Minggu, 08 Desember 2013

SANG PADHANG KANG SEJATI IKU NGRAWUHI JAGAD

Ibadah Keluarga
Kamis, 5 Desember 2013
Pacawisan Bujono Suci


SANG PADHANG
KANG SEJATI
IKU
NGRAWUHI JAGAD


Patunggilan
 ingkang kinasihan
 dening GUSTI YESUS
Sugeng pinanggih malih
 anggen kita mbangun pangabekti
lan
nindakaken pacawisan
 mliginipun kangge mapag rawuhing GUSTI YESUS
ing satengahing jagad
sacara wujud badan raga jasmani.

 Sanajan prekawis menika
pancen mboten saged kagayuh lan kanalar
dening akal pikiraning manungsa-
kados dene kita :

ALLAH rawuh ngrawuhi jagad
 manjalma dados manungsa-
SANG SABDA wus lair
 nunggil kalayan kita
manungsa.

Punapa anggen kita
 nindakaken pacawisan Bujono suci Adven
 sampun pinanggih leres.
Pacawisan menika kalampahan
 dening saben kita
ingkang taksih gesang
lan
ugi ingkang taksih sami nindakaken
prekawis-prekawis
 tata cara kedagingan lan tata cara karohanen.

Rawuhipun GUSTI YESUS
 kedah kita cawisi papan
 manah batos,
pikiran,
dalasan
 akal budi lan pangangen-angening dhiri
 kita-
piyambak-piyambak.
Sebab rawuhing GUSTI YESUS-
 inggih SANG SABDA menika
 murih saged lumebet lan makuwon
 ing gesang kita
sacara tata pribadhi.

GUSTI YESUS
badhe rawuh
 ing saben-saben wekdal
 mila kita kedah cecawis.

 Lha
menika artosipun tembung Adven
 (=Pacawisan).
Punapa anggen kita jumaga lan cecawis
 sampun leres lan sampun trep anggen kita
mapag rawuhipun GUSTI YESUS
sacara pribadhi.

Punapa kita
 anamung anut grubyuk :
 Anggen para sadherek kita
lumampah ngaler (=jasmani)

sacara tata rohani
ugi makaten tamtunipun-
 kita ndherekaken ngaler
sanajan sacara tata rohani kita
 mboten ‘ngaler’.

Semunipun kita cecawis
 ananging kita sejatosipun
 dereng nindakaken pacawisan.

 Pacawisan kita
 sacara pribadhi menika
kaalaman ugi sacara pribadhi
 karana tanggung jawabing gesang kita
 ugi sacara pribadhi.

Majelising jemaat
mboten saged nyawisaken dhiri
 panjenengan sadaya
satunggal-satunggalipun
 lan
 tamtu para Penatua-
 Diaken-
Majelising Pasamuwan
 ugi sami cecawis dhiri

Saged-saged
 kita nglampahi tindak Ngidul
sanadyan anut grubyuging tiyang kathah
sami  Ngaler.
Kita mboten anut grubyuk

Karana pacawisan
ingkang kita alami-
Karana pacawisan
 ingkang kita tindakaken sacara pribadhi.

 Tyang kathah mboten ngrawuhi-
mboten mapag rawuhing GUSTI YESUS
 karana gesangipun
sampun padhang lan sampun nampeni pepadhang-
 karana gesangipun
 sampun karawuhan dening GUSTI YESUS
sacara tata lair lan jasmani.

GUSTI YESUS
 anamung madhangi tiyang
ingkang karsa mitadosi pakaryanipun
GUSTI YESUS
 anamung paring tentrem rahayu-
damai sejahtera
kangge saben tiyang
ingkang pitados lan nampeni
 SANG SABDA-
JURU PANUNTUN-
JURU PEPADHANGing gesang




Lha kita
 ingkang dereng mesthi
 ‘sampun pinanggih leres’
Sanajan kita
sampun ngleres-ngleresakenaken gesang kita

 kita lumampah piyambak
saged lumawanan
kaliyan arusing tiyang kathah
kalawau.

Tyang katah
sampun sujud jumengkeng
 ananging kita
 taksih lumampah lan saged-saged
 taksih keplajeng
murih kepengin cepeting kita
sak saged-sagedipun enggal-enggal dumugi
 lan
enggal saged mapag
rawuhipun GUSTI YESUS-
SANG SABDA
 Utawi
 mapag rawuhing SANG ROH SUCI.

Pancen;
 Saged-saged kedadosan
anggen kita cecawis
ngantos madep Ngidul
lan
Ngidul
(karana tyang sanes Ngaler)

Ngidul ngantos dumugi
ing  saliraning-
sampeyaning GUSTI YESUS

Kita ngantos estu rumaket  
anggen kita nyawisaken manah
 batos
ingkang kebak rereged-
jejember-
kenajisan-
 roh-roh pepeteng lan pamikir
 ingkang mboten nyodongi
ing karsanipun GUSTI YESUS.

Kados Maria
 rikala muwun lan ngesokaken lisa Naraswatu
 ing Sampeyaning GUSTI YESUS
 lan
rikmanipun Maria kausap-usapaken-
dados sarana kangge nglapi
Sampeyaning GUSTI YESUS.

Maria rumaos
dados tiyang
ingkang dosa-
langkung ageng dosanipun-

Maria ngakeni
 bilih lampahing gesangipun
 sampun dumugi ing papan
 ingkang peteng ndhedet
lan
samangke sampun nampeni pepadhang
 ing rawuhipun GUSTI YESUS

Maria nyawisi wekdal lan papan
dumateng GUSTI YESUS-
SABDAning GUSTI YESUS
milujengaken
.
Dosa-dosanipun Maria
 kaaturaken lan karesikan
kanthi pacawisan pribadhi kalawau.

 GUSTI YESUS ugi mirsani
 saben kahananing  gesang kita
 pribadhi-
mbaka pribadhi.

SANG PEPADHANG
sampun rawuh
manjalma sacara tata lair
lir pigesanganing manungsa
murih langkung celak lan caket
 kaliyan kita
manungsa.

Maria sampun mbuktekaken
lan
Maria sampun tumindak
 ing pacawisan.

Sang pepadhang
 samangke
mboten langkung celak lan caket malih
 kaliyan kita
ingkang gesang
 ing pucuking tahun 2013
ngancik 2014.
Ing jaman samangke
jaman:
GUSTI YESUS
SANG SABDA
ingkang awujudan ROH PEPADHANG-
ROH SUCI
malah saged lumebet
 ing manah
 batos kita
piyambak-piyambak.

Bilih DHEDHAWUH-
SABDA
kapireng
ing talingan lan rumesep
mlebet
ing manah batos kita
lan
saged nggerakaken badhan
 raga kita
anggen kita
 tumindak sujud
 ajengkeng
mapag
 rawuhipun SANG PEPADHANG.

Samangke
ROH SUCI-
ROH PEPADHANG
karsa lumebet
ing manah batos kita
murih kita saged pinanggih resik
lan
 saged miring-mirengaken
DHEDHAWUH
PANGANDIKA-
SABDAning ALLAH.

Lan
pamikir kita
nyondongana ing  karsaNIPUN GUSTI YESUS-
 ALLAH
ingkang paring SABDA
ing lesanipun.

 Lan tumindak tangan
 suku kita
 adreng anggenipun
nglampahi kasaenan
 miturut panuntuning ALLAH.

Karana SANG SABDA-
DHAWUH PANGANDIKA
 ingkang awujud
dados ROH
ingkang SUCI
 meMADHANGI gesang kita.

 GUSTI YESUS
sampun paring DHAWUH
 lumantar lesanipun
 mboten wonten malih pepeteng
ingkang saged nutupi pepadhang


Patunggilan
ingkang kinasihan
 dening GUSTI YESUS
Kita
 sanadyan sampun nampeni
pakaryaning ALLAH
lan
 pitados
bilih JURU SABDA
 PANUNTUNing gesang
 JURU KAWILUJENGAN
 menika

GUSTI YESUS
 ngersaken dumateng kita
 kita kedaha
 tansah cecawis-
jumaga
tetepa ngener
ing gesang

 sabab sawanci-wanci
SANG SABDA-
JURU PANUNTUNing gesang
karsa lumebet
 ing manah batos kita.

SANG ROH SUCI-
JURU PANGLIPUR-
JURU PENERANG
badhe madhangi gesang kita


Pranyata
Patunggilan
 sadaya prekawis
ingkang katempuh
 ing gesang kita
tansaha wonten
 ing panuntuning GUSTI SANG SABDA-
GUSTI SANG ROH-
SANG KRISTUS
 ingkang tansah paring dhawuh-dhawuh pangandika.
Sadaya
 badhe kalampahan
 srana dhawuh pangandika


Ing jaman purwa
miturut kitab Purwaning Dumadi 1 : 3
….
 GUSTI ALLAH banjur ngandika:
“Anaa pepadhang!”.
 Tumuli ana padhang.

PEPADHANG
 ingkang SEJATOS
menika ALLAH
 karana menika
 ALLAH saged madhangi
 lan
saged paring padhang.

Sumbering pepadhang menika
ALLAH
 mila ALLAH
srana SABDAning
karana  lesanipun-
 dhawuhipun
saged wonten.
kados dados
padhanging srengenge-
 rembulan lan lintang.

Lan
Srengenge
 saged paring pigesangan
 tumrap pigesanganing tetuwuhan-
sato kewan
dalasan manungsa.

Lha srengenge
dados sumbering pigesangan-
saged mujudaken
energy
kakiyatan

 mila sejatosipun
SUMBERing GESANG menika
SANG SABDA-
 DHAWUH PANGANDIKA-
 SANG FIRMAN
yang tidak lain adalah ALLAH

Kados pundi
Bapak Ibu Sadherek
Patunggilan
 bilih kita nampeni-
ngalami kapetengan
-mboten wonten pepadhang-
Conto :
Kados pundi
 bilih Listrik
 sumbering pepadhang menika pejah ?

Patunggilan
 ingkang kinasihan
dening ALLAH

Sumangga kita sami nliti
 dhiri kita piyambak-piyambak
tumrap PEPADHANG
ingkang saweg ngrawuhi jagad

punapa kita sampun pinanggih ?

Sejatosipun
GUSTI YESUS mboten waleh-waleh
anggenipun madhangi
dumateng tetiyang
ingkang kersa lan mbetahaken.

PEPADHANG SEJATOS
mesthi saged ngluwari
sadaya prekawis
ingkang sami kita alami
sebab mboten wonten
ingkang katutup-tutupan
 ing paningaling ROH PEPADHANG.

ROH PEPADHANG
 mboten saged kakapusan
 dening barang jagad
 ingkang peteng

Condong kaliyan Tema Natal
tahun 2013:
Datanglah ya RAJA DAMAI-
Rawuha nggih RATUning 
TENTREM RAHAYU.
Estunipun tansah ngaturi
 rawuh ing gesanging
saben manungsa

GUSTI YESUS makarya
 ing pacawisan kita
anggen kita
nampeni PEPADHANGing gesang

GUSTI YESUS mberkahi
AMIN
























1.      Votum/Berkat
2.      Pujian KPK  210 : 1, 2 
RFAWUHIPUN GUSTI
 
3.      Doa :
Ø  Syukur
Ø  Mohon penganpunan
Ø  Undang Roh Kudus.
           AMIN

Pembacaan Alkitab : YOHANES 1 : 1 – 9

Pujian KPK  213 : 1, 2
PUJI KONJUK GUSTI

 KOTBAH …..

Pujian KPK  214  : 1
TIMBALAN NULAD GUSTI

Doa syafaat :

Memuji  KPK 112 : 1 
MUGI MBERKAHI KULA
Berkat



Sabtu, 23 November 2013

AJA KEPLAYU SAKA PACOBAN


Rancangan khotbah Ibadah Brayat :
Kamis, 28 Nopember 2013




AJA
KEPLAYU
SAKA PACOBAN   

   
Yakobus 1 : 1 – 15
12. Rahayu wong kang tanggon sajroning kena pacoban, jalaran Manawa wis katitik tanggon,
bakal nampani makuthaning urip, kang wis kaprasetyakake dening ALLAH
marang wong-wong kang padha tresna marang PANJENENGANe

Patunggilan ingkang kinasih …. Anggen kita numapaki gesang pigesangan ing sauruting tahun kados liripun anak utawi tetiyang ingkang saweg nindakaken pasinaon ing bangku sekolah utawi perkuliahan. Anak / tetiyang menika tamtu ing saben-saben wekdal mesti badhe nampi ujian/ ulangan. Anak/ tetiyang menika kedhah makaping-kaping lan wongsal-wangsul kauji ngantos dumugi dintenipun nampeni kelulusan.
Patunggilan ……..Pancen awrat sesangginipun ngantos ngancik ing pungkasan  anggenipun sinau utawi sekolah/ kuliah; Anak/ tiyang menika anggenipun murih nampeni  kapinteran dalasan kaprigelan/ ketrampilan ingkang saged dados barang darbekipun.

Sadherek patunggilan…. Kados makaten wosing suraosing isining Kitab Yakobus 1 : 12 ingkang paring gegambaran bab punapa kemawon ingkang kedah kaalaman dening saben tiyang pitados murih sageda nggadahi iman lan katresnan dumateng GUSTI YESUS. Bab katresnan lan iman ingkang unggul menika tuwuhipun srana pengalaman -pengalaman  anggen kita tansah nampi mawarni-warni pacoben ing saben-saben wekdal. Kasetyan kita dumateng GUSTI YESUS sami kauji. Prasetyan kita dumateng  GUSTI YESUS sami kauji. Sadaya perkawis ingkang kita alami ing pigesangan kita mesti badhe kauji. Lan malih; Ujian-ujian menika jelas gegayutan kaliyan praktek-praktek gesang anggen kita badhe ndherek tunggil tuju ing piwucalipun GUSTI YESUS. Katresnan dalasan iman kita sami badhe kauji srana mawarni-warni pacoben supados kita tansah tambah mepet rumaket dumateng GUSTI YESUS.

Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS……. Sumangga samangke kita sami ngraos-ngraosaken ngantos dumugi pundi anggen kita sami mitadosi prajanjining GUSTI YESUS ?. Punapa  sampun saged kita lampahi srana iman kapitadosan lan punapa sadaya piwucal lan sadaya bab-bab ingkang sampun kaprasetyakaken dening GUSTI YESUS sampun saged kawujudan ing pigesangan kita?.  

Bab gesang langgeng minangka peparingipun GUSTI YESUS mesti badhe kita tampeni bilih kita sasedherek patunggilan saged unggul ing pacoben. Unggul ing pacoben tegesipun : Kita mboten nate mlajeng nginggati sawernining pacoben, langkung-langkung bilih pacoben menika sampun katumama ing gesang kita … kita mboten keplayu nilar GUSTI YESUS pados pitulungan sanes nanging kita tetep nyuwun kakiyatan lan kaluwaran dening GUSTI YESUS. Lha menika ingkang sanyatanipun:  Sadaya bab permasalahan ingkang saweg kita adhepi lan ingkang enggal kedah kita rampungi permasalahanipun…  jelas-jelas menika sadayanipun saged kakawonaken ing dalem ASMAnipun GUSTI YESUS.
Kita mboten sisah mlajeng nginggati sadaya pacoben ingkang saweg nempuh ing gesang kita. Karana menika kita kedah tetep gegodelan dumateng GUSTI YESUS. Karana GUSTI YESUS estunipun kagungan panguwasa ingkang ngedap-edapi. Karana GUSTI YESUS estu saged kita endelaken.

Sumangga patunggilan kita ugemi lan kita sami adhepi sadaya bot repot, momotan, lan sadaya pacoban ingkang nempuh dhiri kita. Sageda kita tansah tanggon lan kiyat anggen kita gondelan nyuwun pitulungan dumateng GUSTI YESUS. Pramila kita mesti bakal badhe nampani makuthaning gesang, inggih menika gesang langgeng peparinging SANG KRISTUS YESUS. Sebab kathah-kathahipun saben tiyang enggal-enggal mlajeng nilar pacoban lan pados gampiling sesanggi srana makaten kathah tiyang mlajeng nilar GUSTI YESUS murih entenging gesangipun.

Sepindah malih patunggilan, bilih kita tetep kebak ing katresnan lan ing iman kapitadosan dumateng GUSTI YESUS lan kita estu-estu katitik tetep kiyat- tanggon anggen kita ndherekaken GUSTI YESUS mesti isi raosing gesang kita kebak tentrem rahayu. Sumangga kita tampeni gesang langgeng ingkang dados wujuding prasetyan- janjining GUSTI YESUS. Tetepa tanggon sanajan nampi pacoben awit saben tiyang ingkang rumaket caket kaliyan GUSTI YESUS si roh pacoben mboten nrimahaken. Tetepa kiyat lan tanggon. Tansaha nyuwun pitulungan dumateng GUSTI YESUS

GUSTI YESUS mberkahi kita. AMIN



Sabtu, 02 November 2013

KEMBUL BUJANA

   Rancangan Kotbah Ibadah Brayat : 
Kamis, 24 Oktober 2013 


KEMBUL BUJANA                  

Waosan :    
WAHYU 19 : 1 – 10  

( 9 )
Aku tumuli dingandikani mangkene, “Nulisa : Rahayu wong kang tinimbalan  marang bujana palakramane SANG CEMPE”. Sarta aku dingandikani maneh, “Iki sabda kang satuhu, iya pangandikane ALLAH”.

            Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS. Sumpamia kita menika kaundang dening panguwasoing negari kados dene Bapak Presiden utawi Bapak Bupati ingkang kagungan kajat. Kados pundi raosing manah kita sebab karana kahanan kita menika anamung sami dados kawula alit. Kahanan kita ingkang sejatosipun mboten pantes ndherek sesarengan kembul ing pambujanan utawi pahargyan menika.
Patunggilan … Kados pundi raosing manah kita bilih bab menika estu kedadosan ?.  Punapa kedadosan menika  nggadahi artos kanggening kawula alit ingkang miskin- papa lsp ?

            Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS. Ing ayat 10b. kaseratan bab Wontenipun pameca saking ROHing ALLAH lumantar Yohanes. Yohanes menika murid kekasihing GUSTI YESUS ingkang pungkasan migesang. ROH Pameca  menika ing basa Indonesia sami artosipun kaliyan Nubuatan ROH.  Lha pameca Pamecaning ROH ing wiwitan sampun sami kalampahan rikala ing jamanipun Yohanes.  Yohanes ngalami kapenuhan ing ROH sanalika taksih tetep mitadosi lan nggondeli iman dumateng GUSTI YESUS kados dene para rasul sanesipun ingkang sampun sami ngalami maneka warni karibedan, kaniaya lan sami kapinejahan. Manahipun Yohanes goreh karana kantun dhirinipun piyambak ingkang taksih migesang paring paseksi bab sinten ta GUSTI YESUS menika .

Patunggilan…. Saking 12 rasul : Yohanes menika salah satunggaling murid/ Rasul ingkang taksih gesang sebab rasul sanesipun sampun sami pinejahan rikala nindakaken paseksi bab YESUS KRISTUS. Dados kita saged pahami bilih ing jaman pungkasaning para rasul nindakaken pakaryan paseksi- utawi nggyaraken sinten ta SANG CEMPE ingkang dados korban panebusing dosa kanggening sadaya manungsa. SANG CEMPE menika YESUS ingkang kasebatan GUSTI- lan ugi kasebatan dados PUTRAning ALLAH. Dhiri SANG CEMPE kawartosaken kanthi pasemon panganten kakung. Lha kanggening kita selaku umat manungsa ingkang purun pitados dumateng  GUSTI YESUS- SANG CEMPEning ALLAH dipasemonaken dados pangantyan estri. Kita salaku pangantyan estri ingkang sami mapag rawuhing dintening GUSTI YESUS sang pangantyan kakung kanthi kebak ing kasetyan mboten tumindak cabul- bedhang. Kita sami kados dene para rasul ingkang sampun sami katinimbalan supados saged mareg ing pambujanan palakraman/ pesta perkawinan SANG CEMPE ngantosa dumugia pinejahan awit angger saged nyatunggil malih.

Patunggilan ….. Seratan Kitab Wahyu: Nyerat sadaya bab-bab ingkang condong kaliyan paseksinipun GUSTI YESUS/ SANG CEMPE. Kitab Wahyu ingkang dados nubuatan SANG ROH ugi paring paseksi bab-bab punapa kemawon ingkang saweg badhe kalampahan ing pungkasaning jaman ?
Patunggilan …. Sami kita amini lan kita ptadosi bilih ROHing ALLAH sampun paring pangertosan dumateng kita lumantar paningal-paningal (=eskatologi) ingkang katampi dening Yohanes rasuling GUSTI YESUS. Prekawis punapa ingkang badhe kalampahan kanggening kita sadherek sapasamuwan lan prekawis punapa kanggening saben tiyang dosa bilih purun mratobat lan nindakaken sadaya dhawuh pangandikaning ALLAH utawi kosok wangsulipun saking pitados dados mboten purun mangabekti nindakaken sadaya wujuding kapitadosan kita miturut ing karsanipun ALLAH ing satengahing gesang punika. Kados pundi gesangipun ing pungkasaning mangke ? Sadaya sampun kaseratan miturut pamecaning ROH

            Patunggilan …… Kanggening Tetiyang sagolongan ingkang mboten wanuh kaliyan CEMPEning ALLAH utawi mboten wanuh kaliyan GUSTI YESUS menika kanthi jelas kacariyosaken mangangge pratandha materai tandhaning si kewan. Tetiyang sagolongan ingkang mboten wanuh kaliyan CEMPEning ALLAH jelas sampun nyingkur GUSTI YESUS- jelas sampun cabul karana langkung sanget anggenipun ngendelaken si sundel ageng (=Pelacur besar) utawi si tukang  ngrisak jagad- bumi. Manungsa sagolongan menika saestu sanget anggenipun  sami mitadosi panguwasaning jagad ingkang nyasaraken. Panguwasaning jagad menika estunipun ugi nggadahi daya panguasa ingkang ngedab-edabi lan saged nuwuhaken kasangsaran ageng kanggening para pitados timbalaning GUSTI YESUS- SANG CEMPEning ALLAH.
Patunggilan …… Samangke kanggening tetiyang ingkang wanuh dumateng SANG CEMPEning ALLAH. GUSTI YESUS paring dhawuh lumantar pamecaning SANG ROH SUCI kanthi ngagem Yohanes kados ingkang kaseratan ing ayat 9 : Aku (=Yohanes) tumuli dingandikani mangkene, “Nulisa : Rahayu wong kang tinimbalan marang bujana palakramane SANG CEMPE”. Sarta aku dingandikani maneh, “Iki sabda kang satuhu, iya pangandikane ALLAH”.

Patunggilan…. Ing sanjawining pambujanan palakramane SANG CEMPE tetiyang ingkang mboten wanuh sampun nampeni paukuman salami-laminipun kados gegambaran asep kumelun lan geni langgeng salaminipun. 
Sumangga patunggilan …. Kita ing wekdal samangke tansaha ngucap Amin, Haleluya !. lan tansah saos puji syukur dumateng ALLAH kita, lan tansah tumindak wedi asih dumateng PANJENENGANipun. Kita ing wekdal samangke ngantos dintening kembul pambujanan palakramanipun SANG CEMPE tansaha ngalami kabingahan ageng, tentrem rahayu. Kita salaku panganten putrid sampun karumanti lan badhe kaparingan pangagem mori putih resik gumilap menika wujuding kautamaning para suci- ‘perbuatan-perbuatan benar’ orang-orang kudus.

            Patunggilan….  Iba bingahing kita. Karana kita ingkang sampun nyumurupi kados pundi dinten kembul pambujanan badhe kalampahan ing dinten palakramaning SANG CEMPE. Lan iba bingahing kita karana sanget karantos dening GUSTI YESUS kados dene pangantyan putri. 

GUSTI YESUS mberkahi kita. 
AMIN