Sabtu, 08 Maret 2014

PRACAYANIRA MITULUNGI SIRA

Persekutuan Doa
Renungan Penguatan Iman
Sabtu, 8 Maret 2014





PRACAYA KANG MITULUNGI
PRACAYANIRA MITULUNGI SIRA






Bapak, Ibu patunggilaning SANG KRISTUS YESUS
kita ing wekdal samangke
kaparingan reraosan
 saking kitab JABUR / MAZMUR 7 : 9

TUHAN mengadili bangsa-bangsa,
 Hakimilah aku, TUHAN,
apakah aku benar
dan
apakah aku tulus ikhlas

Sang YEHUWAH
 ngadili para bangsa.
Dhuh YEHUWAH,
mugi PADUKA
karsaa ngadili kawula,
punapa kawula leres,
 saha punapa kawula tulus eklas.

Bapak Ibu
kita samangke
sami kautus
nindakaken ‘serentetan’ pandonga-pandonga
sesarengan
mboten kepareng lumampah
 piyambak

Kedah kados pundi malih kita
 bilih sami kautus kados makaten ?
Ukuranipun
 anamung sak saged-sagedipun
 kita lumampah lan tumindak
 miturut ing karsanipun ALLAH


Bapak Ibu
Kados pundi
bilih kita lepat
 mboten nindakaken ?
Punapa kita saged kawastanan
dados abdi ingkang setya-
dados abdi ingkang leres lan tulus eklas ?

Punapa
ingkang kita tindakaken tansah gegayutan
/ sesambetan
 kaliyan GUSTI ALLAH
sesembahan kita;
ALLAH ingkang sampun rawuh
 karsa dedalem
ing manah batos kita ?

Punapa
ingkang kita tindakaken
 mangkenipun
badhe kangge ngadili dhiri kita

Punapa :
Kita setya,
kita leres
punapa
kita ugi tulus eklas !


Bapak Ibu
Rahayu
bilih kita
 saged nengenaken
 sadaya karsanipun GUSTI ALLAH

Iba cilakanipun gesang kita
bilih luwar saking regemaning ALLAH
sabab
 kita sampun sami kaereh-
sami kalebetaken
ing kekereaning ALLAH

Bilih kita taksih mikir kepentingan pribadi
saged kemawon
 kita sombong lan mranatani
saben dhawuh pangandika
 miturut akal budi kita
 piyambak

Rina wengi
 kita mboten sesambetan
 kaliyan GUSTI ALLAH
sanajan sejatosipun
 kita sampun sami ndedonga
lan
 memuji-muji ALLAH.

Raosing manah kita
taksih lepas
 saking GUSTI YESUS

Sanajan
kita sami tansah maos
mireng dedhawuhing ALLAH

 Ananging tumindak lampah gesang kita
dereng tut runtut
 ing karsaning ALLAH
kita tansah damel kekeliruan
Sanajan kita romaos leres

Ukuranipun
Bapak Ibu
sepindah malih :
kasetyan,
 leres miturut karsanipun ALLAH
 lan
tulus eklas
mboten wonten pamrih sanesipun
ing dhiri kita

Sumangga
 GUSTI PADUKA
 ngutus kawula
para abdi
PADUKA
wonten
ing ngajengan kawula

Kawula pasrah sawetah
 ing karsa PADUKA
 manah
 batos kawula
 PADUKA nyumurupi


Bapak Ibu
 Sumangga
 kita lajengaken pandonga-pandonga
 ingkang kita sepakati.
Srana pandonga-
 pamuji-
lan
maos isining Kitab Suci

GUSTI YESUS
tansah rawuh lan nenuntun
gesang kita

AMIN































1.      Votum / Berkat
  1. Kpk 114  : 1   Aja semaya

3.      Pandonga
  • Syukur …
  • Pertobatan …
  • Nyuwun kasucen lan kakiyatan … ROH SUCI
maos kitab suci
Amin

4.      Maos Kitab Suci :  Mazmur 7  : 9

5.      Kotbah ….
  1. Kpk  111 : 1, 2 

7.     Doa syafaat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami