Rabu, 05 Mei 2010

PANGALEMBANA KAGEM ALLAH


Minggu, 26 Oktober 2008






PANGALEMBANA
 KAGEM  ALLAH






JABUR / MAZMUR   150  :  1 – 6


1-2
1. Halleluya !
Padha saosa puji
marang GUSTI  ALLAH
 ana ing pasucene !
Padha saosa puji
 marang PANJENENGANe
ana ing cakrawalane kang santosa !

2. Padha saosa puji
marang PANJENENGANe
marga saka sakehing kakiyatane
 padha saosa puji
marang PANJENENGANe
marga saka kaluhurane kang ngebat-ebati !




ALLAH saestu bingah
bilih sadherek  ing pepanthan …
 nilingaken dhawuh pangandika :
Rungokna sabda pangandika …
Saiba bungahing ALLAH
 alalambaran ng sih piwlasing para sadherek
 ngunggulaken gesang sampurna

Kitab Jabur / Mazmur  59: 5

Padha saosa puji
marang PANJENENGANe
kanthi kecer kang kumencring,
padha saosa puji
marang PANJENENGANe
 kanthi kecer kang gumenjreng !


Patunggilan
 ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
Ing dinten punika
kita sami sowan ing pangabekti
kanthi sesaosan syukur
 awit ene ALLAH
ingkang kita puji sembah
sampun rawuh ing stengahing gesang kita
 ing dinten-dintening kita badhe nglajengaken gesang

Gegayutan kaliyan bab punika
 kita ing pangibadah samangke
 ngaturi ALLAH ing kaluhuraning
 ing samudayaning kaluhuran agung

Sesembahan kita samangke
 mboten kendel ng dinten Minggu punika kemawon
Sesaosan syukur kita
 ugi tetep badhe kita tindhakaken
 ing gesang pigesangan kita salajengipun


Patunggilan
ingkang kinasihan dening GUSTI  YESUS
 kita punika abdi-abdining ALLAH
ALLAH ingkang sampun rawuh
nuweni kita
 nimbali kita
samangkya kita wonten ing kawilujengan
 ing margi tlatahing kaswargan,
Yerusalem enggal

Pujian kagem ALLAH
sae ing dinten samangke
ingkang kita pujekaken
Sae ing dinten kapengker
sampun kalampahan dening para umating ALLAH

Pakaryaning ALLAH
 sae ing dinten punika
ngantos ing pungkasaning jaman
Sae kangge kaluhuraning ALLAH
sumangga kita alami sesarengan
saweg badhe lumampah
kebak kabingahan
 saweg nampeni gesang langgeng


Patunggilan
awit dene ALLAH
sanes ALLAH ingkang tuwuh
 saking kesadaraning manungsa
 ingkang sampun ngalami gesang mubra-mubru
 gesang kebak kabegjan karaharjan sacara tata lair


Patunggilan
ALLAH punika
ALLAH ingkang saweg rawuh makarya
ngentas sadaya bangsa lan manungsa
 sadaya lumebeta
ing pepangkone paprentahaning ALLAH



Sae mbotening gesang kita
kita kedah ngaturi ALLAH
 sadaya kaluhuran
 ingkang sae
 gesang sacara tata lair
 nggih gesang sacara rohani

Tata lair kita sae
bilih ALLAH paring kasempatan
 nindakaken sadaya kegiatan-kegiataning gesang
 sacara jasmani
kacekapan sacara lair
 kita sami kaparingan wekdal nyambut damel
 ngraosaken kabingahan
ing salebeting nyambut damel
wekdal lan wektu kita alami
sampurna ing pakaryaning ALLAH

sadaya perkawis punika ngedab-edabi
 bilih ALLAH paring berkah
 mesthi luber ing samukawis prekawis

ananging bilih ALLAH ngeparengaken
kita ngalami kacingkrangan ing gesang
mboten wonten bab prekawis
  ingkang mbingahaken kita
kedahipun kita
 nggih taksih tetep saged
memuji lan ngluhuraken ALLAH

saestu
kita menika kapundhut
 dening ALLAH
 ing satengahing kita gesang
 ing alam ndonya

sinten ingkang mitadosi ALLAH
 mesthi nggih badhe katunggilan dening ALLAH
sinten ingkang pracaya
dumateng ALLAH
mesthi badhe kaparingan jawah
 ing sacekapipun
kaparingan wohing gesang
 ngedalaken woh kacekapan
ing dinten saben dintenipun

kacekapan punika kacekapaning ALLAH

ALLAH paring berkah
sacekapipun tumprap  patunggilan
 ingkang nyantosakaken gesangipun
 ing margi peparinging ALLAH

ALLAH langkung sae
tinimbang allahing jagad
Allahing jagad
anamung ngegungaken kakiyataning gesang
 mubra-mubru
 kacekapan ndonya
ananging kapisahaken
 dening pati salami-laminipun

Kaluhuran kagem ALLAH
Kaluhuran ingkang saestu
 mujudaken kaluhuran ingkang sejatos
 ing dinten-dinten samangke
 ngantos ing pungkasaning jaman

kathah cariyos
 para sadherek
wonten tiyang Kristen risak gesangipun
“hancur kehidupannya
 karena kurang dapat memuliakan ALLAH
 persembahan hidupnya
 tidak sampai ke hadiratNYA”


Patunggilan
 ingkang katresnanan dening GUSTI  YESUS
kita samangke
tetep wonten kahanan
 ingkang ajrih asih dumateng ALLAH
ajrih asih  ateges
 ajrih
 ngabekti
tetep manut
 ing samukawis prekawis
 mboten  nyebal ing pamikir
mboten nyebal ing tumindak
 mboten nggayuh babagan jagad lan saisining

Menawi kita nyebal….
“Keberhasilan”ipun sanes peparing ALLAH
Pepujenipun ugi sanes kagem ALLAH
Janji gesang langgeng sampun uwal saking dhirinipun
ALLAH mboten  wanuh

Janjinipun ALLAH
saestu sami kabucal
 ing salebeting gesang
 ing alam ndonya

 jamaning sampun ringkih ing kapitadosan
 gebyaring jagad sampun ndadosaken
 ulaping urip ngudi jagad lan saisinipun

Kathah patunggilan
conto
gesang ingkang ringkih
ananging kakiyatanipun langgeng
saiba bingahing gesang
bilih nilar ndonya
 nyambut damel ngudi pakaryaning ALLAH

Sae kita ingkang nembe nampi kanugrahan
 kasaenaning gesang luber
ing samukawis barang jagad iku kabeh
 karana ALLAH paring wekdal
 nguji
nguji
lan nguji
sapinten katresnan lan ketaatan kita
dumateng ALLAH

Sae kita ing wekdal samangke
Patunggilan …
kita tansaha ngudi gesang
 ingkang kebak pangalembana kagem ALLAH

Suraosing
 isining kitab Jabur Mazmur
ayat 1 lan 2

1. Halleluya !
Padha saosa puji
marang GUSTI  ALLAH
 ana ing pasucene !
Padha saosa puji
 marang PANJENENGANe
ana ing cakrawalane kang santosa !

2. Padha saosa puji
marang PANJENENGANe
marga saka sakehing kakiyatane
 padha saosa puji
marang PANJENENGANe
marga saka kaluhurane kang ngebat-ebati !


Saiba bungahing gesang kita patunggilan
awit kita taksih tetep
ing pangrehing ALLAH

Sejatosipun
 kita kedah ngisi gesang kita
 ing dinten-dinten samangke
 kanthi tetep  ngenget
ngilingi
bilih kita sami sampun karawuhan dening ALLAH
 katebus
 kaslametaken
kaudi kaserep
 ing wewangkoning ALLAH


Patunggilan
kita samangke kagendheng
sageda nindakaken pamuji saos syukur
tumpraping gesang ngalembana ALLAH

Kanthi slukat akawat sadasa
clempung lan unen-unen sanesipun
suling terbang lan kencer

Sumangga kita ungelaken kalasangkaning gesang kita
tansaha tetep
 ing kabingahan asurak-surak
jejogedan
ngluhuraken ALLAH

Janji prasetyaning ALLAH
 mboten ewah gingsir
 ing dinten samangke
 ngantos dumugeng delahan langgeng

Kitab  Wahyu  15  :  2  -  4

2. Aku banjur weruh rerupan
kaya sagara kaca
campur geni,
sarta kaya wong-wong  kang wis unggul
anggone perang karo kewan iku
dalah recane,
sarta cacah petungane jenenge,
padha ngadeg
ana ing pinggiring sagara kaca mau
Sarta iku padha nyekel clempunge ALLAH

3. Wong-wong iku
padha ngidungake kidunge Musa,
abdine ALLAH,
lan kidunge SANG  CEMPE,
unine,
“Agung saha elok pakaryan PADUKA,
dhuh PANGERAN, ALLAH
 ingkang MAHA KWAOS !
Adil saha leres 
sadaya margi PADUKA,
dhuh RAJAnipun sadaya bangsa !

4.Dhuh PANGERAN,
sinten ingkang mboten ajrih,
saha mboten ngluhuraken asma PADUKA ?
Awit namung PADUKA piyambak
 ingkang suci ;
amargi sakathahipun bangsa
sami badhe sowan
sarta nyembah sujud dhumateng PADUKA,
sabab sampun tetela
 leresing sadaya pangadilan PADUKA

Sumangga para sadherek
kita tansah netepi
sadaya karsa lan karsaning ALLAH

Setya tuhu kita
“ketaatan kita”
kauji ing wektu-wektu  kita gesang
 ing satengahing jagad
 “pengenalan kita akan ALLAH”
rumaketing gesang kita
 cumawisan …
dening ALLAH
ingkang tansah ngegaraken ASTAnipun


Patunggilan
 ingkang katresnanan dening GUSTI  YESUS
Katresnanipun ALLAH
 saestu ngantos
dumugeng wekasaning jaman

Jaman ingkang enggal
 nggih jaman ingkang langgeng
 ALLAH saestu kagungan rencana

Jawabing ALLAH
ing bab ngluhuraken ASMAnipun
 kagema anamung kagem ALLAH
lestantun selami-laminipun
 ngantos dumugeng jaman ingkang enggal

Kratoning ALLAH
 Isinipun
 mujudaken paprentahan
 ingkang ngluhuraken lan memuji-muji ALLAH

Sampurna pakaryanipun

Kaluhuran
kagem ALLAH
saestu mbingahaken ALLAH

Pacawisaning gesang kita
 lumebeting riyadin undhuh-undhuh
“ hari raya persembahan kali ini”
 Miruggan
 “khusus”
kagem ALLAH
 awit kita tansah rumaket
 caket
 kaliyan ALLAH

Bungah sisah
 kita anamung ALLAH
 ingkang kita puji
sesambetan kita
 kaliyan jagad  samangke
 anamung sesambetan
makarya
 nyambut damel
 ing kebon anggure ALLAH

Saos syukuring gesang kita
 nyumrambahi gesang langgeng
ing tembe

ALLAH rena penggalihipun
karana kita ngugemi
sadaya dhawuh pangandikanipun

AMIN






Votum
KPK 116 : 1, 2, 3 Pasrah sumarah mring GUSTI
Berkah

Introitus  :  YESAYA  61 : 10 – 11
KPAK  182 : 1 ( 3X)   Riyadin saosan
Pandonga

KPK  146 : I, 2, 3   GUSTI  YESUS  PAMARTA
Pawartos Rahajeng  :  Rum 8  :  26 -  28
Pangaken Sadahadat 12

KPK  181  :  1, 2, 3  Saosan Syukur
Pamaosing Kitab Suci  : Mazmur  150  :  1 – 6
Pandonga

KOTBAH…
KPK  188  :  1, 2, 3, 4    Kidung pisusung

Doa syafaat
Ngempalaken pamisungsung
KPK 187 : 1 --  Pisungsung jiwa raga
Waosan : Jabur 50  : 14 – 15
Pandonga

KPK  321 : 1, 2    Ngantya nagri sampurna
BERKAH

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami