Sabtu, 13 Oktober 2012

MANTEB ING PANDONGA

Kamis, 18 Oktober 2012
Ibadah Brayat




 
MANTEB ING PANDONGA





EFESUS 1 : 15 – 23        




 16b. Lan aku tansah ngelingi kowe sajroning pandongaku 
17. supaya ALLAHe GUSTI kita YESUS KRISTUS, yaiku SANG RAMA kang mulya iku, karsa paring ROHing kawicaksanan lan wahyu marang kowe, supaya wanuhmu marang PANJENENGANe kanthi bener temenan





Patunggilan… Kita kaparingan wekdal kangge nliti gesang karohanen kita sacara pribadi ing bab pandonga. Bab Ndedonga miturut pamanggih kita kados pundi ?  Bilih miturut pemanggih kita lan miturut punapa ingkang kaseratan ing kitab suci bab pandonga menika inti sari ingkang kita raosaken nggih menika bab kados pundi wujuding sesambetaning tyang pitados kaliyan ALLAH ingkang setuhu.

Patunggilan… Pandonga-pandonga ingkang sami kita tindakaken kedahipun nyondongi kados dene ingkang sampun katuladhakaken dening GUSTI kita YESUS KRISTUS. Tuladhaning GUSTI YESUS ing bab pandonga menika  saestunipun  ngengetaken kados pundi sesambetaning SANG KRISTUS YESUS kaliyan SANG RAMA ingkang adedhaton wonten ing kraton swarga. Samangsa GUSTI YESUS makarya ing satengahing jagad; GUSTI YESUS saestu tansah ngengeti gesanging para manungsa sadayanipun. GUSTI YESUS tansah ndedonga dumateng ALLAH SANG RAMA kangge manungsa sadayanipun nggih para pitados makaten ugi kangge tyang ingkang dereng pitados sadaya kadongakaken. Langkung-langkung GUSTI YESUS ndongakaken sacara khusus kanggening para sakabati lan para pitados. Isining pandonga nyuwun sihing ALLAH SANG RAMA ndedonga kanggening sadaya tiyang makaten kanggening tiyang ingkang tansah lumawanan dumateng PANJENENGANipun langkung kasuwunaken sih pangapunten lan si palimirmaning ALLAH SANG RAMA. Ugi kagem DIRI PRIBADInipun GUSTI YESUS tansah nyuwun kakiyatan lan pasrah sawetah ing karsanipun SANG RAMA. Sumangga para sadherek kita conto bab semangat lan kemanteban pandonga saking GUSTI YESUS menika. Makaten ugi bab semangat lan kemantebaning para suci- para rasul anggenipun nindakaken pandonga salaminipun gesang

Patunggilan… Bab pandonga, kaantepaken malih dening Rasul Paulus supados kita saged mangertosi daya-dayaning kekiyataning pandonga. Rasul Paulus ngengetaken bilih piyambakipun tansah ndedonga kangge pasamuan Efesus. Isining pandonganing Rasul Paulus :
1.  Supados pasamuan Efesus ingkang sampun wanuh ugi nggadahi iman kapitadosan dumateng GUSTI YESUS enggala nampeni roh kawicakasanan lan wahyu ingkang leres saking ALLAH (ayat 17)
2.  Supados mripating ati- batosing pasamuwan Efesus nampi 3 prekawis :
(1).Nampi Pangerten pangajeng-ajeng saking GUSTI YESUS  (ayat 18a) lan
(2).Nampi Gedhening ‘dayaning kuasa- panguwaose KRISTUS’ (ayat 18b – 21)
(3) Nampi Kasampurnan ing samubarang prekawis (ayat 23)

Patunggilan… Makaten dumateng kita sami kaatag supadosa kita tansah sregep- mboten kendhat anggen kita ngunjukaken pandonga pribadi utawi pandonga syafaat kangge tiyang sanes kanthi matebing manah bilih GUSTI YESUS nggih ALLAH PRIBADI ingkang karsa paring pangertosan lan panuntun nglangkungi pakaryaning SANG ROH SUCI. Rasul Paulus sampun ngalami lan ngamini “gesanging pandonga ingkang kebak kemanteban”. Rasul Paulus mboten nggadahi raos kuwatos malih karana piyambakipun nindakaken sesambetan ing pandonga dumateng GUSTI YESUS KRISTUS.

Sumangga patunggilan…. kita nyonto lan mbuktekaken bilih roh kawicakasanan lan wahyu mesthi badhe saged  kita tampeni ing telenging batos kita piyambak-piyambak. Makaten ugi kita mesthi badhe ngraosaken lan mbuktekaken Bab pangajeng-ajeng, Bab daya panguwaos lan Bab kasampurnan GUSTI YESUS KRISTUS ing kasunyatan gesang padintenan kita. Ing samukawis prekawis; Contonipun ing kawontenan  Sisah bingah; Sehat sakit … … lan sapiturutipun ing sauruting gesang kita punapa mawon ingkang pinanggih kalampahan. 
Sumangga  GUSTI YESUS kemawon ingkang dados punjering gesang kita kita suwuni ing kamantebaning pandonga kita. Pejah gesang kula ndherek GUSTI YESUS.

GUSTI YESUS mberkahi kita.Amin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jadikan dan berikan komentar anda sebagai refleksi diri bukannya mengomentari kejelekan dan kekurangan kami