Sabtu, 08 Mei 2010

DADOS SEKSI NYATA INGKANG GESANG

-->
Minggu, 9 Mei 2010
Ibadah Jompo








DADOS  SEKSI  NYATA 
  INGKANG  GESANG




Lelakone Para Rasul 15 : 1 – 2
Wahyu 10 : 1 -10
Yokanan  14 : 23 – 29







Patunggilan ingkang katresanan
dening GUSTI  YESUS
Kita menika
sami dados abdining ALLAH
 ingkang nggadahi pangertosan
bilih ALLAH menika
 saestu kebak ing sih katresnan
 dumateng kita
 para timbalan
lan malih GUSTI  YESUS ugi
sami ngutus kita
dados para utusan
ingkang sesaged-sagedipun
 nindakaken pamiwucal
 dumateng sok sintena tiyang
 ingkang lumebet
ing satengahaing pasrawungan kita sami

Ing papan padamelan,
 ing margi sauruting margi 
angen kita lumampahan
lan ing pundi-pundi papan
anggen kita migesangan 
sesarengan tiyang kathah


Patunggilan ingkang kinasihan
dening GUSTI  YESUS
Pamratobating diri pribadi
ing wekdal samangke
dados titikanipun
 saben pandhereking GUSTI  YESUS
 ingkang setya tuhu nresnani
GUSTI  ALLAHipun

Dadosa murid ingkang setya
 kita menika kaatag
 lumampah ing samargi-margi
 peparinging ALLAH

Samangkya kita kautus
lumampah medharaken dhawuh
pangandikaning ALLAH
supadosa kathah tyang
ingkang sami pitados lan nggetuni dhiri
 lan ugi masrahaken gesangipun
dumateng ALLAH

Lumatar pamratobating dhiri pribadi menika
Kita sami saged
dados cucuk lampahing gesang kita
 lumampah ing margining kamulyaning ALLAH
Sumbering berkah kita
 nggih ALLAH  PRIBADI


Patunggilan ingkang kinasih
 sinten tyang ingkang mboten mratobat
tiyang menika kawastanan
 adigang adigung
 wonten ing ngarsanipun ALLAH

Sombong lan ngunggulaken dhiri pribadi
Sanepanipun
 kita menika kesupen dumateng ingkang
nitahaken kita sami
jer kita saged gesang

Lumampahing gesang kita
 karana ALLAH
sampun paring wekdal
 lan kasagedan
dumateng kita
 ngantos umur kita samanten kathahing

Kita lumampah ing pigesangan punika
sanes karana kakiyataning dhiri pribadi
 nanging karana GUSTI  YESUS
ingkang kagungan karsa
 supados kita sami
nindakaken kabar kabingahan
 dumateng sawarnining jalma
ingkang migesang
ing dinten samangke
 ugi ing sauruting kita kautus
dados utusaning ALLAH
mbabarken kabar kabingahan


Patunggilan ingkang kinasihan
dening GUSTI  YESUS
lumampahing gesang kita
semendhea
 mung dumateng ALLAH
 awit ALLAH ingkang kagungan karsa

Patuladhan ingkang kita tampeni
 ing wekdal siang samangke
nggih menika
bilih ALLAH karsa ngutus para utusan
kangge nggyaraken-
‘memberitakan’
 kabar kabingahan agung
dene ALLAH sampun paring kawilujengan
 tumprap sok sintena tyang
 ingkang kersa mitadosi
sadaya dhawuh-dhawuh pangandikanipun

Rasul Paulus paring piwucal
 dumateng tyang sanjawinipun bangsa Yahudi
 dene bangsa Yahudi
ugi kathah ingkang sami pitados
 bilih GUSTI  YESUS menika
juru wilujeng lan panetep panata gama

Kathah prekawis
ing wiwitaning pasamuan ngrembaka
 karana wonten ‘perbedaan-perbedaan pendapat’
 bab – bab isining piwucal

Ingkang Yahudi
nggadahi pamanggih piyambak
lan ingkang sanesipun
mekaten ugi
nggadahi pamanggihipun piyambak

Jer kita saged anyenyinau
 kados pundi caranipun
kita ngrampungaken perbedaan pendapat kalawau

Para Rasul
 sami rerembagan
 lan ngudi dhawuh pangandikanipun ALLAH
 inggih punapa ingkang dipun karsakaen
 dening SANG  ROH  SUCI
ingkang sami adedhalem ing dhiri kita  sami

Tur prekawis
 perbedaan pendapat kalawau
sami saged  karampungaken
lan GUSTI sampun ngutus kita sami
kados dene para Rasul
 lan sok tyanga
 ing wekdal semanten
ugi ing wekdal samangke

Sumangga
kita ndherek lelabetan
dados utusaning ALLAH
 ing papan padunungan kita pyambak-piyambak

GUSTI amberkahi kita
 sanajan kita nindakaken pakabaran
kanthi raos rekaosing manah
 lan sesangginipun badan kita

Nanging GUSTI  YESUS
sampun langkung ngrumiyini
 nindakaken bab memucal
 dumateng para manungsa
ingkang anepangan
 dumateng SANG  KRISTUS  YESUS

Sok sintena tyang
 ingkang kautus
kedahipun nyumerepi
lan paring kawigatosan
 dumateng ingkang ngutus
supados punapa ingkang kawedharaken
 mangkenipun
condong kaliyan karsanipun
ingkang ngutus

Conto
tukang nembung
calon  pangantyan
dumateng tyang sepahipun

Tyang sepah badhe nampi
 atur panyuwun utusan kalawau
awit punapa ingkang kaaturaken menika
  mesti cocok kaliyan karsanipun
calon besan

Lumampahing gesang kita
sesaged-sagedipun
sumangga kita tansah niti priksa
sadaya karsanipun ALLAH 
jer kita saged tumindak
manut miturut karsanipun
 ing wekdal samangke
 bilih GUSTI YESUS
 ngutus kita
Kita sami
sampun siap lan cumadang

Kita anamung ngendelaken
 panuntuning SANG  ROH  SUCI
ingkang sami sampun kita tampeni

Lumampahing
 panuntuning
SANG ROH SUCI
Bingah sisah
kita nyuwun kekiyatan
 kumandela lan pasraha sawetah

Pakaryaning ALLAH
 mesti sae lan migunani
kanggening dhiri kita
para utusan
nggih kanggening sok sintena tyang
ingkang nampeni kabar
kabingahan pamiwucal kita

Rahajeng kita para sadherek
ingkang sami mitadosi
 bilih ALLAH runtut lan runut
 anggenipun maranata
sadaya prekawis
ing ngajengan kita
 ingkang badhe lelampahan

Sumangga
 kita makarya
ing pigesangan kita
sanes dhiri kita
 ingkang makarya
ananging GUSTI  YESUS
ingkang adhedalem
 ing badan jiwa raga kita

Sugeng makarya
ngantos ing puputing nyawa kita
GUSTI  YESUS
 tansah anyenyarengi gesang kita sami

AMIN












LITURGI   IBADAH  MINGGU  ‘JOMPO’
9 Mei 2010
ing  B Sujiko
(pkl. 11.00 WIB)

1.      VOTUM :
Kipas    32 : 1   Rahayu wong wedi asih

Pangibadah kita sapasamuan
 kita alami kanthi nyebat :
 tuking pitulunganku iku
saka ALLAH kang wus nitahaken langit,  bumi lan saisine

Sih rahmat lan Tentrem rahayu pinangkane saking 
SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin ing patunggilaning
SANG ROH SUCI
 tumraha ana ing gesang kita
sapasamuwan
                                                  AMIN
      
2.    INTROITUS    :    I  PETRUS  4 : 7, 10-11
7. Kawusanane samubarang kabeh
 wus cedhak.
 Marga saka iku
 dibisa ngereh awakmu
sarta diwaspada,
 supaya kowe
 padha bisa ndedonga
10. Padha laden-linadenana,
miturut peparing
kang wis ditampani
dening saben wong,
kaya dene juru-pangkruktining
 sih-rahmate ALLAH kang becik
11. Menawa ana wong kang pitutur,
 iku dikaya wong
kang nglantarake
pangandikaning ALLAH;
manawa ana wong kang leladi,
 iku kathindakna
kanthi kakuwatan peparinge ALLAH,
supaya ALLAH kaluhurna
ing samubarang
 marga saka YESUS  KRISTUS.
PANJENENGANe iku
 kang kagungan kamulyan
sarta pangwaos langgeng
 salawas-lawase !
 Amin.

       Kipas   25 : 1   Endi wong kang dumunung ana

3. PENGAKEN  DOSA : …Matius  22 :  37 - 40
ndedonga :  …AMIN
4. Kipas   140 : 1, 4   Tansah bingah
5. PAWARTOS  RAHAJENG : ((   Jumeneng …

JABUR  /  MASMUR
5    :  7
7. PADUKA ingkang njejegaken
 sakathahing  redi
mawi kakiyatan PADUKA,
PADUKA ingkang apaningset karosan

6. PENGAKEN  IMAN  RASULI … pinarak ))
   
7. PELADOSAN  FIRMAN :
          PANDONGA:    AMIN
    
    PAMAOSING  KITAB SUCI : Yokanan  14 : 23 - 29
Rahajeng tiyang ingkang tansah ngelak dumatheng dhawuh pangandikanipun ALLAH, lan ngraos-raosaken ugi nindakaken ing pigesanganipun
AMIN 3X …..
     KOTBAH  … DADOS  SEKSI  NYATA  INGKANG  GESANG
                    
8.     PANDONGA  SYAFAAT :  

9..    PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)
          Kipas  114  :  1    Wilujeng mlampah

GUSTI  ALLAH muga paring sih rahmat lan
 berkah marang kita,
PANJENENGANe muga karsaa nyunari kita
 kalawan wadane ……
.(Jabur / Masmur 67 : 2)

(kita tampeni berkah) :
ALLAH  SANG  RAMA tansah ngasihi kita
ALLAH  SANG  PUTRA dados panuntuning gesang kita
 dene
ALLAH  SANG  ROH  SUCI tansah manunggil ing gesang kita

Sih rahmat lan tentrem rahayu
tumuruna ana ing gesang kita sapatunggilan
  ngantos dumugeng wekasaning jaman
AMIN



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami