Sabtu, 02 November 2013

KEMBUL BUJANA

   Rancangan Kotbah Ibadah Brayat : 
Kamis, 24 Oktober 2013 


KEMBUL BUJANA                  

Waosan :    
WAHYU 19 : 1 – 10  

( 9 )
Aku tumuli dingandikani mangkene, “Nulisa : Rahayu wong kang tinimbalan  marang bujana palakramane SANG CEMPE”. Sarta aku dingandikani maneh, “Iki sabda kang satuhu, iya pangandikane ALLAH”.

            Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS. Sumpamia kita menika kaundang dening panguwasoing negari kados dene Bapak Presiden utawi Bapak Bupati ingkang kagungan kajat. Kados pundi raosing manah kita sebab karana kahanan kita menika anamung sami dados kawula alit. Kahanan kita ingkang sejatosipun mboten pantes ndherek sesarengan kembul ing pambujanan utawi pahargyan menika.
Patunggilan … Kados pundi raosing manah kita bilih bab menika estu kedadosan ?.  Punapa kedadosan menika  nggadahi artos kanggening kawula alit ingkang miskin- papa lsp ?

            Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS. Ing ayat 10b. kaseratan bab Wontenipun pameca saking ROHing ALLAH lumantar Yohanes. Yohanes menika murid kekasihing GUSTI YESUS ingkang pungkasan migesang. ROH Pameca  menika ing basa Indonesia sami artosipun kaliyan Nubuatan ROH.  Lha pameca Pamecaning ROH ing wiwitan sampun sami kalampahan rikala ing jamanipun Yohanes.  Yohanes ngalami kapenuhan ing ROH sanalika taksih tetep mitadosi lan nggondeli iman dumateng GUSTI YESUS kados dene para rasul sanesipun ingkang sampun sami ngalami maneka warni karibedan, kaniaya lan sami kapinejahan. Manahipun Yohanes goreh karana kantun dhirinipun piyambak ingkang taksih migesang paring paseksi bab sinten ta GUSTI YESUS menika .

Patunggilan…. Saking 12 rasul : Yohanes menika salah satunggaling murid/ Rasul ingkang taksih gesang sebab rasul sanesipun sampun sami pinejahan rikala nindakaken paseksi bab YESUS KRISTUS. Dados kita saged pahami bilih ing jaman pungkasaning para rasul nindakaken pakaryan paseksi- utawi nggyaraken sinten ta SANG CEMPE ingkang dados korban panebusing dosa kanggening sadaya manungsa. SANG CEMPE menika YESUS ingkang kasebatan GUSTI- lan ugi kasebatan dados PUTRAning ALLAH. Dhiri SANG CEMPE kawartosaken kanthi pasemon panganten kakung. Lha kanggening kita selaku umat manungsa ingkang purun pitados dumateng  GUSTI YESUS- SANG CEMPEning ALLAH dipasemonaken dados pangantyan estri. Kita salaku pangantyan estri ingkang sami mapag rawuhing dintening GUSTI YESUS sang pangantyan kakung kanthi kebak ing kasetyan mboten tumindak cabul- bedhang. Kita sami kados dene para rasul ingkang sampun sami katinimbalan supados saged mareg ing pambujanan palakraman/ pesta perkawinan SANG CEMPE ngantosa dumugia pinejahan awit angger saged nyatunggil malih.

Patunggilan ….. Seratan Kitab Wahyu: Nyerat sadaya bab-bab ingkang condong kaliyan paseksinipun GUSTI YESUS/ SANG CEMPE. Kitab Wahyu ingkang dados nubuatan SANG ROH ugi paring paseksi bab-bab punapa kemawon ingkang saweg badhe kalampahan ing pungkasaning jaman ?
Patunggilan …. Sami kita amini lan kita ptadosi bilih ROHing ALLAH sampun paring pangertosan dumateng kita lumantar paningal-paningal (=eskatologi) ingkang katampi dening Yohanes rasuling GUSTI YESUS. Prekawis punapa ingkang badhe kalampahan kanggening kita sadherek sapasamuwan lan prekawis punapa kanggening saben tiyang dosa bilih purun mratobat lan nindakaken sadaya dhawuh pangandikaning ALLAH utawi kosok wangsulipun saking pitados dados mboten purun mangabekti nindakaken sadaya wujuding kapitadosan kita miturut ing karsanipun ALLAH ing satengahing gesang punika. Kados pundi gesangipun ing pungkasaning mangke ? Sadaya sampun kaseratan miturut pamecaning ROH

            Patunggilan …… Kanggening Tetiyang sagolongan ingkang mboten wanuh kaliyan CEMPEning ALLAH utawi mboten wanuh kaliyan GUSTI YESUS menika kanthi jelas kacariyosaken mangangge pratandha materai tandhaning si kewan. Tetiyang sagolongan ingkang mboten wanuh kaliyan CEMPEning ALLAH jelas sampun nyingkur GUSTI YESUS- jelas sampun cabul karana langkung sanget anggenipun ngendelaken si sundel ageng (=Pelacur besar) utawi si tukang  ngrisak jagad- bumi. Manungsa sagolongan menika saestu sanget anggenipun  sami mitadosi panguwasaning jagad ingkang nyasaraken. Panguwasaning jagad menika estunipun ugi nggadahi daya panguasa ingkang ngedab-edabi lan saged nuwuhaken kasangsaran ageng kanggening para pitados timbalaning GUSTI YESUS- SANG CEMPEning ALLAH.
Patunggilan …… Samangke kanggening tetiyang ingkang wanuh dumateng SANG CEMPEning ALLAH. GUSTI YESUS paring dhawuh lumantar pamecaning SANG ROH SUCI kanthi ngagem Yohanes kados ingkang kaseratan ing ayat 9 : Aku (=Yohanes) tumuli dingandikani mangkene, “Nulisa : Rahayu wong kang tinimbalan marang bujana palakramane SANG CEMPE”. Sarta aku dingandikani maneh, “Iki sabda kang satuhu, iya pangandikane ALLAH”.

Patunggilan…. Ing sanjawining pambujanan palakramane SANG CEMPE tetiyang ingkang mboten wanuh sampun nampeni paukuman salami-laminipun kados gegambaran asep kumelun lan geni langgeng salaminipun. 
Sumangga patunggilan …. Kita ing wekdal samangke tansaha ngucap Amin, Haleluya !. lan tansah saos puji syukur dumateng ALLAH kita, lan tansah tumindak wedi asih dumateng PANJENENGANipun. Kita ing wekdal samangke ngantos dintening kembul pambujanan palakramanipun SANG CEMPE tansaha ngalami kabingahan ageng, tentrem rahayu. Kita salaku panganten putrid sampun karumanti lan badhe kaparingan pangagem mori putih resik gumilap menika wujuding kautamaning para suci- ‘perbuatan-perbuatan benar’ orang-orang kudus.

            Patunggilan….  Iba bingahing kita. Karana kita ingkang sampun nyumurupi kados pundi dinten kembul pambujanan badhe kalampahan ing dinten palakramaning SANG CEMPE. Lan iba bingahing kita karana sanget karantos dening GUSTI YESUS kados dene pangantyan putri. 

GUSTI YESUS mberkahi kita. 
AMIN     

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami