Jumat, 27 April 2018

Ibadah Panglipuran
Minggu, 6 Oktober 2013
Bpk. Wasto Almarhum
KRW 7


PRAJANJINING
 (SUPAOSING) 
ALLAH
TUMRAP 
GESANG LANGGENG

JABUR / MAZMUR 9 : 9 – 13

9.
Iya PANJENENGANe iku
kang ngukumi jagad kalawan adil,
sarta ngadili para bangsa kalawan patitis
10.
Iya mangkono iku
anggone SANG YEHUWAH
dadi pangauban tumrap wong kang katindes,
dadi pangauban ing wektu karubedan
11.
Tiyang ingkang wanuh kaliyan asma PADUKA,
punika sami kumandel dhateng PADUKA,
amargi PADUKA,
boten nate negakaken tiyang
ingkang ngupadosi PADUKA,
dhuh YEHUWAH
12.
Padha ngidunga masmur 
kagem SANG YEHUWAH,
kang adedhaton ing Sion.
Padha nyaritakna pandamele
ana ing tengahing para bangsa.
13.
Dene PANJENENGANe kang males
marang wong kang ngwutahake getih,
enget marang wong kang katindhes,
ora kesupen marang pasambate.




Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS

 iba bingahing manungsa
 ingkang sampun tinunggilan
dening ALLAH
SANG YEHUWAH

ALLAH makarya
ing sauruting gesangipun

Ing sauriting gesang migesanganipun
ing wekdal urip
ing satengahing brayat kulawarga,
bangsa lan masyarakat

Bapa Wasto Almarhum
ugi kados dene kita sami
ingkang taksih katinunggilan
 ing pigesangan
 ing dalem asmanipun GUSTI YESUS

Bapa Wasto Almarhum
 sampun rampung
 anggenipun nindakaken pakaryan
peparinging ALLAH
ing satengahing gesang
 ing jagad punika

Mesti kathah karibedan
lan mawarni-warni prekawis
ingkang ndadosaken dhirinipun semplah
lan
mboten kiyat nandhang
kahanan gesang pigesanganipun
sacara tata raga jasmani
lan
tata jagad
ingkang gumelar menika

Bilih kita ndherek ngraos-raosaken
Ing gesang kita piyambak-piyambak,
kados-kados
kita menika mboten sanggup malih

Langkung-langkung
bilih panjangkah –
rancangan gesang kita
 langkung tebih mangajeng,
kita kepengin nggayuh ing pangangen-angen
bab-bab ingkang luhur
sacara tata lair kadonyan.

Kita asring
mbanding-mbandingaken dhiri kita
kaliyan tiyang sanes
 ingkang nguja-uja kadonyan,
kadrajatan-
kalenggahan
lan sanes-sanesipun

Sanget estu keduwung lan kuciwa
ing wekasaning gesang kita
Karana anamung ngendelaken
pepinginaning kawontenaning jagad

 ananging
 kanggening kita
sasedherek patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
 lan
ingkang sami kasembadan saleh-
mursid-
temen-temen anggen kita
ndherek ing pakaryaning
 SANG ALLAH
YEHUWAH
ugi mesti sak mestinipun
kita taksih badhe tetep ngalami
bab bingah lan sisah
kados tiyang sanes-
tiyang ing sanjawining patunggilan

Ananging
wonten bentenipun
sadherek patunggilan
karana ALLAH kita
sampun paring prajanji
utawi
paring supaos
dumateng para pandherekipun

kados
 ing seratan ising kitab suci, 
...
kathah sampun kaseratan

conto ing Mazmur 9
ayat 11.

Tiyang ingkang wanuh 
kaliyan asma PADUKA,
punika
 sami kumandel dhateng PADUKA,
amargi PADUKA,
boten nate negakaken tiyang
ingkang ngupadosi PADUKA,
dhuh YEHUWAH

Sumangga sami kita amini
sadherek sapatunggilan
 jer
 kita sami nglampahi
punapa ingkang dados dhawuh pangandika
lan prajanji-prajanjining ALLAH

ALLAH 
mboten badhe nate 
negakaken tiyang
ingkang ngupadosi 
PANJENENGANipun

Sumangga kita tetep gondelan
 Lan
 tetep mitadosi
dhawuh pakaryaning ALLAH
srana makaten
kita tetep dados pribadi
ingkang sujud sumuyud
dumateng ALLAH.

Kita tetep saleh
anggen kita tumindak
nindakaken gesang
 tanpa nilar GUSTI kita
 YESUS

Titikaning gesang kita :
Kita 
taksih tetep 
saged saos syukur
lan
tetep 
saged nyariosaken
sadaya pakaryaning ALLAH
ing sauruting gesang kita
 pribadhi mbaka pribadhi

Kados seratan ayat 12

Padha ngidunga
masmur
 kagem SANG YEHUWAH,
kang adedhaton ing Sion.
Padha nyaritakna pandamele
ana ing tengahing para bangsa.


Sadherek Sapatunggilan
 ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
pancen awrat sesanggihipun
kanggening brayat
ingkang saweg kapetatan katresnan

Brayat kita ing ngriki
sami ngarosaken
antawisipun bingah lan sisah

Bingah
karana Bapa Wasto almarhum
sampun estu tinunggil
kaliyan GUSTI YESUS

Sisah
 karana kathah prekawis
ingkang murugaken
manah sisah

Kedahipun
kita anamung nyumanggakaken
 mugi pakaryaning GUSTI YESUS
ingkang lumampahan
estunipun- 
sejatosipun
 GUSTI YESUS kagungan karsa
 ingkang endah
tumprap brayat
dalasan dumateng
 Bapa Wasto Almarhum

Bilih kita sami tetep mboten kendat –
mboten kendel
anggen kita nindakaken isining
raosing iman
 keimanan kita

Kita tetep mujudaken
sih katresnan 
dumateng ALLAH kita
ing dalem GUSTI YESUS
lan
sih katresnan
 tumrap brayat kulawarga-
sadherek sapatunggilan
lan
sesami kita

Kita tetep sregep memuji,
Sregep maos dedhawuhing ALLAH
 Sadaya ingkang kaseratan
ing Kitab Suci
 kita mangertosi lan kita tindakaken
 ing praktek pigesangan
 saben dinten

Lan lumantar pandonga-pandonga
kita tansah 
tetep sregep sesambetan
kaliyan GUSTI YESUS

saged-saged 
sadinten ambal 5 – 10
kita nindakaken
Pamuji,
Pamaosing kitab suci
lan
Pandonga
(3P)


Patunggilan
GUSTI YESUS mboten nate sare
anggenipun mireng lan nggatosaken
sadaya pasambat kita

GUSTI YESUS
estu remen anggen kita tansah
 sowan mareg
 ing ngarsanipun
ing saben wekdal

Prajanjinipun GUSTI YESUS
mboten nate mleset 
mesti kajawab karana
GUSTI YESUS
sampun maringaken
sadaya gesang pegesanganipun
 kangge kita
ing
‘Kajeng Salib'

Prastawa 
‘Kajeng Salib'
tansah ngengetaken
iba tresnaning GUSTI YESUS
dumateng kita’


Sadherek Patunggilan
punapa taksih wonten malih
bab ingkang gegayutan kaliyan katresnan
ingkang dereng GUSTI wujud paringaken
 dumateng kita
 para timbalan ?

mesti 
 ing wedalipun GUSTI YESUS 
sadaya badhe kalampahan

Bilih kita nggadahi sesambetan ? -
Bilih kapan kita paring piutang
dumateng GUSTI YESUS ?

karana GUSTI YESUS
sampun ngesokaken katresnanipun
 kanthi maluber
dumateng kita ?
GUSTI YESUS
mboten nggadahi utang
dumateng kita
para manungsa-
mliginipun dumateng kita
timbalanipun

sebab sadaya sedayanipun
sampun kaparingaken
dumateng kita
 ing wiwitan kita tinimbalan
rikala dados pandherekipun.

Sumangga
kita tansah ngecaken
 saben dhawuh
 pangandikanipun ALLAH
 lan
kita tansah niti priksa
punapa sampun sami kebukten
sadaya prajanjining ALLAH menika
...
punapa sampun sami kalampahan

ALLAH
estu ngrantos sesambetan kita
sami 
sageda nuwuhaken
 berkah kenggening dhiri kita- 
lan
kanggening brayat kita

Punapa 
ingkang dereng kita lampahi
ing pakaryan pigesangan kita

 lha kenging menapa
kita taksih ngrantos
 sadaya prajanjianing ALLAH ?

enggal
sami-a kalampahan
ing pigesangan kita !

Sumangga
 kita tansah semangat 
nindakaken gesang pigesangan
ingkang sujud sumuyud
rumaket demateng GUSTI YESUS
 lha kanthi makaten 
...
 kita sami mboten anamung
ngrantos berkah-berkahing ALLAH
ing sauruting pigesangan kita 

ngantosa dumugi puputing nyawa kita
 ALLAH tansah paring berkah

GUSTI YESUS makarya
lan
mberkahi kita sami

AMIN



Ibadah Keluarga
Minggu, 6 Oktober 2013
di Kel.Bp. Wasto Alm (KRW 7)


1.      Votum/Berkat
2.      Pujian KPK  19 : 1
ANGLUHURKEN ALLAH
 
3.      Doa :
Ø  Syukur
Ø  Mohon pengampunan
Ø  Undang Roh Kudus.
           AMIN

Pembacaan Alkitab : JABUR / MASMUR 9 : 9 – 13

  1. Pujian KPK  152 : 1
YESUS SANG PAMARTA

  1. KOTBAH …..
  2. Pujian KPK  169  : 1
SUMARAH MIRING ALLAH
  1. Doa syafaat :
Ø  Syukur atas firman …
Ø  Syukur : menyerahkan persembahan
Ø  Kulawarga Bp Wasto Alm sabrayat
Ø  bubaran.  AMIN

Memuji  KPK 149 : 1
GUSTI NUNTUN
Berkat





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami