Selasa, 13 April 2010

ALLAH MARTOSAKEN KABINGAHAN INGKANG SAKA NGALUHUR


Selasa, 19 Oktober 2004




ALLAH 
MARTOSAKEN  KABINGAHAN  INGKANG  SAKA 
NGALUHUR






PARA  RASUL  16  :  7  –  33



Para saderek  
patunggilaning bapak-bapak 
KRW …
ALLAH maha tresna
ing gesang kita 
para timbalan.

 ALLAH ngresakaken kita 
sadaya
manut 
ing karsa panuntuning ALLAH

Manut
 ing sadaya prekawis
ingkang GUSTI tedhahaken
dumateng kita,
karana paningalipun ALLAH- 
WAHYU, 
"penglihatan !"

Rasul Paulus lumampah 
dhateng sadherek
ing Makhedonia


Para sadherek
 patunggilan bapak-bapak
ALLAH kagungan karsa 
 punapa ingkang prayogi 
dumateng sadherek
ing kitha Makhedonia

Lidia, 
sabrayatipun 
sampun sami pitepangan kaliyan ALLAH 
Ramanipun Abraham, 
ALLAH SANG MAHA  TRESNA, 
ALLAH ingkang ngluwari, 
sadaya tiyang ingkang ngabekti, 
pracaya ing tumindak 
kanthi pasrah sawetahipun 
ing sih pitulunganipun ALLAH



Para sadherek 
patunggilan bapak
Kita menika
saperanganipun brayat 
ingkang saweg ngudi kawruh
bab ALLAH 
SANG RATUning
KARAHAYONing brayat, 
nggih bapak- 
ibu- 
anak-anak
kaliyan sadherek sanes
ing griya kita


Patunggilan bapak…
Kita sami ngraosaken
anggenipun Rasul Paulus
katuntunan ing Wahyu
‘penglihatan dari ALLAH’
bab sadherek sanesipun
 ing Makhedonia

Tebih papan 
padununganipun 

GUSTI marengaken Rasul Paulus
lumampah 
ngantos ing Makhedonia

Sejatosipun
 punapa 
ingkang dipun lampahi 
Rasul Paulus-
sanes pikajengipun pribadi,
nanging 
ALLAH mranata
pepanggihanipun
kaliyan 
Lidia sabrayatipun


Pepanggihan
ingkang sejatosipun :

 Dados margi kawilujengan 
peparingipun ALLAH,
lantaran 
Rasul Paulus saseherek
 ing Makhedonia; 

Lidia sabrayat kabaptis

Nanging para sadherek-
Rasul Paulus 
mboten dangu
ing papan punika
karana 
ALLAH ngresakaken
sadherek
kalih panggenan punika
kawilujengaken

Sapisan,
sadherek
ingkang kapanjingan roh peteng- 

ingkang kaping kalih,
 sadherek 
panggedhening pakunjaran,
sabrayat


Para sadherek patunggilan 
bapak
Kita sami
 saged dados lantaraning ALLAH,
ndhatengi sadherek sanes
 ingkang dereng mangertos 
bab kawilujengan 
wonten
ing pepanggihan
ingkang saestu-estu
GUSTI ngersakaken
lan ugi
katuntunan 
dening ALLAH

Rahayu kita
ingkang katunggil
ing SANG  ROH
nggih ALLAH  PRIBADI
ASMANipun GUSTI
 tansah kaucapaken
 ing batos-
tutuk 
tuwin 
ing gesang kita

Pamuji
pandonga
kita ngluhuraken ASMANipun


Para sadherek
patunggilaning SANG  KRISTUS
Kita saged cariyos
 lan 
nyariosaken
bab GUSTI,
nanging kita 
kedah
manut 
ing dhawuh pangandikanipun.

Baptis
pratanda 
kawilujengan saking ALLAH

Baptisan toya
saperangan sadherek 
ing Makhedonia
kalampahan
dening Rasul  Paulus

Kawilujengan,
‘berita keselamatan’
 tuwin kabingahan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami