Minggu, 12 Agustus 2012

AJA NGANGGEP TUMPRAP APA LAN SAPA BAE

Ibadah Minggu
 12 Agustus 2012



Tema Wulanan:
Umatipun ALLAH
ingkang berjuang
kagem karaharjan lan katentremaning
 bangsa





Tema Minggu :


AJA NGANGGEP

TUMPRAP APA LAN SAPA BAE !


1 PARA RAJA 19 : 4 – 8
EFESUS 4 : 30 –- 5 : 2
YOHANES 6 : 41 - 51



YOHANES  6 : 42
Padha grenengan, mangkene,
”Apa iku dudu YESUS anake Yusuf ?
Aku rak padha wanuh karo bapa lan ibune ?
 Kepriye dene duwe pangucap : Aku tumurun saka swarga ?”








Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Iba bingahing gesang kita
sami katunggil dening ALLAH
 karana kita
sampun purun ngaku lan mitadosi
bilih YESUS GUSTI punika
KRISTUS,
 YESUS punika
JURU SLAMETing jagad

Kita mboten nlisik langkung lebet
lan kita mboten pados kaleresan sacara kadagingan
sinten sejatosipun YESUS KRISTUS menika.

Karana kita sampun rumaos
 katunggil lan katuntunan
dening ALLAH ing ROH
ingkang adedalem
ing dhiri kita pribadi mbaka pribadi.

 Sinten ta dhiri kita manungsa
 ingkang sacara limrah
 kita sejatosipun
mboten mangertosi
  mboten gayuk dumateng ALLAH
ingkang kita sembah sujudi,
sacara pribadi
kita mboten saged awor lan campur

kaliyan ALLAH.
ALLAH maha welas
kita mboten,
ALLAH maha suci
 kita mboten,
ALLAH langkung prayogi
ing sadaya prekawis,
kita mboten,

Jer kenging menapa
 kita  saged wanuh
 atepangan
dumateng ALLAH
ing dalem Asmaning GUSTI YESUS

Menika karana ALLAH
kagungan rancangan lan timbalan
dumateng manungsa satunggal-satunggalipun

Rancangan lan timbalan
ingkang ngemu raos
dadosa kita sasedherek
 mangke sageda ngayahi tugas
 timabalanipun GUSTI YESUS

Jer sanes kita malih
ingkang nggadhahi inisiatif
kangge nindakaken tugas tanggel jawab

Kita anamung saged pasrah
ing panuntun lan ing kasagahan pribadi
anggen kita badhe lumampahan
 ing pakaryaning ALLAH

Sakmestinipun
 kita inggih badhe kaparingan kakiyatan,
pangrimatan
 tuwin pangajeng-ajeng
kedahipun kados pundi
lan
 punapa ingkang kedah kita tindakaken
 ing samukawis prekawis


Patunggilan
Reraosan kita
 bab nabi Elia
ingkang ngayahi tugas ngleres-ngleresaken
lan
 paring pepenget
dumateng warganing negari Israel

Elia ngalami kahanan ingkang awrat
karana Ratu Izebel
paring pangancam badhe mejahi dhirinipun

Elia
 ingkang saestu anggenipun nindakaken tugas
kanthi ‘peng-pengan’
kanthi temen
 ing manah 

Elia
ingkang piyambakan
nindakaken pakaryaning ALLAH
Elia saestu semplah
ing manahipun
ngantos matur dumateng GUSTI :

“Sampun semanten kemawon !
Sapunika,
dhuh YEHUWAH,
PADUKA
mugi karsa mulung nyawa kawula,
sabab kawula punika
 mboten langkung sae
 katimbang para leluhur kawula”
(ayat 4b)

Elia mlajeng nebihi Izebel…
tebihipun antawis sadinten mumput
 anggenipun mlajeng
Lan ing wekdal menika kawastanan
Elia menika ngalami ‘krisis iman’
 rumaos manah abot lan awang-awangen  
anggenipun badhe nglajengaken
 tugas timbalan

Patunggilan
Elia nyuwun pinejahan
Elia mboten kuwawi mboten sanggup malih
Elia dados lemes lan nglokro
 ing manah lan badan

Nabi Elia
 mboten nyumurupi
punapa ingkang badhe kalampahan
bilih pakaryaning ALLAH
mboten kaayahan-
mboten kaleksanan 
awit Elia ‘mogok’

Nabi Elia
ugi mboten nyumurupi
punapa ingkang badhe kalampahan
 bilih umpami
sadaya pakaryaning ALLAH
sami katindakaken dening Elia,
bilih Elia mboten mlajeng ?

Nggih samestinipun
 Elia mlajeng
 karana kaancam badhe pinejahan.

Elia mboten sanggup
Lan
 kepengin ‘tilar ndonya’ kemawon


Patunggilan
Saestu elok anggenipun ALLAH ngrawuhi Elia
ngutus malaekatipun
 paring kekiyatan lan semangat

Elia kautus neda dedhaharan
 ingkang sampun kacawisaken;
tetedan lan ujukan

Ambal kaping kalih
malaekating ALLAH
anggenipun ngutus Elia
enggal-enggala nglajengaken nedha
dedhaharan
supados Elia mangke kiyat
kangge nglajengaken lelampahan
ngantos papan ingkang  badhe katuju
nggih menika
antawis 4 dinten 4 dalu anggenipun lelampahan

Ing Redi Horeb
GUSTI ALLAH pepanggihan kaliyan Elia
 lan
angutus
 supados Elia nglajengaken timbalanipun
 ngantos dumugi wekdal
ingkang badhe katamtokaken
 dening ALLAH PRIBADI,
Elia mboten pareng kendel
Patunggilan
ingkang katresnanan
dening ALLAH
Rahajeng kita
bilih saged ngayahi tuga
 timbalan
sebab ALLAH mesthi badhe nenuntun kita
 kados dene Nabi Elia
 kaparingan kakiyatan
 semangat enggal

Mesthi
saben tugas
 ingkang kita ayahi
badhe nuwuhaken tantangan,
 pakewed lan sapiturutipun

Sumangga
 kita nyenyinau malih
 dumateng Rasul Paulus

Rasul Paulus
 paring pitedah-
 piwucal bab gesang

Gesang ingkang lami
 kedah katilar
kagantos gesang enggal

dadosa manungsa
 ingkang katuntunan
dening ROHing ALLAH
mboten dados tiyang
 ingkang damel sekel penggalihing ALLAH
tiyang ingkang nggadahi raos serik ‘segala kepahitan’,
ngigit-igit ‘kegeraman’,
 brangasan- murang-muring ‘kemarahan’,
tukar padu lan pitenah

Dadosa ‘kita menika’ tiyang
 ingkang kebak
ing sih katresnan lan apura ingapura
 lan
padha nyenyontoa
dumateng GUSTI YESUS

Nggadahi manah ingkang lembah
 lan
kebak katresnan
 sanes ‘keakuan’ing dhiri
 ingkang pinujul
lan
mboten mawang
sinten tiyang
ingkang badhe dipun ladosi
tuwin apa kang bakal kaladosaken

PRIBADI GUSTI YESUS
pancen saged dados conto lan tuladha
 kangge sok sintena tiyang
 ingkang kapatrapan tugas
 tanggel jawab

Kadosa dening Elia
 ingkang purun lan karsa leladi
sanajan nemahi karubedan

Elia kapulung malih
 dados abdi
 ingkang kaparingan kakiyataning-
 ROHing ALLAH nenuntun
ing gesang pigesanganipun-
 MALAEKATing ALLAH
tansah ngamping-ampingi
lan
tansah paring pitedah

Elia enggal tumindak
nglajengaken tugas
tanggel jawabipun

MALAEKATing ALLAH
ugi nimbali lan paring  pangertosan
 tuwin kekendelan dumateng Rasul Paulus
saengga Rasul Paulus
saged dados abdi ingkang pinunjul-
dados abdi ingkang katunggilan
 dening ROH SUCI,
dening ALLAH
 dening YESUS KRISTUS
 PRIBADI

Kita samangkya ugi
 mesthi kedah ngengeti para sadherek
 bilih ALLAH menika
mboten ewah gingsir
anggenipun makarya
ing wiwitan
 ngantos pungkasaning jaman

ALLAH mboten mawang
sinten tiyang lan apa kang kaalaman
 dening manungsa

Pancen manungsa menika
kebak ing pamikir
 lan
 kebak tumindak ala-
 kanisthan
mboten manut miturut
 ing karsaning ALLAH

Lha punika
ingkang kaalaman dening Rasul Paulus
 ing sawekdal ngadepi Israel
utawi
tetiyang Yahudi
utawi
sok sintena tiyang
 ing maneka warni adat,suku lan bangsa
 ingkang sampun sami kaladosan
ing wekdalipun

Kekalih abdi menika
Elia lan Rasul Paulus
 sanget anggenipun ngalami kahanan
ingkang awrat

Kekalih abdi menika saben-saben
 sami-sami mlajeng
 wonten ing ngarsanipun ALLAH
 sanajan manah semplah
 miturut tata caranipun
Elia ugi Rasul Paulus
enggal-enggal nyowanaken dhiri
 dumateng ALLAH

GUSTI karsa lan purun nampi kepasrahan kita
 para abdi
timbalaning ALLAH

Saengga kita
 sami saged pulih lan lejar
 ing kakiyatan peparinging ALLAH

GUSTI mboten ngersaaken kita
 mundur saking peladosan
malah-malah paring wekdal kesempatan
 kanggening kita
 para abdi
 anggenipun sageda ngrampungaken tugas
 tanggel jawabipun

Aja mawang apa lan sapa
ingkang badhe kaladosan
lan
ingkang badhe kaladosaken

Kita mboten dikeparengaken mundur
 Malah-malah kita kautus terus maju

GUSTI ALLAH
 ingkang badhe ngamping-ampingi

Tentrem rahajeng
 kaparingaken dumateng sadaya manungsa
kita ingkang lelados
utawi
kita ingkang sami kaladosan

Lha makaten ugi
para sadherek
ing patunggilaning GUSTI YESUS

rikala GUSTI YESUS makarya
ing satengahing jagad-
 ing satengahing masyarakat Yahudi
 ingkang nggadahi adat
lan
 bab panganggiting manah
bab-bab kaleresan
miturut akal budining dhiri

 saestu tiyang lan bangsa
 ingkang kaladosan
mesthi nggadahi perbedaan
 ing iman-
 ing kepasrahan dhiri
lan
 ing bab kekendelan
 anggenipun purun nampeni panuntun
 tuwin
pitedahing ALLAH

Bangsa Yahudi sanget anggenipun mawang
sinten GUSTI YESUS menika
 koq ngakeni-
ngaku-aku dhirinipun ALLAH ?
Punapa sanes GUSTI YESUS menika
putraning Maria lan Yusuf ?
(panganggiting dhirinipun)

Maria lan Yusuf
dipun kenal wonten ing satengahing
pasrawunganing bangsa
 ananging
GUSTI YESUS
mboten kamangertosan
sanajan GUSTI YESUS
 sampun paring piwucal
 saking pundi pinangkaniPUN

Lan dados menapa GUSTI YESUS
ing wekdal sapunika :
‘Dados roti kauripan
ingkang kedah cinuwil-cuwil
 amrih gesanging para titah sadaya’
kawilujengaken

GUSTI YESUS
ingkang anepangaken dhiri
 dados ALLAH lan PUTRANING ALLAH

Sok sintena tiyang
 ingkang mboten purun lulut
 lan mboten nepangaken dhiri
 dumateng GUSTI YESUS
mesthi mboten saged pinanggihan
kaliyan ALLAH
ingkang ngutus para abdi
lan
ingkang sampun ngutus PUTRANING
 nggih PRIBADINING ALLAH,
YESUS menika

ALLAH lan GUSTI YESUS
menika nyatunggil ing manah
 sanes 2 PRIBADI
ingkang mbentenaken

GUSTI YESUS menika
ALLAH ingkang tumurun
 ing satengahing jagad
 ingkang dipun prasemonaken
 dados ROTI PANGURIPAN

Lan ingkang kagambarken
dumateng leluhuripun Israel
 mawi roti Manna
ingkang tumurun saking swargi

menika kedadosan
ingkang dados titikan
wujuding pangrimataning ALLAH
 ingkang sampun paring kawilujengan
dumateng Israel sabangsa
‘medal saking tanah pangawulan’

YESUS
 GUSTI kita
 mboten mundur lan mboten kalis
 anggenipun nindakaken peladosan
ngantos seda sinalib
ing redi Golgota

GUSTI YESUS
 netepi pakaryaning ALLAH
 ngantos maringaken daging lan rahipun
supados kita
 saged mireng lan ngraosaken dhawuh pangandika
ingkang mijilipun saking swarga
menika ingkang dados sebab
kenging menapa kita saged mireng
dhawuh pangandikanipun ALLAH

 karana GUSTI YESUS sampun makarya

sebab
mboten wonten satunggal-satunggalipun tiyang
ingkang saged lan purun ‘wanuh- kenal’
kaliyan ALLAH
 lan
mboten wonten tiyang
ingkang saged mireng dhawuh pangandikaniPUN
 kejawi GUSTI YESUS
ingkang mijil saking swarga
 kalair ing satengahing jagad
lan sampun dados tetedhan
‘ROTI PANGURIPAN’

Iba begjanipun kita
 ingkang mboten mawang
 ‘apa lan sapa’ GUSTI YESUS punika
sebab
samangke ugi
taksih wonten kesempatan kanggening kita
bilih purun nampeni pigesangan langgeng
 ingkang badhe kapringaken dening ALLAH

Rahayu
 tiyang ingkang pitados
lan tktiyang ingkang kersa ngimani
ingkang kaladosaken-
katindakaken dening ALLAH  
lumantar para abdi
 dalasan PUTRANING PRIBADI

ALLAH
sampun rawuh
ing satengahing jagad
lan
ALLAH badhe rawuh malih
ingkAng kaping kalihipun
ananging kita mboten badhe anepangi malih
 bilih kita tansah mawang apa lan sapa
 miturut panganggiting dhiri
sanes karana iman kapitadosan
ingkang kaparingaken dumateng kita

Sabab
 ALLAH maha tresna
 saengga kita pinaringan lan badhe nampeni
kawilujengan

Sumangga
dipun gegilut
sinten ROTI PANGURIPAN menika
sejatosipun

Sugeng nampeni pepenget
ingkang mijilipun saking ALLAH
ingkang badhe kawujudaken
 ing Pambujanan Suci Pambangunan ‘GKJW’

Sugeng makarya
 ing tugas timbalaning ALLAH-
sebab kita sadaya kaparing tugas
kewajibaning gesang

GUSTI YESUS
nggih ROH SUCI-
ROHING ALLAH
 ingkang tansah paring pitulungan

GUSTI mberkahi kita
AMIN






























VOTUM : (Jumeneng)
KPK 8 : 1, 2, 3     ALLAH MAASIH

Pasamuwan ingkang dipun tresnani dening GUSTI  YESUS
Sumangga kita sami sowan ing ngarsanipun ALLAH
kanthi mbektaa manah tulus lan
kanthi kebak ing pangajeng-ajeng
angger kita badhe nampeni berkah kanthi pangucap ing manah:

Bilih ALLAH ingkang nitahaken langit lan bumi
inggih ingkang luber ing kasusetyanipun
tumrap para titah

Sih rahmat lan Tentrem rahajeng
ing patunggilaning SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG ROH SUCI
tumraha ing gesang kawula sapasamuwan
AMIN

2.    INTROITUS    :  
 ROMA 16 : 6
Salam marang Maria,
kang wus nyambut-gawe
 tanpa ngitung sayah kanggo kowe kabeh
YESAYA 16 : 9
Mulane aku melu nangis
kaya Yaezer marga saka wit anggur ing Sibma mau;
kowe arep dak telesesi kalawan eluhku,
 he Hesybon lan Eleale, amarga mangsa ketiga trep ing mangsa panen mungsuhmu nempuh kalawan alok perang
(pinarak)
KPK 28 : 1, 2, 3      SOWAN MRING GUSTI

3. PENGAKEN  DOSAMatius  22 :  37 – 40
ndedonga :  …AMIN
Kita sami anelangsani
anggen kita dereng saged nindakaken sadaya piwucal
 bab katresnan
Kita sami ngakeni dosa panerak kita
 awit ALLAH
estu tresna dumateng kita para titah

Sumangga kita ngakeni sadaya ringkihing raga,
iman saha kapitadosan kita
lan sacara rohani kita menika
ugi gampil risak kados dene kundi
ingkang kayasa saking lebu lan lempung
gampil dumawah lan pecah

Yen kita nampi dedhawuh
jer kita mboten saged nglampahi
kados pundi gesang kita badhe kawilujengaken ?

GUSTI YESUS
sampun nresnani gesang kita
 lir-ipun
kita ugi kedah saged nindakaken katresnan
dumateng sesami lan GUSTI  ALLAH kita
Sumangga
kita sowan
ing pandonga ngaturaken kahananing gesang kita
(DHUH ALLAH SANG RAMA…
kawula aturaken sadaya kalepatan dosa kawula.
Amin)
4. KPK 46 :  1, 2,3      PANELANGSA


5. PAWARTOS  RAHAJENG : ((   Jumeneng …
1 YOHANES  4 : 7 – 8
7. Para Sadulur kang kinasih,
payo kita padha tresna-tinresnan,
 amarga katresnan iku
 asale saka ALLAH,
lan saben wong kang nindakake katresnan,
iku laire  saka ALLAH lan wanuh karo ALLAH
8. Sapa kang ora nindakake katresnan
iki ora wanuh karo ALLAH, sabab ALLAH iku katresnan

6. PAMISUNGSUNG : Samangke wanci wekdalipun …
Dasar  : MAZMUR  69 :31-32
31.Asmaning ALLAH
bakal dak puji kalawan kekidungan,
 sarta PANJENENGANe dakluhurake
kanthi kidung panuwun
32.Ana ing paningaling ALLAH
iku luwih becik katimbang sapi lanang,
ngluwihi sapi lanang
kang wus ana sungune lan atracak belah ;
  KPK 187  :  1 - … PISUSUNG JIWA RAGA

7. PELADOSAN  FIRMAN :
KPK  148 : 1            NYAWISI PAPAN MRING GUSTI
PANDONGA:    … AMIN
PAMAOSING  KITAB SUCI :
1 PARA RAJA 19 : 4 – 8
EFESUS 4 : 30 –- 5 : 2
YOHANES 6 : 41 - 51

Iba begjanipun kita sapasamuwan
ingkang tansah sami tresna dumateng ALLAH.
Tansah ngorong lan
kepengin mireng dhawuh-dhawuh pangandika tuwin
ngudi anggen badhe nindakaken ing gesang sapadintenan
AMIN 3X …..
KOTBAH  AJA NGANGGEP REMEH TUMPRAP APA LAN SAPA BAE !
KPK 269   : 4, 5  PAMARTA KULA AGESANG

8. PANGAKEN  IMAN  RASULIpinarak ))

9.     PANDONGA  SYAFAAT :
Saos syukur dhawuh pangandika …
Bangsa & negari
Pasamuwan-pasamuwan ing pundi-pundi papan & Pepanthan (marenca)
Greja>Panitia-panitia: Peringatan 1 abad gedung greja & Dauran Pinisepuh- Diaken, Rembug Warga
Pacawisan Pambujanan Dinten Pambangunaning GKJW
Warganing greja—sakit, lansia, Warganing greja – bebingah Ultah, Warganing greja: brayat enggal & sadherek ingkang saweg nindakaken sambung rasa ugi saweg cecawis anggenipun badhe mbangun bebrayatan
Anak-anak—katekisasi, sekolah,padamelan,jodoh
Bibaran>>AMIN
     
10.    PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)
KPK 157 : 1     NYUWUN KALANTING ING GUSTI

Sumangga patunggilan kita mengkeraken papan pangibadah ,
Sumangga kita enget-enget bilih ALLAH sayektos estu mangertos ing  bab
sadaya prakawis ingkang saweg kita alami
kados dene ing dhawuh pangandika …….
“Pepakon-pepakon iku ora abot,
amarga kabeh kang lair saka ALLAH
iku ngalahake jagat,
yaiku pracaya kita.
Sapa ta kang ngalahkake jagad,
kajaba wong kang pracaya
menawa YESUS iku Putrane ALLAH ?
I YOHANES 4  :  3b - 5
(kita tampeni berkah) :



Sih rahmat lan tentrem rahayu
tumuruna ana ing gesang kita sapatunggilan
ing dinten samangke
ngantos dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng tyang ingkang tansah
mangabekti dumateng ALLAH  SANG  RAMA,
SANG  PUTRA,
tuwin  SANG  ROH  SUCI
AMIN

KPK 345  TENTREM RAHARJA
Tentrem raharja sing GUSTI kita,
 tumrah mring kita
tentrem raharja sing GUSTI kita,
 tumrah mring kita

Minggu, 05 Agustus 2012

TAK HANYA BICARA


 Ibadah Keluarga
Kamis, 8 Agustus 2012


TAK HANYA BICARA
Berbicara memang perlu, tapi berbuat itu lebih penting dan bermakna 


MATIUS 9 : 18 – 26
26. Maka tersiarlah kabar tentang hal itu ke seluruh daerah itu



                       Bapak Ibu dan Saudara … Pernahkah kita melihat dan mendengar ada satu tokoh publik yang bagaikan tong kosong nyaring bunyinya; Ia banyak berkata dan banyak berbicara dengan mengucapkan janji atau program tetapi ia sedikit di dalam berbuat sesuatu sebagai tindakan dari wujud nyata ucapannya; Berkata itu bagi seseorang memang mudah dilakukan tetapi tidak mudah untuk direalisasikannya; Memang sekali lagi, setiap orang sangat mudah untuk berkata dan cepat untuk berbicara tetapi sesungguhnya sulit untuk melakukan aksi perbuatan nyata

                        Bapak Ibu dan Saudara …  Bukankah kepada kita juga diminta dan dituntut adanya satu bukti dari aksi perbuatan nyata atas semua perkataan dan atas semua ungkapan iman percaya yg selalu kita ucapkan ?  Demikian juga dengan ungkapan ‘perkataan-perkataan’ doa kita yang semestinya bukan sekedar diucapkan untuk dimohonkan tetapi seharus juga disertai dengan sikap dan tindakkan iman percaya yang nyata. Kita memohon di dalam doa maka kita juga harus mau melakukan setiap perintah dan kehendak ALLAH. Ucapan & permohonan kita harus disertai dengan tindakkan iman kita. Ucapan iman percaya yang setiap kali Ibadah Minggu kita perbaharuhi bersama-sama adalah memiliki arti penting bagi diri kita dan bahkan akan memiliki makna yang berarti juga bagi sesama kita apabila semuanya itu disertai dengan perbuatan nyata.

                        Bapak Ibu Saudara terkasih. Berapa banyak lagi waktu yang kita miliki untuk berucap, dan untuk berkata dan untuk berbuat ? Inilah tantangan hidup kita sebenarnya yang seharusnya dapat segera diwujudkan di dalam kehidupan kita. Kita sekarang ini diperhadapkan dengan satu waktu dan kesempatan hidup maka apabila diukurkan dengan waktu : Berapa lamakah kita akan tinggal hidup di dunia ini. Dan; Apakah dengan waktu yang kita miliki itu, kita sudah pergunakan untuk menghasilkan hal-hal yang bermakna dan yang kita anggap paling penting bagi kehidupan kita dan bagi kehidupan sesama kita ?

                        Bapak Ibu Saudara … Bila dibandingkan dengan contoh dan teladan yang sudah TUHAN YESUS lakukan selama hidup dan tinggal di dunia ini. TUHAN YESUS sangat-sangat singkat melakukan tugas pelayananNYA. TUHAN YESUS sudah berhasil memanfaatkan waktu yang singkat itu dengan sangat luar biasa. Tentunya TUHAN YESUS banyak berbicara selama mengajar pada setiap kesempatan kepada orang-orang yang ditemuiNYA; Dan, Jumlah mereka yang mendengar pengajaran TUHAN YESUS terus bertambah-tambah. Demikianlah kesaksian yang tertulis di dalam Alkitab. TUHAN YESUS memberikan makna pada setiap pembicaraan dan pengajaranNYA dengan sebuah bentuk keteladanan hidup. TUHAN YESUS tidak sekedar berbicara dan mengajar saja tetapi TUHAN YESUS juga berbuat dan melakukan dan atau memperagakan contoh keteladanan hidup bagi setiap orang yang mengikuti pengajaranNYA
                       
                        Bapak Ibu dan Saudara terkasih. Tidak jarang TUHAN YESUS memberikan DIRINYA kepada setiap orang yang datang & kepada setiap orang yang sangat membutuhkan pertolonganNYA. Nah, di sinilah setiap kali ada orang datang dan meminta …Sering kali TUHAN YESUS harus berhenti mengajar dan berhenti berbicara. Sebentar waktu untuk tidak melanjutkan mengajar dan berbicara ‘tentang kasih’ dan tentang hal-hal lainnya. Tetapi terrbuktilah dan dinyatakanlah di dalam keteladanan perbuatan TUHAN YESUS. Saat itu TUHAN YESUS tidak hanya pandai berbicara & pandai mengajar untuk memikat banyak orang tetapi TUHAN YESUS sungguh  terkenal dan populer dengan pengajaran dan perbuatan kasihNYA. Seperti satu contoh peristiwa yang terjadi saat itu ketika TUHAN YESUS mengajar; TUHAN YESUS harus menghentikan pengajarannya. Sebab TUHAN YESUS dalam waktu yang hampir bersamaan didatangi oleh seorang perempuan yang sakit pendarahan dan seorang kepala rumah ibadat yang menyatakan anak perempuannya baru saja meninggal. Dan; Di tempat yang berbeda keduanya dapat dipuaskan dan diselesaikan masalahnya dengan penuh mujizat; yang pertama dilakukan oleh TUHAN YESUS adalah member respon dan tanggapan atas iman percaya perempuan yang memegang jumbai ujung jubahNYA : Jadi sembuhlah perempuan itu; Dan, yang kedua terjadilah mujizat : Seorang anak yang telah mati dihidupkan kembali oleh TUHAN YESUS setelah memegang tangan anak perempuan itu dan membangkitkannya. Maka kasih TUHAN YESUS yang nyata-nyata telah diperbuat itu  semakin tersebar ke segala penjuru negeri
                       
                        Itulah Bapak Ibu dan saudara; Satu teladan dari TUHAN YESUS yang patut kita contoh supaya kita juga melakukannya sebuah perbuatan yaitu aksi nyata sebagai wujud kasih yang menyertai perkataan dan pembicaraan kita. TUHAN YESUS memberkati kita. AMIN


    


MATIUS 9 : 18 – 26