Sabtu, 24 Februari 2018

AJA DADI GUSTI



Pangibadah Brayat
Kamis, 22 Februari 2018
Ing Kel Bp. Ciptoadii
KRW 7

Waosan : Rum 3: 21-31
Nats:
29
“Karomaneh Gusti Allah iku
apa mung dadi Gusti Allahe
wong Yahudi bae?

Apa Panjenengane iku
 dudu Gusti Allahe
bangsa-bangsa liya uga?
Iya,
Panjenengane
 iya dadi Gusti Aliahe
bangsa-bangsa liyane uga”



AJA  DADI  GUSTI


Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS
Saking reraosan Renungan Pancaran Air Hidup,
wonten seratan makaten :
Ing satengahing gonjang-ganjinging
bangsa lan nagari
kathah tiyang
ingkang rumaos
sami dados Gusti.

Sami rumaos mangertosi kaleresan sejati,
lajeng ndakwa tiyang sanes
 kafir sejati.

Piyambakipun rumaos paling bener,
lan  
ndakwa tiyang sanes keblinger.

Rumaos dirinipun menika
ageng lan adi kuwasa.

Rumaos dirinipun menika
paling dipuntresnani Gusti,
lajeng rumaos …
 bilih suwarga
sampun dados milik pribadhi.


Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS


Tamtu sadaya tiyang ngagama,
ngrumaosi bilih agaminipun punika
paling sae lan paling leres.

Utawi kosok wangsulipun …
tamtu mboten wonten
 tiyang ingkang ngrasuk agama,
 rumaos
bilih agaminipun punika
 mboten sae lan mboten leres.

Mesthi
 boten wonten tiyang ngagama
 ingkang purun
 iman kapitadosanipun
dipun wastani luput lan keblinger.


 Mekaten ugi
Patunggilan
ingkang dipun tresnani
dening GUSTI YESUS

Tiyang
 ingkang dados  pandherekipun Gusti Yesus,
punapa kalebet kita
sami ugi
nggadahi raos rumaos ingkang kados makaten.

Punapa kita nggadhahi kapitadosan
bilih Gusti Allah sampun milujengaken kita
sadaya manungsa dosa
wonten ing dalem asmanipun
 Gusti Yesus Kristus.

Sapindah malih
kanggening dhiri
kita
punapa kita lan sok sintena kemawon
tiyang
ingkang pitados dumateng Gusti Yesus,
lan sarta manut netepi
punapa ingkang dados karsanipun GUSTI YESUS,
mesthi badhe nampi kawilujengan ?.

Lajeng minangka tiyang Kristen,
punapa mesthi otomatis wilujeng?

Dene
 punapa tiyang ingkang sanes Kristen
 punika,
mboten wilujeng?
Kamangka tiyang sanes
ugi sami ngupados kawilujengan.


Patunggilan
ingkang dipun tresnani
dening GUSTI YESUS
Iba bingahing gesang kita
karana sampun sami kaparingan prajanji
dening GUSTI ALLAH
bilih kita mangke
sami saged nampeni kawilujengan.

Ananging patunggilan
tamtunipun bab kawilujengan menika
sanes prakawising manungsa
 ingkang saged namtokaken :
 Aku mesthi mlebu Kraton Swarga
Sliramu ora bisa mlebu

sabab bab Kraton Swarga menika
sanes manungsa kagungan hak namtokaken

Karana manungsa
 kebak dosa 
manungsa sami tumindak duraka
ing sauruting pigesangan
 manungsa tetep kemawon ngendelaken
kakiyatan
 kaluwihaning gesang
bandha ndonya
pangkat kadrajatan
lan saperangan prekawis bab ndonya

bab ndonya barang ndonya
dipun dadosaken ukuran
bilih uripku wis mesthi slamet
wilujeng
 sabab aku wis sregep taberi ngibadah
 nyambut gawe leladi ana kebon anggure GUSTI
Aku luwih apik tinimbang liyan

Lan taksih kathah malih
ukuran-ukuraning manungsa
kangge dhirinipun
anggenipun ngeklaim bab kawilujengan

Manungsa
 saged nggampilaken bab Swarga
 lan
bab kawilujengan menika


Patunggilan
ingkang dipun tresnani
dening GUSTI YESUS

Sanget
Patunggilan…
kita mboten nggadahi panguwasa
lan
 mboten saged namtokaken
mengko mbesuk
aku mlebu ana ing Swarga
ing tembe anggonku ndungkap ajal
aku mesthi mlebu Swarga

Enget
 Sadherek Patunggilan

kita menika
 sanes Gusti lan kita ugi
mboten nggadahi panguwasa
ing badan dhiri kita piyambak
bab umur
bab wektu
sepira suwene aku urip
ana lama ndonya
bab apa kang bakal kelakon ana ing uripku
5 menit
10 menit
2 ndina
Seminggu
Setahun
2 tahun

Apa sing ana ngarepku
Aku ora weruh


Kados makaten Patunggilan
Wosing suraosing dhawuh pangandika
bab GUSTI YESUS

GUSTI YESUS kersa seda sinalib
ngrembat dosa dosaning manungsa
kanthi kebak lubering sih katersnan
 lan
kebak sih kasetyan
 dumateng ALLAH SANG RAMA
murih kababar katresnaning ALLAH
tumrap sadaya manungsa

ALLAH SANG RAMA
 mboten mbedak-mbedakaken
sinten manungsa menika
 satunggal-satunggalipun

Tujuaning ALLAH
 Jelas
 murih paring kawilujengan
 ngluwari manungsa
saking paukuman pati
 murih sageda nampeni gesang langgeng

Menika prastawa Paskah
 ingkang badhe kita pengeti sesarengan

Sumangga
kita ngenget-enget lan cecawis dhiri
 lan
 tansah niti priksa
sinten ta dhiri kita sejatosipun
tumrap sesama kita
 lan
 tumrap GUSTI ALLAH

Punapa mesthi aku
bisa lumebu Kratoning ALLAH ?

Menapa  anamung srana ngendelaken dhiri
 ingkang kayasa-
kadamel saka lebu menika
 lan
ing dhiri kita tansah tumindak dosa
 kalepatan-
mboten suci-
mboten kudus

Sebab Kratoning ALLAH menika suci-
kudus
panggenaing para suci-
manungsa
ngkang sampun kasucekaken …

ALLAH
ingkang nucekaken
dhirining manungsa
sarana Rahipun ing suci

Rahipun sampun tumetes
saking redi Golgota
salibing KRISTUS
dados seksi prasetyaning ALLAH
anggenipun ngudi kawilujenganing manungsa



Patunggilan
ingkang dipun tresnani
dening GUSTI YESUS
Sinten manungsa
ingkang sami badhe kawilujengaken ?


Manungsa ingkang kawilujengaken
Nggih punika
 saben tiyang
ingkang karsa ngakeni
 bilih GUSTI YESUS PUTRAning ALLAH
ingkang sampun nebus lan ngluwari
dhirinipun saking dosa
lan
ngluwari manungsa sadaya
saking bebenduni paukuman pati langgeng

Sadaya manungsa
ingkang nindakaken piwucal-
 prentahing ALLAH
nuladhani gesanging GUSTI YESUS
 ingkang kebak katresan
 tansah nresnani sesaminipun

Mboten mawang
 sinten manungsa menika
menapa agaminipun

Sadaya manungsa
 asal mitadosi KRISTUS-
YESUS-
ISA utawi nabi ISA
 lan ing gesangipun katunggil-
 katuntun dening ROHing ALLAH-
ROH SUCI

Lan ing gesangipun
nyerminaken gesanging KRISTUS YESUS



Sumangga Patunggilan
Kita tansah
nyuwun pangapunten lan tansah mratobat
ing saben-saben wekdal

karana kita
asring- wongsal-wangsul
nindakaken dosa lan damel sekel
 penggalihing ALLAH
Sumangga kita nyuwun pasrah
Nyuwun manah
 ingkang kebak kesabaran
lan
kebak katemenan
anggen kita
badhe tansah jumangkah
 lumampah
kaliyan GUSTI YESUS
 ing saben ari nipun


GUSTI YESUS amberkahi kita
AMIN


























Pangibadah Brayat
Kamis, 22 Februari 2018
Ing Kel Bp. Ciptoadi
KRW 7

Votum / Berkat
KPK 34  :  1, 2   SUNG SEMBAH PUJA

Pandonga
Syukur …
Pertobatan …
Nyuwun kasucen lan kakiyatan … ROH SUCI
maos kitab suci
Amin

Maos Kitab Suci :  RUM 3 : 21 – 31

KPK 148  :  1, 2   NYAWISI PAPAN MRING GUSTI
Kotbah ….

KPK 319  :  1, 2   ENDAHE SADULURAN
Doa syafaat
Syukur dhawuh pangandika
Atur pisungsung
Bangsa negari
Greja… Ranc Paskah
Warga sakit, momotan, reribed
Kel Bp Ciptoadi
Bibaran
Amin

KPK 345  TENTREM RAHARJA (2X)
   Berkat










Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami