Sabtu, 22 Mei 2010

KAWULA sampun nyukakaken kamulyan, ingkang PADUKA paringaken dhateng KAWULA


Sabtu,  22  Mei  2010
IBADAH  BRAYAT







YOKANAN  17  :  20  -  26

22a
Lan KAWULA  sampun nyukakaken kamulyan,
ingkang PADUKA paringaken dhateng KAWULA
sami dadosa satunggal…









Bapak Ibu patunggilan
 ingkang kinasihan dening  GUSTI  YESUS
 kita samangke
 sami kaparingan dhawuh pangandika
bab sih katresnaning GUSTI  YESUS
 tumprap gesang kula lan panjenengan sadaya

Dene punapa
GUSTI  YESUS kaparingan kamulyan
 dening ALLAH  SANG  RAMA
 nggih taksih ngengeti
 pigesanganipun para sadherek tunggil timbalan
 ing ndalem ASMANipun  GUSTI  YESUS

GUSTI  YESUS
sampun nindakaken pakaryan ingkang adi
ing satengahing jagad punika

GUSTI  YESUS
sampun paring peladosan
 ing sauruting gesang
ing alam ndonya punika

GUSTI  YESUS
sampun ngutus ROH  SUCI
 adhedalema ing manah kula lan panjenengan sadaya
minangka patunggilaning SANG  KRISTUS  YESUS
kaliyan kita
para kinasihing ALLAH

Rahajeng kita
ingkang sampun kapiji
 lan kaparingan dhawuh pangandika
lan ingkang sedya nindakaken sadaya dhawuh pangandika
 ing pigesangan saben dintenipun
GUSTI  YESUS amberkahi kita


Patunggilan
 kita menika abdining ALLAH
 ingkang sami sampun dados satunggal badan
ing sajuga
pundi ingkang dados tangan
 lumadyaa dados tangan,
lan sinten ingkang kajibah dados suku
 nggih lumadyaa dados suku
 nggih makaten ugi kita
ingkang kajibahan dados cangkem / tutuk l
umadyaa dados tutuk

Sampurnaning gesang kita
 bilih kita sampun dados satunggal badan
ing dhirinipun GUSTI  YESUS

Ing pandonganipun  GUSTI  YESUS
 kados ingkang kawaos ing kitab

 YOKANAN  17  : 20 – 26

20. Lan
boten namung kangge tiyang-tiyang punika kemawon
anggen KAWULA ndendonga,
nanging ugi kangge tiyang-tiyang
 ingkang pitados dhateng KAWULA
margi saking piwulangipun,

21. supados sadayanipun
 sami dadosa satunggal
 kados dene PADUKA dhuh RAMA,
wonten ing KAWULA ,
 sarta KAWULA  wonten wonten ing PADUKA,
 supados inggih sami dadosa satunggal
 kaliyan PADUKA lan KAWULA,
supados jagad pitadosa,
bilih PADUKA ingkang ngutus KAWULA.

22. Lan KAWULA  sampun nyukakaken kamulyan,
ingkang PADUKA paringaken dhateng KAWULA
sami dadosa satunggal,
kados dene PADUKA
kaliyan KAWULA
inggih dados satunggal;

23. Kawula wonten ing tiyang-tiyang punika
sarta PADUKA wonten ing KAWULA
supados sampurnaa
anggenipun dados satunggal,
sarta supados jagad sumerepa,
bilih PADUKA ingkang sampun ngutus KAWULA
saha bilih tiyang punika
sami PADUKA kasihi
 kados dene anggen PADUKA ngasihi KAWULA.


24. Dhuh RAMA,
 ingkang dados pikajeng KAWULA,
KAWULA wontena ing pundi kemawon,
tiyang-tiyang punika tansah nunggila kaliyan KAWULA,
inggih punika tiyang-tiyang
ingkang sampun PADUKA paringaken dhateng KAWULA punika,
 supados sami nyawang dhateng kamulyan KAWULA
 peparing PADUKA .
Awit PADUKA ngasihi KAWULA
 wiwit saderengipun jagad tinalesan.

25. Dhuh RAMA ingkang adil,
jagad punika pancen mboten wanuh
 kaliyan PADUKA,
nanging KAWULA wanuh
 kaliyan PADUKA,
 sarta tiyang-tiyang punika sami sumerep,
bilih  PADUKA ingkang sampun ngutus KAWULA;

26. punapa dene ASMA  PADUKA
 sampun KAWULA sumerepaken
 dhateng tiyang-tiyang punika
sarta inggih badhe KAWULA sumerepaken,
supados sih
 ingkang PADUKA paringaken dhateng  KAWULA punika
wontena ing tiyang-tiyang punika,
sarta KAWULA inggih wontena
ing tiyang-tiyang punika”

Kita sami sageda nindakaken
kados dene punapa ingkang sampun katindakaken
 dening GUSTI  YESUS
Bab kamulyan
 nggih bab peladosaning GUSTI  YESUS

GUSTI  YESUS ugi ngutus kita
dadosa pelados-pelados
kanggening para sadherek sanes
 ing pundhi kita migesang
kita sami lados linadosan
 karana punika
kita nggih badhe nampeni kamulyaning ALLAH

Bab peladosan
sanes bab ingkang mentingaken dhiri pribadi
sabab karana peladosan
mangkenipun badhe kathah
pribadi-pribadi ingkang badhe mratobat
lan ingkang badhe ngakeni dosa-dosanipun
 ing ngajenganipun ALLAH

Bab pamratobat menika
bab prekawis ingkang adi
sabab GUSTI mboten saged paring pitulungan
 ingkang sawetahipun
 bilih manungsa mboten nggetuni
 lan mandeg anggenipun nindakaken dosa kalepatan

Prajanjining ALLAH
anamung kendel
ing wewaosan lan dhawuh pangandika
 ananging bilih kathah tiyang
ingkang sami mratobat
 kathah tiyang
ingkang sami leladosan
 bab kamulyaning ALLAH
sami kababara ing alam ndonya menika


Rahajeng kita para sadherek
bilih kita sami niti priksa
 rawuhing GUSTI  YESUS
ing satengahing jagad
sanes kangge nampeni pakurmatan
lan pangalembanananing manungsa 
dalasan saisining jagad punika

Kita mangertosi bilih ALLAH
ngutus PUTRAnipun ingkang kinasih
 nggih GUSTI  YESUS
 kanggenipun paring kamulyan
 tumprap sadaya sok sintena tiyang
ingkang sampun dumawah ing dosa

Peladosaning GUSTI  YESUS
mekaten ugi peladosan kita sami
 sasedherek sapatunggilan
gawontenaken kamulyaning ALLAH
 kanggening jagad lan saisinipun

Rubeda,
 kangelan kita
 lan sesambatan kita
 anggen kita tumindak lan lumampah
 ing pakaryaning ALLAH
 sampun ta
ndadosaken kita sami semplah….
sabab GUSTI YESUS
 ing wiwitaning makarya
ugi sampun paring panyengkuyung ing pandonga
 kanggenipun para murid
 nggih para tiyang pitados
 salajengipun
ingkang sami tunggil pitados

GUSTI mboten badhe nilar
 kula lan panjenengan
 sadaya
 jer kita sami kaparingan iman
 kakiyatan
ingkang bakuh lan santosa

ROHING  ALLAH
 kaparingaken dumateng kita
sami
 rumaketa pasraha lan sumendeyaa

GUSTI  YESUS
paring panglipuran
 lan kamulyan ageng
tumprap kita sami

Sugeng leladosan
GUSTI  YESUS mesti tansah paring berkah

AMIN


















1.      Votum / Berkat
  1. KPK 26  :  1, 2   Puji panuwun

3.      Pandonga

4.      Maos Kitab Suci :  YOKANAN  17 : 20 - 26
  1. KPK  195  : 1, 2, 3   Isining Kitab Suci

6.      Kotbah ….
7.      KPK   137  : 1, 2  Kang langgeng sihe ALLAH
8.      Doa syafaat

9.      KPK   149  : 1   GUSTI nuntun 
10. Berkat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami