Sabtu, 23 November 2013

AJA KEPLAYU SAKA PACOBAN


Rancangan khotbah Ibadah Brayat :
Kamis, 28 Nopember 2013




AJA
KEPLAYU
SAKA PACOBAN   

   
Yakobus 1 : 1 – 15
12. Rahayu wong kang tanggon sajroning kena pacoban, jalaran Manawa wis katitik tanggon,
bakal nampani makuthaning urip, kang wis kaprasetyakake dening ALLAH
marang wong-wong kang padha tresna marang PANJENENGANe

Patunggilan ingkang kinasih …. Anggen kita numapaki gesang pigesangan ing sauruting tahun kados liripun anak utawi tetiyang ingkang saweg nindakaken pasinaon ing bangku sekolah utawi perkuliahan. Anak / tetiyang menika tamtu ing saben-saben wekdal mesti badhe nampi ujian/ ulangan. Anak/ tetiyang menika kedhah makaping-kaping lan wongsal-wangsul kauji ngantos dumugi dintenipun nampeni kelulusan.
Patunggilan ……..Pancen awrat sesangginipun ngantos ngancik ing pungkasan  anggenipun sinau utawi sekolah/ kuliah; Anak/ tiyang menika anggenipun murih nampeni  kapinteran dalasan kaprigelan/ ketrampilan ingkang saged dados barang darbekipun.

Sadherek patunggilan…. Kados makaten wosing suraosing isining Kitab Yakobus 1 : 12 ingkang paring gegambaran bab punapa kemawon ingkang kedah kaalaman dening saben tiyang pitados murih sageda nggadahi iman lan katresnan dumateng GUSTI YESUS. Bab katresnan lan iman ingkang unggul menika tuwuhipun srana pengalaman -pengalaman  anggen kita tansah nampi mawarni-warni pacoben ing saben-saben wekdal. Kasetyan kita dumateng GUSTI YESUS sami kauji. Prasetyan kita dumateng  GUSTI YESUS sami kauji. Sadaya perkawis ingkang kita alami ing pigesangan kita mesti badhe kauji. Lan malih; Ujian-ujian menika jelas gegayutan kaliyan praktek-praktek gesang anggen kita badhe ndherek tunggil tuju ing piwucalipun GUSTI YESUS. Katresnan dalasan iman kita sami badhe kauji srana mawarni-warni pacoben supados kita tansah tambah mepet rumaket dumateng GUSTI YESUS.

Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS……. Sumangga samangke kita sami ngraos-ngraosaken ngantos dumugi pundi anggen kita sami mitadosi prajanjining GUSTI YESUS ?. Punapa  sampun saged kita lampahi srana iman kapitadosan lan punapa sadaya piwucal lan sadaya bab-bab ingkang sampun kaprasetyakaken dening GUSTI YESUS sampun saged kawujudan ing pigesangan kita?.  

Bab gesang langgeng minangka peparingipun GUSTI YESUS mesti badhe kita tampeni bilih kita sasedherek patunggilan saged unggul ing pacoben. Unggul ing pacoben tegesipun : Kita mboten nate mlajeng nginggati sawernining pacoben, langkung-langkung bilih pacoben menika sampun katumama ing gesang kita … kita mboten keplayu nilar GUSTI YESUS pados pitulungan sanes nanging kita tetep nyuwun kakiyatan lan kaluwaran dening GUSTI YESUS. Lha menika ingkang sanyatanipun:  Sadaya bab permasalahan ingkang saweg kita adhepi lan ingkang enggal kedah kita rampungi permasalahanipun…  jelas-jelas menika sadayanipun saged kakawonaken ing dalem ASMAnipun GUSTI YESUS.
Kita mboten sisah mlajeng nginggati sadaya pacoben ingkang saweg nempuh ing gesang kita. Karana menika kita kedah tetep gegodelan dumateng GUSTI YESUS. Karana GUSTI YESUS estunipun kagungan panguwasa ingkang ngedap-edapi. Karana GUSTI YESUS estu saged kita endelaken.

Sumangga patunggilan kita ugemi lan kita sami adhepi sadaya bot repot, momotan, lan sadaya pacoban ingkang nempuh dhiri kita. Sageda kita tansah tanggon lan kiyat anggen kita gondelan nyuwun pitulungan dumateng GUSTI YESUS. Pramila kita mesti bakal badhe nampani makuthaning gesang, inggih menika gesang langgeng peparinging SANG KRISTUS YESUS. Sebab kathah-kathahipun saben tiyang enggal-enggal mlajeng nilar pacoban lan pados gampiling sesanggi srana makaten kathah tiyang mlajeng nilar GUSTI YESUS murih entenging gesangipun.

Sepindah malih patunggilan, bilih kita tetep kebak ing katresnan lan ing iman kapitadosan dumateng GUSTI YESUS lan kita estu-estu katitik tetep kiyat- tanggon anggen kita ndherekaken GUSTI YESUS mesti isi raosing gesang kita kebak tentrem rahayu. Sumangga kita tampeni gesang langgeng ingkang dados wujuding prasetyan- janjining GUSTI YESUS. Tetepa tanggon sanajan nampi pacoben awit saben tiyang ingkang rumaket caket kaliyan GUSTI YESUS si roh pacoben mboten nrimahaken. Tetepa kiyat lan tanggon. Tansaha nyuwun pitulungan dumateng GUSTI YESUS

GUSTI YESUS mberkahi kita. AMIN



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami