Sabtu, 05 Januari 2013

( Buku Chotbah 4 ) YOHANES 15:9-17 ; KISAH PARA RASUL 1:4–11 Kowe pada tresna tinresnanana dikaya enggonKU nresnani kowe

Ibadah Minggu
3 Juni 1973


PakonKU iku
mengkene : 

Kowe
pada tresna tinresnanana
dikaya enggonKU
nresnani kowe




YOHANES 15 : 9 – 17
9  Seperti BAPA telah mengasihi AKU, demikianlah juga AKU telah mengasihi kamu; tinggallah di dalam kasih-KU itu.
      Enggon-KU nresnani kowé, kaya SANG RAMA enggoné nresnani AKU. Padha tetepa ana ing   
       katresnan iki.
10
Jikalau kamu menuruti perintah-KU, kamu akan tinggal di dalam kasih-KU, seperti AKU menuruti perintah BAPA-KU dan tinggal di dalam kasih-Nya. 
       Menawa kowé padha nglakoni pepakon-pepakon-KU, AKU bakal tetep nresnani kowé. Ora  
       béda karo AKU dhéwé: SANG RAMA nresnani AKU, sebab AKU nglakoni dhawuh-dhawuhé  
       SANG RAMA.
11
Semuanya itu KUkatakan kepadamu, supaya sukacita-KU ada di dalam kamu dan sukacitamu menjadi penuh.Kabèh iki 
       DAKkandhakaké marang kowé, supaya kowé uga ngrasakaké kabungahan-KU, lan supaya 
       kabungahanmu dadia sampurna.
12
Inilah perintah-KU, yaitu supaya kamu saling mengasihi, seperti AKU telah mengasihi kamu. 
        Pepakon-KU mengkéné: Kowé kudu padha tresna-tinresnan, padha kaya enggon-KU  
        nresnani kowé.
13
Tidak ada kasih yang lebih besar dari pada kasih seorang yang memberikan nyawanya untuk sahabat-sahabatnya. 
        Katresnan sing gedhé dhéwé yakuwi menawa wong rila mati kanggo nglabuhi mitrané.
14
Kamu adalah sahabat-KU, jikalau kamu berbuat apa yang KUperintahkan kepadamu. 
        Yèn kowé padha nglakoni apa sing Dakdhawuhaké marang kowé, kowé dadi mitra-mitra-Ku.
15
AKU tidak menyebut kamu lagi hamba, sebab hamba tidak tahu, apa yang diperbuat oleh tuannya, tetapi AKU menyebut kamu sahabat, karena AKU telah memberitahukan kepada kamu segala sesuatu yang telah KUdengar dari BAPA-KU. 
         Kowé ora padha DAKsebut batur menèh, awit batur ora ngerti apa sing lagi ditindakaké  
         déning bendarané. Kowé padha DAKsebut mitra, awit kabèh sing DAKrungu saka 
         RAMA-KU wis dakkandhakaké marang kowé.
16
Bukan kamu yang memilih AKU, tetapi AKUlah yang memilih kamu. Dan AKU telah menetapkan kamu, supaya kamu pergi dan menghasilkan buah dan buahmu itu tetap, supaya apa yang kamu minta kepada BAPA dalam nama-KU, diberikan-NYA kepadamu. 
          Dudu kowé sing milih AKU, nanging AKU sing milih kowé, lan DAKdadèkaké utusan,  
           supaya kowé metokaké woh akèh kaya wit anggur mau, sing wohé lestari ing selawasé.  
           RAMA-KU bakal maringi apa waé sing koksuwun atas jeneng-KU.
17
Inilah perintah-KU kepadamu: Kasihilah seorang akan yang lain.
          "Iki dhawuh-KU marang kowé: Padha tresna-tinresnana.”


KISAH PARA RASUL 1 : 4 – 11
4 Pada suatu hari ketika Ia makan bersama-sama dengan mereka, IA melarang mereka meninggalkan Yerusalem, dan menyuruh mereka tinggal di situ menantikan janji BAPA, yang--demikian kata-NYA--"telah kamu dengar dari pada-KU. 
           Nalika para rasul lagi padha ngumpul bebarengan, GUSTI  YESUS paring dhawuh marang  
           para rasul mau, mengkéné: “Kowé aja padha lunga saka kutha Yérusalèm, nanging 
           ngentènana kebabaring janjiné RAMA-KU, kaya sing wis Dakkandhakaké marang kowé.
5
Sebab Yohanes membaptis dengan air, tetapi tidak lama lagi kamu akan dibaptis dengan ROH KUDUS."  
           Sebab Nabi Yohanes mbaptis kowé nganggo banyu, nanging sawetara dina menèh kowé 
           bakal padha kabaptis nganggo ROH SUCI.”
6
Maka bertanyalah mereka yang berkumpul di situ: "TUHAN, maukah ENGKAU pada masa ini memulihkan kerajaan bagi Israel?
            " Nalika para rasul lagi padha kumpul karo GUSTI  YESUS, banjur padha nyuwun pirsa 
            marang Panjenengané: “GUSTI , menapa ing samenika Kratonipun Israèl badhé 
            Panjenengan pulihaken?”
7
Jawab-Nya: "ENGKAU tidak perlu mengetahui masa dan waktu, yang ditetapkan BAPA sendiri menurut kuasa-NYA. 
             Pangandikané GUSTI  YESUS: “Mbésuk jaman apa lan kapan, kuwi ditemtokaké déning  
             SANG RAMA piyambak, manut ing sakeparenging kersané. Kowé padha ora prelu 
             nyumurupi.
8
Tetapi kamu akan menerima kuasa, kalau ROH KUDUS turun ke atas kamu, dan kamu akan menjadi saksi-KU di Yerusalem dan di seluruh Yudea dan Samaria dan sampai ke ujung bumi.
             " Nanging kowé bakal padha diparingi kasektèn, yakuwi samasa SANG ROH SUCI wis 
              nedhaki kowé, ateges kowé wis dikwasani déning PANJENENGANé. Lan kowé bakal 
              padha dadi seksi-KU ana ing kutha Yérusalèm, ing tanah Yudéa kabèh lan ing tanah 
              Samaria, malah ing salumahing bumi.”
9
Sesudah Ia mengatakan demikian, terangkatlah Ia disaksikan oleh mereka, dan awan menutup-NYA dari pandangan mereka. 
              Sawisé ngandika mengkono, GUSTI  YESUS nuli mékrad menyang swarga. Para rasul 
              padha neksèni mau, nganti Panjenengané ora ketingal, merga kaaling-alingan méga.
10
Ketika mereka sedang menatap ke langit waktu Ia naik itu, tiba-tiba berdirilah dua orang yang berpakaian putih dekat mereka,  
              Nalika lagi padha ngawasaké enggoné mékrad mau, dumadakan ana priya loro ngadeg 
              ana ing jèjèré, nganggo sandhangan putih.
11
dan berkata kepada mereka: "Hai orang-orang Galilea, mengapakah kamu berdiri melihat ke langit? YESUS ini, yang terangkat ke sorga meninggalkan kamu, akan datang kembali dengan cara yang sama seperti kamu melihat DIA naik ke sorga.
              " Priya mau padha ngandika: “Kowé, wong-wong Galiléa, yagéné padha ngadeg ana ing 
              kéné tumenga ing langit ? GUSTI  YESUS sing kokdeleng mékrad menyang swarga, bakal 
              rawuh menèh, patrapé iya kaya sing kokdeleng kuwi.”






Para kekasih !
Jejering reraosan
 ing dinten menika
kapendet saking ayat 12
ingkang mekaten :

PakonKU iku mengkene :
Kowe pada tresna tinresnanana
dikaya enggonKU
nresnani kowe


Para kekasih !
Dasar Kristen
ingkang ageng piyambak
 menika wonten 2 prekawis
 inggih menika :
I.                    Tresna dumateng ALLAH
II.                  Tresna dateng sesami

Menika terang lan jelas
 wonten ing pangandikanipun GUSTI YESUS,
 mekaten :

Sira tresnaa marang YEHUWAH ALLAHira
 dikalawan gumolong atinira
tuwin
gumolong nyawanira 
sarta
gumolong budinira
iya iku
pepakon kang dingin lan kang gedhe dhewe

Dene kang kapindo
 kang pada perlune
kaya kang ngarep mau
iku surasane mengkene :
 Sira tresnaa ing sapepadanira
dikaya marang awakira dhewe

Apa sasurasane Toret lan Kitabe para nabi
 iku wus kawengku
ing pepakon 2 mau


Para kekasih !
Dasar 2 prekawis menika
menawi kita teliti
secara mendalam
saestu jembar lan luas sanget
artosipun

Ing ngriku
 Katerangaken
 bilih sedaya suraosipun Toret
menapa malih sedaya
 kitabipun para nabi
sampun kawengku

 sedaya wonten ing ngriku
Dados
jelas lan ceta sanget
bilih dasar Kristen
 ingkang utama
menika awujud katresnan


Para kekasih !
Prekawis menika
 saestu nyata lan sanyatanipun

Umpama :
 Si A tresna kaliyan si B
Keluarga si A tresna dumateng keluarga si B
Bangsa A tresna dumateng bangsa B

Lah
saiba endah
lan
tentremipun jagad menika
Katresnan iku nasabi samubarang


Para kekasih !
Mangka dasar 2 prekawis menika
menapa sampun wonten
 ing manah kita ?

Prekawis menika
 kedah lan wajib tumindak
wonten ing gesang kita
Tiyang ingkang pitados
dateng GUSTI YESUS
wajib lan kedah
olah ing katresnan

Langkung-langkung kita
  para umat
 ingkang sampun pinilih,
 piniji
dening SANG KRISTUS

Tiyang Kristen menika
 tiyang ingkang kapilih
 dening GUSTI YESUS
kapilih dening ALLAH


Pasamuwan !
Sinten kemawon
ingkang badhe ndherek GUSTI YESUS
 senadyan ngrepo kados menapa
mboten badhe saged
menawi GUSTI mboten nimbali

Menika terang
 wonten ing ayat 16
mekaten :

Dudu kowe kang pada milih AKU,
 nanging AKU kang milihi kowe

Dados
tiyang Kristen menika
SANG KRISTUS piyambak
ingkang milih,
SANG KRISTUS
 ingkang nimbali
ALLAH piyambak
 ingkang nimbali


Mila
Para sadherek !
Begja sanget
dene kita para tiyang Kristen

Kita tiyang ingkang kebak dosa
duraka menika
dipun pilih dening ALLAH
saperlu kangge
 ngundangaken pawartos rahayu
ngundangaken Injiling SANG KRISTUS
ngundangaken pangandikanipun ALLAH
supados jagad
ingkang kebak pepeteng menika
sageda kaparingan pepadang

Semanten agenging katresnanipun ALLAH
 dateng kita
ngantos kita sami kapilih
dados kagunganipun
Mila
 kita  wajib nindakaken katresnan
 dateng sesami kita
supados srana mekaten
 kita dados dilah
wonten ing satengahing masyarakat

Temahan
para tiyang
 sami badhe wanuh
dateng SANG KRISTUS


Pasamuwan !
Dasar ingkang I
Tresna dateng ALLAH
Umumipun
 ingkang kathah-kathah
 ingkang wonten ing manah kita
 utawi
 ingkang dipun pentingaken
 namung prekawis
 ingkang sepisan
 inggih menika
tresna dateng ALLAH

Mangka GUSTI dhawuh :
Kang pada perlune
kaya kang ngarep mau
kinen tresna dateng sesami

Sejatosipun
nggen kita sami tresna dateng GUSTI
ing salebeting manah
 umumipun
sampun
 nanging secara realitas-
 kenyataan
nggih saestu kirang
nggen kita nelakaken katresnan
dateng GUSTI
Sebagai conto
pangabekti ing dinten Minggu
 ketingal sepen,
kempalan-kempalan Kemis-
brayat lan sapiturutipun

Dasar ingkang II
 inggih menika
 tresna dateng sesami
Menawi kita
 sami mawas
 ing gesang padintenan kita
kados-kados
prekawis katresnan menika
 kaanggep remeh

Mangka sejatosipun
menika dasar Kristen
ingkang ageng piyambak

Sanajan kita sampun sami memuji-
ngluhuraken asmanipun ALLAH
mangka
kita dereng nindakaken katresnan
 dateng sesami
 tamtu badhe tanpa guna

Kita sampun sami bekti lan tresna
 dateng ALLAH
mangka
 dereng nindakaken katresnan
 dateng sesami
 sampun tamtu
inggih dereng cekap

Awit GUSTI dhawuh :
I.                    Tresna dateng ALLAH
II.                  Tresna dateng sesami
sarta kalih-kalihipun
sami perlunipun

Iba rahayunipun
 lamun para putraning ALLAH
sami olah ing katresnan
iba anggenipun nengsemaken
 lamun pasamuwan Suwaru
sami olah katresnan
kados dene SANG KRISTUS
anggenipun nresnani dateng kita

Ngantos mboten ngeman
 sariranipun sinangsara,
sinalib,
 amrih kita sami wilujeng

PakonKU marang kowe
iku mau
 supaya kowe pada tresna tinresnanana

Koor : Sebaut

Pasamuwan !
Samangke
perangan ingkang kaping 2
Inggih menika
 tumrap mekradipun GUSTI
 dateng Swarga

Ing ngriki
kita badhe ngraosaken
ayat  ingkang kaping 11 :

He !
Wong Galileya
kepriye dene kowe
 pada ngadeg ana ing kene
 nganggo tumenga marang langit

YESUS kang wus kasengkakake
saka ing antaramu
menyang ing Swarga
 iku bakal rawuh patrape
kaya enggonmu
 pada ndeleng sumengkane
menyang ing Swarga
mau


Pasamuwan !
Inggih ing wiwit sumengkanipun
 GUSTI menika sacara manungsa
 para murid sami sisah
 sami rumaos lola,
sami rumaos pisah kaliyan GUSTI
menika saat perpisahan
antara para sekabat kaliyan GUSTI

Para sakabat
 sami ketenggengen
 tumenga dateng langit

Sacara manungsa
menika stunggaling wekdal pepisahan
 ingkang pungkasan-
terakhir

Kangge para sakabat ,
nanging kados pundi
menapa inggih lajeng tetep mekaten kemawon

 ing salebeting sami ketenggengen
Awit sariranipun GUSTI
 kaaling-alingan ing mega,
Lah wonten malaekating PANGERAN
paring dhawuh :

YESUS
 kang wus kasengkakake
saka ing antaramu
menyang ing Swarga
iku bakal rawuh
patrape kaya enggonmu
pada ndeleng sumengkane
menyang ing Swarga mau

Lah
sepinten bingahing para sakabat
 menika satunggaling panglipur
 satunggaling pangajeng-ajeng
 ingkang saestu mbingahaken :
 Bakal rawuh

Menika
 ingkang dipun ajeng-ajeng
dening para sakabat,
para rasul
ngantos dumugi sapriki
inggih pangajeng-ajeng kita
 sadaya


Pasamuwan !
Kados pundi sejatosipun ?
Menapa inggih saestu
 SANG KRISTUS menika
 badhe rawuh malih ?


Pasamuwan !
Sejarahipun SANG KRISTUS
 menika  sejarah kaswargan
sejarah Sorgawi
sejarahipun ALLAH piyambak

Para nabi sami memeca
menika petunjuk saking ALLAH
 dados ingkang dhawuh menika ALLAH
ingkang dipun weca menika inggih ALLAH PRIBADI

Para nabi sami memeco :
 Bilih SANG KRISTUS
badhe miyos wonten ing Betlehem,
 saestu sampun kalampahan
 badhe sinangsara cinampak lan sapiturutipun sampun kalampahan
 badhe kasalib nglampahi seda
sampun kalampahan
badhe wungu
saestu sampun wungu
badhe mekrad
sampun kalampahan
 kaseksen dening para sakabat
ingkang sami tumenga-
ketenggengen


Pasamuwan !
Pameca menika
 kantun satunggal :
Badhe rawuh malih
 dhateng jagad ngriki,
menapa menika badhe wurung ?


Pasamuwan !!
Malah tanda-tanda
badherawuhipun SANG KRISTUS
saestu sampun ceta
sampun celak

Prasetyanipun ALLAH
pasti badhe kelampahan prajanjinipun
GUSTI
pasti ‘terjadi’-
 kedadosan
Wanci enjing sampun dados sonten,
 ndungkap suruping surya

Sumangga
kita sami sedya ndandosi manah kita
piyambak-piyambak
Sumangga
 kita enggal nindakaken katresnan
 dhateng sesami

Sumangga
 kita enggal mbangun pirukun
 sampun ngantos
kita sami kablejog rawuhipun SANG KRISTUS menawi kita ngantos kablejog rawuhipun GUSTI :
Aduh lae :
Playunira menyang ngendi
lamun wohira mung dami,
mung dadi pakaning geni
Korining Swarga  sampun kinunci


Pasamuwan !!
Mumpung GUSTI taksih welas
dateng kita
taksih wonten wekdal
 kita nindakaken katresnan
 dateng sesami
Taksih wonten wekdal
 kangge mbangun manah kita
 piyambak-piyambak
Mumpung kori
taksih menga
 yen kaineban kori
 tan wonten kang mengani

Saiba belainira
lamun nampik kadarmanya
Mbesuk GUSTI yen wis tebih
sira nangis melasasih

Rahayu tiyang ingkang tresna
dumateng ALLAH
 tuwin tresna dateng sesami

Halleluyah
Amin






Votum
Kipas 51 PAMUJI BEBUKANING KEMPALAN
Mugi sih rahmate GUSTI
Lan sihe SANG RAMA
Wah patunggile ROH SUCI
Tumraha ing kawula
Amin

Barkah

Introitus : MASMUR 84 : 2, 3, 11
Dhuh YEHUWAH GUSTInipun balatantra padaleman TUWAN iba anggenipun nengsemaken nyawa kawula ngengleng ngantos lesah dene cecengklungen dateng pelataranipun YEHUWAH
Manah kawula sami sumyak saking kangenipun dumateng ALLAH ingkang gesang
Saestunipun kawula wonten ing pelataran TUWAN namunga sadinten kemawon punika prayoginipun nglangkungi enggen kawula wonten ing sanes panggenan sewe dinten
Amin !

Kipas 21 : 1, 5 

Dasar Kraton Swarga :
MATIUS 5 : 3 – 12
3 “Begja wong sing rumangsa ringkih ana ing ngarsané PANGERAN; awit wong sing kaya ngono kuwi sing dadi umat ana ing Kratoné ALLAH.
4 Begja wong sing prihatin; awit bakal padha dilipur déning GUSTI ALLAH.
5 Begja wong sing andhap-asor, awit bakal padha tampa prasetyané GUSTI ALLAH
6 Begja wong sing kepéngin banget nglakoni kersané GUSTI ALLAH; awit GUSTI ALLAH bakal gawé mareming atiné.
7 Begja wong sing seneng melasi wong liya; awit bakal diwelasi déning GUSTI ALLAH
8 Begja wong sing resik atiné; awit bakal wanuh marang GUSTI ALLAH.
9 Begja wong sing padha seneng ngrukunaké, awit bakal disebut para putrané GUSTI ALLAH.
10 Begja wong sing disiya-siya merga enggoné nglakoni kersané GUSTI ALLAH; awit wong sing mengkono kuwi sing dadi umat ana ing Kratoné ALLAH.
11 Begja kowé menawa diwewada, disiya-siya lan dipitenah merga saka enggonmu dadi murid-KU.
12 Para nabi sadurungé kowé iya padha disiksa kaya mengkono. Padha bungaha lan dipadha gembira, sebab gedhé ganjaran sing bakal kaparingaké déning GUSTI ALLAH marang kowé.”

Sahadat 12

Pisungsung : Kipas 32 : 1, 2, 3

Ndedonga
Koor Ibu-ibu : Tugas adi kang premate
Sabda mulya :
YOHANES 15 : 9 - 17
PARA RASUL 1 : 4 - 11

Kipas 152 : 1, 3
Ndedonga

KOTBAH

Kipas 156 : 1, 3, 5


Ndedonga
Kipas 52

Barkah 




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami