sami kaparingan dhawuh pangandika
bab peparinge ALLAH

Sanajan ta kita sami sampun nyumurupi
sapinten agenging katresnanipun ALLAH
Asring
kita dereng saged netepi
sapangrehipun ALLAH

Paprentahipun ALLAH
asring kita langgar
Paprentahing ALLAH
 dados laladaning  gegojegan kita
lantaran kita samangke
sami kaparingan kacekapan
mubra-mubru ing kahanan


Patunggilan
kita samangke sami kaajak
 niti priksa
 kahananing jagad ing nagri kita
samangke menika wonten saperangan kathah tiyang
ingkang kacingkrangan
nanging sak sisih wonten tiyang
 ingkang mubra-mubru kahananipun

Kabijakaning nagri
 wonten ing genggemanining dhirinipun ….

Wonten prekawis
 ngremehaken kapitadosaning warganing nagari
ngremehaken kuwajiban
 ingkang kaparingaken tumprap dhirinipun

Samangke ugi
kita nggih saged niti priksa
kahananing pasamuwaning ALLAH
ing pundi-pundi papan
Wonten tiyang ingkang mubra-mburu
kawilujenganing dhiri

Sacara tata lair
nanging sak sisih
 wonten ingkang dados korban
kesrakahaning dhirinipun

Pundi ingkang sae
 nggih dados mboten wonten artosipun
nanging ingkang lepat  klentu
dados panutaning warganing pasamuan

Patunggilan
wonten kathah prasasating….
katah prekawis ingkang nyondongi
 isining reraosan kita
ing wekdal samangke

Makaten ugi ing
gesang bebrayatan kita 
wonten ta ing isining manah kita
 ingkang mboten adil
dumateng saprekawis
 ing babagan katresnan
dumateng salah satunggaling warganing
 brayat kita

Mugi kita saged lan enggal-enggal nyawisi margi
kangge kaluhuraning ALLAH
ing sasaged-sagedipun
ingkang kalampahan nggih sanes
pepengin lan pangangen-angen dhiri kita


Patunggilan
kita samangke kaparingan dhawuh pangandika
bab riwayating Elkana
 ingkang kagungan putra jaler
 nggih menika
Samuel
 ingkang kakandhut dening Hana,
semahipun
 karana ALLAH sampun paring margi
kangge kasaenanipun tiyang
ingkang mboten nggadahi turun
 tyang estri punika
 kawastanan sampun nampi bebendhuning ALLAH

Nanging ALLAH langkung mirsani
sadaya pasambat lan panyuwuning Hana

Pundi ingkang leres
 nggih karana ALLAH
ingkang paring pangluwaran
Samuel kalairaken
Ing dintening
wekdal kasaosaken malih
kangge kaluhuraning ALLAH

Sesaosan dumateng ALLAH
anamung kaluhuraning ALLAH kemawon
ingkang kapundhut
 ing pamikiring Hana
 kaliyan Elkana

Samuel nampeni kawruh
bab prekawis mawarni-warni
 ingkang gegayutan
 kaliyan pranataning agami

Imam Eli
samangkya sampun sepuh
 ananging lepat anggenipun ndidik
 para putranipun
 ingkang cacah kalih

Samubarang prekawis
kaalaman kanthi tata
 caraning manungsa duraka

Sanajan ta
 tata lair batosipun
 leladi dumateng ALLAH
ananguing kepentinganing dhirinipun para putra
anjalari risaking
 tatananing pasamuwan
 ingkang saweg ngaturaken
pamisusung korban bakaran

Tata cara
ingkang leres
dados klentu
 ing pundi bab prekawis
 menika nggih mboten kaleresaken
dening tiyang sepahipun
Nggih imam Eli

Bab prekawis menika
 ndadosaken sungkawaning penggalihing ALLAH
Kadurakaning
anak-anaking Eli
kaaturi pirsa
 lumantaran abdining ALLAH
 Samuel
ingkang samangke sampun saya ageng
 ing babagan raga-
jasmaninipun

ALLAH ngersakaken
 Imam Eli sabrayatipun
nampi paukuman saking ALLAH
  ( ayat 11 – 14; 1 SAMUEL 3)

11. SANG  YEHUWAH
banjur ngandika marang Samuel :
Wruhananira,
INGSUN bakal  nindakake sawijining prakara
 ana ing Israel,
temah sadhengah wong
kang krungu bakal sumruweng kupinge
 karo pisan
12. Ing dina iku
INGSUN netepi
 tumprap Eli
 samubarang kang SUN ngandikakake
bab kulawarganing
saka wiwitan tekan pungkasaning
13. Ujer wus SUN dhawuhake
 Yen INGSUN bakal ngukum
kulawarganing ing salawas-lawase,
amarga saka dosa kang disumurupi
yaiku anggone anak-anake
nyawiyah GUSTI ALLAH
nanging ora disrengeni
14. Mulane INGSUN
 wus supaos marang kulawargane Eli
Yen dosane kulawargane
ora bisa  diruwat
sarana kurban sembelehan
 utawa kurban dhaharan
nganti ing salawas-lawase


Imam Eli
para sadherek sapatunggilan
 lepat
karana mboten aruh-aruh-
ngengetaken para putranipun

Sanajan ta kalih cacahipun
 ananging mboten ndadosaken 
sukarenaning penggalihing ALLAH
nggih ugi tyang sepuhipun

Sanajan ta
sacara tata gesang
sabendinten ing papan pamujan
sesaosan syukur kurban bakaran
dados laknat kagem ALLAH

Rahayu kangge sok sintena tiyang
 ingkang sami nampeni dhawuh pangandika
 pada rumaketa
lan pasrahaken
sadaya bot repoting urip
kanthi manah pasrah lan pitados
bilih ALLAH mboten badhe negakaken

Bapa Elkana dalasan Ibu Hana
sampun nampeni berkahing ALLAH
sinten ingkang pitados
 nggih badhe kaluberan ing berkah


Patunggilan
 kita menika
kados dene putra-putraning Eli,
 imaming pasamuwaning Israel

Ingkang saestu
 Asring
 mboten nggatosaken
tumpraping gesang
 mangibadah
 ngluhuraken Asmanipun ALLAH,

lantaran kita sami
asring mboten nggatosaken
jejibahan ingkang kita tampeni sesarengan
 kados dene nggulawentah anak-
wayah

Conto-
 Tuladha
 kedah kita paringaken
sesambetan kaliyan sesaosan syukur
dumateng ALLAH
Punapa ingkang sae
nggih punapa ingkang mboten sae

Karana ALLAH
 ingkang paring sadaya kawontenan
lan ugi kahanan
 ingkang sami kita betahaken
samangke kita tumindak lepat
 karana kita
 nindakaken saperangan rancanganing gesang
ingkang sulaya ing ngarsaning ALLAH

Kita lumampah sembrono
mboten ngetang kathahing berkah-berkahing ALLAH
 supados kita saged pasrah
 sumende
 Kita sami rumaos kabinerkahan…


Patunggilan ingkang kinasihan dening ALLAH
Karana kahanan lingkungan,
budaya,
tradisi
adat istiadat
Ibu Hana kaaran
dados wanita ingkang kaukum-
kaganjar dening ALLAH

 Iba prihatosing manahing  ibu Hana
Iba prihatosing
brayating Bapa Elkana
 ingkang sampun sepuh
  “kaukum” dening masyarakat
 kanthi pamundhut,
pamikir,
kados punika kalawau

Pundi ingkang sae
 nggih sae kanggenipun ALLAH

Pundi ingkang awon
nggih awon  ugi
ing penggalihing ALLAH

 sampun ngantos kita nggadahi pamikir
kados dene Iman Eli lan para putranipun

Kabinerkahan “putra kalih”
ananging mboten mbangun turut
 dumateng ALLAH

Kabinerkahan
kacekapan ing samukawis tetedan
lan fasilitasing gesang
 ing jabatan imam
nanging sami kawudharan,
kalepatan ageng
ing pamundhuting ALLAH

Imam Eli
 dalasan putra kekalihipun
 sami tumindak duraka

Saosan obaran syukur
kacuwil-kacuwil
kangge dhirinipun pribadi
saderengipun kasaosaken kagem ALLAH
“Kabeh wus kacacah,
 kacuwil-cuwil,
kaiiris
kangge kapentinganing dhirinipun”


Sadherek sapasamuwan
dalasan tiyang kathah
sami kawulang kanthi mboten sae
mboten sami ngormati
 dumateng ALLAH

Kanthi panggugunging gesang
 ingkang mubra-mubru
Kanthi manah
 mboten mandeng malih dumateng ALLAH
sanajan alit lan ageng
gesang panerak kita

ALLAH mboten badhe paring paukuman
 dumateng kita
bilih kita saestu manut lan nggetuni
ing pangenget-enget
 ing gesang duraka punika


ALLAH lamun ageng
sih kasetyanipun

Dumadining gesang kita,
punjeripun
wonten ing Astanipun ALLAH
lamun tebih kita tumindak
reraosan ing manah

ALLAH paring sadaya kabetahan kita
Kanggening kasaenaning gesang kita

Lamun kita
 rumaos ageng ing pamujanan
 kita asring kasupen
ingkang sae pundi kagem ALLAH
 lamun kita dados ringkih ing budi,
 kita sami ngaturi- ALLAH
 sadaya darbeking manah kita


AMIN








Pandonga Pambuka / Berkah
KPK 136  : 1, 4  Pangandel dumateng ALLAH

Pandonga
Pamaosing Idining Kitab Suci :  I SAMUEL 2 : 5 – 17
KPK  193 : 1  Mugi sawijining kabegjan sejati

Renungan…
KPK  79  : 1, 3, 4  Pracaya lan pasraha
Pandonga  saoe syukur

Pandonga syafaat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami