Jumat, 27 April 2018

LHO KOQ BUYAR ?



Waosan :
LELAKONE PARA RASUL  8 : 1b – 8
4
Wong-wong
kang buyar mau
padha ndlajahi
ing satanah kabeh
 karo ngabarake Injil


LHO KOQ BUYAR ?


Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS


Wonten sadengah cariyos
bab reraosan
satunggaling sadherek
naminipun Cak No.

anggenipun Cak No
 midar mider sak dawanipun margi
 ing desanipun
ing wanci sonten-
anggenipun nelasaken wekdal
kanthi giyat olahraga
 mancal sepedha ontelipun
 sinambi “cuci mata”-
nyawang kaendahaning desa
 ingkang asri-
 nyawang kahanan sawah
 ingkang nembe ditanemi;

Sanget anggenipun kasengsem
ing kaelokanning pemandangan sarwa ijo seger menika,
Piyambakipun sempat mandeg anggenipun ngontel sepedha
lajeng namataken
pantun ingkang nembe katanem
gumelar katata ngebaki galengan.

Lajeng tuwuh pitakenan
ing manah batosipun Cak No:
“Lha,
iki nyang apa …
pari iki koq nandure  kudu 
ditata pisah-pisah,
ora ngumpul wae?”


Patunggilan
Srana ayat nats:
Lelakone Para Rasul 8 : 4

Wong-wong
kang buyar mau
padha ndlajahi
ing satanah kabeh
 karo ngabarake Injil

Ugi nuwuhaken pitakenan kanggening kita sami
bilih saweg nyawang lan ngraosaken
 tuwuhing-
ngrembakaning pasamuwan
 ing wiwitan.

Koq kudu ngalami panganiaya- ‘koq harus penderitaan’ ?.
koq kudu ngalami prastawa
nggegirisi lan kudu buyar sumebar?.

Patunggilan
Bilih gabah-
wiji pantun kasebar
 ing siti- kaeler- katanem
ing  salebeting siti
mboten lajeng pejah
ananging malah tuwuh gesang
 trubus dados bibit
taneman pari

Bilih
 ing gesang pigesanganipun GUSTI YESUS
anggenipun memucal
paring kesaksian
bab Kratoning ALLAH-
bab pigesangan langgeng

GUSTI YESUS
ugi ngalami pangiaya
ngantos pinejahan
lajeng wungu saking pati

Kados bibit pantun kalawau
 katanem ing salebeting siti
lajeng tuwuh-
semi
ngantos cukup ing umur
lajeng kapindhah dhateng sabin-
katata rapi
kapisah-pisah
kados ingkang karaosaken lan dipun tingali
dening Cak No
 kalawau.

Bab kasangsaran lan sedaning
 GUSTI YESUS
sampun kaweca
 ewon tahun saderengipun
GUSTI YESUS
 Lair- makarya- seda sinalib lan wungu

Seratan pameca-
 nubuatan  Nabi Yesaya
saged kita waos ing kitab
YESAYA 38 : 17

Kasisahan ingkang pait punika
 sanyata dados kawilujengan kawula;
PADUKA ingkang njagi nyawa kawula
supados
boten kacemplung ing luwenging karisakan.

Mila panganiaya-
kasisahan-
penderitaan
 ingkang pait kalaman
dening GUSTI YESUS
 menika dados sarana-
cara caranipun ALLAH
anggenipun badhe mitulungi kita
 supados mboten kacemplung
ing luwenging karisakan-
supados mboten kacemplung
 ing luwenging antaka

panganiaya-
kasisahan-
 penderitaan ingkang pait
kalaman dening GUSTI YESUS
 menika dados sarana- cara caranipun ALLAH
njagi lan mitulungi kita
supados saged nampi kawilujengan

Mila,
 Kita
 sami kaatag
 supadosa purun ngalami gesang
 ing panganiaya
salebeting kita ndherek GUSTI YESUS-

Aja golek urip sak kepenake dhewe,
 kudu gelem nyambut gawe
 manggul salib-
 nyelaki awak
(menyangkal diri)

Kita kedah gesang
kados makaten-
 gesang ingkang katata
kasumebar
ing saindenging jagad

Kita kedah purun gesang sangsara-
kebak ing panganiaya
 karana ndherek nekseni pakaryaning GUSTI YESUS

Kita mboten sisah ajrih nyonto
nuladani GUSTI YESUS
 ing kasangsaran


MARKUS  9 : 12  
PANJENENGANe banjur ngandika:
 “Mula pancen mangkono,
Elia rawuh dhisik prelu mulihake samubarang .
Nanging kepriye dene kok katulis
mungguh PUTRAne MANUNGSA
yen PANJENENGANe iku
kudu nandhang sangsara akeh sarta disawiyah?

Kados mekaten
Patunggilan

 Nubuatan-
 pameca
bab rawuhing GUSTI YESUS
PUTRAning ALLAH
mungguh dados PUTRAning MANUNGSA
 GUSTI YESUS
kedah nandhang kasangsaran lan kasawiyah-wiyah


Patunggilan
Pasamuwan wiwitan
 ngantosa dumugi
pasamuwan ing wekdal samangke
 sejatosipun
 inggih sampun kaweca kados makaten.

Kaweca
badhe ngalami Kasisahan ingkang pait

Karana
pasamuwan-pasamuwan menika
sejatosipun dados satunggal badan
 sajuga
 ingkang asesirah
 GUSTI YESUS

 mila mboten mokal malih
bilih pasamuwan-pasamuwaning KRISTUS YESUS
ugi badhe lan saweg
 nandhang kasangsaran lan kasawiyah-wiyah

Lan,
Sanget-sanget mokal
 bilih wonten warganing pasamuwan-
 inggih kita sami
bilih ing sauruting nindakaken pigesangan
 tut wingking
ing karsane GUSTI YESUS
 mboten ngalami kasangsaran-
kasisahan-
 kepaitan gesang
karana ndherek
ing margi kawilujenganing KRISTUS YESUS


Patunggilan
Samangke kita
ugi ngengeti malih
dhawuh pangandikanipun GUSTI YESUS

karana kanthi nggodeli dhawuh pangandika
 lan
nuladha pigesanganipun GUSTI YESUS
 kita saged kiyat lan saged tuntas
anggen kita sami nindakaken tugas-tugas ayahan-
 ‘pekerjaan’ ngabaraken Injil-
Ngabaraken kabar kabingahan-
Ngabaraken kabar kawilujengan
dhumateng sadaya manungsa
ing salumahing bumi-
 ngantos dumugi pucuk-pucuking bumi

sanajan kita
 mesti ngalami rubeda, kasisahan, panganiaya
lan
 kaancam ing pati

Makaten dhawuh
pangandikanipun GUSTI YESUS
YOHANES 4 : 34

Pangandikanipun YESUS,
“Kang dadi panganKU yaiku
anggonku nglakoni karsane PANJENENGANe
kang ngutus AKU,
sarta ngrampungake ayahane”.


Patunggilan
Punapa kita samangke
kados dene Saulus
ing wiwitan-
punapa kita samangke
badhe dados Saulus-Saulus enggal
 ing jaman pungkasan menika

kanthi kakiyatan-
panguwaos saking para imam
lan
imam besar
 badhe numpes sadaya pandhereking KRISTUS ?

Kita saged kemawon
 nggadahi pepinginan :
Numpes sadherek sapatunggilan
karana doktrin
 pengajaran
pemahaman agami
 ingkang benten
 bab KRISTUS YESUS
 lan pakaryanipun-

sebab benten pemahaman
 lan
benten anggenipun kita
nerapaken gesang pigesangan
 ing satengahing pasamuwan
bab-bab ingkang gegayutan
 kaliyan pengutusaning KRISTUS YESUS
sak sampunipun
seda sinalib- wungu lan paring ROH SUCI

Kenging menapa
ing sak sisih
tuwuh Saulus-Saulus enggal
 lan
sak sisih sanes saged tuwuh gesang pigesangan
 kados dene
pasamuwang ingkang wiwitan
 ingkang ajrih asih dumateng GUSTI YESUS-
ingkang sanget nindakaken gesang patunggilan
 ingkang kebak sih katresnan-
ingkang tansah makempal ndedonga
ngraos-ngarosaken dhawuh-dhawuh pangandika
 lan
memuji ngluhuraken GUSTI YESUS-
 lan
ugi sami ngalami gesang mencar
gesang mboten aman sanalika
 kados dene winih
 ingkang kasebar
 ngantos medal saking tlatah Yerusalem
ngantos dumugi tlatah Yudea, Samaria,
ngantos pucuking bumi-
ngantos dumugi tlatah Tanah Jawi
papan panggenan kita gesang
 samangke

Mila,
 kita sapatunggilan
kedah ngatos-atos
 punapa ingkang sami kita tindak
 tandukaken samangke
 ing salebeting makarya
dados pandhereking KRISTUS YESUS
 sampun leres lan cunduk ing karsanipun?!-

 kita saged bingah-bingah tumindak
kados tumindaking Saulus:
 nyepengi- nyiksa nganiaya-
mejahi lan kathah tumindak sanesipun

utawi
kita badhe tetep ngondeli
bab kawilujengan
sanajan ngalami kasisahan panganiaya
kanthi tetep
Nyonto tuladaning GUSTI YESUS:

“Kang dadi panganKU yaiku
anggonku nglakoni karsane PANJENENGANe
kang ngutus AKU,
sarta ngrampungake ayahane”.

MakananKU ialah
melakukan kehendak DIA
 yang mengutus AKU
dan
menyelesaikan pekerjaanNYA

Panganiaya, kasisahan, kepaitan gesang,
dipun mengsahi tyang sanes
ngantosa dipun pejahi sacara rohani-
karakter kita
utawi
 dipun pejahi sacara jasmani 
menika panganan kita
saben dinten




Patunggilan
Sumangga kita nyonto
 tumindakipun pasamuwan wiwitan
ing pigesangan kebak sih katresnan,
sangkul sinangkul ing bot repot
anggenipun nindakaken
sadaya dhawuh
pangandikaning GUSTI YESUS
tetep sregep ing pandonga-
ngraos-ngraosaken dhawuh
pangandikaning GUSTI YESUS
lan
tansah memuji
ngluhuraken Asmanipun GUSTI YESUS
 ing sadanguning wonten Yerusalem

sanajan ing kahanan panganiaya-
lan sanes-sanesipun
meksa
sasedherek patunggilan
 kedah nyebar mencar sumebar
ngantos dumugi ing tlatah Yudea- Samaria
 lan ngantos pucuking bumi
tetep martosaken kabar kabingahan-
tetep nindakaken paseksi
 bab wunguning GUSTI YESUS
lan
mukjizat pakaryaning SANG ROH SUCI

Ngantos dumugi
tlatah Tanah Jawi
papan panggenan kita
 migesangan samangke

Ngantos tuwuh lan sumebar
ngrembakaning pasamuwan-pasamuwan GKJW


Patunggilan
Sumangga
 kita tetep nuladhani
lelampahaning pasamuwan wiwitan
 sinaosa kedah
nandhang kasangsaran panganiaya
 pasamuwan wiwitan
tetep ngabaraken Injil kabingahan

Sumangga
Kita ngucap lan nuladha
 kados dene ingkang kadhawuhaken
GUSTI YESUS
“Kang dadi panganKU yaiku
anggonku nglakoni karsane PANJENENGANe
kang ngutus AKU,
sarta ngrampungake ayahane”.

Ateges
kita kedhah siap
nandhang kasangsaran panganiaya

 kados-kados kasangsaran panganiaya
 menika
dados panganan kita
saben dintenipun

 amrih kita saged estu
nindakaken-
nglakoni karsane GUSTI YESUS.
Sebab
GUSTI YESUS
 ingkang ngutus kita
ugi sampun ngrampungaken ayahanipun.

Sumangga
Kita tindakaken
tugas tanggel jawab
saking GUSTI YESUS menika
 ngantos sak rampungipun-
ngantos pupating nyawa kita

AMIN
GUSTI YESUS mberkahi























Pangibadah Brayat
Kamis, 26 April 2018   Pkl. 16.00
Ing Kel Bp Pdt. Sungkono    (KRW 6)

Votum / Berkat
Kipas 5  :  1, 2   ALLAH YEKU PANGEN KULA
(MAZMUR 23)  

Introitus : 
MARKUS  9 : 12  
PANJENENGANe banjur ngandika:
 “Mula pancen mangkono,
Elia rawuh dhisik prelu mulihake samubarang .
Nanging kepriye dene kok katulis
mungguh PUTRAne MANUNGSA
yen PANJENENGANe iku
kudu nandhang sangsara akeh sarta disawiyah?

YESAYA 38 : 17
Kasisahan ingkang pait punika
 sanyata dados kawilujengan kawula;
PADUKA ingkang njagi nyawa kawula
supados
boten kacemplung ing luwenging karisakan.

Kipas 81  :  1   PAMARTA KULA AGESANG     

Pandonga
Syukur …
Pertobatan …
Nyuwun kasucen lan kakiyatan … ROH SUCI
maos kitab suci
Amin

Maos Kitab Suci :  PARA RASUL  8 : 1b – 8

Kipas 95  :  2, 4      ING WAKTU BADHE WINULANG
Kotbah ….




Kipas 36  :  1, 3, 5  RAHAYU KANG UTAMA LAKUNE 
(MAZMUR 119)

Doa syafaat
Syukur dhawuh pangandika
Atur pisungsung
Bangsa negari
Greja… Program Kegiatan
Warga sakit, momotan, reribed
Kel Bp Pdt. Sungkono
Bibaran
Amin

Kipas 144 : 1  KUMANDEL ING ALLAH
   Berkat



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami