Kamis, 12 April 2018

DIPUN YAKINAKEN LAN DIPUN UTUS SUPADOS NINDAKAKEN PASEKSI (Diyakinkan untuk diutus bersaksi)



Ibadah Minggu
Minggu, 8 April 2018
Pepanthan Gedangan

Tema Wulanan  :
KRISTUS wungu, Pracayaa lan disekseake…!
(Kristus bangkit, Percaya dan Bersaksilah…!)

Tema Minggu    :

DIPUN YAKINAKEN
LAN
DIPUN UTUS
SUPADOS
NINDAKAKEN PASEKSI
(Diyakinkan untuk diutus bersaksi)

                                       Waosan 1         : Para Rasul  4 : 32 – 35
                                      
Waosan 2         : I Yohanes    1 :   1 – 10
                                       Waosan 3         : Yohanes     20 : 19 – 31


Sadherek patunggilan
ing pasamuwaning
SANG KRISTUS
ingkang kinasih

GUSTI YESUS
sampun nresnani kita sami
 lumangkung panyambut damelipun
 ing satengahing jagad.

Pakaryaning ALLAH SANG RAMA
 sampun katindhakaken dening  GUSTI YESUS
ing wiwitan ngantos purnaning panyambut damel
 kanthi sampurna.

Para Sadherek
patunggilan

Lelabuhaning ALLAH-
anggenipun ALLAH nresnani manungsa
sa- alam ndonya menika
nganti puputing nyawa-
seda sinalib
 ing redi golgota.

YESUS PUTRAning ALLAH
anggenipun nglabuhi manungsa dosa
 toh nyawa
 murih kawilujenganipun para titah

Rahayu tiyang
bilih wanuh lan mitadosi
dhawuh pangandikaning ALLAH
lumantar SANG SABDA
nggih menika lumantar
SANG KRISTUS YESUS
 ingkang sampun kalairaken
dening ROH SUCI

Ingkang sampun manjalma
dados manungsa suci

Rahayu kita
 para sadherek
ingkang mangertosi lan ngimani
 bab pakaryaning ALLAH menika :



GUSTI YESUS
sampun seda sinalib
 lan
sampun wungu
ing tinggang ndintenipun
 sak sampunipun kasarekaken

Rahayu tiyang
 ingkang mitadosi lan ngimani
pakaryaning ALLAH
ingkang adi luhung menika

Sabab
bab panebusing dosa-dosaning manungsa
sajosipun mboten saged
kaudi-
kaupaya dening manungsa

sebab kahananipun
manungsa dosa sadayanipun

 mila
 manungsa sampun dumawah
wonten ing telenging pati

Mboten wonten
manungsa
ingkang saged nampeni gesang langgeng
 karana pepejah langgeng menika
sampun dados
 upah pakertining manungsa
ingkang tansah tumindak lumawanan
dumateng karsa karsaning ALLAH
wiwit jamaning Adam
ngantos dumugeng samangke

Patunggilan
 ingkang dipun tresnani
 dening GUSTI YESUS

ALLAH ingkang ngutus
PUTRAnipun makarya
 ing satengahing jagad
 samangke sampun wungu
 saking antawisipun tiyang pejah
mila wontenan dhawuh dumateng kita :

Supadosa kita
para timbalan
ing wiwitan para murid-
sakabat 12
kalajengaken dumateng kita

Sami nindakaken tugas
nyekseni bab wungunipun GUSTI YESUS
lan
bab pakaryaning GUSTI YESUS
supados kesaksian
para utusaning GUSTI YESUS
saged nglajengaken anggenipun ALLAH
ngutus PUTRAnipun
murih kawilujenganing
para manungsa dosa

Menika ceceg 
kaliyan suraosing dhawuh-dhawuh pangandika
”Kaya anggonKU kautus
dening SANG RAMA,
kowe saiki
 iya padha DAKkongkon”

Patunggilan
 ingkang dipun tresnani
 dening GUSTI YESUS


Sumangga
kita sami sacara pribadi
lan
sacara patunggilaning tiyang pitados
utawi
pasamuwan-
grejaning ALLAH
ugi nyeksekaken 
bab wungunipun GUSTI YESUS
 ingkang kebak kamulyan
lan
kebak ing panguwasaning ALLAH

Dados utusan
 kedah nggadahi keyakinan
ingkang leres
supados kita saged 
wedaraken paseksi-paseksi ingkang
 gegayutan kaliyan 
PRIBADIning GUSTI YESUS
lan 
gegayutan  kaliyan lumampahing
 pakaryaning ALLAH

Kita kedah mangertos
kanthi saestu
 Paseksini kita kedah jelas ,
kedah leres
lan
kedah nggadahi pengaruh
 ingkang sae,
karana wonten kawibawaning ALLAH.

Saderengipun kita
ngayahi tugas dados seksi
mesthi kita langkung rumiyin
dipun yakinaken
sinten Gusti Yesus
SANG JURU WILUJENG
penebus dosa-dosaning manungsa
menika
lan
menapa wujuding
pakaryanipun Gusti Yesus
 ing jagad kala rumiyin
ngantos dumugi wekdal samangke
karana GUSTI YESUS sejatosipun
tetep mboten ewah-
‘tidak berubah’
 rumiyin ngantos dumugi samangke

Kita lan greja
ingkang kacawisaken
nampeni tugas paseksi
 kedah nggadadhi sesambetan
 ingkang raket
kaliyan GUSTI YESUS
 lan
 kedah nggadahi manah
 ingkang kebak kesetyan lan  kiyat
 anggenipun nglampahi sesambetan
sacara pribadi
kaliyan ingkang ngutus
 inggih menika GUSTI YESUS

Ingkang kawastanan
dados seksi lan atur paseksi
 menika
 boten anamung
srana tembung lan pocapan
 kemawon
ananging ugi 
srana pandamel
 ingkang sae lan nyata.


Patunggilan

Bilih nalika
para murid-
 sakhabat
 kalimputan raos ajrih lan rangu-rangu
gegayutan kaliyan
bab wungunipun Gusti Yesus

Wonten Maria, Petrus
ugi Thomas
 lan sanes-sanesipun

Menapa samangke
kita ugi
 taksih ajrih lan rangu-rangu
lan
dereng mantep anggenipun kita
 nampi cariyos
 bab kasangsaran-
seda-
sinalibing GUSTI YESUS
lan bab wungunipun GUSTI YESUS?.

Gusti Yesus
saben-saben rawuh
ing satengahing para murid
lan
paring dhawuh :
Tentrem rahayu anaa ing kowe kabeh

Tegesipun tembung tentrem rahayu
saben-saben kadhawuhaken:
 Mugi GUSTI ALLAH
 maringi sedaya
 bab ingkang sae;

lajeng
menapa tujuanipun Gusti Yesus
 ngaturi salam:  
Tentrem rahayu
 anaa ing kowe kabeh

Salam menika
badhe saged ngantepaken
iman kapitadosanipun
para murid
mekaten ugi kengge ngantepaken
iman kapitadosan kita
ing jaman samangke-
 ing jamaning ROH ALLAH
 makarya-

Utawi
ing jamaning kita
 lan para murid-
sakhabat
 mboten malih
 saged sawang sinawangan
lan
mboten saged nindakaken
pasrawungan sacara tata lair
 kamanungsan kita
kaliyan GUSTI YESUS

Sabab GUSTI YESUS menika
utusaning ALLAH
ingkang kautus nyekseni
bab bab katresnaning ALLAH
 tumrap manungsa

GUSTI YESUS
menika utusaning ALLAH
 ingkang kalairaken
dening ROHing ALLAH-
 dening ROH SUCI
lan
GUSTI YESUS menika
dados wujuding SABDA PANGANDIKA-
 wujuding DHAWUHing ALLAH
 ingkang kajalmekaken-
ingkang kalairaken
dados daging lan rah

GUSTI YESUS kebak kasucen
 mboten wonten dosa-dosaninipun
 karana kados makaten
kahananipun ALLAH
ingkang maha suci
anggenipun rawuh
 ing satengahing ndonya
mawi utusan saking swarga-
saking ngaluhur

murih ingkang suci saged nebus
manungsa ingkang kebak dosa-
jejembering ndonya



 Kanthi kebak kawibawaning ALLAH
 Panjenenganipun
GUSTI YESUS paring piwucal-
 GUSTI YESUS paring paseksi
bab ALLAH SANG RAMA
bab kaswargan
lan
 bab-bab panguwasaning ALLAH

Salah satunggalipun
GUSTI YESUS
 paring piwucal
dumateng tiyang nem-neman
 ingkang unjuk pitakenan

GUSTI YESUS
 ugi nangekaken-
nguripaken Lazarus
 ingkang sampun pejah 4 dinten

Lha samangke
 GUSTI YESUS
ingkang estu-estu
sampun seda- sinalib-
kasarekaken lan wungu
ing tigang dintenipun
 kanthi nedahaken
asta lan lambungipun
 sarta
maringi dawuh timbalan-
amanat
 ingkang tansah kedah dipun enget-enget
dening pandherekipun-
dening gerjanipun.

Menapa kita samangke
kajaba mireng maos
 isining paseksi Kitab Suci
lan
ugi sampun ngraosaken
 mukjizat panguwasaning ALLAH
 lumantar Asmanipun GUSTI YESUS-
 lan pakaryaning SANG ROH SUCI-
ROHing GUSTI YESUS
 ing pigesangan kita
satunggal-satunggalipun ?

Bilih dereng …
mesti mangke
GUSTI YESUS
SANG ROH SUCI
badhe bakal paring wekdal
 nyetakaken
sinten DHIRInipun menika
lan
 kados pundi ROH SUCI-
ROHing ALLAH kautus
 njangkepi kita-
njangkepi grejanipun
anggen kita-
anggenipun greja
badhe tumindak makarya
paring paseksi
ing satengahing jagad samangke

Menapa wonten
kanggenipun kita
 ingkang mboten cetha
 bab seda wungunipun GUSTI YESUS

Menapa wonten
 ingkang mboten cetha
bab tugas utusan dumateng
 GUSTI YESUS dening
ALLAH SANG RAMA
Ugi samangke
sami katugasaken
dening GUSTI YESUS
 dumateng kita
 para sakhabat-
pandherek-pandheripun GUSTI YESUS
 tuwin
grejanipun
 kedah nglajengaken
 mbabaraken paseksi bab kabar kabingahan-
bab kabar kawilujengan
 kangge manungsa sajagad !.

Menapa wonten
ingkang mboten cetha
 lan
dereng ngraosaken
 mukjizatipun GUSTI YESUS ?.

Menapa kita taksih rangu-rangu
 dumateng GUSTI YESUS
 ingkang kedahipun kita seksekaken-
kita wartakaken
ing satengahing pigesangan kita
 dumateng jagad samangke ?

Karana kita
sami dados pandherekipun GUSTI YESUS
 sampun nampi pengutusan-
sampun sami kautus
 dening GUSTI YESUS
 kangge nggelaraken kabar kawilujengan-
kabar katentreman-
lan
 kabar bab penebusing dosa

Sumangga
 kita sengkut makarya 
mbabarken kanthi gumolonging ati

Enget para sadherek
 bab kabar wunguning manungsa 
saking pepati 
sampun kawiwitan 
dening GUSTI YESUS
 menika saestu nyata 
mboten anamung ‘isapan jempol’- 
sanes kabar ‘hoax’- 
kabar goroh

Sinten tiyang 
ingkang ndherek
 ing gesang seda
 sinalibing GUSTI YESUS
 ugi badhe ndherek ing wunguning GUSTI YESUS

Sinten tiyang dosa lan pitados 
lan
 nindakaken sadaya dhawuh-dhawuhing ALLAH
 lumantar sadaya
 dhawuhing GUSTI YESUS 
menika badhe nampi kawilujengan

Enget para sadherek 
bilih bab tanginipun tiyang pejah 
sampun kawedaraken- 
‘sudah dinubuatkan 
oleh nabi Yehezkiel
 dan
 sekarang
 sudah digenapi
 di dalam kebangkitan daging
 oleh TUHAN YESUS’

Yehezkiel 37 : 9
Aku tumuli dipangandikani
mangkene :
“Sira medhara wangsit
marang
rohing kahuripan iku,
medhara wangsit,
he,
anaking manungsa,
lan tutura
marang rohing kauripan iku
mangkene:
He rohing kauripan,
mangkene pangandikane
PANGERAN  YEHUWAH:
Sira tekaa
saka ing keblat papat,
wong-wong
kang pinatenan iki
padha sira damonana,
supaya padha urip
maneh!”.


Sumangga para sadherek
menapa ingkang sampun kita pireng,
ingkang kita tingali
lan
 ingkang sampun kita seksini
 secara pribadi sampun kita alami
ing pigesangan kita pyambak-piyambak

Sumangga
 samangke kita gyaraken-
kita sekseaken
 dumateng para sadherek
ingkang dereng wanuh
 kaliyan GUSTI YESUS

Nyuwuna pepadhang lan pangantiyaning
GUSTI YESUS
mesti kita badhe kasagedaken

Kanggening para sadherek kita
 ingkang badhe nampi paseksi kita
GUSTI YESUS
 paring dhawuh
(YOHANES 20 : 29b)

“Rahayu wong kang padha ora ndeleng,
nanging pracaya”

GUSTI YESUS mberkahi kita
AMIN
































Ibadah Minggu
Minggu, 8 April 2018
Pepanthan Gedangan

1.      VOTUM: (Jumeneng)
KPK  60  : 1, 2    
ALLAH PANGEN KULA

Patunggilan
pangabekti enjang samangke
sami kita alami
kanthi pangaken
bilih ALLAH ingkang nitahaken langit dalasan bumi
ingkang mboten nate nilar pakaryan Astanipun
ing salaminipun

Sumangga kita tampeni berkah:
Sih rahmat lan Tentrem rahajeng
ing patunggilaning SANG RAMA,
SANG PUTRA,
tuwin SANG ROH SUCI
tumraha ing gesang kita sapasamuwan
AMIN

2.    INTROITUS    : Yehezkiel 37 : 9
Aku tumuli dipangandikani
mangkene :
“Sira medhara wangsit
marang
rohing kahuripan iku,
medhara wangsit,
he,
anaking manungsa,
lan tutura
marang rohing kauripan iku
mangkene:
He rohing kauripan,
mangkene pangandikane
PANGERAN  YEHUWAH:
Sira tekaa
saka ing keblat papat,
wong-wong
kang pinatenan iki
padha sira damonana,
supaya padha urip
maneh!”.
(pinarak)


KPK  17  : 1, 2     
PAMUJI KONJUK MRING ALLAH

3.PENGAKEN  DOSAMatius  22 :  37 – 40
ndedonga :  …AMIN

KPK  70  :  1, 2, 5            
LUMADI ING GUSTI

5.PAWARTOS  RAHAJENG :((Jumeneng
MATIUS 19: 17 - 21
17.
PANJENENGANe
ngandika marang wong iku,
“Apa sababe,
dene kowe takon marang AKU
bab apa kang becik?.
Kang becik iku mung siji.
Ewadene
menawa kowe kepengin lumebu
ing urip,
tetepana sakeheing pepakon”.
18.
Unjuke wong mau,
“Pepaken ingkang pundi?”.
YESUS tumuli dhawuh,
“Sira aja memateni,
sira aja laku jina,
sira aja nyenyolong,
sira aja ngucapke paseksi goroh.
19.
Sira ngajenana bapa-biyungira
lan
sira tresnaa
marang sapepadhanira
kaya marang awakira dhewe”.
20.
Unjuke wong anom iku
marang PANJENENGANe,
 “Punika sadaya sampun kula tetepi,
kula taksih kirang panapa malih?”.
21.
YESUS ngandika
marang wong iku,
 “Yen kowe arep sampurna,
wis lungaa,
barang darbekmu kabeh dolaana,
lan
 pepayone kabeh
wenehna marang wong miskin,
satemah kowe
oleh bandha ana ing swarga,
banjur mrenea, melua AKU”.




6. PELADOSAN  FIRMAN :
PANDONGA:… AMIN
PAMAOSING  KITAB SUCI :
                                                         
KPK  195  : 1          
 ISINING KITAB SUCI

                                       Waosan 1         : Para Rasul  4 : 32 – 35
                                      
Waosan 2         : I Yohanes    1 :   1 – 10
                                       Waosan 3         : Yohanes     20 : 19 – 31


begja kita sapasamuwan
karana tansah sami tresna dumateng ALLAH.
Tansah ngorong lan
kepengin mireng dhawuh-dhawuh pangandika tuwin
kepengin ngudi anggen kita badhe nindakaken ing gesang sapadintenan
AMIN 3X …..



KOTBAH  
DIPUN YAKINAKEN
LAN
DIPUN UTUS
SUPADOS
NINDAKAKEN PASEKSI

(Diyakinkan untuk diutus bersaksi)






KPK  168   : 1 - 3   
Ndedonga lan makarya

7.PANGAKEN  IMAN  RASULIpinarak))

8.PANDONGA  SYAFAAT :
*Saos syukur dhawuh pangandika …
*Bangsa & negari
*Pasamuwan-pasamuwan
ing pundi-pundi papan & Pepanthan (marenca Gedangan)
Greja>
Warganing greja—sakit, adiyuswa, bebingah Ultah nenikahan/ kelairan, sadherek ingkang saweg nindakaken Jejodohan ugi saweg cecawis anggenipun badhe mbangun bebrayatan
Sadherek ingkang pados padamelan
Anak-anak— (ulangan/ujian)sekolah/ kuliah
Greja>rancangan Undhuh-undhuh

Bibaran>>AMIN

9.PAMISUNGSUNG:Samangke wanci wekdalipun …
KPK  187  :  1 - …
PISUNGSUNG JIWA RAGA

Dasar  : MAZMUR  69 :31-32
31.Asmaning ALLAH
bakal dak puji kalawan kekidungan,
sarta PANJENENGANe dakluhurake
kanthi kidung panuwun
32.Ana ing paningaling ALLAH
iku luwih becik katimbang sapi lanang,
ngluwihi sapi lanang
kang wus ana sungune lan atracak belah ;

10. PENGUTUSAN & BERKAT:(Jumeneng)
Patunggilan
sumangga kita mengkeraken papan pamujanan menika kaliyan mmbekta tekad semangat mwujudaken timbalaning GUSTI YESUS
ing pigesangan kita-
 makarya SANG ROH SUCI ing gesang kita sapasamuwan

KPK   326  :  1   
KORI INGKANG MENGA

(kita tampeni berkah):

Sih rahmat lan tentrem rahayu
saking
RAMA,
SANG  PUTRA,
tuwin  SANG  ROH  SUCI

tumuruna ana ing gesang kita sapatunggilan
ing dinten samangke
ngantos dumugeng Maranatha-
GUSTI YESUS rawuh ingkang kaping kalihipun
AMIN

Lagu : Haleluya... Haleluya.... Haleluya... Amin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami