Minggu, 23 Maret 2014

KAWILUJENGAKEN KANGGE DADOS AGEN KAWILUJENGAN

IBADAH  MINGGU
23 Maret 2014
Minggu Pra Paskah 3


Tema Wulanan :
Pakewed sanes dados penghambat ananging dados tantangan

Tema Pekan    :

KAWILUJENGAKEN
KANGGE DADOS
AGEN KAWILUJENGAN
Kita kaslametaken kangge lelados dhumateng GUSTI

(Diselamatkan
untuk
menjadi agen keselamatan)



Bacaan 1         : Keluaran 17: 3-7
Bacaan 2       : Roma 5: 1-2, 5-6
Bacaan 3        : Yohanes 4: 5-26



Patunggilan ingkang kinasihan dening GUSTI YESUS
Saben kita ngaturi ROHing ALLAH tumuruna-
 lumebua
ing manah
batosing dhiri kita
Kita nggadahi iman
 kapitadosan :
Bilih sesambetan kita
kaliyan GUSTI YESUS
 estu kados dene wit-witan-
tetuwuhan
ingkang oyod-oyoding sami tumuju
 ing sapinggiring kalen-
 ingkang toyanipun mboten nate asat

Patunggilan
wonten ilustrasi
 mbok menawi cariyos menika
 pancen kedadosan

(Wonten satunggaling tiyang ingkang naminipun Pak A.
Ing tengah-tengah masyarakat
Pak A mboten linuwih (tidak menonjol),
Pak A
kados dene tiyang biasa sanesipun,
gesangipun pas-pasan,
 mboten sugih,
Pak A namung buruh tani.

Nanging  nalika Pak A tilar donya …
damel gumune kathah tiyang.
Awit ingkang nglayat menika
kathah pejabat pamarintah
lan pengawal-pengawalipun,
temahan
 griyanipun ingkang alit,
dados kebak tiyang.

Nalika salah satunggaling pejabat pamarintah
 kaparingan wekdal paring sambutan,
panjenenganipun cariyos :
Bilih almarhum menika
tiyang ingkang nggadhahi lelabuhan (jasa)
 ingkang ageng tumrap negari kita;
dados kedah dipun urmati
 kanthi sanget.

Ing cariyos
ugi kasebataken bilih
almarhum menika
turunan (asing)-
tiyang manca.

Lajeng Nalika sak sampunipun Pak A
 dipun akeni dados warga negari Indonesia,
Piyambakipun  ndherek berjuang
 ngrebut kamardikan.

Karana ageng sanget
raos syukuripun
almarhum sampun dipun akeni
 dados warga negari,
ngantos piyambakipun
 purun paring pangurbananan-
purun berjuang
kangge kamardikaning bangsan

Sanadyan
nalika sampun ndungkap sepuh ….
almarhum pindah dhateng padusunan
 lan
gesang dados tiyang biasa,
nanging
 ageng sanget lelabuhanipun
 kagem negari.)

Kados dene Pak A
 ingkang sampun purun berjuang
lan
kersa berkorban
 kagem negari ingkang sampun paring berkah
 dhumateng dhirinipun-
 kaakeni dados warga negari.

Patunggilan
Kita mangke
ugi badhe ngarosaken
 kados pundi wanita Samaria
dalasan Rasul Paulus
 ingkang sampun kaslametaken
dening Gusti Yesus,
lajeng lelados,
martosaken bab Gusti Yesus
dhumateng bangsa Samaria
ing kithanipun
 lan
 dhumateng sakathahing para bangsa


Patunggilan
Rahayu kita
 ingkang tansah netepi dhawuh-
dedhawuhing ALLAH
 lumantar sabda-
pangandika
ingkang tansah kita pireng
lan
tansah kita cakaken
 ing pigesangan kita pribadi-
mbaka pribadi


Patunggilan
estu gesang kita
 binerkahan
sih piwelasing ALLAH
saged kita raosaken
 mboten miturut cariyos

Cariyosing tiyang sanes !

Ananging karana dhiri kita
sampun estu nampeni
 ing sauruting kita
nindakaken pigesangan
dhiri kita samangke
 wontena ing kahanan
ingkang kebak kasisahan,
karubedan,
kacingkrangan
lan
 nggadahi raos minder,
 mboten nggadahi panguwasa
lan
mboten nggadahi kawasisan-
 kapinteran ingkang pinunjul

Ananging  engeta
Sadherek sapatunggilan
 bilih kita samangke
 sami dados tetimbalaning ALLAH-
 kita samangke sami dados pribadhi
 ingkang kapiniji-
kapinilih
saengga kita
saged nampi
bab pawartos kabingahan
 bab rawuhing ALLAH
bab INJILing SANG KRISTUS
 ing satengahing jagad

ngantos puput nyawanipun
 ing redi GOLGOTA
 SANG KRISTUS YESUS
 JURU WILUJENG
 piandeling tiyang pitados :

 YESUS KRISTUS menika
PRIBADHI
ingkang mitulungi kita
ingkang sami ngentas dhiri kita
 saking toya jejember-
 bletokan
 ingkang worsuh kahananipun

Kawilujenganing GUSTI ALLAH
estu sampun kita tampeni menika
sanes karana kasaenaning dhiri kita,
sanes anggen kita tumindak lampah
 netepi saben dhawuh
 pranataning ALLAH-

 mboten karana usaha dhiri kita pribadhi
kawilujengan menika kita gayuh

Sanajan sae lan leres
kanggening dhiri kita
 ingkang sampun nampi :
 SANG KRISTUS YESUS
selaku JURU WILUJENGing gesang

ananging tetep klentu
bilih kasaenaning dhiri kita
 dados piandel-andel
bilih karana usaha dhiri kita
 saged nampi kawilujengan

Sanajan ora ngibadah-
ora ndedonga
nanging ora tau rerasan,
ora tumindak ala
marang sapepadhan
“aku mesti bisa lumebu mring Swarga”
Menika pemanggih ingkang klentu
-sadherek sapatunggilan

Pamanggih ingkang klentu-
Bilih kita nilar pangaken :
GUSTI YESUS PRIBADHI
ingkang paring berkah
lan
GUSTI YESUS PRIBADHI
ingkang sampun melasi
 dumateng gesang kita
 lan
sampun nebus sadaya dosa
 kalepatan kita

Sumangga
 kita lajengaken
 anggen kita nglampahi kasaenan
mbaka kasaenan
 ingkang dados wujuding panjawab kita
 tumrap sadaya berkah-

Sumangga
 Kita tansah mujudaken sesaos syukur
ing gesang kita
dumateng GUSTI YESUS

Sumangga
 kita sami nilar
sadaya wujuding sesambatan
 ingkang ngaya wara
dumateng GUSTI ALLAH kita


Kados dene
 umat Ibrani-
Umat Israel
ingkang kapimpin dening Musa
Abdining ALLAH

Mbrontak lan lumawan
 ing saben-saben
Ngaya wara-
 nggrudel-

sesambatan
karana ngelak
 mboten wonten toya

Musa Abdining ALLAH
sampun sami ngraosaken
 lan
sampun sami nyipati
kados pundi wewatekaning bangsanipun-
bangsa ingkang mboten kagungan raos
saos syukur
padahal sampun kauwalaken
 saking saking tanah pangawulan Mesir

Bangsa menika
tansah damel sekeling penggalihing ALLAH
 sanajan
ALLAH tansah tetep
kebak ing sih katresnan

Kanggening pribadi Musa
 abdining ALLAH
ngantos tuwuh manah prihatos lan kuwatos:
ayat 4b:
 Punapa ingkang badhe kawula tandukaken
 dhateng bangsa punika ?
Sakedhap malih
 kawula temtu dipun benturi sela !

ALLAH
ingkang maha tresna
 paring dhawuh pawangsulan:
Ayat 5 :
Sira lumakua
ana ngarepe umat
kaiiringa dening para para tuwa-tuwa  Israel
sawatara,
 dene teken
 kang wus tau sira gawe nyabet bangawan Nil
 iku gawanen,
nuli mangkata !

Ayat 6:
Lah INGSUN bakal jumeneng
ana ing ngarepira
ana ing ndhuwur gunung parang
 ing Horep,
sira banjur nyabeta  parang iku
temah bakal metu banyune,
satemah
bangsa iku
bakal padha bisa ngombe


Patunggilan
Ing Masa lan Meriba
dados pratanda bilih bangsa menika
 sampun madoni lan sampun padha nyoba
 dumateng ALLAH

Pancen
 Sadherek Patunggilan
ndherek GUSTI ALLAH-
ndherek GUSTI YESUS
pancen mboten tansah tetep
pinanggih sekeca
 salamining gesang

Sanajan
ing pungkasaning gesang kita
kita sami badhe
 nampi katentreman-
 kamulyan
saha gesang langgeng

Swarga kanggening kita
 sami dados tujuan
 ingkang pinasti
karana saged kita gayuh
karana piwelas lan srana pitulunganing
GUSTI YESUS

GUSTI YESUS
sampun mranatani
ing sauruting gesang kita
Punapa kita mboten badhe saos syukur

Lha punapa kita badhe sami
 kaliyan bangsa Israel ?


Sanajan rumpil
angel-
kathah tantanganing gesang kita
 mbotena
kita tansah sesambatan lan nggrundel
lan
lumawan dumateng karsaning ALLAH
 nggih tansah lumawan
dumateng SANG KRISTUS
 YESUS


Patunggilan
Kanggening Rasul Paulus
 benten malih

Sejatosipun
Rasul Paulus kados dene Wanita Samaria
ingkang karsa unjuk saos syukur
lan
 karsa-
 purun ngabaraken Injiling ALLAH
 bab kabar kasukan

Rasul Paulus
Ing Kitab ROMA 1 : 14-15

14
Aku kapotanganbudi
marang wong Yunani,
mangkono uga
marang bangsa-bangsa kang ora wanuh
 marang ALLAH,
wong wasis lan wong bodho
15
Iya kang mangkono iku,
 kang njalari aku
uga kepengin martakake Injil
marang kowe
kang padha manggon
ing Roma


Patunggilan
Rasul Paulus
 kapotangan budi
 lan
kepengin martakaken Injil

Rasul Paulus
 mboten mbenten-mbentenaken
 sawarning tiyang
 ingkang sampun sesrawungan
kaliyan dhirinipun-
punapa tiyang menika
sampun wanuh kaliyan GUSTI YESUS
punapa dereng wanuh-

punapa menika
tiyang Yahudi-
Yunani
lan sanes-sanesipun-
punapa tiyang nenika nggadhahi kawasisan-
kapintera utawi bodho


Rasul Paulus
 saged tumindak kados makaten kalawau
karana
Rasul Paulus
sampun sami kaparingan
 sih katresnan dening ALLAH-
dening GUSTI YESUS

Rasul Paulus
 sampun kaentas
….
samangke rumaos
sampun dados murid pepilihaning ALLAH
sampun nampeni mahkutaning gesang—
gesang langgeng

Rasul Paulus
 ingkang rumaos
 sampun kawilujengaken gesangipun
 samangke kepengin martosaken
 bab kawilujengan menika-
kepengin martosaken kabar kasukan-
 kabar Injili


Patunggilan
Rasul Paulus
 langkung mantep malih
 anggenipun nyekseni sadaya pakaryaning ALLAH
 tumrap dhirinipun


Kapitadosaning Rasul Paulus
wonten bab timbalaning dhiri
saben tiyang-
makaten ugi kangge kita
ingkang sami wanuh lan pracaya
dumateng GUSTI YESUS

Estunipun sadaya kalawau
 kados ingkang kaalaman
 dening Rasul Paulus

kados isining seratan Rasul Paulus
Ing kitab Roma 5: 1-2, 5-6

1.       
Kita sapatunggilan
ingkang sampun sami kagungan kapracayan
bilih YESUS KRISTUS menika  
GUSTI ALLAH PRIBADHI.
Jelas hubungan- sesambetan kita
 sampun karukunaken
kaliyan  GUSTI ALLAH

2.       
Karana kita pracaya- pitados
 mila
 GUSTI YESUS KRISTUS
 ugi maringi lan marengaken
dumateng kita sami
murih saged ngraosaken sih rahmating ALLAH
lan
 sih rahmating ALLAH menika
kebak panguwasa nguripi
 gesang kita salami-laminipun
  mila
 kangge kita sami
 ingkang wekdal samangke
tansah bebingah lan tansah nganti-anti-
ngrantos
panduman kamulyaning GUSTI ALLAH
 ing tembe

3.       
ROH SUCI kaesokake-
 kaparingake
dumateng kita;
 Lha kanthi makaten
kita sami saged ngraosaken
 sihe katresnaning GUSTI ALLAH

Kita saged raosaken
tuwuhing sihe katresnaning GUSTI ALLAH
 wiwit wonten manah batos kita
 piyambak-piyambak;
Lajeng ing dhiri kita sacara badan wadag
ugi sanget saged karaosaken

Kalajengaken ing dhiri kita
 tansah tuwuh pangajeng-ajeng
ingkang mboten damel gelaning
manah batos kita



4.       
Kita
Manungsa
 mboten kuwagang
mboten saged milujengaken dhiri kita
piyambak

 ing wekdal ingkang katamtokaken
dening GUSTI ALLAH

Kita
mboten saged milujengaken dhiri kita
piyambak

 nanging GUSTI YESUS
 sampun seda sinalib
kangge nebus-
ngluwari kita
tiyang dosa


Patunggilan
serataning Rasul Paulus
dhateng pasamuwan Rum
intinipun ngemu bab Keslametan
menika mboten namung kangge
 bangsa Yahudi kemawon
nanging ugi kangge bangsa Yunani
lan
ugi kangge sedaya bangsa
 ingkang wonten
 ing donya menika.
Makaten ugi kangge tiyang 
utawi
 bangsa Samaria

Tiyang Samaria,
miturut  pemanggihipun bangsa Yahudi,
mboten kaslametaken,
menapa malih menika priyantun wanita

karana priyantun wanita
ing jaman semanten mboten kapetang,

Priyantun Wanita Samaria
ingkang kaparingan kawilujengan
dening GUSTI YESUS
 karana saged anepangi lan mitadosi
 sinten sejatosing
 Jati DHRIning GUSTI YESUS

Priyantun Wanita menika
 nampi GUSTI YESUS
dados JURU WILUJENGING gesang
kanthi kebak bebingah

Bebingah
sepindhah malih bebingah
 karana sampun nampeni kawilujengan


Patunggilan
Cariyos salajengipun
 si Wanita Samaria menika
 purun nyekseni
sinten sejatosipun GUSTI YESUS
Mboten nggadhahi raos ajrih-
Mboten rumaos
dados Wanita kang tinampik
 ing satengahing pasrawungan masyarakat

Mboten rumaos semplah
karana tamtu kemawon wonten ‘nada sinis’-
 wonten tetembungan ingkang nglarani
 manah batosipun

Anggenipun si Wanita Samaria
 andum cariyos paseksi-
midar-mider nyekseni :
Sinten GUSTI YESUS
SANG KRISTUS menika-
SANG MESIAS JURU WILUJENG
ingkang sami karantos

Manah batosipun mboten semplah
 si Wanita kalawau
terus kemawon nggiyaraken-
nyekseni sinten ta sejatosipun
 GUSTI YESUS
 SANG JURU WILUJENG punika

Si Wanita Samria kiyat-
 mboten semplah
ngadepi kasangsarning gesang
mboten sesambatan malih
Sanajan wonten Conto
 pangunen-unen :

Wong wadon koq arep nggurui aku-
 kaum priyantun kakung


Patunggilan
Prastawa penginjilan-
mbabaraken kabar kabingahan
 bab kawilujengan menika
pranyata saged katampi
dene sakathahing tiyang Samaria
 kados seratan Kitab YOHANES 5
 ayat 39 :

 Sakehing wong Samaria
ing kutha kono iku
 padha pracaya
 marang PANJENENGANe
awit saka paseksine wong wadon mau


Patunggilan
Ing cariyos isining Kitab Suci :
Tiyang-tiyang Samaria
sami kaslametaken sedayanipun
 dening GUSTI YESUS KRISTUS.

Bilih tiyang-tiyang Samaria menika
purun pitados


GUSTI YESUS
Sampun kersa nimbali wanita Samaria

Cekak aosipun si Wanita Samaria
ingkang katampik-
posisinipun
wonten ing sapinggiring gesang
 pigesanganing masyarakat-

 Si Wanita Samaria
dados tiyang pinggiran
mboten kaetang posisinipun

Srana lumangkung wawanrembag
 kaliyan GUSTI YESUS

GUSTI YESUS estu langkung mangertosi
 isining manah
batosing
si Wanita Samaria

Bab toya sumur Yakub
 ngantos toya pigesangan langgeng
 ingkang mboten nate asat lan telas

Imanipun si Wanita Samaria
 tuwuh
awit GUSTI YESUS kersa meca
 lan
 nedahaken kalepatan
 tuwin dosa-dosanipun

Si Wanita Samaria saged ngakeni
bilih GUSTI YESUS menika
SANG MESIAS
 ingkang saweg karantos rawuhipun
YOHANES 5 

ayat 25:
 “Kula mangertos
bilih Mesias badhe rawuh.
 Ingkang ugi kasebut KRISTUS,
punika sarawuhipun
badhe nyumerepaken samukawis
 dhateng kula sadaya”

Pangandikanipun GUSTI YESUS
 ing ayat 26 :

“Iya AKU iki PANJENENGANe
kang lagi ngandikan karo kowe”

Lha
 ing ngriki kita sami mangertosi
bilih GUSTI YESUS
 kepareng mbikak rahasia :
 Sinten jati DHIRInipun-
Sejatosipun GUSTI YESUS
 SANG JURU WILUJENG-
SANG MESIAS

Reraosan kita
 ing Minggu samangke
 saged dados kaca benggala
punapa kita
asring minder
 nalika badhe lelados,

ajrih dados seksinipun GUSTI YESUS,
Punapa kita saged kados dene wanita Samaria
ingkang sampun dipun slametaken
 dening Gusti Yesus

dados margining keslametan
kagem tiyang sanes.

Mboten malih ngetang
 kathah lan agenging
 tantangan,
 reridhu,
kasisahan
ingkang ngendon-ngendoni semangat
paseksi kita
bab GUSTI YESUS

Sampun ngantos
kita sami kaliyan bangsa Israel
 ingkang tansah sesambatan

Sumangga
dados agen kawilujengan
 kanggening sadherek sanes
 ingkang dereng wanuh pitados

GUSTI YESUS mberkahi kita
AMIN














LITURGI   IBADAH  MINGGU
23 Maret 2014


VOTUM : (Jumeneng)
KPK   38 : 1, 2  HALLELUYA PUJI GUSTI

Pitulungan kita
saking GUSTI ALLAH
ingkang nitahaken langit lan bumi,
kasetyanipun langgeng salaminipun
 lan
mboten nate nilar pakaryan Astanipun

Tentrem rahajeng
pinangkanipun saking ALLAH SANG RAMA
 lan
 GUSTI kita
 YESUS KRISTUS
AMIN

2.    INTROITUS    :    ROMA 1 : 14-15
14
Aku kapotanganbudi marang wong Yunani, mangkono uga marang bangsa-bangsa kang ora wanuh marang ALLAH, wong wasis lan wong bodho
15
Iya kang mangkono iku, kang njalari aku uga kepengin martakake Injil marang kowe kang padha manggon ing Roma
(kaaturan pinarak)
3. KPK   78 : 1, 2  TINIMBALAN DENING GUSTI



Sumangga kita sami tumungkul ndendonga
Sami ngakeni sadaya dosa kalepatan kita  :

Dhuh GUSTI ALLAH kang Maha Suci,
Kawula sowan wonten ing ngarsa PADUKA
Dhuh ALLAH, kawula ngakeni sadaya dosa lan panerak
 ingkang tansah kawula lampahi saben dinten,
ing minggu-minggu kepengker.
 Kawula asring mireng dhawuh-dhawuh pangandika
 ananging kawula kirang saged nglampahi kanthi setya tuhu.   

Asring kawula mboten nindakaken-
 mboten praktek gesang katresnan.

Kados dene piwucal PADUKA dumateng kawula :
"Sira  tresnaa marang PANGERAN ALLAHira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.

Kawula anamung pinter wicara lan ngrembag
bab katresnan PADUKA
ananging kawula kirang saged ngraosaken kasangsaran
ingkang kasanggi
dene para sadherek sanes.

Kawula asring mentingaken dhiri pribadi.

Tumindaking pangibadah kawula
asring dados wujuding keegoisan kawula
 Dhawuh-dhawuh ingkang kawula pireng
anamung kangge kasugihaning rohani dhiri pribadi.
Kawula dereng saged ngorbanaken dhiri
kangge katentreman sesami kawula.
Pangibadah kawula
anamung kandeg ing rutinitas.
Kawula tebih saking piwucal PADUKA :
 Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.

 Karana punika
 kawula nyuwun sih pangapunten,
Mugi PADUKA karsa ngenggalaken roh dalasan pikiran kawula.

Kepareng PADUKA ngagem lan ngutus kawula sami
kangge ngabaraken kabar kabingahan
 lan
mujudaken katresnan
dumateng saben tiyang
 ingkang celak lan tebih.

Mugi Asma PADUKA,
GUSTI YESUS KRISTUS
 sesirahing greja
 kaluhuraken.
AMIN

5. PAWARTOS  RAHAJENG : ((   Jumeneng …

1 KORINTUS 15 : 58
Mulane para sadulurku kang kinasih,
kowe padha dibakuh, ditanpa gingsir,
lan tansah disregep
 anggonmu nglakoni ayahane GUSTI !.
 Awit kowe padha sumurup,
yen ana ing patunggilaning GUSTI,
kangelanmu mesthi ora muspra

(pinarak….)
6.  KPK 148  : 1  NYAWISI PAPAN MRING GUSTI


8. PELADOSAN  FIRMAN :
PANDONGA:    … AMIN

PAMAOSING  KITAB SUCI :
Bacaan 1         : Keluaran 17: 3-7
Lagu : Amin- amin- amin

Bacaan 2      : Roma 5: 1-2, 5-6
Lagu : Amin- amin- amin

Bacaan 3         : Yohanes 4: 5-26
Lagu : Amin- amin- amin


Iba begjanipun kita sapasamuwan
….
AMIN 3X …..


KOTBAH 
KAWILUJENGAKEN
KANGGE DADOS
AGEN KAWILUJENGAN












KPK  153 : 1 GUSTI YESUS KRISTUS

9.     PENGAKEN  IMAN  RASULIpinarak ))

10.     PANDONGA  SYAFAAT :


11.       PAMISUNGSUNG : Samangke wanci wekdalipun …
Dasar  : MALEAKHI 3 : 10 

KPK  188: 1- … ASUNG PISUNGSUNG
PANDONGA   :  ….

13.    PENGUTUSAN & BERKAT : (Jumeneng)
Sumangga patunggilan kita wujudaken tumindak kasucen
 srana praktek gesang ingkang kebak sih katresnan


KPK  82 : 1    TEKADING MANAH KULA
(kita tampeni berkah) :
Sih rahmat lan tentrem rahayu
tumuruna ana ing gesang kita patunggilan
ing dinten samangke
ngantos dumugeng wekasaning jaman
Rahajeng tyang ingkang tansah
mangabekti dumateng ALLAH  SANG  RAMA,
SANG  PUTRA,
tuwin  SANG  ROH  SUCI
AMIN

KPK  345  TENTREM RAHARJA






Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami