Kamis, 27 Maret 2014

PITENAH = FITNAH

Ibadah Keluarga
Minggu, 27  Maret 2014




PITENAH
(  FITNAH  )



LUKAS 11 : 14 – 23







Patunggilan
 ingkang kinasihan
 dening GUSTI YESUS

Saiba gesang kita
 estu sanget ngraosaken sisah,
 mboten saged jenak
nindakaken gesang saben dintenipun
 karana wontening pitenah
 ingkang kapitujokaken
dumateng dhiri kita

Menika conto
kahanan ingkang karaosaken;
Contoh sanesipun
 saged ngalami stress
lsp

Pitenah utawi tembung goroh
 mesti tebih saking kasunyatan-
tebih saking kaleresan

Bilih ing basa Indonesia
 wonten unen-unen:
Fitnah itu
lebih kejam
dari pada pembunuhan

Estunipun pancen leres.
Leres
 sami sampun ndadosaken gesanging tiyang
ingkang kapitenah
 kados tiyang
ingkang saweg kapinejahan

Gesang sarwa klentu -
‘serba salah’

 mboten wonten leres-leresipun
 lan
mboten wonten saenipun

karaosaken nampi pituduh klentu
 ing samukawis prekawis

pitenah
saged mepesaken gesanging tiyang
ingkang kapitenah kalawau

Lajeng kados pundi
 sikap kita
 menawi nampi pitenah
saking tiyang sanes ?



Patunggilan,
sumangga
kita sami nggatosaken
sikaping GUSTI YESUS
nalika nampi pitenah-
kapitenah
 dening satunggaling tiyang :
 Farisi utawi para ahli Toret

 bab ingkang kapitenahaken
gegayutan kaliyan tumindak
pakaryaning GUSTI YESUS
anggenipun PANJENENGANe
 nundungi dhemit-
setan
saking dhirining tiyang bisu

(LUKAS 11 : 15 ---
Nanging ana saweneh
kang padha ngucap mangkene,
 “Anggone nundhung setan iku
 nganggo pangwasane Beelzebul
panggedhening para setan”)

(MARKUS 3 : 22 ---
Dene para ahli Toret
kang teka saka Yerusalem
 padha ngucap,
 “Yen PANJENENGANe iku
 kapanjingan Beelzebul
 lan
anggone nundhungi setan
kanthi pitulungane panggedhene setan”)

(MATIUS 12 : 24 ---
 Nanging bareng para Farisi krungu
 bab iku,
banjur padha ngucap,
mangkene,
“Wong iku
 anggone nundhungi dhemit
 nganggo pangwasane Beelzebul,
pangedhening para dhemit”)

Pitenah
kados conto ing nginggil
kalawau
 dados senjata pamungkas
 anggenipun
sakathahing tiyang sagolongan
 kepingin ngawonaken GUSTI YESUS,
 sebab kanthi cara blaka-
 mawarni-warni cara
GUSTI YESUS
mboten saged kakawonanken

Lha samangke
ngangge cara pitenah-
kanthi alok-alok
bilih GUSTI ngginaken
 kakiyataning Beelzebul-
 kekuatan setan
 anggenipun paring kasarasan-
ngusadani-
 nyarasaken tiyang sakit


Patunggilan
Beelzebul menika
 nami wadanan
kangge dewa Baal- Zebul

Dewa
 ingkang dados sainganing ALLAH
 sesembahaning Israel

Mila
 Dewa Baal menika
sanget dipun gethingi
dening tiyang Israel

Baal
 kalambangaken
kados dene Iblis

Lha
kados makaten
 isining lan intining pitenah
 ingkang katumujokaken
 dumateng GUSTI YESUS

GUSTI YESUS
 nyambut damel
 sesarengan kaliyan
  utawi
 sesareng atas nami Beelzebul

Sacara jelasipun
 GUSTI YESUS
 Katudhuh
 bilih GUSTI YESUS menika
dados bagean 
utawi
dados anggotaning panguwasa pepeteng-
inggih punika setan


Patunggilan
ingkang kinasihan
dening GUSTI YESUS KRISTUS;

Sepindah malih
kados pundi
sikaping GUSTI YESUS
sanalika kapitenah ?

Wonten kalih tuladha
 saking wujuding sikaping GUSTI YESUS
kangge kita sami

Tuladha
ingkang sapisanan :

GUSTI YESUS
karsa njlentrehaken
utawi
karsa nyetakaken
lumantar dedhawuhipun
 bab wontening kraton
ingkang sawgh ngalami dredah
utawi
 crahing ing perangan
bagean-bagean badanipun
 lumawanan

perangan bagean-bagean badanipun
piyambak
mesti kraton kalawau
 badhe rentah-
buyar-
 bubar

Saben brayat
ingkang tumindak crah
ing gesangipun
 mesti brayat menika
 mboten saged lestantun
(ayat 17 – 18)

17
Nanging
YESUS ora kekilapan
 marang pikirane wong-wong mau,
mulane banjur ngandika :
 “Saben kraton kang pecah,
iku mesti rusak
 lan
saben brayat kang wargane
padha dredah
mesti rusak

18
Menawa iblis
 iku uga dredah
karo awake dhewe
kepriye bisane leatari
 kratone ?”


Bilih Beelzebul
sami nukari
utawi
 anggotanipun perang
kaliyan anggotanipun piyambak
mesti kratonipun setan
ugi badhe kawon


Patunggilan
GUSTI YESUS
anggenipun dedhawuh
nglajengaken bab prekawis :

wontening satunggal
cara kangge ngaweonaken setan

inggih menika
 kanthi ngendelaken
 daya panguwaosing GUSTI ALLAH
(ayat 20-22)

20
Nanging menawa AKU
 nundhung setan
nganggo pangwasaning ALLAH,
sayektine
 Kratoning ALLAH
 wus rawuh
ana ing satengahmu

21
Menawa
 ana wong kang rosa
sarta gegamane ganep
 kanggo ngreksa omahe dhewe,
barang darbeke bakal slamet


Sabab
 mboten wonten daya panguwaos sanes
 ingkang linangkung
katinimbang
daya panguwaosing GUSTI ALLAH
Tuladha
Ingkang kaping kalih :

Kedah ngandelaken
 panguwaosing SANG ROH SUCI
 lan
tansaha nunggil kaliyan GUSTI YESUS

Bab menika
 ingkang dipun tandesaken
 dening GUSTI YESUS-

bab sumende
 dumateng ALLAH SANG ROH SUCI
dalasan
dumateng ALLAH SANG PUTRA
 GUSTI YESUS

Bilih umpaminipun
wonten tiyang mboten ngakeni
 panguwaosing SANG ROH SUCI
tiyang kalawau
badhe nampi pidana

Mila
saben tiyang
 kedahipun tansaha sak saged-sagedipun
nunggil kaliyan GUSTI YESUS-

 bilih mboten nunggil
 kaliyan GUSTI YESUS
 ateges
tiyang menika
saweg nglawan-
 lumawanan
dumateng PANJENENGANipun

Lan
kangge sok sintena tiyang
ingkang mboten nggadahi manah
 kepengin nunggilaken
tiyang-tiyang utawi nunggilaken pasamuwan
 dumateng GUSTI YESUS

Kanggening tiyang
 ingkang mboten nunggil
lan
Kanggening tiyang
Ingkang mboten nyatunggilaken
pasamuwan
dalasan saben-saben tiyang
 dhateng GUSTI YESUS

Tiyang
 ingkang kados mekaten
sejatosipun saweg badhe
nuwuhaken crah
utawi saweg nebihaken
 pasamuawan s
aking katresaning GUSTI ALLAH


Patunggilan
Saking cariyos
bab pitenah menika
 kita sami saged nampi pangertosan
 bilih pitenah
anamung saged kalawan
kanthi sikap tegas
 ananging kakanthi kasabaran,
 manah andhap asor,
 sabar sareh
 lan
 kebak ing sih piwelas

Bilih kita
 nglawan pitenah
kanthi raos benci,
nepsu dendam
lsp

Jelas
 kanthi cara menika
bakal badhe nuwuhaken
reribet enggal




Sumangga
Patunggilan
 swawi kita tansaha celak
rumaket
 kaliyan daya kakiyataning GUSTI ALLAH
 ing dalem GUSTI YESUS

Murih kita sami katebihaken
 saking sadaya panguwasaning setan

Sumangga
 kita sapatunggilan
 tansaha nyuwun kapinaringan manah
ingkang kebak kasabaran
nalika saweg nampi pitenah

GUSTI
 mesti paring kakiyatan lan berkah

AMIN

















Votum/Berkat

 Pujian Kipas  5 : 1, 2, 3
ALLAH yeku pangen kula
 
Doa :
Ø  Syukur
Ø  Mohon pengampunan
Ø  Undang Roh Kudus.
           AMIN

Pujian Kipas  12 : 1, 3
Kados sangsam kang kasatan

Pembacaan Alkitab : LUKAS 11 : 14 – 23

 KOTBAH …..

Pujian Kipas    36 : 1, 2
Rahayu kang utama lakune

Doa syafaat :


Pujian Kipas 129 : 1
GUSTI NUNTUN

Berkat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami